SENDHANG MUSTIKA WARIH II
42.
Sauntara iku kang ana Desa Tundhan, Ki Gambangkawat lagi nampa sedulur-sedulure tunggal sapaguron, sing teka saka Gunung Layang. Tekane wong - wong sekti kuwi merga sengaja diceluk dening Ki Gambangkawat. Amerga Ki Gambangkawat rumangsa kuwatir karo lolose Ki Landhung sawise nglumpuhne Thungkel sakancane. Petungane Ki Gambangkawat, Ki Landhung mesthi golek sraya kanggo males ukum marang dheweke sing wis niyat arep numpes Ki Landhung sakulawargane.
"Dadi klilip sing katon kuwi mung kari menungsa sing jeneng Landhung kuwi Kakang?" Luwuk Abang adhi sapagurone Gambangkawat takon.
"Iya kuwi sing nduweni kasudiran nek ditambah para Bebau lan para sinoman sing keplayu ya isih rada akeh" wangsulane Gambangkawat "mung wae miturut petungku, Landhung mesthi banjur golek srayan kanggo males lara wirange".
"Lha kira-kira olehe golek bebantu kuwi menyang ngendi?" genti Ki Lindhuk sing takon "apa kira-kira nyang Mataram?. Nek nyang Mataram mesthine mbutuhne wektu sing rada suwe, dadi awake dhewe bisa tata-tata".
"Nek dhateng Mataram mesthine boten Paman" wangsulane Gambangkawat "amargi kula ngaken menawi kula sakanca punika dedamel saking Mataram. Mbok menawi kemawon dhateng paguronipun Satata anake si Landhung, nanging kula nggih dereng mangertos ing pundi paguronipun Satata niku".
"Lha nek mung arep perang sing mungsuhe durung cetha wae kok Kakang Gambangkawat ndadak nyeluk Paman Lindhuk, Kakang Taliwangsa barang? Tak kira cukup aku karo Adhi Tamparangin wae wis bisa ngrampungi gawe" Luwuk Abang ngucap sajak maido.
"Sing dicakne Gambangkawat kuwi wis trep Luwukabang" Ajar Taliwangsa sing semaur "ngadhepi mungsuh sing durung cetha kekuwatane kudu luwih ngati-ati, aja nganti lelakone Thungkel sing ora metung kekuwatane Ki Landhung wekasan mulih klawan kahanan Babakbundhas lumpuh tanpa daya, dipindhoni maneh".
"Iya Kakang" Luwukabang wangsulan "aku malah dadi kepengin enggal bisa adhep-adhepan karo menungsa sing aran Landhung kuwi, pengin aku bisa neter sepira kadigdayane, saka anggone kumalungkung kumawani gawe lumpuhe Thungkel sakancane kuwi".
"Kamangka yen bener Landhung golek srayan, awake dhewe bakal ngadhepi wong sing duwe kadigdayan ngluwihi Landhung luwih akeh maneh" Ki Gambangkawat nambahi rembug.
"Aja cilik atimu Kecruk" Ki Lindhuk nugel rembug "neng kene ana aku, Taliwangsa, Luwukabang, Tamparangin uga kowe dhewe. Tak kira nadyan ana Landhung cacah sepuluh ora bakal menang ngadhepi awake dhewe".
"Inggih Paman kula pitados" wangsulane Ki Gambangkawat "sampuna sedasa, najan satus Landhung boten badhe saged nyameni seprapating kadigdayanipun Paman Lindhuk lan Kakang Taliwangsa".
Ki Lindhuk gumuyu lakak-lakak krungu wangsulane Gambangkawat ngono mau, kandhane :
"Nanging aja kelalen siagakna Blenggur Sasmita kanggo njaluk bebantu marang Gunung Layang, mbokmenawa wae petunganku mleset, Landhung jebul oleh srayan saka para dhedhemit saka segara kidul, he he he".
Gambangkawat mesem, wangsulane :
"Inggih Paman, sampun kula cawisaken"
Ana Candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar