45.
Rumangsa digeguyu dening bocah, Klabangireng sakala muntab. Mencolot maju, nyaketi Rangga. Kepelane tangane sing gedhene sak klapa gadhing kuwi kumlawe ngarah praupane Rangga. Rangga sing isih kepingkel-pingkel ketok nek ora ngira bakal oleh kiriman kepelan kaget, nanging mung sakeplasan. Sirahe diinger sethithik, kepelane Klabangireng mung ngenani angin, nuwuhake suwara sumiyut sing rada banter, mratandhani nek Klabangireng wis nggunakne tenaga kang gedhe. Mula bisa dibayangake saupama kepelan mau ngenani rai, mbuh kepiye dadine. Nanging, gandheng panjotose jebul luput, kamangka wis nggunakne karosane, mula awake Klabangireng katut kegeret tenagane dhewe, meh wae tiba kejongor mengarep.
"Keparat kowe Bedhes" Klabangireng misuh "wani ngendhani kepelanku, klakon dadi iwak tenan kowe mengko".
"He...he...Klabangireng" karo ngguyu Rangga wangsulan "tak nalar kowe kuwi jan ora duwe nalar tenan, omongan apik-apik kok terus ngampleng kaya ngono, tujune kamplenganmu ngawur, upama kenek raiku ngono rak ya ora becik dadine".
"Aja kakehan cangkem" Klabangireng semaur karo pasang kuda-kuda, tata-tata arep nerjang "klena nggonmu endha sida dadi bathang tenan kowe mengko".
"Dadi kowe niat arep ngajak gegeran?" Rangga semaur, guyune wiwit ilang.
"Mengko dhisik Klabangireng!" dumadakan ana suwara banter, menging Klabangireng.
Klabangireng murungne anggone arep nerjang, noleh asalr suwara. Jebul Tamparangin sing ditutne Luwukabang wis ngadeg ana cedhake.
"Aja dikulinakne mateni wong tanpa luwih dhisik ngerti sapa dheweke" Tamparangin ngandhani, banjur kandhane marang Rangga :
"He, Bocah sapa jenengmu lan kowe kabeh arep menyang ngendi? Teka kumawani gawe nesune Gegaman Mataram sing lagi nindakne kuwajiban?".
"Sapa maneh menungsa bodho iki?" Rangga wangsulan "kowe nek arep ngapusi kuwi mbok sing rada nganggo pikiran, ora ngawur ngono kuwi. Ngisin-isini ! Ngerti?".
"Piye?" Tamparangin nggetak merga nesu.
"Ngertia ya?" Rangga nerusne ucape "aku iki Rangga, anake Tawija, Tundhan. Wong tuwa iku guruku Kyai Saepullah, Kyai Kauman Kuthagedhe Mataram. Patang sasi kepungkur Ki Lurah Tundhan Kapindho nyuwun marang Guruku supaya bocah-bocah Tundhan sing lagi nyantri neng Kauman diterne mulih nyang Tundhan. Dadi iki aku arep mulih nyang desaku dhewe, ngerti? Terus kowe ngaku-aku nek jare Gegaman Mataram, aku luwih-luwih guruku, wis apal kabeh wujude gegaman Mataram, dadi kowe aja ngapusi".
"Oooo, dadi ndika Santri Kauman ta?" dumadakan Tamparangin nglendhehne suwarane "ya yen ngono aku sing salah tampa, jebul sing tak adhepi isih padha wong Matarame. Ditepungake wae, aku Tamparangin lan kae sedulurku tuwa Kakang Luwukabang, aku ora ngapusi merga aku iki nyata-nyata bagean saka Gegaman Mataram sing ana manca negara".
Krungu tembunge wong sing ngaku jeneng Tamparangin kuwi Rangga ora enggal-enggal semaur, nanging noleh ngingeti Kyai Saepullah aweh sasmita supaya Kyai Saepullah genti sing kandha. Kyai Saepullah tanggap karo sing dikarepne rowange, maju sajangkah njejeri Rangga, banjur kandha :
"Oo dadi ndika Ki Tamparangin karo Ki Luwukabang sedulur tunggal guru sing kasektene kondhang dadi kembang lambe ing jagad Mataram kae?"
"Ah, Kyai Saepullah kok seneng aweh pangalembana lho?" Tamparangin mesem, ana rasa mongkog sajroning atine "bener Kyai aku karo Kakang Luwukabang, jane ya mung kaya ngene iki wujude".
Kyai Saepullah mesem, pancingan sing dicakne wis kesaut. Ucape :
"Mung emane ana sethithik sing gawe kuciwa".
"Apa kuwi Kyai?" Luwukabang takon.
"Nadyan wis kondhang bab kasektene, jebul isih seneng mamerne sing dudu duweke" wangsulane Kyai Saepullah.
"Nuwun sewu Kyai, nDika nek ngendika aja mung waton ngucap, sirik mungguhe Luwukabang ndhaku duweke liyan, luwih-luwih dienggo pamer, sirikan gedhen kuwi Kyai" Luwukabang wiwit atos suwarane.
Ana Candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar