SENDHANG MUSTIKANING WARIH IV
kacariyosaken malih dening : Rust Luh
Getih.
82.
Cantrik loro sing kajibah jaga regol kuwi
pating plenggong. Bingung olehe arep mutusake, nek digagas sing dawa pancen apa
sing dikandhakne Rangga kuwi akeh benere. Nom-noman loro kuwi butuh ngadhep
marang Ki Kahastha dhewe, neng ngarepe Ki Kahastha genah nek mokal menawa
nom-noman loro kuwi bisa gawe ontran-ontran utawa gawe gendraning padhepokan.
Nanging, yen esuk-esuk ngene iki munjuk ing ngarsane Ki Kahastha apa ora aran
degsura? Nanging maneh, yen sing dikandhakne Rangga mau bener merga dheweke
wedi diarani degsura banjur ora wani munjuk marang gurune, banjur nuwuhake
kaseping warta kang kudu tinampa dening gurune, apa dheweke ora bakal nampa
pidana?.
Dumadakan Cantrik loro kuwi dikagetne
anane suwara dhehem-dhehem saka waliking lawang regol, ing jerone pakarangan
Padhepokan. Cantrik loro kuwi wis apal banget karo suwara dhehem kuwi, yaiku
suwara dheheme Ki Kahastha. Ora suwe
lawang regol sing maune tutupanalon-alon menga, Ki Kahastha metu karo ulat sing
rada beda.
"Ngaturi kasugengan ing enjing punika
Kyai" Rangga ndhisiki alok sapa aruh marang Ki Kahastha sing lagi metu
saka waliking lawang regol. Pangarsaning Padhepokan Bulakbadher kuwi katon
kaget bareng ngerti yen ing jaba ana wong teka sing sajake lagi rembugan karo
cantrik-cantrik sing kajibah njaga regol.
"Rangga karo Marga?" Ki Kahastha
semaur karo nyawang Rangga lan Marga, ora nyana ora ngira yen nom-noman loro
sing mau bengi lagi dirembug karo Kunthara, esuk iki teka ing padhepokane.
Nanging Ki Kahastha sing nyata duwe nalar dawa kuwi enggal-enggal nyingidne
rasa kagete, malah banjur kandha mawa tembung sing alus "rada gawe
kageting atiku, esuk-esuk awakmu sakloron wis teka ing padhepokan sing sepi
iki".
"Nyuwun pangapunten Kyai" Marga
sing mangsuli "wonten pawartos ndadak saking Kedhungtuwung ingkang kedah
kauningan dening Kyai Kahastha miwah Ki Kunthara. Inggih nyuwun pangapunten,
dene anggen kula matur dhateng Kyai Kahastha radi randhat, jalaran inggih
netepi paugeraning Paguron Bulakbadher, temah kadang cantrik ingkang rumeksa
regol dereng ngeparengaken kula ngadhep Kyai Kahastha".
"He he he......" Ki Bulakbadher
gumuyu alon karo wangsulan "kuwi pancen tatacara sing lumaku tumrap
cantrik sing jaga regol padhepokan, lan olehe tumindak mangkono iku mau ya mung
merga bocah-bocah kuwi durung tau tepung durung tau srawung karo awakmu
sakloron. Yen wis ngerti marang awakmu mesthi wiwit sepisan awakmu teka mau wis
dilarapake ing pendhapa kana".
"Inggih Kyai" wangsulane Marga.
"Ayo saiki munggah menyang Pendhapa
kana, aku kepengin krungu warta apa sing bakal kok wenehake marang aku"
kandhane Ki Kahastha sabanjure, sing banjur ditutugne aweh prentah marang
cantrike "Kakangmu Kunthara gugahen, kandhanana yen tak tunggu ana pendhapa
lan omonga yen sedulure saka Kedhungtuwung, yaiku Rangga lan Marga wis teka
ngono".
"Nuwun inggih sendika" salah
siji saka cantrik kuwi wangsulan sing banjur budhal nindakne pakone gurune.
Ki Kahastha banjur ndhisiki mlaku mlebu
arep munggah menyang Pendhapa Padhepokan. Rangga lan Marga ngetutne ing
mburine. Sawuse tekan Pendhapa, Rangga
lan Marga dikongkon lungguh ing klasa sing digelar ing jogan, klasa pandhan
sing rupane putih katon resik.Ki Kahastha banjur pamit arep menyang mburi
sedhela, Rangga lan Marga dikongkon ngenteni neng kono.
Rangga lan Marga sing lungguh neng klasa,
mripate nyawang kahanane Pendhapa sing gedhe kuwi. Ambak-ambak mung pendhapane
paguron sing ora kepetung gedhe, nanging pendhapa iki winangun jembar lan asri.
Sakaning, blandar, pangeret lan bebalungane Pendhapa digawe saka Kayu jati sing
wis tuwa umure, rinengga mawa manekawarna ukiran sing endah lan ngresepake.
Menang-meneng nom-noman loro kuwi rumangsa seneng nyawang kaendahaning pendhapa
Paguron Bulakbadher sing lagi sepisan iki diweruhi.
Sedhela-sedhela keprungu suwarane manuk
kutut sing ngganter sesautan, manuk kutut ingon-ingone padhepokan sing
kurungane dikerek dhuwur ing pring petung sing kaya pager jejer-jejer ing
ngareping pendhapa. Suwarane manuk kutut sing ora kaya suwarane manuk sing
kulina saba ing pakebonan, nanging suwarane manuk kutut sing meh kabeh wis luk
telu sing suwarane gedhe tur ulem.
Kira-kira anggone Rangga lan Marga
ngenteni oleh sapanginang, Ki Kahastha wis mara maneh ditutne cantrik loro sing
nggawa suguhan, wedang jahe lan gembili godhog. Sawuse cantrik sing ngaldekne
suguhan kuwi bali mlebu, Kunthara teka sing banjur nyusul melu lungguh neng
cedhake gurune. Kaya wong sing padha
tepung raket, wong papat kuwi katon rukun jejagongan kanthi ulat sing padhang
kabeh kebak esem sing grapyak semanak.
Sikep-sikep sing kerep ditemoni Rangga lan Marga yen kabeneran kepethuk
ing Kedhungtuwung, babar pisan ora katon.
"Wis adhem Adhi Rangga lan Adhi Marga
iki unjukane, mangga diunjuk" Kunthara ngacarani dhayohe supaya ngombe
suguhane.
"Iya ayo, Rangga lan awakmu Marga,
dirahabi wae anane mung banyu anget" Ki Kahastha melu mbagekne.
"Matur nuwun Kyai" wangsulane
Marga lan Rangga meh bebarengan, muni ngono kuwi nom-noman loro karo ngecakne
aji Panawawisa, jalaran nalika wiwit mlebu ngunggahi Pendhapa mau saka aji
Sasrapanggraita sing luwih dhisik dicakne, nom-noman loro kuwi dadi ngerti yen
ing jerone wedang jahe sing isih anget kumebul ngetokne ganda arum, ana wisa
sing wis dicampurne. Dudu wisa sing bisa gawe pepati, nanging wisa sing bisa
marakake lali, memper wisaning apyun utawa sari pathining ciyu sing bisa gawe
wuru. Kaya sing ditindakne Kunthara lan Ki Kahastha, Rangga lan Marga banjur
nyruput wedange sajak krasa seger.
Kunthara lan Ki Kahastha mesem seneng
weruh carane ngombe Rangga lan Marga sing sajak kepenak. Batine Guru lan Muride
kuwi gumuyu lan ngucap menawa sedhela maneh Rangga lan Marga bakal nyritakne
kabeh wewadi sing disimpen sajroning atine, jumbuh karo pitakonan sing bakal
diucapake dening Ki Kahastha lan Kunthara. Lan yen wis mbukak kabeh wewadine,
nom-noman loro kuwi bakal nglumpruk tanpa daya, awit wisa asil racikane Ki
Kahastha kuwi pancen digawe mangkono.
"Nuwun sewu Kyai" dumadakan
Rangga guneman sawuse olehe ngombe wedange oleh rong sruputan "samangke
kaparenga kula matur, menggah wigatosing sowan kula ing enjing punika".
"Ora perlu kesusu Adhi Rangga"
sadurunge Ki Kahastha semaur, Kunthara ndhisiki aweh wangsulan "wektune
isih dawa, becik kuwi unjukane dientekne luwih dhisik karo kuwi gembili
godhogan sing empuk lan gempi kuwi dirasakne dhisik".
"Mathuk banget kuwi Ki Kunthara"
sing mangsuli genti Marga, olehe wangsulan karo mesem semanak "aku
ngrasakne cocok banget karo wedang jahe sing nggodhoge wis diwenehi gula klapa
iki. Upama isih ana tunggale aku ya gelem kok nek ditambahi maneh wedange
iki".
"Isih, isih kok, isih akeh
tunggale" Kunthara semaur banjur tangane keplok aweh sasmita marang
Cantrik supaya ngeteri wedang jahe maneh ing papan kono kuwi. Batine Kunthara
sansaya seneng, merga kajaba ing wedang sing wis diladekne, mau Kunthara uga
nyawisake wedang sing padha, sing diwadhahi ana teko. Yen nganti Rangga lan
Marga luwih akeh anggone ngombe, mangka bakal luwih cepet anggone ngalumpruk,
luwih cepet anggone bisa nelukne lahir lan batine.
ana candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar