67.
Upama wong lumrah disuduk keris pusaka dening Ki Libdhuk ngono kuwi mesthi terus rubuh dadi bathang. Nanging gandheng sing disuduk Kyai Saepullah, critane dadi beda. Nalika pucuke keris kurang sanyari saka dhadhane, sikile Kyai Saepullah kaya obahe that-thit luwih dhisik nyurung wetenge Ki Lindhuk. Ki Lindhuk kaget, awake katut kesurung mundur telung jangkah, geloyoran arep tiba.
"Setan kowe Udaya" Ki Lindhuk misuh karo nata kuda-kuda, njagani panrajange mungsuhe.
Nanging Kyai Saepullah ora mburu banjur nambahi serangan, nanging malah aweh kalodhangan marang Ki Lindhuk kanggo nata adege.
"Nek ngadeg ki sing jejeg Lindhuk" kandhane karo nyilakne jarike mendhuwur "dadi ora gampang ambruk nek kesenggol angin liwat".
Ki Linduk ora semaur nanging banjur mencolot maju karo ngarahne kerise menyang lambunge mungsuhe. Kyai Saepullah luwih prayitna, tekane keris sing ngincer lambunge ditadhahi nganggo ethoke keris sing dumadakan wis ana gegemane. Tumempuke keris sing padha-padha ampuhe, sing dicekel dening wong-wong sing duwe kasekten dhuwur, ora nuwuhake suwara sing banter, mung ing kono katon cahya gumebyar kaya gebyaring kilat, lan uga ndadekne lemah ing kiwa tengene horeg. Kyai Saepullah sing nadhahi, kontal memburi watara limang jangkah, nanging kuda-kudane ora owah. Ki Lindhuk sing kerise nanggor godhonganing kerise Kyai Saepullah, kontal memburi pitung jangkah adohe.
"Keparat kowe Udaya" Ki Lindhuk misuh karo bali nata adege.
"Aja dadi atimu Lindhuk" wangsulane Kyai Saepullah sareh "aku mung nadhahi linciping kerismu nganggo godhongane Kyai Singkir, merga aku durung kepengin mati neng tanganmu".
"Aja kakehan kojah kowe Murid Duraka" wangsulane Ki Lindhuk "aku kudu bisa mateni kowe, kanggo males gelaning Guru sing wis kok cidrani".
"Aja ngawur kowe Lindhuk, aku ora nyidrani Guru, nanging aku mung ngajak supaya aja seneng nyebar pitnah lan nasarne wong akeh klawan crita sing ngayawara" wangsulane Kyai Saepullah panggah karo suwara sing sareh.
"Pinter selak kowe Udaya, nyatane kowe wis minggat saka Gunung Layang. Tujune bareng kowe wis minggat Kakang Nagasukma teka lan nitipne murid-muride marang Guru, kaya si Kecruk Putih, Kempul Wesi, lan liya-liyane".
"Aku ora minggat Lindhuk, nanging aku ditundhung lunga, malah welinge Guru aku ora oleh ngaku murid Gunung Layang yen aku ngukuhi kapracayanku ndherek piwucale Gusti Rasul".
"Wis, saiki tata-tataa, dina iki Kyai Sarpayamani kepengin nglangga getihmu!" Ki Lindhuk banjur maju maneh, ngilmu sing dicakne wis nganggo trap-trapan dhuwur dhewe. Ki Lindhuk isih nyekeli petungan nalare, biyen sadurunge Ajar Udaya sing saiki salin jeneng dadi Kyai Saepullah iki ninggalne Gunung Layang, kasekten sing diduweni saimbang karo kasektene sing diduweni Ki Lindhuk. Kamangka sasuwene iki, tambahan ngilmu kanuragan lan panguwasan hawa murni sing ditampa Ki Lindhuk wis wuwuh akeh banget. Mokal yen Saepullah sing tanpa guru bisa nambah kasekten, kaya dheweke.
Kanthi petung iki, Ki Lindhuk babar pisan kepengin enggal-enggal bisa ngrampungi tilas sedulure tunggal guru kuwi, kanthi ngecakne ngilmu sing durung tau disinau dening Kyai Saepullah. Sajake Kyai Saepullah uga wis bisa maca apa sing dadi petungane Ki Lindhuk. Mulane, klawan linandhesan rasa pasrah marang purbaning Allah, Kyai Saepullah samekta ngadhepi serangane Ki Lindhuk klawan nggunakne ngilmu sing ora tau disinau neng Gunung Layang biyen.
Ora suwe perang keris kuwi klakon. Sawuse padha nyuduk lan padha endha ambal-ambalan yekti tanpa ana tilase, wekasan banjur keris padha keris diadu kaya adon ing dolanan benthik benthong. Dhasar padha sektine, najan sing didu kerise, nanging nyatane wong loro kuwi genti-genten, padha anggone genti kalindhih. Nadyan ora obah, nanging nyatane kekarone padha anggone adus kringet sarta padha ngampet ambegan dhewe-dhewe. Nalika iku, Ki Lindhuk wis bener-bener anggone ngetrapne ngilmune wis tekan trap-trapan dhuwur dhewe, nanging nyatane Kyai Saepullah isih bisa ngladeni kanthi becik lan babar pisan ora katon ketleyek. Mula ora ana cara maneh tumrape Ki Lundhuk kajaba ngesok ngilmu pamungkase. Karo nggeget untune Ki Lindhuk, matak aji Ngobong Layon ametak sukma. Sakala kabeh kekuwatane Ki Lindhuk mili mlumpuk nyawiji marang kerise.
Kyai Saepullah kaget, wiwitane tangan sing nyekeli ukiran krasa panas kaya diobong nganggo mawa sambi. Ora suwe banjur mremen munggah, nyangklak, krasa yen Ki Lindhuk arep ngobong jantunge, nganggo sari pathining geni sing dikendhalekne dhasaring ati.
Ana candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar