84.
Kawontenan
dados kraos sumuk, tiyang-tiyang ingkang manggolong dhateng Kyai Daka ingkang
sami sumerep menawi tiyang-tiyang ingkang manggolong dhateng Ki Lurah namung
tiyang-tiyang ingkang sampun sepuh-sepuh saha boten mbeta dedamel menapa-menapa
ketingal sansaya ageng manahipun, awit ngremehaken dhateng titiyang ingkang
badhe dados pepalangipun. Kyai Daka piyambak namung mesem ngece dhateng Ki
Lurah Sarkara, awit rumaos bilih piyambakipun mimpang ing kekiyatan.
“Kyai Daksa”
dumadakan Ki Pawit ingkang wiwit wau kendel kemawon wicanten mawi suwanten
ingkang sora ngundang dhateng Kyai Daksa, ngetingalaken bilih piyambakipun
nembe duka “jebul ndika sakanca kuwi nduweni teku sing luwih asor tinimbang
asu!” .
“Ha ha ha ha
Ki Pawit wong pikun, ndika kuwi guneman apa he?” Kyai Daksa semaur kalihan
nggetak sangar “dadi wong tuwa ora wis mambu lemah, nek guneman kok mung waton
mangap, apa karepmu he?”.
“Karepku
ngelingake ndika supaya bali dadi manungsa ngerti?!?” Ki Pawit wangsulan seru.
“Aku ora
lali! Merga aku durung pikun kaya ndika!” gentos wangsulanipun Kyai Daksa “Lan
mung wong sing mripate wis bawur kepangan umur sing ora weruh nek aku iki
manungsa”.
“Blegermu
wae sing wujud manungsa Kyai Daksa” Ki Pawit sansaya ketingal serik manahipun “nanging
kelakuwanmu sing luwih asor tinimbang kewan, jeneh sing jeneng asu wae ngerti
males kabecikan marang bendarane sing aweh pangan, nanging ndika sakanca jebul
ora weruh ing budi. Biyen nDika sakanca teka neng papan kene, depe-depe ngadhep
Ki Lurah, nyuwun sih kawlasan nembung ndherek mangayom ing Kepuh Agal. Ki Lurah
sing dhasare kagungan watak welas asih mring sasama, kepareng nampa ndika
sakanca kalilan melu mbabat kanggo yasa pomahan lan pategalan kanggo papan lan
lanjaran ndika nutugne urip, nanging bareng ndika wis bisa mangan wareg lan
nyandhang wutuh, dudu punjungan sing ndika aturne ing ngarsane Ki Lurah nanging
ndika malah wani murang tata, ndaga dhawuh kanthi ngongasake kasudiran mamerne landhepe
gegaman, arep ngrodha peksa murih nggugu marang karep ndika. He Kyai Daksa,
rungokna kanthi trawaca, aja ndika rumangsa lanang dhewe, nadyan wis tuwek
ngekek, jambul wanen, ngadeg ora jejeg nek ora dituwak nganggo teken,
suprandene aku ora bakal trima ndika murang tata marang Ki Lurah………”.
“Babo-babo,
wong gerang bosen urip kowe Pawit” Kyai Daksa nigas rembagipun Ki Pawit mawi
suwanten sereng lan namung njangkar dhateng Ki Pawit “aja kakehan cangkem, nek
pancen kowe wani karo aku, nyaketa mrene ! sida klakon tugel gulumu, kowe”.
Mireng
suwantenipun Kyai Daksa ingkang makaten menika, sakala Ki Pawit nyilakaken
jaritipun, ngencengi koloring lancingan, tata-tata badhe nyaketi Kyai Daksa.
Nanging saderengipun kelampahan, kapunggel dening suwantenipun Ki Lurah ingkang
ngendika kebak ing perbawa :
“Kyai Daka,
rungokna rembugku lan sawangen praupanku. Aku Sarkara, Lurah Kepuh Agal, sing
netepake kawicaksanan manunggal lan mangayom marang Mataram, nek ndika ora
nyarujuki lan arep meksa supaya Kepuh Agal madeg dhewe ucul saka Pangwasane
Gusti Panembahan Senapati, mungsuh ndika dudu Ki Pawit, nanging aku ya Lurah
Sarkara ndika adhepi kanthi alus utawa kasar!”.
Wicanten
makaten menika Ki Lurah sarwi ngadeg, tanganipun ingkang kanan sampun nyepeng
ukiranipun wangkingan Kyai Pantek ingkang sampun dipun dudut saking
wrangkanipun. Keris Kyai Pantek ketingal mramong mencorong kados gegaman
ingkang nembe kaangkat saking mawa ububan. Samanten ugi Ki Lurah inggih
katingal wibawa semu angker, boten mantra-mantra menika Ki Lurah Sarkara,
nanging sampun kados Bathara Surapati ingkang ngejawantah ing marcapada. Inggih
ingkang makaten menika awit sampun manunggalipun Kyai Pantek kalihan jiwa lan
raganipun Ki Lurah Sarkara. Sadaya tiyang ingkang wonten ing Pendhapa Kalurahan
menika ketingal sami ngowoh, gawok semu eram sumerep kawontenanipun Ki Lurah
Sarkara ingkang ngliga Dhuwung Kyai Pantek menika. Sakala Kyai Daka miris
manahipun, samanten ugi para titiyang ingkang manggolong dhumateng piyambakipun.
Dereng
ngantos saged wicanten menapa-menapa, dumadakan tiyang sapandhapa dipun
kagetaken malih sareng sumerep tetingalan ingkang sakalangkung nggegirisi. Ki
Lurah Sarkara ingkang kala wau namung lenggah tanpa kanca, samangke
sasampunipun ngadeg kaliyan anyepengi Wangkingan Kyai Pantek, ing kanan
keringipun, ugi ing wingkingipun ngantos dumugi ing griya wingking, kebak
nem-neman ingkang ngagem busana kaprajuritan Mataraman, jangkep sadedamelipun,
siyaga badhe rerencang Ki Lurah Sarkara. Boten namung menika, ing sajawining
griya lan pendhapa Kalurahan Kepuh Tunggal sarta ing pekaranganipun, ketingal
bregada prajurit ingkang boten wilangan cacahipun, sedaya sami surak ambata rubuh
kados suwantening prajurit ingkang badhe anempuh mengsahipun ing palagan.
Kyai Daka
lan rencang-rencangipun ingkang kala wau kober ngraos badhe saged ngrampungi Ki
Pawit lan rencang-rencangipun, dupi sumerep kawontenan makaten maneka sakala
telas manahipun. Ketingal lemes bayu angganipun. Gegaman ingkang kala wau sami
kukuh dipun cepengi sami nggregeli dhawah ing siti boten dipun mangertosi. Kyai
Daka lajeng ndheprok ing jogan, makaten ugi para rencangipun. Tiyang-tiyang
ingkang kala wau sami radi nggadhahi raos samar menawi ngantos Kyai Daka
sakancanipun tumandang, namung saged sami ningali kanthi panyawang gumun
kaworan gawok. Sedaya sami boten nginten manawi badhe wonten kedadosan ingkang
kados kepanggih nalar ngaten menika. Sedcaya sami boten sumerep saking pundi
dugini[un prajurit Mataram ingkang tanpa wilangan cacahipun menika.
Dumadakan
Kyai Daka ngesot nyaketi papanipun Ki Lurah Sarkara ngadeg, kalihan tanganipun
kekalih nyembah. Tiyang-tiyang ingkang kala wau sami anggolong dhateng Kyai
Daka inggih lajeng tumut ngesot kados lekasipun Kyai Daka. Pranyata cacahipun
tiyang-tiyang ingkang manggolong dhateng Kyai Dala lan sampun sikep gegaman
kala wau sedaya wonten tigangdasa wolu, tigang dasa sanga manawi Kyai Daka ugi
dipun etang. Sasampunipun dumugo ngajenganipun Ki Lurah, Kyai Daka lan kanca
rowangipun sami sujud, angambung jogan.
“Ki Lurah”
kepireng suwantenipun Kyai Daka wicanten wor lan suwanten tangis ingkang dipun
ampet “saestu kula sakanca ngrumaosi lepat saha dosa dhateng Ki Lurah saha
dhateng Gusti Panembahan Senapati ing Mataram, bares kemawon Ki Lurah, nalika
kula mireng menawi Gusti Prabu ing Pajang sampun surut ing kasedan jati, saha
panguwaosing Tanah Jawi kaasta dening Raden Sutawijaya ingkang samangke ngagem
asma Panembahan Senapati ing Alaga, kula nampi bebisiking Iblis Dajil Laknat,
ingkang nyarisosi bilih Kawontenanipun Mataram menika boten benten kalihan
kawontenaipun Kepuh Agal mriki. Temah kula melik kamukten ingkang anggendhong
lali, kepengin sanget Dhusun Kepuh Agal mandhireng pribadi boten kabawah sinten
kemawon. Saestu Ki Lurah, dosa kula sakalangkung ageng pantes kemawon manawi
kedah nampi pidana pejah. Nanging Ki Lurah, mugi wontena sih kawelasan
jengandika dhumateng kula lan rencang-rencang kula sedaya, sokur menawi ta
pidana pejah kasalinan mawi pidana sanesipun dene menawi ta panuwun kula
ingkang makaten menika kaanggep degsura lan murang tata, kula suwun sageda dosa
lan kalepatan menika kapatrapaken dhateng kula sakanca kemawon awit anak saha
semah kula babar pisan boten tumut-tumut ing prakawis menika, awit saking
menika mugi anak saha semah kula sakanca boten dipun katutaken nanggel dosa lan
kalepatan kula, lan ingkang langkung baken malih, sanaosa kapidana pejah kula
badhe lila sauger Ki Lurah sampun paring pangaksami dhateng sedaya dosa lan kalepatan
kula”.
“Kula inggih
makaten Ki Lurah”
“Kula inggih
makaten Ki Lurah”
Kanthi saur
manuk sedaya rencang-rencangipun Kyai Daka ingkang cacahipun tigang dasa wolu
menika ugi sami matur dhateng Ki Lurah sarwi sujud angambung jogan.
Sasampunipun
unjal ambegan landhung wongsal-wangsul, Ki Lurah lajeng wiwit wicanten, paring
wangsulan dhateng Kyai Daka lan kanca-kancanipun :
“Kyai Daka,
yen ngelingi lekas ndika sakanca sing dumadakan ngadeg karo nglolos lan ngliga
pedhang saka warangka, uga rembug ndika marang Ki Pawit mau, wis trep banget
menawa aku nibakne pidana marang ndika lan kanca-kanca ndika. Jalaran upama
ndika kuwasa, ndika sakanca nganggep remeh marang nyawane wong sing ora
sapanemu karo ndika. Nanging sing prelu ndika ngerteni lan dingerteni dening
kabeh warga Kepuh Agal kene, Ki Sarkara beda karo Kyai Daka. Bedane manggon
neng ngendi? Mengko utawa kapan yen ana wektu kang mirunggan bisa tak
jlenterahake. Saiki, sadurunge aku aweh putusan marang ndika Kyai Daka
sakancane kabeh, aku butuh takon lan mbutuhake wangsulan marang ndika jumbuh
karo isen-isening ati ndika sing sabenere. Mula tak jaluk ndika wangsuli
pitakonku iki mengko kanthi jujur, bares apa anane. Dene unine pitakonku ya
kuwi : Pitakon kang kapisan kepiye pangrasa ndika, saupama ndika sakanca bakal
tak tibani pidana tumpes kelor sakulawargane ? Dene kaping pindho apa sing bakal ndika kabeh
tindakne lamun kajaba tak wenehi pangapura lan ndika ora kapatrapan pidana
apa-apa ?”.
Kawontenan
lajeng dados tintrim, boten wonten kepireng suwantenipun tiyang klesak-klesik
rembagan sesamining rowang malih. Sadaya sami ngrantos awit kepengin ngertos
kados pundi wangsulanipun Kyai Daka awit pandangunipun Ki Lurah Sarkara ingkang
makaten menika. Tiyang-tiyang ugi kepengin mangertos menggah kersanipun Ki
Lurah ndhawahaken pitaken dhateng Kyai Daka ingkang kepireng radi aneh menika.
Ana candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar