Total Tayangan Halaman

Minggu, 25 April 2021

SENDHANG MUSTIKA WARIH II (57)

 57.


Wong sekti telu kuwi wiwit nitik papan-papan sing kira-kira diliwati dening Luwukabang sakancane nalika diprentah ngendheg lakune wong-wong sing ditengarani Ki Landhung sakancane sing arep nglurug nyang Tundan. Nanging wong telu kuwi malah kethukulan rasa gumun, awit ora nemoni tandha-tandha tilas paprangan babar pisan. Kamangka kabeh dalan sing tumuju desa Tundhan saka lor lan kulon wis dititik. Lan pancen miturut kabar sing digawa telik sandi wingenane kae, barisan sing tumuju Tundhan asale saka lor kulon, mula Klabangireng banjur diprentah mapag menyang papan kono kuwi. Nanging kanyatan sing ditemoni, neng kono babar pisan ora katon ana tandha-tandha yen Klabangireng sakancane liwat kono. Uga ora ana tandha-tandha yen ana barisan sing tumuju Tundhan liwat kono.


"Aneh" Ki Lindhuk ngucap alon.


"Kadospundi Paman?" Gambangkawat takon.


"Lha iya?" Ki Lindhuk semaur, kaya nyauri pitakone dhewe "ora ana tandha-tandha yen Luwukabang lan bocah-bocah nate ngambah laladan kene iki".


"Nanging" Ajar Taliwangsa melu omong "apa bener yen bocah-bocah wingenane kae tumuju papan kene iki?".


"Prentahku ngono Kakang" Gambangkawat semaur "nanging apa mrene tenan apa ora? Kuwi sing ndadekne bingunge atiku. Uga sing dicritakne bocah telik sandi kae, jarene Landhung lan wong-wonge mlaku saka lor kulon, kudune Klabangireng sakancane bisa pethuk neng kene. Nanging nyatane kok kaya ngene?"


"Mbok menawa wae, ora neng kene ketemune wong-wong mau" Ki Lindhuk omong maneh.


"Nggih cobi mawon, awakipun piyambak nglajengaken mengaler ngilen malih" Gambangkawat nyauti "mbok menawi lare-lare dipun pancing mlebet wana mriku".


Ora wangsulan Ki Lindhuk nerusne lakune lan wiwit mlebu alas sing ditudingi Gambangkawat. Ajar Taliwangsa lan Gambangkawat ngetutne neng mburine.


Sauntara kuwi, ing gisik Bengawan Kyai Saepullah sing lagi jejagongan karo Rangga, Marga lan Ki Landhung, dikagetne merga tekane Prana sing lagi oleh ayahan ngulat-ulati kahanan ing brang kidul karo Ki Bebau ing Saradan.


"Nyuwun pangapunten Kyai" Prana kandha sajak kesusu.


"Iya ana apa Ki Prana kok sajak gita-gita?" Kyai Saepullah takon.


"Kautus Ki Bebau Saradan, ngaturi uninga, bilih ing wana brang kidul wonten Ki Gambangkawat kaliyan rencangipun kalih ketingale badhe mlampah tumuju mriki" Prana matur trawaca.


Kyai Saepullah mesem, wangsulane :

"Iya Ki Prana, lapuran ndika wis tak tampa. Saiki ndika tak aturi matur Ki Bebau Saradan supaya sedulur-sedulur sing ana brang kidul diaturi nyabrang ngalor kabeh. Karo ndika aturake pisan yen aku sarta Ki Landhung lan Angger Rangga miwah Marga sing arep nemoni Gambangkawat sakancane".


"Inggih Kyai, kepareng lengser rumiyin".


"Iya Ki, sing waspada!".


Saungkure Prana, Kyai Saepullah banjur rembugan karo Ki Landhung, Rangga lan Marga.


"Sajakipun Gambangkawat rumaos kecalan Kyai" kandhane Kyai Saepullah marang Ki Landhung.


"Inggih limrah ta Kyai?" wangsulane Ki Landhung karo mesem "tiyang gegedhug lan andel-andelipun ingkang dikengken nyegat santrinipun Kyai, sedaya ical tanpa lari".


"Nanging kok ingkang madosi malah Gambangkawat piyambak? Namung kaliyan rencangipun cacah kalih?" Kyai Saepullah takon.


"Kula kinten, tiyang kalih punika dede tiyang sembarangan Kyai" Ki Landhung wangsulan "saged ugi punika ugi agul-agulipun Gambangkawat, awit ingkang ical ugi kalebet gegedhugipun" 


Kyai Saepullah manggut-manggut sedhela, banjur genti takon marang Rangga lan Marga :


"Lajeng prayoginipun lampah kados pundi ngger?" .


Rangga mesem, banjur kandha :

"Punika tuhu kaleresan Rama, samangke supados Tundhan langkung cepet padhang. Awakipun piyambak kedah andum damel"


"Andum damel Pripun ngger?" Ki Landhung nyela takon.


"Saenipun, Gambangkawat lan kancanipun kalih ingkang sak niki dhateng mriki, kula ajakipun gojegan kaliyan adhi kula Marga, sokur menawi Rama Kyai kepareng ndherek ngregengaken. Lajeng sedaya kadang Santri, supados kaesuhan Ki Landhung bablas dhateng Tundhan".


"Kula mathuk sanget punika Anakmas" Ki Landhung manggut-manggut.


"Inggih, prayoginipun liwat margi ingkang sisih wetan mawon Kyai" Kyai Saepullah aweh pamrayoga.


Ana candhake.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...