Total Tayangan Halaman

Rabu, 18 Agustus 2021

TEMBANG CEMPLANG (18)

 

dening: IMMIR

 

18.

Ya amarga pituture mBok Tukimah sing mangkono kuwi lan pitutur iki kerep banget dibolan-baleni, wekasane ndadekne Srimurni ngati-ati banget nampa katresnan saka wong lanang. Malah maune tau ing atine Srimurni tuwuh panemu yen satemene urip bebojowan kuwi kanggo wong sing dilahirne ing kamlaratan lan nganti diwasa panggah mlarat ora ana gunane kajaba mung bakal nambahi  kasangsaraning pikir. Mula nganti umure meh telulikur tahun, Srimurni panggah isih legan. Jalidin karo Sarina sing tau nelakake yen kepengin ngajak Srimurni urip bebarengan nanging dening Srimurni ora ditanggapi kuwi malah wis rabi kabeh. Nganti sawijining dina ing omahe Juragan Arja Suradi ketekan nom-noman sing dadi Pengawas Proyek Pembangunan Irigasi, nembung arep mondhok neng omahe Juragan Arja Suradi. Andilalah ing omah kuwi ana kamar kothong, yaiku singgetan pendhapa ngarep. mBuh petunge Nom-noman sing jeneng Daryana kuwi wekasane mondhok neng omah kono. Dening bojone Arja Suradi Srimurni ditambahi gaweyan yaiku ngladeni mangan lan ngombene Daryana, punggawa proyek sing asline saka Karanganyar kuwi.

Daryana kuwi pancen nom-noman prasaja, najan wis dadi punggawa proyek sing pangkate kalebu dhuwur, nanging wonge ora gumedhe. Karo masyarakat ing lingkungane Juragan Arja Suradi kono srawunge ya becik, yen dhong wayah longgar ya kerep melu kumpul-kumpul karo nom-noman lingkungan kono, malah kerep aweh sumbangan rupa dhuwit utawa pikiran marang Karang Taruna kono.  Mula ora aneh nek Daryana banjur akrap karo para nom-noman lan perangkat kalurahan desa kono. Pokoke neng lingkungan kono kuwi Daryana duwe jeneng sing apik.

Karo para rewang-rewange Juragan Arja Suradi, sikepe Daryana ora beda tangkepe daryana marang wong liyane, ya iku tetep sopan lan ngajeni, klebu marang Srimurni sing saben esuk lan sore ngeterne kopi neng meja pendhapa cedhak kamar turone Daryana.

"Bareng ben dina sampean cepaki kopi ngene iki, saiki aku dadi ketagihan kopi lho mBak" kandhane Daryana sawijining esuk nalika Srimurni nyeleh kopi kanggo Daryana ing meja pendhapa, pas kuwi Daryana wis tata-tata arep budhal nyambut gawe.

"Inggih ta Den?" wangsulane Srimurni lumrah wae "lha menawi ing dalem Karanganyar napa boten ngunjuk kopi?".

"Sampean kuwi nek nyeluk aku mbok aja Den ngono kuwi ta mBak"  Daryana ngomongi Srimurni "aku kuwatir mengko nek kebacut aku dadi Den-den Manuk sing diselehne neng sawah ngana kae mengko".

Srimurni mung mesem krungu guyonane Daryana sing ngono kuwi. Banjur Daryana nutugne omonge :

"Sebutan Den kuwi kanggo putrane priyayi luhur sing isih trah Kraton, cekakan saka tembung Raden. Lha nek aku iki  Bapakku mung Tukang Batu lan Ibuku mung nyambut gawe dadi Tukang gawe roti sing didolne warung-warung cedhak omah, nek sampean sebut Den aku bisa kuwalat".

"Inggih ta Den, eh Mas Dar?" Srimurni mesem karo wangsulan "sekeca no, menawi keng Ibu damelanipun damel roti, saben dinten Mas Dar mesthi dhahar roti sing eca-eca".

Daryana ngguyu, wangsulane :

"Kuwi biyen, pas Ibu isih sugeng. Saiki ibu wis suwe seda let setahun karo sedane Bapak. Saiki aku dadi bocah lola ora duwe sapa-sapa maneh, nek bali nyang Karanganyar ngana kae aku nyang omahe Bulikku adhine Bapak. Wong pomahane Bapak sawise Ibu seda ki ya banjur kadol, ngge nutup utang tinggalane Bapak karo Ibu pas dienggo berobat biyen".

Srimurni meneng ora wangsulan, prawan ayu kuwi kelingan yen dheweke ya wis ora duwe sapa-sapa maneh. meh padha karo Daryana, mung kaceke nek Daryana isih duwe kabegjan, merga sadurunge wong tuwane mati, isih bisa ngragati sekolahe nganti lulus sing banjur bisa dienggo golek gaweyan sing pantes. Lha nek dheweke? mBok Tukimah, wong tuwane mung bisa nyekolahne dheweke tekan tamat SD thok. Ijazahe ora payu dienggo nglamar gaweyan sing rada alus lan nekakne asil sing lumayan. Dadi padha-padha bocah lola, Daryana kuwi Pegawe beda karo Srimurni sing mung payu dadi Babu.

"Kok malah nglamun ta mBak?" Daryana takon karo nyandhak kopine "nggagas apa?"

"Ah, boten kok" wangsulane Srimurni "kula nggih mpun boten gadhah tiyang sepuh, bapak tilar nalika kula taksih alit, simbok nembe setunggal tahun niki, Bapak kalih simbok boten nilari napa-napa, mula kula lajeng ndherek Pak Arja niki".

"Lho sampean karo aku thik nasibe padha mBak?" Daryana takon.

"Nggih boten ta Mas" wangsulane Srimurni "nek Mas Dar rak taksih dipun sekolahaken? Nek kula? Sekolah ngantos lulus SD mawon simbok mpun empet-empetan. Nek Mas Dar saged nyambut damel sangu Ijazah nek kula nggih namung dadi Babu ngeten niki he he he......".

Saka jagongan lan omongan esuk kuwi ndadekne Daryana karo Srimurni dadi sansaya akrap. Witing tresna jalaran saka kulina, kuwi pancen nyata. Srimurni sing neng atine wis kukuh duwe kapitayan yen wong sak ukurane dheweke kuwi ora pantes ditresnani lan ora wenang nresnani yen ora kepengin rekasa ing tembe mburine, mbaka sethithik wiwit owah.  Wiwit thukul rasa sing beda marang Daryana, sing  wiwit kerep lan suwe jagongan neng pendhapa kono nalikane lodhang gaweyan. Daryana dhewe ketok nek mambu ati marang pembantune Juragan Arja Suradi sing rupane ayu kuwi.

Garising pesthi kudu dilakoni, setahun sawise kedadeyan kuwi Daryana klakon ngrabi Srimurni. Ijaban lumaku kanthi climen. Banjur wong loro sing padha lolane kuwi, ngontrak omah ora adoh saka panggonan proyek sing digarap Daryana. Let setahun pindhah maneh, merga proyek irigasi neng kono wis rampung. Ngolah-ngalih panggonan ngono terus lumaku, jumbuh karo gaweyan sing kudu ditandangi Daryana.

Rumah tanggane Daryana karo Srimurni najan ora mubra-mubru nanging mlaku kanthi tentrem. Srimurni wis wiwit ngandheg wohing katresnane karo Daryana. Kang mangkono kuwi mesthi wae ndadekne Daryana wuwuh tresnane marang bojone. Wektu kuwi, Daryana lagi nggarap proyek neng Klaten, dadi ya ngontrak omah neng Klaten kono. Anggone ngandheg Srimurni wis oleh pitung wulan, ora ketang mung prasaja dening Daryana olehe ngandheg bojone ya ditengeri mawa syukuran yen cara jawane diarane Tingkeban utawa rujakan, ngundang kanca-kanca proyek lan tangga teparo ing sakiwa tengene omah kontrakan kuwi.

"Ketoke anakku iki wedok Dhik" kandhane Daryana sawise tamu-tamu sing diundang syukuran padha bali.

"Wedok nggih matur nuwun, jaler nggih matur nuwun, ngoten lho Mas" wangsulane Srimurni.

"Iya bener kuwi, kabeh ki rak peparinge Gusti Allah, lan Gusti Allah ki ora tau maringi kawulaNe apa-apa sing ora apik. iya ta?"

"Nggih, gene njenengan sak niki mpun kados santri ngoten kok nek ngendikan, benjing-benjing ndang sinau sembahyang ben padha kanca-kancane nika" Srimurni semaur karo mesem.

"Iki mau aku rak nerokne pangandikane Pak RT pas paring sambutan mau? terus digenahne maneh karo Pak Huda sing maringi donga mau".

"Nggih, mugi-mugi pangestu lan pandongane tiyang-tiyang wau dikabulne kalih Sing Kuwasa. Putrane panjenengan sing kula kandhut niki kaparingan wilujeng sangajeng lan sapawingkingipun, wilujenga ingkang dikandhut wilujenga ingkang ngandhut. Nggih ta Mas?"

"Pinter, pinter bojoku sing ayu iki saiki mundhak pinter".

Angin ketiga sumilir adhem, wektune wis sansaya wengi, wahe leren  ngumpulne kekuwatan kanggo makarya dina sesuk. Daryana lan Srimurni banjur padha mapan turu.

 

ana candhake.

 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...