SENDHANG MUSTIKANING WARIH IV
kacariyosaken malih dening : Rust Luh
Getih.
80.
Sauntara iku, nalika wektune wis lingsir
wengi, ing Padhepokan Bulakbadher, Ki Kahastha isih aweh pituduh-pituduh marang
Kunthara. Pancen nalika awan mau Kunthara diajak lunga ninggalne Bulak Cilik,
atine rada cuwa. Kunthara lagi kepengin nyoba aji Alas kobar sing lagi rampung
anggone ngunggahne tatarane. Mula bareng wis tekan padhepokan Kunthara katon
murung polatane, malah banjur mlebu gothakan senthonge, mapan turu. Ki Kahastha
sing wis apal banget karo sipat lan tekune Kunthara mung meneng wae, lagi
bareng kahanan wis sepi, lagi Kunthara diparani banjur diajak mlebu sanggar
banjur dituturi akeh-akeh.
"Kowe kudu luwih pinter
Kunthara" kandhane Ki Kahastha sawuse wong loro lungguh adhep-adhepan ana
sajroning sanggar "kanggo nggayuh kalungguhan sing kok tuju kuwi kowe ora
bisa ijen. Keneng diupamakne wong menek, najan andhane wis cumepak, nanging
kowe isih mbutuhne wong sing nggoceki adege andha, supaya ora nggoling".
"Inggih Bapa" wangsulane
Kunthara "nanging, kula rak inggih kedah reresik sesuker-sesuker papan
kangge nyelehaken andhanipun ta Bapa? kamangka miturut pamanggih kula, lare
kalih ingkang nembe dugi ing Kedhungtuwung nika, klebet sesuker ingkang
mbebayani ingkang saged damel kepleseting dlamakan kula nalika kula badhe
nginggahi andha kangge nggayuh Madiun lan bablas dhateng Mataram".
"Lha neng kono kuwi, katon nek awakmu
kurang sabar lan kurang tlaten nggonmu ngayati gegayuhanmu" wangsulane Ki
Kahastha karo mesem.
"Kirang sabar lan kirang tlaten kados
pundi Bapa?" Kunthara takon.
"Sakeplasan katon yen Rangga karo
Marga kae bisa dadi pepalang anggonmu arep mlaku, nanging aja banjur dibuwang
ngono wae. Awit miturut panyawangku, nom-noman loro kae kena diarani bebakalan
sing becik, ya lantiping pikire ya santosaning balung lan ragangane. Dadi,
luwih becik manawa pepalang kuwi dijupuk banjur diopeni, dipurih guna lan
manpangate, lagi yen wis rampung gawemu kari sakarepmu olehmu arep nyikepi
bocah loro kuwi, disingkirne ya kena dienggo waton ora mbebayani ya kena"
Ki Kahastha mangsuli pitakone Kunthara lan muwuhi klawan pituture.
"Punapa Bapa ngersakaken murih Rangga
lan Marga lare ingkang boten cetha asal-usule niku saged manunggal kaliyan
awakipun piyambak?" Kunthara sing wiwit weruh lakuning nalare Ki Kahastha
banjur takon.
"Bener" wangsulane Ki
Bulakbadher "bisa nggeret nom-noman loro kae mlebu ing barisane awake
dhewe, luwih gedhe guna lan paedahe tinimbang bisa ngajak Bebau sepuluh saka
Kedhungtuwung. Luwih-luwih saka pamawasku, nganti dina iki nom-noman loro kae
wis oleh ati saka Demang lan para Bebau ing Kedhungtuwung. Dadi yen Rangga lan
Marga wis kasil tak dadekne sedulurmu, padha wae karo Kedhungtuwung wis bisa
kok regem sajroning gegemanmu. Ngerti?".
Kunthara meneng, pikirane ngangen-angen
marang apa sing dikandhakne gurune kuwi. Petunge gurune sing mangkono kuwi
pancen tinemu ing nalar, nanging apa gampang ndadekne nom-noman loro kae supaya
gelem manut marang dheweke. Lha wong sepisanan ketemu kae wae wis thukul rasa
memungsuhan ing atine lan kira-kira uga ing atine Rangga lan Marga?.
"Aku ngerti, nek nganti dina iki
Rangga lan Marga kae isih duwe rasa gething katutan sengit marang kowe, nanging
aja kowe banjur gawe dudutan yen selawase Rangga lan Marga kae bakal dadi
mungsuhmu" kandhane Ki Kahastha sing kaya weruh karo sing dipikirake
muride "amerga aku duwe cara sing bisa ngowahi nalare nom-noman loro kae,
saka gething dadi tresna lan asih sarta setya marang kowe. Nanging pancen ya
dibutuhne katlatenan lan kasabaran sing gedhe, ora grusa-grusu selak
kesusu".
"Inggih Bapa, kula pitados kaliyan
punapa ingkang Bapa dhawuhaken" wangsulane Kunthara "nanging kula
inggih kepengin ngertos ngangge cara ingkang pundi anggenipun Bapa badhe
ngewahi nalaripun lare kalih nika?".
"Kuwi wis tak pikirake sadurunge aku
ngongkon awakmu ngrucat Alaskobar sing arep kok tamakne mau" wangsulane Ki
Kahastha karo ngguyu lirih "mula aku banjur aweh semaya limang dina marang
Rangga lan Marga yen kepengin nyoba kasektenmu".
"Ing Tegal Bera punika Bapa?"
"Iya, ucapku marang Marga lan Rangga
mau, tata gelar pancen rupa panantang. Nanging mengko yen wis klakon kepethuk
neng Tegal Bera, bisa diowahi sing maune bocah loro kae tak tantang arep tak
jedu karo awakmu, banjur tak owahi. Rangga lan Marga arep tak sengkake dadi
murid Paguron Bulakbadher, tak dadekne sedulurmu".
"Manawi lare kalih nika boten purun
Bapa?"
"Bakal tak peksa" wangsulane Ki
Kahastha manteb "kaya olehku meksa awakmu jaman kowe durung seneng sinau
ulah kanuragan biyen".
Kunthara meneng, kelingan jaman isih bocah
arep mangkat diwasa biyen. Nalika iku Kunthara isih dadi siji melu bapa biyunge
neng Desa Bulak Kopenan. Bapake nyambut
gawe dadi Undhagi (Tukang Kayu) lan biyunge dadi Greji (Penjahit). Uripe
Kunthara banget kepama, kecukupan sakabehane, dhasare dadi anak ontangt-anting
sing ora duwe tunggal. Apa sing dadi pepenginane dening wong tuwane mesthi
diwujudi. Kunthara diumbar milih urip sasenenge, mung seneng dolan lan dolanan,
kabeh dicukupi dening wong tuwane. Gandheng uripe sarwa kecukupan, ora ana
bocah-bocah sing wani nukari marang dheweke, malah akeh bocah sing yen kapeksa
tukaran karo dheweke, milih ngalah, jalaran bocah-bocah kuwi padha dikandhani
supaya ora wani karo Kunthara, mengko mundhak ndadekne nesune wong tuwane. nek
wong tuwane Kunthara nesu, bisa-bisa wong tuwane bocah sing nukari Kunthara
bakal susah dhewe, amarga kangelan yen arep golek silihan utawa utangan marang
wong tuwane Kunthara.
Wiwit sadurunge Kunthara lair, wong tuwane
wis raket nggone mangun kekancan lan seduluran karo Ki Kahastha wong pinter ing
sakehing ngelmu agal lan alus. Sangertine Kunthara, kerep wae Ki Kahastha kuwi
sanja neng omahe wong tuwane, sok-sok nganti sepasar malah kepara luwih barang.
Luwih kerep Ki Kahastha nginep neng omahe yen wayah wong tuwane lanang ora ana
omah, merga disambat sedulur sing liya desa nggawekne omah lan murih ora
kentekan wektu banjur nginep neng papane nyambut gawe. Kunthara seneng banget
karo Ki Kahastha, jalaran Ki Kahastha uga tresna marang Kunthara, kaya tresnane
wong tuwane lanang dhewe. Kerep Kunthara diajak dolan-dolan nyawang endahing
kahanan, ya sok kanthi mlaku ndharat, ya sok diajak nunggang jaran.
Wis bola-bali Kunthara ditawani arep
diwulang ngelmu kanuragan dening Ki Kahastha, wong tuwane uga nyurung supaya
Kunthara gelem dadi muride Ki Kahastha, nanging Kunthara ajeg nulak. Jalaran
miturut Kunthara sinau ngelmu kanuragan kuwi mung ngrekasakne awak wae, lan ora
pati ana gunane, wong nyatane ora ana bocah sing wani nukari utawa ngganggu
gawe marang dheweke. Ngono kuwi nganti ing sawijing dina, nalika nuju dolanan
Jirak Bendhot (cara saiki ya dolanan nekeran utawa main gundhu), amerga salah tampa Kunthara banjur tukaran
karo kancane sing rada luwih gedhe, dadi gelut rame. Beda karo padatan, wektu
kuwi kancane mau ora gelem ngalah, Kunthara diajar entek-entekan, dikeplaki,
dijiwit lan liya-liyane. Kunthara kalah, banjur nangis, mulih arep wadul marang
wong tuwane. Jebul sawuse wadul ora dibelani, malah disrengeni, dadi bocah
lanang kuwi ora oleh gembeng. Yen kepengin dieringi kanca-kancane kudu pinter
gelut dadi nek tukaran ajeg menang. Ya awit saka kedadeyan kuwi, Kunthara
banjur gelem sinau ulah kanuragan meguru dadi muride Ki Kahastha nganti saiki.
ana candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar