SENDHANG MUSTIKANING WARIH IV
kacariyosaken malih dening : Rust Luh
Getih.
81.
Pikirane Kunthara nglambrang nganti tekan
adoh, adoh banget. Miyaki dalan-dalan sing wis tau diliwati sajerone nglakoni
urip, uga mecaki dalan-dalan sing durung diambah . Dalan-dalan sing tau
diliwati, wiwit isih cilik nganti tumeka saiki, wiwit paguron Bulakbadher iki
isih wujud omah lumrah banjur ketekan wong-wong sing padha meguru mrono, nganti
saiki cantrike kliwat saka telung jinah, sing kabeh padha ngaji-aji marang
dheweke minangka murid kang dadi wewakiling gurune, Ki Kahastha ya Ki
Bulakbadher. Bareng wiwit mecaki dalan sing durung diambah, Kunthara duwe rasa
was lan rasa sumelang karo sing kekarepane gurune sing arep ndadekne Rangga lan
Marga dadi sedulure. Kunthara nyumelangake, manawa-manawa ing mengkone kanthi
anane Rangga lan Marga bisa gawe sureming kawibawane. Kaya lelakon sing dumadi
ing Kedhungtuwung, Kedhungtuwung sing sabubare kasil nundhung bala kraman,
jenenge Kunthara neng ngendi-endi dadi pocapan, neng saben pajagongan wong-wong
padha ngrasani dheweke kanthi pangalembana lan panggunggung. Nanging bareng
saiki ana Rangga lan Marga, pangalembana sing ditampa wiwit suda, ngalih marang
nom-noman loro sing dening wong-wong ing Kedhungtuwung dianggep luwih digdaya.
Kunthara kepengin ngandhakne kuwatiring
atine iki marang gurune, nanging ora sida, wedi manawa gurune ora bisa nampa
pawadane. Mula jroning atine, Kunthara banjur tata-tata, gawe cara kepriye
murih ing mengkone yen Rangga lan Marga klakon dadi muride Ki Kahastha, aja
nganti carita sing ana Kedhungtuwung dibaleni ing Bulakbadher.
"Sepisan maneh kowe aja duwe pikiran
yen aku bakal ndadekne nom-noman loro kuwi kadigdayane ngluwihi awakmu
Ngger" bareng wis sauntara padha meneng-menengan Ki Kahastha bali guneman
maneh "jalaran, mungguhku ora ana murid liya sing bakal tak percaya kajaba
awakmu. Lan kaya janjiku nalika samana, awakmu ora mung bakal nggenteni
kalungguhanku mrentah padhepokan cilik iki wae, nanging mbaka sethithik bakal
tak budidaya murih awakmu bisa ngregem panguwasa, kawiwitan saka Kedhungtuwung,
banjur nyawijekne Kluwihan lan Banjarsemanggi kanggo ngregem panguwasa ing
Madiun sing sabanjure bisa nglungguhi dhampar keprabon Tanah Jawa sing dina iki isih dilungguhi dening anake
Pemanahan ya si Sutawijaya kuwi. Anggonku kepengin ngepek murid Rangga lan Marga
kuwi, mung murih bisa oleh tambahan piranti kanggo njurung gegayuhanmu kuwi,
mengko yen gegayuhanmu wis kasembadan aja nganti bocah loro kuwi diumbar
jalaran bisa dadi eri ing sajroning uripmu".
"Inggih Bapa" wangsulane
Kunthara karo mesem "kula pitados awit saking pangestu saha
pambiyantunipun Bapa, sedaya ingkang Bapa dhawuhaken punika boten dangu malih
badhe kaleksanan".
Bareng wis dianggep cukup, Ki Kahastha
banjur ngajak Kunthara leren, mapan turu ing senthonge dhewe-dhewe.
Sauntara iku, nalika soroting srengenge
wis madhangi jagad, prajurit-prajurit saka Kademangan Kedhungtuwung sing
dipandhegani Demane dhewe, wis siyaga ngepung Padhepokan Bulakbadher saka jaba.
Rangga banjur kandha marang Demang Kedhungtuwung yen dheweke mbutuhne prajurit
siji sing bisa nindakne gaweyan dadi panyambung warta. Yaiku sing bakal
martakne marang Demang Kedhungtuwung lan para Bebau saupama ing mengkone ana
apa-apa sing ngenani Rangga lan Marga sajroning arep ngendharat Ki Kahastha lan
Kunthara ing Padhepokan Bulakbadher kono.
"Inggih Anakmas" tumanggape
Demang Kedhungtuwung "menawi makaten kabetahaken tiyang ingkang banter
plajengipun?".
"Inggih Ki Demang" wangsulane
Rangga.
Demang Kedhungtuwung banjur nyeluk Tiyasa,
Prajurit Kademangan sing kondhang bisa mlayu rikat lan duwe napas sing dawa.
Tiyasa banjur diprentah memanuki lakune Rangga lan Marga saka kadohan, sarta nglapurake
marang Demang Kedhungtuwung kabeh kedadeyan sing wigati sajroning Rangga lan Marga
nindakne gaweyane. Kajaba kuwi, Demang Kedhungtuwung uga mrentahne prajurit
telu maneh sing mapan ana samburine Tiyasa, jejer minangka prajurit panyambung
warta kapindho, katelu lan kapapat.
Sawuse kabeh wis samekta, Rangga lan Marga
banjur mlaku arep ngleboni Padhepokane Ki Kahastha. Nalika lakune nom-noman
loro kuwi tekan ngarep regol padhepokan, lawanging Padhepokan katon tutupan
rapet lan dikancing saka jero. Marga banjur nyedhaki lawang sing tutupan rapet
kuwi, banjur tangane kemlawe nggeret tampar sing kanggo ngunekne gentha. Let
sedhela sawuse gentha muni banter, alon-alon lawange regol menga. Ana Cantrik
loro sing metu saka jero, nyedhaki papane Rangga lan Marga.
"nDika wong loro kuwi sapa lan saka
ngendi, teka esuk-esuk wis ngunekne genthane Padhepokan?" salah siji saka
catrik kuwi nakoni Rangga lan Marga.
"Nuwun sewu Kisanak" sing
wangsulan Marga basane alus lan ngajeni "aku Marga lan iki sedulurku tuwa,Rangga.
Aku andhahane Ki Demang Kedhungtuwung, dene tekaku mrene awit nuhoni dhawuhe Ki
Bulakbadher supaya esuk iki aku lan kakangku ngadhep ing padhepokan kene".
Disauri nganggo tembung sing alus ngono
kuwi, cantrik loro murid-muride Ki Kahastha kuwi ora enggal aweh wangsulan,
mung mripate manther nyawang Rangga lan Marga genti-genti, kaya blantik wedhus
sing nyawang dagangan sing ditawakne marang dheweke. Sawuse tutug olehe nyawang,
cantrik sing nakoni Rangga lan Marga kuwi genti nyawang kancane, mripate
kedhep-kedhep aweh sasmita pitakonan. Sing disawang mung wangsulan nganggo
sasmita nggedhegne sirahe. Banjur cantrik
sing takon mau mbalikne awake madhep menyang Rangga lan Marga karo guneman :
"Aku lan kancaku ora nampa dhawuh yen
esuk iki bakal ana tamu sing teka Kisanak, dadi aku wong loro iki ora bisa aweh
palilah ndika mlebu ing pekaranganing padhepokan, luwih becik ndika
enggal-enggal lunga ninggalne papan iki wae".
"Nanging tekaku kene merga netepi
dhawuhe Ki Kahastha, Kisanak?!?" Marga semaur ngandhakne yen tekane mrono
dudu karepe dhewe.
"Apa tandha lan buktine yen Bapa Guru
Kahastha wis dhawuh marang ndika sakloron supaya ngadhep panjenengane?"
Cantrik sing sijine genti takon.
"Ora ana tandha bukti sing
diparingake aku Kisanak" wangsulane Marga "aku ora wani nyuwun tandha
bukti sing ndika karepne kuwi marang Ki Kahastha, yen ndika ora ngidini aku
mlebu menyang Padhepokan, kuwi pancen wewenang ndika. Nanging ngadhep Ki
Kahastha esuk iki, kuwi kuwajiban sing kudu tak tindakne. Mula, murih padha
slamete aku njaluk tandha bukti marang ndika sing duwe panguwasa njaga regol
iki yen aku sakloron wis teka kene nanging ndika wong loro ora ngidini aku
sakloron ngadhep Ki Kahastha. Dadi olehku ora netepi dhawuh iki ora merga aku
nglirwakne, nanging merga ndika penging. Lan yen nganti anggonku arep atur
warta marang Ki Kahastha iki dadi kasep, ndika sakloron sing kudu nanggung akibate".
Oleh wangsulan sing kaya ngono kuwi,
cantrik loro kuwi dadi katon ewuh aya ing pambudine. Rada sauntara kekarone
padha pandeng-pandengan karo kancane dhewe.
"Ngene lho Kisanak" Rangga sing
wiwit mau mung meneng genti melu guneman "ndika sakloron pancen wenang
duwe rasa sujana marang sapa wae, klebu marang aku karo adhiku sing arep netepi
dhawuhe Ki Kahastha iki. Jalaran ndika sakloron sumelang yen nganti aweh
palilah marang sabarang wong mlebu ing Padhepokan, dikuwatirake sing mlebu kuwi
bakal gawe gendra ing padhepokan. Nanging mbok ya dinalar kanthi wening, aku
mung wong loro, kamangka ing padhepokan iki isine atusan cantrik malah Ki
Kahastha lan Ki Kunthara ya ana. Upama aku wong loro iki arep gawe gendra, apa
sing bisa tak tindakne ing ngarepe Ki Kahastha lan Ki Kunthara? Kosok baline,
yen nganti Ki Kahastha duka merga kaseping warta saka aku merga saka ndika
alang-alangi, aku ora bisa nggambarake apa sing bakal ndika temoni
mengko".
ana candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar