66.
Ki Lindhuk sing ora sida turu banjur mudhun saka watu sing kanggo leyeh-leyeh. Weruh Marga nutup raine nganggo iket lan bali nerusne anggone perang musuh Gambangkawat, atine dadi rada kaget. Saiki Ki Lindhuk lagi ngerti yen sing diadhepi Gambangkawat kuwi najan isih nom-noman, nanging wis nduweni ngilmu kanuragan sing ora sembarangan. Luwih-luwih bareng weruh bola bali pucuk pecute Marga kasil nyuwek klambine Gambangkawat ing sisih mburi lan ndadekne saka gegere Gambangkawat pating dlewer merga getih sing metu saka tilas sabetan pecute Marga.
Tandange Gambangkawat uga wiwit kendho, mratandhani lamun tenagane ya wis wiwit susut. Beda karo Marga sing sajake tenagane isih wutuh, dadi tandange sansaya nggegirisi. Kang mangkono mau merga Marga ora bisa weruh klawan mripate yen tilas sabetan pecute wis akeh ninggalne tatu sing ngeres-eresi ati, upama Marga ora nutup mripate, kira-kira wae ora bakal mentala nyawang tatu ing awake Gambangkawat sing nggegirisi.
Nalika Ki Lindhuk ganti nyawang marang kalangan sijine, sepisan maneh wong kuwi geter atine. Anggone duwe pangira yen ora suwe maneh Rangga bakal njengkilang kanthi awak gosong, kobong, jebul mleset. Rangga saiki wis ora pencolotan mrana mrene kanggo ngendhani tumibaning serangan saka Ki Ajar Taliwangsa sing dibalangake lumantar pucuking kerise. Bola-bali cahya abang mawa wisa panas sing cumlorot ngarah awake Rangga, saben-saben kurang rong kilan terus lebur dadi kaya kembang api, merga disabet nganggo pring kuning sing dadi pusakane Rangga. Saben-saben Ajar Taliwangsa nambahi kekuwatan pambalange, Rangga uga nggunakne tenaga sing saimbang, dadi kabeh serangane Ajar Taliwangsa sing kaya udan kuwi memper pirang-pirang geni tumper sing tumiba kecemplung ing blumbang. Muspra.
Ajar Taliwangsa mandheg nggone ndamoni pucuk kerise, banjur mapan lungguh sila neng lemah. Keris didegne neng ngarepe kanthi ukiran neng ngisor, epek-epek loro digathukne ditumpangne neng ndhuwur dhadha. Ora suwe saka awake Ki Ajar Taliwangsa ngetokne pega kumelun, lan awake dadi abang mengangah kaya wesi sing diobong neng geni mawa. Keris sing ana ngarepe semono uga katon obah-obah dhewe lan rupane uga dadi mengangah abang. Rangga tanggap yen Ki Ajar Taliwangsa wis ngancik ing puncak ngilmune lan arep dicakne kanggo nglebur dheweke. Putrane Dewi Semangkin kuwi uga banjur siaga arep nempuh tekane bebaya. Tangane loro di kepelne neng kiwa tengene lambung, sirah didhingklukne, mripat diremne. Jroning atine ngrapal mantra : "kanthi asma dalem Dzat Kang Maha Murah lan Maha Asih, tuhu tan ana daya kekuwatan kajaba pepariNge".
Ki Lindhuk sing weruh sikepe Taliwangsa lan Rangga mangkono iku, tumuli thukul pepenginane kanggo ngrewangi rowange. Keris Kyai Sarpayamani sing disengkelit, didudut saka wrangkane. Banjur wiwit munjerake kekuwataning batin. Keris sakala ngetokne cahya biru mengku perbawa. Alon-alon Ki Lindhuk obah arep nyaketi papane Rangga.
Nanging lagi wae Lindhuk mlangkah dheweke dikagetne merga ana wong nyenggol pundhake saka mburi.
"He .....kowe?" Ki Lindhuk noleh wong sing nyenggol pundhake, banjur grenenge "pantes, aku ora krasa".
"Sipatmu sing licik pancet durung owah Lindhuk" wong mau ngomong karo mesem.
"Tekumu sing seneng nyampuri perkarane wong liya ya ora tau owah" wangsulane Ki Lindhuk atos "mengko wae nek arep ngajak dolanan, tak ngrampungne gaweyanku dhisik".
"Ngadhepi bocah-bocah nom sing digdaya kuwi dudu gaweyanmu, nanging gaweyane Kempul sing saiki nganggo jeneng Ajar Taliwangsa kuwi karo Kecruk Putih sing ngalih jeneng dadi Gambangkawat kae, gaweyanmu saiki ngadhepi aku, sing wis padha gerange ngene iki".
"Udaya, temu pirang perkara kowe karo bocah-bocah sing arep tak sirnakke kae? He?" Ki Lindhuk ketok nek wiwit nesu.
"Apa? Sapa sing arep kok sirnakne? Bocah loro kae ? Ora bakal ana critane, Lundhuk. Kadigdayanmu ora ana sakuku irenge bocah nom loro kae, tak kandhani".
"Keparat kowe Udaya" Ki Lindhuk rumangsa diremehne "pernah apa kowe karo bocah loro kae?".
"Dudu sanak dudu kadang nek mati melu kelangan" wangsulane Kyai Saepullah anteb.
"Dadi kowe arep ngayomi bocah loro kae? He?" Ki Lindhuk nggetak.
"Kowe kliru Lindhuk" wangsulane Kyai Saepullah karo mesem "bocah nom loro kae ora butuh diayomi menungsa remeh kaya aku iki, ngertia, aja maneh mung kowe karo ponakanmu loro kuwi menanga musuh Angger Rangga lan Angger Marga, sanadyan dhemit sak Gunung Layang kok sambat kok jak ngrubut, ora bakal menang mungsuh bocah loro kae!".
"Ha...ha...ha..... Omonganmu kaya wong mendem kecubung Udaya" Ki Lindhuk ngguyu sengak "banjur karepmu apa ngalang-alangi aku iki he?".
"Sepisan" Kyai Saepullah wangsulan "nylametne nyawamu ben ora mati nistha mungsuh bocah loro kae. Ping pindho : mbaleni pangajakku marang kowe, yaiku ninggalne dalan nistha kuwi lan manjing dalan tobat".
"Setan kowe Udaya" Ki Lindhuk misuh "nek ngono iki rasakna!".
Karo muni ngono kuwi, Ki Lindhuk ngobahne keris Kyai Sarpayamani kanggo nyuduk dhadhane Kyai Saepullah.
Ana Candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar