SENDHANG MUSTIKANING WARIH IV
kacariyosaken malih dening : Rust Luh
Getih.
83.
Wedang ing cangkire Rangga lan Marga wis
entek lan wis kaping pindho diiseni lan banjur diombe entek. Nanging dayaning
wisa sing ana wedang kuwi babar pisan ora ndadekne nom-noman loro kuwi kaya
sing dikarepake dening Ki Kahastha apa dene Kunthara. Mesthi wae kang mangkono
iku ndadekne Ki Kahastha lan Kunthara gumun sing banjur ngira yen mau olehe
ngracik omben sing disuguhne wis kleru. Rangga lan Marga sing wis ngecakne aji
Sasrapanggraita, kaya-kaya bisa weruh sing ana jero pikirane wong loro kuwi,
mula kanggo ngawoni panyawange Kunthara apa dene Ki Kahastha nom-noman loro
kuwi banjur api-api ngrasakne mumet sirahe lan lara kabeh awake. Rangga lan
Marga senajan ora nganggo sambat banjur ngowahi carane lungguh, yen mau olehe lungguh
kaya wong lumrahe lungguh, saiki diganti nganggo ndhengklukne awake mangarep,
kaya wong sing lagi turu. Nalika Kunthara ngajak guneman Rangga karo Marga
sengaja olehe aweh wangsulan ngawur lan slenca adoh karo unining pitakonan.
Ki Kahastha manthuk-manthuk rumangsa marem
atine, jalaran wis ngira yen nom-noman loro kuwi mlebu ana pasangane. Kunthara
mesam-mesem karo nyawang Gurune.
"Rangga lan awakmu Marga" Ki
Kahastha karo nggunakne dayaning hawa murni miwiti anggone arep takon kanggo
miyak kabeh wewadine nom-noman loro kuwi "sadurunge awakmu sakloron
ngandhakne sing dadi sedyamu teka ing Padhepokan kene, saiki wangsulana dhisik
pitakon-pitakon sing arep tak kandhakne marang awakmu sakloron".
"Iya, eh , he eh, eh enggih"
sing mangsuli dhisik Rangga, gunemane sengaja digawe kaya unine wong sing lagi
wuru. Ki Kahastha mesem, Kunthara gumuyu seneng.
"Sepisan" Ki Kahastha miwiti
pitakon "sapa sejatine awakmu sakloron, saka paguron ngendi lan sapa sing
dadi gurumu?".
"Heeh?" Rangga wangsulan
"aku Rangga lan iki adhiku Marga, muride Bapa Mahpada saka Padhepokan
Karangendah, Pajang".
"Bagus" Ki Kahastha ngethungne
jempolan tangane "Kapindho awakmu sakloron lagi nindakne dhawuhe gurumu
apa?".
"Hm......." Marga semaur karo
nggereng "numpak getek nurut iline banyu bengawan, nitik lan nggoleki keris
Kyai Jakapiturun piyandel Kasultanan Pajang, sing dening suwargi Sultan
Adiwijaya dilarung ana bengawan".
Ki Kahastha manthuk-manthuk seneng,
Kunthara sing durung nyandhak karo unine wangsulan kuwi mung meneng karo
nyawang gurune, aweh sasmita yen mbutuhne katrangan karo apa sing dikandhakne
Marga.
"Sabanjure" kaya ora maelu
sasmitane muride Ki Kahastha nerusne pitakone "keris wis dibuwang kok
digoleki? Jarene gurumu arep kanggo apa yen keris kuwi wis bisa kok
temokne?".
"Dikon masrahne marang sing kanggonan
wahyu kraton Tanah Jawa, supaya yen wis jumeneng nata, aku karo adhiku diganjar
kamukten pangkat lurah lan bengkok sing
amba" wangsulane Rangga nyambung gunemane Marga.
"Dadi nggonmu lelana nggoleki Keris
Kyai Jakapiturun iki mung sarana supaya awakmu sakloron bisa dadi oleh pangkat
lurah lan bengkok sing amba?" Ki
Kahastha takon maneh.
"He-eh, iya eh enggih" wangsulane
Rangga karo gedheg-gedheg kaya wong sing lagi ngilangne mumet neng sirahe.
Ki Kahastha ngguyu seneng, rumangsa wis
ngerti sapa lan apa tujuwane nom-noman loro kuwi lelana sing jebul ora ana
gandheng cenenge karo pepenginane nggone arep ndadekne muride, ya kuwi
Kunthara, mujudne gegayuhane lungguh cekel panguwasa ing Kraton Mataram. Mula I
Kahastha tumuli arep nindakne apus krama marang nom-noman loro kuwi murih gelem
didadekne alat kanggo mbantu muride ngranggeh gegayuhane.
"Yen ngono awakmu klebu oleh kabegjan
sawuse teka ing padhepokan kene iki Rangga lan Marga" kandhane Ki
Kahastha.
Rangga lan Marga ora wangsulan, Kunthara
karo Ki Kahastha padha ngira yen nom-noman loro kuwi isih ngrasakne awake sing
lungkrah kena dayane racikan sing diombe bareng karo wedange.
"Awakmu sakloron, cukup teka kene wae
anggonmu padha lelana" Ki Kahastha nutugne kandhane "jalaran sing kok
goleki wis tak temokne. Kyai Jakapiturun wis tak jupuk saka dhasaring bengawan
lan wis tak pasrahne marang wong sing kanggonan wahyu kraton Tanah Jawa, sing
ora liya muridku dhewe, yaiku Kunthara".
KI Kahastha leren olehe guneman, dumadakan
Rangga karo Marga bareng mbukak mripate sing mau mung merem. Lungguhe
dijejegne, banjur nyawang Kunthara . Nanging mung sedhela, banjur bali merem
lan tumungkul maneh, ethok-ethok isih wuru.
"Sumurupa Rangga lan Marga"
sawuse Rangga lan Marga bali katon ngalumpruk Ki Kahastha banjur guneman maneh
"yen wektu iki awakmu ngrasakne rasa lungkrah, lemes lan mumet, kuwi ora
merga apa-apa, nanging jalaran saka dayane Keris Kyai Jaka Piturun sing saiki
wis nyawiji ana ragane Kunthara. Sedhela maneh ragamu bakal tak usadani murih
bali pulih daya lan kekuwatanmu. Lan awakmu sakloron aja banjur rumangsa yen
anggonmu ngumbara lan lelana sasuwene iki tanpa guna, jalaran garising nasibmu
wis cetha yen awakmu sakloron bakal nampa kanugrahan pangkat saka sing
kanggonan wahyu kraton, ora mung wujud pangkat lurah nanging mbesuk awakmu
sakloron bakal sinengkakake dadi Tumenggung. Mula mengko awakmu enggal-enggal
ngucapne janji prasetya marang sing wis nggadhuh Kyai Jakapiturun yen bakal
ngawula lan nempil kamukten ing selawase uripmu. Kepriye? saiki atimu rumangsa
seneng apa ora?".
Ki Kahastha mesem lega, Kunthara uga padha
mesam-mesem ngenteni wangsulane nom-noman loro sing saiki isih katon ngalumpruk
tanpa daya kuwi.
Dumadakan Rangga njawil pundhake Marga.
Nom-noman loro kuwi banjur nata lungguhe, saiki wis ora ngalumpruk maneh,
nanging wis katon sigrak, seger sumyah, ora kaya mentas kedadeyan apa-apa. Karo
mesam-mesem, nom-noman loro kuwi genti-genten ngulati Ki Kahastha karo Kunthara
karo panyawang sing krasa aneh. Ki Kahastha njenggirat kaget weruh owah-owahan
sing ana ing nom-noman loro kuwi, batine ora bisa aweh wangsulan ya gene Rangga
lan Marga dumadakan katon wis pulih, ora ana tilas-tilase yen lagi wae ketaman
dayaning racikan wisa sing diombe bareng karo wedange.
"Kyai Kahastha lan Ki Kunthara"
kandhane Rangga sawuse rampung nggone ngulati wong loro kuwi, ora nganggo basa
krama kaya mau nanging ngoko lumrah kaya rembugan karo wong sing sapepadhane "sawuse Kyai Kahastha menehi katrangan
marang aku sing cetha kuwi mau, sadurunge aku mangsuli, murih ora lali bakal
tak kandhakne apa sing dadi sedyaku dene esuk iki wis tekan ana ing padhepokan
Bulakbadher kene".
Ki Kahastha lan Kunthara kaget krungu
kandhane Rangga sing mangkono iku. Gunemane Rangga iki cetha yen dudu gunemane
wong sing lagi wuru kena dayane wisa, nanging rembuge wong sing waras-wiris ora
kurang sawiji apa.
"Apa sing ndika kersakne Adhi
Rangga?" Kunthara nyoba takon nganggo basa sing alus kanggo nutupi rasa
kagete.
"Iya Rangga lan Marga" Ki
Kahastha uga nrambul nganggo basa sing lumrah wae "coba kandhakna apa sing
padha kok karepake?".
Rangga gumuyu lirih, banjur aweh sasmita
marang Marga supaya genti guneman. Marga tanggap karo sing dikarepne Rangga,
tumuli klawan suwara sing anteb banjur aweh wangsulan marang Ki Kahastha lan
Kunthara :
"Kyai Kahastha lan ndika Ki Kunthara,
tenane tekaku ing padhepokan iki awit ngemban dhawuh saka Ki Demang
Kedhungtuwung. Iya awit Ki Demang wis nampa bukti sing cukup, yen Ki Kunthara
lan Padhepokan Bulakbadher iki wis sengaja gawe kisruh ing Kademangan
Kedhungtuwung, mula Ki Demang ndhawuhake marang aku sakloron supaya ngirid lan
nyowanake Ki Kahastha lan Ki Kunthara kanthi wujud bandan ing ngarsane Ki
Demang saperlu nampa pidana sing murwat klawan kaluputan sing wis padha ndika
tindakake. Mesthi wae sawuse ndika sakloron ngliwati rembug pangadilaning
Kademangan".
ana candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar