(01)
dening : Bapakne Bhisma.
-tumetesing rasa kangen kanggo sawargi Kyai Sukirna -
Wancine pacak gawe. Mangsa kanem, kadang tani padha gethengan nggarap sawah. Nek wayah ngene iki, wektune wong tani kanggo leren prasasat ora ana. Wiwit bar shalat subuj wis budhal menyang sawah, wektu dzuhur lan ngasar adhakane isih neng sawah, bengine isih ngurusi banyu kanggo ngoncori sawahe. Pokoke jan ora ana wektu kang mirunggan tenan. Ngono kuwi dialami dening wong sing sugih sawah lan wong sing dadi penggarap sarta sing dadi sapukawate wong tani sing sugih sawah.
Dadi Kadirin sing sawahe pirang-pirang bahu karo Taslim sing dadi sapukawate,repote padha. Nek Taslim kudu mikir gaweyan anggone mluku, nggaru, mopok, tamping, kebyak lsp kudu lancar aja ana sing nguciwani. Lha nek si Kadirin iya kudu mikir carane ngopahi para tenaga sing nyambut gawe nggarap sawahe.
Ora mung Taslim sing prasasat ora kober nyelehne bokong kanggo lungguh, najan Marti, bojone, repote ora kurang-kurang. Wiwit durung subuh wis cethik geni neng pawon, olah-olah kanggo ngingoni wong nyambut gawe neng sawahe juragane. Anake lanang, umur patang tahun, aran Hajir mung didadekne samben. Olehe ngopeni ya mung sak kobere wae. Ya abot-abote urip dadi buruhe wong tani sugih ya ngono kuwi. Nanging gandheng wis kulina, ora ana critane tembung sengsara. Lha nek bab keseling awak kuwi lumrah. Ning panguripan krasa tentrem. Pancen bener kandhane wong punter : sing sapa kepengin tentrem uripe diage nggedhekne rasa panarima marang Pangerane.
Kaya upamane, esuk bar saka langgar subuhan, Taslim nyedhaki Hajir, anake lanang, sing isih ngringkuk neng amben. Bocah cilik kuwi dielus bathuke, karo dibisiki :
"Pak-e arep nyang sawah dhisik, mengko gak oleh nakal lho? Adus dhewe terus nusul Mak-e nggone Juragan Dirin".
Mesthi wae, Hajir ora semaur. Wong isih turu nglepus. Malah, Marti, bojone sing nyauri :
"Wis arep budhal ta Pak? Wedange tak seleh dhuwur grobog mau pa wis diombe?"
"Wis" wangsulane Taslim karo nyandhak wekis terus nyaut pacule, bablas metu. Dina iki ancerane nyang sawah Sinderan, arep nDhaut lan njidhar. Tekan lurung ngarepan ditakoni Apan, adhine juragane sing lagi nggiring kebone.
"Kowe mengko nyang Sinderan Kang?"
"He eh" wangsulane Taslim karo aweh printah "Jono mengko nek bar saka sawah Gempol kon nusul mrana, ben ngrewangi njidhar".
"Iya Kang" Apan semaur "dhek sore kae wonge ya ngomong ngono kok".
Jono kuwi bakune sapu kawat nglakokne rajakayane Juragan Kadirin nggarap sawah. Nanging bar nandangi gaweyane ya banjur ngrewangi nyandhak gaweyan sawah liyane. Omahe padha karo Taslim, magersari neng pekarangane Kadirin kono.
Racak-racak sing dadi bebaune Kadirin, nyambut gawene sregep. Amerga padha ngrumangsani, nek sing diopahi kuwi tandang gawene. Kajaba saka iku, dadi Juragan, Kadirin ya ora cethil-cethil nemen. Nek mung rupane panganan ngono, sing dipangan Kadirin sak anak bojone, ya padha karo sing dipangan buruh-buruhe. Kadirin ya nggatekne panguripane para bebau ing saben dinane. Sadurunge macak gawe, bebaune diklumpukne lan disilihi dhuwit, nyaure mengko dipotong opah sithik-sithik. Dadi wong budhal nyambut gawe ora kudu diboti mikir sing eneng omah.
Mula ya ora nggumunake, najan awan panase kaya mlethekne sirah, utawa udan sing adheme njekut, nek wayahe gethengan ngene iki, ora ngenteni printah para bebau wis padha budhal dhewe-dhewe. Nindakne pagaweyan sing dipasrahne.
Dina kuwi, Taslim ngedhepi gaweyan ndhaut karo njidhar sawah Sinderan. Diarani Sinderan, biyen jaman Landa sawah kuwi duweke Sinder. Mula banjur karan Sinderan.Sawah sing ambane rong bau kuwi sesuk wayahe tandur. Dadi gaweyan ndhaut lan njidhar kudu rampung dina iki.
"Ketoke mengko nganti surup jik neng sawah Lim" kandhane Kadirin sing uga melu tumandang.
"Boten" wangsulane Taslim "wong dhautane sekeca kok. Gek Jono kalih Simuh bakda king Gempol nggih kula ken nyusul mriki, njidhar".
"Lha iki sing ndhaut wong sanga?" Pitakone Kadirin maneh "sepuluh aku?".
"Nggih".
"Ngene wae, kowe bar sarapan mengko, ngajaka cah loro, miwitana njidhar, lha sing nem ben ngancani aku ndhaut"
"Nggih"
Bener kandhane Taslim, lemah pinihan ora bantat, kepara nguyah dadi jabutane winih ora ngrekasa. Dhasar sebarane dhek emben jogeran. Wayah kiriman sarapan teka, olehe ndhaut wis oleh wolung puluh pocong.
Bubar sarapan, leren sedhela sing padha doyan rokok, padha udut karo jagongan. Entek sak rokokan padha bali nyemplung neng pinihan, nerusne ndhaut. Kaya pakone juragane, Taslim ngajak Darmin karo Siman miwiti njidhar. Karo munggah nyang Tulakan, wong telu mikul winih kabeh, kajaba kanggo njidhar uga ngiras pantes dibanjarne pisan.
Watara jam telu sore, olehe padha ndhaut wis rampung sak nggone mbanjari pisan. Banjur padha ngebyuk melu njidhar. Kira-kira jam papat gaweyan kanggo ngadhepi tandur sesuk kuwi wis rampung kabeh. Wong-wong banjur reresik awak, adus banyu sawah, mengko tekan omah kari mbilasi nganggo banyu sumur.
Udane isih tumiba najan mung kari grimis thok. Hawane sansaya atis, karo mlaku mulih wong-wong padha nyumet udut, ben ora katisen nemen-nemen. Rokok kuwi kumebul ora teles merga ketutupan kudhung sing amba. Wong-wong mlaku mulih, nurut selip, karo omong-omongan.
"Lho sikilmu keneng apa Lim?" Darma Blendhus nakoni Taslim sing mlakune pincang.
"Kenek eri Lik" wangsulane Taslim karo kecancikan "sajake keri neng jero, wong eri kakum".
"Teka omah ndang disudhet lho Lim" Sukiban melu omong "eri kakum ngono kuwi sok-sok bisa marai nggreges".
"He eh Lik" wangsulane Taslim "saiki nek awak wis krasa adhem panas, jare. Mengko teka omah ben disudhet Makne Hajir".
Wong-wong njujug omahe Juragan Kadirin, bubar padha adus mbilasi awak neng sumur banjur padha mangan. Taslim ketok ora kepenak, mangane mung sethithik, ya ora guneman apa-apa. Rampung mangan, banjur ngalih menyang omah pawon nggoleki Marti, bojone.
"Nyang apa Pak?" Pitakone Marti, bareng weruh sing lanang nyedhaki papane.
"Aku arep mulih dhisik" wangsulane Taslim "kowe mengko gek ndang bali, arep tak kon nyudhet, sikilku keneng eri kakum, keri neng njero".
"He eh" wangsulane Marti "bar isah-isah tak ndang balik".
Ora wangsulan Taslim mlaku metu, arep bali nyang omahe. Tekan omah Taslim ngrasakne rasane awake sansaya ora karuwan. Mriang, balung lan otote krasa lara kabeh. Karo ngenteni baline sing wedok, Taslim munggah amben. Mapan ngglethak kemulan sarung, brukut, karepe supaya bisa kringeten ben panase suda.
Mbarengi maghrib, Marti teka omah. Hajir ngetutne neng mburine. Weruh sing lanang kemulan brukut, Marti nyedhak karo takon :
"Disudhet saiki Pak?"
"Heh...heh...." Taslim semaur "karo nggruguh".
Marti gage golek dom, banjur nyedhaki sing lanang. Taslim mengkurep neng amben, karepe murih bojone gampang nggone nyudhet dlamakan sikil sing klebon eri.
Marti ora takon apa-apa, merga sikil sing keneng eri wis ketok, mbrabak abang. Marti dadi kaget nalika nyenggol sikile sing lanang krasa panas banget.
"Awakmu panas banget Pak" kandhane.
"He eh" wangsulane Taslim karo ambegane keprungu menggeh-menggeh "eri kakum mbuh katutan wisa apa?".
Marti ora semaur, sikile bojone disudhet, sajake eri sing nancep rada jero. Taslim babar pisan ora sambat, amerga larane sudhetan isih kalah karo rasa lara sing rumangsane nutup awak sakujur.
"Eri tanjang Pak" aloke Marti bareng eri sing neng jero dlamakan kasil digeret metu.
'He eh" wangsulane Taslim mung ngenaki rembuge sing wedok "nek wis, tatune jejelana uyah, terus tulung bathukku bobokona nganggo godhong dhadhap serep ngarepan kae, panase ora karuwan iki".
"Iya" wangsulane Marti, sing terus metu, amek godhong dhadhap serep limang lembar, diumbah banjur dilembutne nganggo gandhik neng pipisan.
"Kowe ndang shalat" kandhane Taslim nalika Marti nemplekne pipisan godhong dhadhap sirep neng bathuke "wektune wis meh entek. Aku tak salat karo ngglethak wae, rasane aku ora kuwat ngadeg".
"He eh" wangsulane Marti karo menyat nyang padasan arep wudlu. Taslim sedhakep mapan salat karo ngglethak. Anake lanang, lungguh anteng neng sandhinge.
ana candhake
Tidak ada komentar:
Posting Komentar