SENDHANG MUSTIKA WARIH II.
1.
Sanadyan Prau Gethek kuwi ora pati gedhe, ambane mung sadhepa, dawane telung dhepa. Nanging wis turah longgar yen mung kanggo wong loro, upama ditambah wong telu maneh wae jane ya isih cukup. Lakune prahu mung manut karo iline banyu bengawan, dadi ora pati akeh tenaga sing metu kanggo ngendhaleni obahe prau. Welah lan Tongkate prahu arang banget digunakne.
Malah luwih kerep sing numpaki prau kuwi mung wong siji, Raden Rangga utawa Marga dhewe. Nom-noman loro kuwi gentenan munggah menyang dharatan mlaku lelumpatan liwat pinggiring bengawan utawa ambyur ing tengahe bengawan bluron langen, ngetutne lakune gethek. Kanthi mangkono awak bisa obah dadi ora mung meneng thenguk-thenguk neng jero prahu.
Kaya padatan lakuning gethek utawa prahu kuwi sok leren barang. Yaiku ing wektu kanggo gawe isen-isening weteng lan wektu kanggo manembah marang Gusti Allah, prau kuwi ajeg mandheg sak cukupe. Lagi yen wis rampung banjur mlaku maneh nut ilining banyu bengawan.
"Jebul lelungan kanthi gethek ngene iki, ndadekne ora canthuk lawung karo pepadhaning uwong, ya Marga" Raden Rangga kandha marang Marga nalikane bocah loro iku leren neng dharatan, bubar manembah ing wanci luhur.
"Mila leres ta Raden" wangsulane Marga "tiyang sadawaning lampah wau dereng manggih padhusunan ingkang caket kaliyan benawi. Mangke menawi nglangkungi padhusunan inggih badhe kepanggih kaliyan tiyang".
"Marga..." Raden Rangga semaur rada sereng "wis ping pira aku ngelingne awakmu he?".
"Ngemutaken bab punapa Raden?"
"Awake dhewe iki sedulur, kowe adhiku lan aku Kakangmu. Neng kene iki ora ana bendara ora ana abdi. Anane Rangga karo Marga
Ngerti?".
Marga mesem, banjur wangsulan :
"Iya Kakang, aku kelingan".
"Ya wis" Rangga nyauti "miturut pangira-ira mu, pirang dina maneh awake dhewe bisa ketemu wong?"
"Bares wae, aku ora bisa ngira-ira Kakang" wangsulane Marga alon.
Dumadakan Raden Rangga njengkerutne bathuke, panyawange tanpa kedhep ngener panggonan rada adoh ing sisih wetan saka panggonane lungguh. Wiwitane Marga ora ngerti yen Raden Rangga lagi weruh sesawangan sing sajak narik kawigatene. Nanging suwe-suwe Marga melu weruh, yen ana wong telu rereyongan mlaku sajak ngrekasa tumuju pernah bengawan sing ing pinggire ana gethek sing dicancang oyote wit gedhe.
Marga noleh nyawang Raden Rangga sing banjur aweh sasmita klawan drijine sing ditempelne lambene sing mingkem. Marga ngerti sedulure kuwi ngongkon dheweke meneng kareben wong telu sing lagi wae katon iku ora ngerti yen neng kono ana wong.
Malah Raden Rangga sing maune lungguh kuwi banjur mengkurep, Marga tiru-tiru ngglethakne awake, supaya ora gampang diweruhi dening wong-wong sing lagi teka kuwi. Nadyan ta mangkono nom-noman loro kuwi ora ninggal kaprayitnaning batin. Kekarone wis padha ngetrapne aji sapta pandulu sing marakake bisa nyawang kanthi cetha sanadyan sing disawang rada adoh papane. Rinangkepan aji Sapta Pangrungu, sing ndadekne suwara sing diucapne wong-wong kuwi keprungu cetha ing kupinge nom-noman loro kuwi.
"Awake dhewe kudu ngati-ati Marga" Raden Rangga bisik-bisik "sajake wong telu kae nyalawadi".
"Iya Kakang" wangsulane Marga "aku ngira ing pungkure wong telu kae ana wong-wong sing sajak mbebayani".
"Ya, ayo coba padha dienteni, apa sing bakal kedaden ing papan iki" Raden Rangga semaur alon.
Sauntara iku, wong telu sing dadi kawigatene Raden Rangga lan Marga kuwi, wis ketok nek kesel banget. Wong lanang sing tuwa ketok wis menggeh-menggeh ambegane, wong wadon sing uga wis tuwa semono uga, mung bocah nom-noman lanang sing sajake isih rada kuwat, nadyan saka soroting mripate nuduhne yen lagi kesel lahir batine. Wong telu kuwi mandheg, terus dheprok neng gisiking bengawan.
"Dugi mriki niki ketoke mpun lepas saking bebaya napa dereng nggih Pakne?" Keprungu suwarane wong sing wadon pitakon marang bojone.
"Ya nek jane ngono ya durung mBokmu" wangsulane sing lanang alon "mbok menawa nek wis bisa nyabrang nyang Brang Lor terus ndhelik neng alas kira-kira bisa rada aman"
"Lha nek tarah ngoten mbok engga, nerusne lampahe mawon. Nek nganti konangan si Thungkel napa sapu-kawate, kula boten bisa nggambarne mendah rekasane awake dhewe mengke" sing wadon bali ngomong maneh.
Wong lanang tuwa sing isih menggeh-menggeh kuwi, watuk-watuk. Anake lanang ngadeg, banjur mijeti githoke bapakne, karo meneng ora guneman apa-apa.
Raden Rangga lan Marga sing krungu apa sing diucapne wong lanang karo bojone kuwi, inget-ingetan dhewe. Nalika sepisan maneh Raden Rangga nyawang kahanane wong telu kuwi, banjur bisik-bisik kandha marang Marga.
"Sajake wong telu kuwi lagi ngungsi Dhi"
"Iya Kakang" wangsulane Marga "ketoke lagi mlayu ngedohi mungsuh sing ngancam keslametane"
"Iya sajake, olehe mlaku wis adoh, ketok nek tenagane wis padha entek. Malah sajak ora sangu bontotan, dadi kajaba kesel ya wis padha kaliren".
"Iya mesakake tenan Kakang" Marga wangsulan.
"Uwi bakar karo Wagal kanggo mangan mengko bengi kae mau kok seleh ngendi?" Raden Rangga takon.
"Ya neng gethek kana ta Kakang" wangsulane Marga.
"Jupuken, sajake wong telu kae mbutuhne banget, aku tak ndhisiki nyedhak. Mbok menawa bisa aweh pitulungan".
Raden Rangga ngadeg banjur menyat marani wong telu sing lagi dheprokan neng gisiking Bengawan. Marga kanthi tanpa suwara mlayu menyang getheke, arep njupuk panganan sing disinggahne.
Ana candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar