50.
Kaya kitiran golok neng tangane Tamparangin mubeng seser. Ilang wujude golok, sing ketok mung cahya ijo sing ngiteri Rangga. Merga ngladeni mungsuhe sing kebat obahe, Rangga katut melu polah sing cepet banget. Awit jurus golok sing dicakne Tamparangin nyata nduweni daya sing nggegirisi. Suwarane mbengung kaya suwara mbrengenge kumbang gawe kekese sing padha krungu.
Rangga sing jroning ati pengin ngerti tekan sepira dhuwuring ilmu jurus goloke mungsuh, anggone ngladeni Tamparireng ya mung ngimbangi ngilmu-ngilmu sing ditrapne mungsuhe. Rangga ya wis bisa maca, satemene kabisane Tamparangin isih manggon ana sangisore Luwukabang, nanging Tamparangin nduweni jiwa licik, dadi ya diperlokne pangati-ati olehe ngadhepi. Luwih-luwih golok sing ana tangane Tamparangin iki dudu golok lumrah, nanging klebu golok sing asring dicencem ing upas-upasan, dadi saupama bisa nggores sethithik wae bisa sing kegores nemoni pati. Najan satemene upas utawa racun sing nyawiji ing sajroning golok kuwi ora ana apa-apane tumrap muride Ki Tanparupa kuwi, nanging kanggo nglegani atine sing padha nyawang, klebu Kyai Saepullah, Rangga luwih seneng ora nuduhne yen sejatine dheweke ora bakal apa-apa saupama goloke Tamparangin nyenggol kulite. Rangga milih nuduhne kalemesaning awake sarta cukating obahe satemah babar pisan kabeh sabetan lan sudukan goloke Tamparangin mung tansah ngenani angin thok.
"Keparat kowe Rangga" Tamparangin sing wis meh ngancik tataran dhuwur dhewe anggone ngecakne ilmu goloke kuwi misuh.
"Ana apa Tamparangin?" Rangga nyaut karo ngece "butuh leren apa piye? Nek kowe kesel lerena sedhela, ora-ora yen aku mentala menthung wong sing lagi leren".
"Iblis kowe Rangga" Tamparangin "wis ora ana pangapura kanggo kowe. Tata-tataa sedhela maneh, sirahmu bakal gumlundhung pisah lan gembung".
Bubar nyuwara ngono kuwi, Tamparangin bali muter goloke. Beda karo sing uwis-uwis, saka goloke nyemburake uap sing panase kagila-gila. Kajaba panas, uap kuwi uga nyebar ganda langu campur banger sing sumebar tekan ngendi-endi. Kang mangkono iku ndadekne wong-wong sing ngepung perang tandhing kuwi padha mutah-mutah ora karuwan. Ora mung para Santri muride Kyai Saepullah sing padha mumet banjur mutah-mutah, nanging uap racun kuwi uga nempuhi wong-wonge sing dadi andhahane Klabangireng.
Ketang welase marang wong-wong kuwi, Kyai Saepullah banjur ngebut-ngebutake sorbane sing nuwuhake angin adhem ngemu ganda ampo sing seger. Wong-wong padha bali longgar ambegane.
Sauntara iku, Luwukabang sing wis eling saka anggone semaput, uga ngrasakne seseging ambegane merga anane uap panas ngganda langu banger saka goloke Tamparangin.Luwukabang uga bisa ngrasakne hawa adhem sing metu saka sorbane Kyai Saepullah. Meneng-meneng Luwukabang bisa ngawruhi sepira luhuring bebudene Kyai sing ora mung aweh pitulungan marang santri-santrine dhewe, nanging uga marang wong-wong sing temene mungsuhe. Kamangka Luwukabang uga ngerti, yen Kyai Saepullah satemene bisa nggiring uap wisa kuwi kanggo nglumpuhne wong-wonge Gambangkawat, sing mapane ora campur karo para santrine.
"Adhi Tamparangin" klawan suwara kang ringkih Luwukabang nyoba aweh peling marang adhine "rucaten aji Upasnaga nyembur wisa kuwi, elinga Dhi, sisip sembire aji kuwi bisa gawe cilakamu dhewe".
"Aja sumelang Kakang" wangsulane Tanparangin karo terus ngobat-abitne goloke ngarah marang gulune Rangga "aku wis gedhe tuwa, lan wis ngerti watak wantune aji peparinge Guru iki. Aji iki bakal tak rucat yen ndhase Rangga wis gumlundhung pisah lan gembunge".
Ana Candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar