27.
Ngerti
nek neng kono wis ana Jodi karo Gejrot lan Gagak, Pak Sugiri katon rada kaget,
nanging ya banjur sinamudana. Sawise padha salaman ya banjur mapan lungguh
dhewe-dhewe. Maune Jodi arep pamitan dhisik, merga kuwatir nek antarane Pak
Sugiri karo Murtala arep rembugan sing
ngandhut wadi, nanging bareng kelingan nek sing arep dikandhakne marang Murtala isih ana,
mula ya ora sida. Malah semune kebeneran banget, merga sing arep dikandhakne
marang Murtala mengko kuwi cetha nek ana sambung rapete karo Pak Sugiri.
“Lha
kok njanur gunung, kadhingaren sampean mau yah mene kok wis tekan kene ta Boss?”
Pak Sugiri mbukani rembug takon marang Jodi.
“Kedhisikan
olehe ndhengarekne iki” wangsulane Jodi karo mesem “arep tak dhengarekne kok
rukun temen dolan-dolan bareng sedulure lanang, malah ngajak priyayi Brang Lor
barang, he he he jebul malah didhisiki didhengarekne, iki apa ta Gan, arep
nggenahne barang sing ora genah, olehe salah tampa Gejrot karo Gagak marang
Dhik Murtala sing ndadekne Panjenengan melu tumandang mau bengi kuwi. Jane karepku
mau, nek wis bar saka kene ya arep sowan panjenengan pisan, ben ndang padhang,
ndelalah panjenengan wis rawuh mrene dadi ya malah tiba kabeneran”.
“Lha
apa kira-kira isih kurang olehku nyangoni Gejrot mau bengi?” senajan olehe
guneman karo mesem, nanging tembunge Pak Sugiri keprungu landhep.
“Ora
Gan” wangsulane Jodi “aku wis ngrumangsani nek sing luput kuwi aku, arepa merga
kleruning panampa saka bocah loro kuwi, panggah wae kuwi luputku. Kabeh wis tak
aturne marang Dhik Murtala, isih nisa sethithik sing durung tak aturne, banjur
panjenengan teka iki mau dadi kasigeg. Lan aku ya nyuwun pangapura marang panjenengan
dene wis digawe repot dening Gejrot karo Gagak”.
“Aku
iki jane ya ora apa-apa” kandhane Pak Sugiri maneh “mau bengi kuwi, merga aku mung
ngeman marang Gejrot karo Gagak, mula ya banjur olehku ngelingne rada kasar
sethithik. Sampean mesthine ya bisa nggambarne, upama bocah loro kuwi ora tak
elikne banjur Murtala lali lan ngladeni, apa ora sida klakon bocah loro kuwi
babak belur tenan?. Wis babak bundhas isih dikandhangne neng Polsek lor kono, banjur mlebu neng Berita Kriminal televisi ?
nJajal nek ngono tenan sing wirang sapa?”.
“Panjenengan
wis bener Gan” wangsulane Jodi “aku ya nedha nrima banget marang Panjenengan.
Saiki tak tutugne olehku arep matur marang Dhik Murtala, Panjenengan ya tak
suwun melu nekseni lan nek mengko ana lupute aturku marang Dhik Murtala tak
suwun panjenengan gelem cawe-cawe murih apike”.
“Iya
wis , sampean tutugne dhisik, aku tak melu ngrungokne” kandhane Pak Sugiri karo
ngetokne rokoke saka njero sak, didudut sak ler banjur diakep. Arja Gendhon lan
wong setengah tuwa sing jebul mBah Di Dong Dhukun waskitha saka Watugudel kuwi
ya banjur padha melu rokokan.
“Nyuwun
pangapunten lho Dhik Murtala” Jodi banjur guneman maneh marang Murtala “atur
kula ingkang kala wau kasigeg sakedhap, dugi pundi ta atur kula wau?”.
“Dugi
ingkang ngendikanipun Pak Diyana wonten sambetipun Pilihan Lurah tahun ngajeng…”
wangsulane Murtala.
“Sik….sik…sik”
dumadakan Pak Sugiri ndhisiki guneman sadurunge Jodi omong “aku tak ngalih
dhisik, merga nek sampean arep ngrembug Pilihan Lurah tahun ngarep kuwi, embuh
sing arep maju kuwi sampean dhewe apa kaya sing tau tak rungu sampean arep
ngejokne anak sampean sing jenenge Semedi kae, ketoke aku durung bisa dijak
rembugan perkara kuwi”.
“Tak
suwun panjenengan aja ngalih dhisik Gan” wangsulane Jodi sareh “merga iki
mengko ya ana sambung rapete karo panjenengan barang, mula aku mau matur nek
ana lupute nggonku matur marang Dhik Murtala panjenengan tak suwun gelem
cawe-cawe murih becike kepiye. Aku ya durung ngerti sapa sing becike dijokne
supaya maju ing pilihan mengko, sing cetha dina iki aku utawa anakku Semedi
durung wani nek dikongkon maju”.
Pak
Sugiri rada kaget krungu wangsulane Jodi ngono kuwi, merga sasuwene iki ing
ngendi-endi kabar yen Jodi alias Arja Diyana utawa anake lanang wis tata-tata
arep melu maju njago lurah kuwi wis sumebar.
Pancen tenane, wektu kuwi sapa-sapa sing wis tata-tata arep maju njago
kuwi wis wiwit dadi omongane wong-wong neng warung kopi. Sing wis banter
suwarane ya kuwi Pak Harmaka sing dhek emben ngajak dheweke mara neng nggone
wong tuwa. Banjur Boss Jodi utawa anake, ana maneh saka Ngarengan tlatah
Kedunggalar sing prenah wetan dhewe kabare ya ana sing arep maju. Mula mau Pak
Sugiri arep ngalih, merga kuwatir yen dijaluki tulung supaya gelem melu nyengkuyung
Boss Jodi utawa anake, Jebul tembunge
Boss Jodi sing keri dhewe mau aweh sasmita nek temene Boss Jodi utawa anake ora
arep melu maju njago ing Pilihan Lurah tahun ngarep kuwi.
“Ya
wis nek ngono, aku tak gak sida ngalih” wekasan Pak Sugiri guneman aweh
wangsulan “nanging aja nyalahne aku nek mengko aku ngamuk merga didhapuk dadi
tim-sese salah sijine jago sing arep melu maju neng Pilihan Tahun Ngarep kuwi”.
“Aja
samar Gan” wangsulane Jodi karo mesem.
Marsini
saka njero omah metu menyang ruang tamu, kaya mau nyangga baki isi kopi susu
telung gelas, sukun goreng karo tela goreng rong piring, kanggo nyuguh dhayohe
sing lagi teka.
“Matur
nuwun lho Bu Kojin, sampun damel repot mawon niki…..” kandhane Pak Sugiri nalika
Marsini nyelehne sing disuguhne neng meja. Pak Sugiri sing arang banget weruh
Marsini saka cedhakan, ing batin banjur kelingan karo Pak Harmaka sing wis
nilap dheweke nek arep nglamar Ibune Murtala kuwi. Batine Pak Sugiri ya
ngalembana marang Marsini, sing isih ketok seger lan duwe pakulitan resik kuwi.
Upama Marsini sida gelem dipek Pak Harmaka, kena diarani nek Pak Harmaka beja
kemayangan. Merga kajaba oleh sawabing pulung lurah ya oleh bojo song kena
disawang nganggo mripat waras.
“Repot
menapa ta Bapak, tiyang namung toya anget kemawon kok” wangsulane Marsini
grapyak “mangga dipun unjuk”.
“Mangga
Pak Sugiri, Pakdhe Arja, mangga Pak nuwun sewu Bapak sinten?” Murtala melu
ngacarani dhayohe lan nakokne sapa jenenge mBah Di Dong sing durung tau
ditepungi sadurunge.
“Iki
mBah Di, Mas Murtala” Arja Gendhon sing aweh wangsulan “mBah Di iki ya wis kaya
wong tuwaku dhewe….”.
“Inggih,
inggih Pakdhe Arja” wangsulane Murtala “mangga dipun unjuk, mBah Di”.
Ora
suwe Marsini bali mlebu omah maneh. Jodi tanggap banjur nutugne olehe guneman :
“Kados
ingkang sampun kula aturaken kala wau Dhik Murtala, bilih sasmita ingkang kula
tampi, bilih mapan kula utawi anak kula Semedi ing ngandhap piyambak saupami
kepengin majeng ing Pilihan Tahun ngajeng, lajeng sanginggil kula utawi anak
kula nuwun inggih panjenenganipun Juragan Giri utawi putranipun Juragan Giri
lha ingkang inggil piyambak menika panjenengan. Awit Dhik Murtala piyambak
ingkang sampun manunggal kalihan cahya mencorong kala wau. Dalemipun Juragan
Giri mila inggih ketingal mencorong, menika menawi Dhik Murtala kersa mlebet
ing dalem kala wau, lan miturut panyawang kula panjenengan babar pisan boten
mlebet ing griya kula………”.
“Mengko
Dhisik Boss Jodi” Pak Sugiri sing wiwit mau tansah nyemak apa sing dikandhakne Boss
Jodi sumela rembug, takon “sampean bisa ngomong ngono kuwi dhasare sasamita
saka sapa? Nek wong tuwa, wong tuwa ngendi? Mosok sing sampean kandhakne kok
mung Sampean dhewe, Aku karo Murtala thok? Kamangka kabare sing arep maju suk
emben kuwi ya akeh, klebu Pak Guru Harmaka sing omahe cedhak Pabrik Kertas kae,
malah jarene wong Ngarengan sing kemlinthi kae kabare ya arep maju? Malah aku
sing babar pisan ora nggagas kok malah mbok katut-katutne ki piye?”.
“Kuwi
mau sasmita sing tak tampa sewulan kepungkur Gan” wangsulane Boss Jodi karo
mesem “nalika aku riyalat turu ing pasareyane Ki Ambyangkara, ing kuburan
Ngerjang, lan mau dalu pas Gejrot panjenengan paringi kamplengan neng angkringane
Dhik Murtala, aku uga diemutake maneh dening abdine Ki Ambyangkara sing asmane
Ki Teken Waja”.
“Dielingne
piye?” Pak Sugiri takon, suwarane keprungu cetha yen percaya banget karo
critane Boss Jodi.
Ana candhake
Tidak ada komentar:
Posting Komentar