SENDHANG MUSTIKANING WARIH IV
kacariyosaken malih dening : Rust Luh
Getih.
79.
Demang Kedhungtuwung lan para bebau sarta
para Jagabaya jroning atine padha ngalembana marang Jagabaya Pahang. Mung rada
kuciwa dene ora sak kal aweh lapuran marang Ki Demang utawa Bebau sing ana.
Lagi bareng wis ana rembug perkarane Kunthara lagi crita. Nanging, saupama
Jagabaya Pahang crita luwih dhisik kira-kira ya ora ana gunane, jalaran sing
dicakne dening Kunthara marang Jagabaya Pahang uga ora katon mbebayani marang
Kademangan Kedhungtuwung.
"Samangke ingkang badhe kula aturaken
dhateng Ki demang magepokan kaliyan dhawuhipun Adhi Rangga kala wau"
Jagabaya Pahang guneman maneh sawuse rada sauntara pringgitan kono keprungu
suwara grenang-greneng ora pati cetha awit guneman lirih ing antarane padha
kanca sacedhake dening sing padha ana ing pringgitan kuwi.
"Iya, kepiye Ki Jagabaya?"
Demang Kedhungtuwung banjur takon "coba critakna".
"Inggih Ki Demang" Jagabaya
Pahang mbacutne olehe guneman "sasampunipun meh sedinten kula ing Padhepokan
Bulakbadher, ingkang dening Kunthara dipun tedahi kawontenan sanggar sarta
papan tuwin pirantinipun gladhen para cantrik ing mriku, kula saged ngukur
sepinten kekiyataning Paguron Bulakbadher punika. Cethanipun, sedaya ingkang
manggen ing padhepokan boten langkung saking tiyang setunggal atus kalih dasa,
dene ingkang sinau kanuragan watawis namung tigang dasa tiyang. Lintunipun
inggih tiyang-tiyang tani ingkang nggarap sabin tuwin tegal gadhahanipun
Padhepokan kangge nyekapi tedhanipun ingkang manggen ing mriku sedaya kalebet
para cantrik".
"Dadi murid-muride Ki Kahastha kuwi
sing mligi sinau kanuragan kira-kira mung wong telung puluh Ki Jagabaya?"
Demang Kedhungtuwung nggenahne katrangan sing dikandhakne Jagabaya Pahang.
"Niku ingkang manggen ing mriku Ki
Demang, ingkang sampun misah radi tebih ugi wonten criyos ingkang kula pireng
saking Kunthara watawis gangsal welasan dereng kapetang andhahanipun"
wangsulane Jagabaya Pahang.
"Lha murid-murid sing manggon ana
kono kuwi ana sing duwe kabisan kanuragan pinunjul timbang kacane ana
pira?" Demang Kedhungtuwung takon maneh.
"Sedaya racak Ki Demang"
wangsulane Jagabaya Pahang "awit boten wonten ingkang paring piwucal
kajabi Ki Kahastha piyambak. Racak-racak ingkang sampun kaanggep cekap
anggenipun sinau ulah kanuragan lajeng misah tebih-tebih nindakaken padamelan
ingkang asilipun sabageyan dipun pisungsungaken dhateng Paguron".
Rangga lan Marga sing ora kendhat nggone
nyemak critane Jagabaya Pahang banjur bisik-bisik omong-omongan dhewe. Ora suwe
banjur Rangga wiwit kandha marang Demang Kedhungtuwung klawan suwara sing cetha
:
"Samangke sampun saged kasumerepan
sepinten kekiyataning Padhepokan Bulakbadher Ki Demang. Inggih watawis bala
rucah wonten tigang dasa katambah murid
ingkang misah watawis kalih dasa, sedaya seket".
"Kula kinten menawi benjing gangsal
dinten malih kados ingkang dipun ucapaken Ki Kahastha, cacah seket punika kok
boten dipun ajak sedaya ta Anakmas?"
Demang Kedhungtuwung nanggapi kandhane Rangga.
"Punika leres Ki Demang"
wangsulane Rangga "nanging kula gadhah pamanggih radi benten, gandheng
sampun cetha bilih Paguron Bulakbadher punika mapanaken dhiri dados mengsahipun
Kademangan Kedhungtuwung, kula kinten tinimbang ngentosi gangsal dinten malih
langkung prayogi menawi dalu niki, awakipun piyambak ingkang nglurugi dhateng
Bulakbadher. Cekap m beta prajurit pinilih cacah seket, katindhihan para Bebau
tuwin Para Jagabaya. mangke kula kaliyan Adhi kula ingkang badhe mikut Ki
Kahastha lan Kunthara. Kados pundi menawi makaten Ki Demang?".
Pringgitan dadi gumrenggeng maneh, wong
sing ana kono padha pating klesik rerasanan, akeh sing padha nyarujuki sing
dadi panemune Rangga ngono kuwi. Demang Kedhungtuwung dhewe sawuse
ngetung-etung kekuwatane, iya banjur duwe dudutan yen sing dikandhakne Rangga
kuwi luwih akeh benere yen dipetung nganggo nalar sing jangkep.
"Menawi kula gagas, mila petanganipun
Anakmas Rangga punika langkung sae" Demang Kedhungtuwung guneman nanggapi
panemu sing dikandhakne Rangga "cacahing Prajurit ing Kademangan punika
wonten kalih atus katambah kaliyan prajurit serepan watawis pitungdasa gangsal.
Dados menawi dalu niki dipun bidhalaken seket puna sewidak prajurit,
Kedhungtuwung tansih gadhah kekiyatan. Namung kemawon, ingkang dados
tetindhihing para prajurit kala wau, sampun ngantos bebau sedaya bidhal, kedah
wonten ingkang rumeksa Kademangan".
"Dhawuh pangandilkanipun Ki Demang
makaten punika kula sakalangkung mathuk Ki Demang" Bebau Krajan sing
dhisik dhewe nindhihi rembuge Demang
Kedhungtuwung.
"Yen mangkono, Baune Krajan sing tak
pasrahi rumeksa kaslametane Kademangan, dibantu dening Bebau Kedhungori lan
Bebau Kedhungbunder lan minangka suh tak
pasrahne marang Ki Bulu" Demang Kedhungtuwung banjur andum gawe "sing
budhal ndherekne Anakmas Rangga lan Marga, kajaba aku iya para Jagabaya, Bebau
Kaliumprik, Bebau Supiturang lan Bebau Padaringan".
"Niki mangke lampahipun makaten Ki
Demang" genti Marga sing guneman "dalu niki manawi sampun meh gagat
rahina, awakipun piyambak bidhal dhateng Bulakbadher, miturut petang kula
sareng pletheking surya sampun dumugi mrika. sasampunipun dumugi mrika, kula
kaliyan Kakang Rangga kemawon ingkang manggihi Ki Kahastha lan Kunthara. Ki
Demang saha para Prajurit prayogi nengga ing sajawining Padhepokan. Menawi
saged karembag kanthi sae, badhe kula kengken murih Ki Kahastha purun nungkul
makaten ugi Kunthara lan puruna kula beta dhateng Kedhungtuwung wujud bandan.
Menawi boten purun nungkul, kula kaliyan Kakang Rangga nyuwun kasampiran purba
wasesa saking Ki Demang. Lha mangke menawi, ngantos para cantrikipun Ki
Kahastha sami tumut ngebyuk, nembe Ki Demang lan para Bebau marentahna
dhateng para prajurit murih ngadhepi pangamuking para cantrik. Dene menawi
ngantos, kula lan Kakang kula pranyata kasoran lan saged dipun pejahi dening Ki
Kahastha lan Kunthara, prayogi Ki Demang lan para prajurit srata para
tetindhihipun ngunduri yuda kemawon".
"Makaten inggih Anakmas?"
wangsulane Demang Kedhungtuwung sing banjr dibacutne marang para bebau
"wis padha krungu kabeh ta karo sing didhawuhne Anakmas Marga?".
"Inggih sampun Ki Demang" wangsulane
para Jagabaya lan Para Bebau meh bebarengan. Ora suwe rembugan ing pringgitan
kuwi dibubarake, kanggo tata-tata nindakne gaweyan sing wis diputusake.
Jebul budhale Prajurit cacah sewidak kuwi
ora digawe bareng, bregada dhisik dhewe cacah sepuluh ditindhihi Bebau
Kaliumprik, watara kacek sapanginang banjur dibudhalake bregada kapindho cacah
uga cacah sepuluh sing ditindhihi Jagabaya Sekayu, bareng sauntara disusul
bregada angka telu sing cacahe rada akeh yaiku Prajurit cacah lima las sing
ditindhihi Bebau Supiturang lan Jagabaya Pahang. Nyedhaki parak esuk sisane
dibudhalne bareng karo Demang Kedhungtuwung lan Bebau sarta Jagabaya liyane.
Sauntara iku Rangga lan Marga olehe budhal ora bareng sapa-sapa, sawuse njaluk
ancer-ancer papane Paguron Bulakbadher banjur budhal bocah loro, liwat dalan
liyane.
Kaya padatan Prajurit Kademangan kuwi uga
digawani piranti neka-neka, nggawa sangu bebakalan pangan sing bakal diolah
menggo yen para prajurit padha mbutuhake mangan lan liya-liyane. Dadi sing
budhal menyang Bulakbadher, kajaba wong sewidak sing wis samekta klawan
gegamane, ana wong sepuluh maneh sing tinanggenah nyawisake lan olah-olah
kanggo mangane para prajurit kabeh. Beda maneh karo Bebau Bulu lan Bebau Krajan
sing tinanggenah keri ana Kademangan, kajaba mikuwati gredhu-gredhu parondhan,
uga nyawisake panah sendaren, panah geni, sing mbok manawa ana bebaya sing
luwih gedhe teka, bisa digunakne dadi tengara marang Ki Demang sing ana palagan
.
ana candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar