Total Tayangan Halaman

Rabu, 13 Oktober 2021

SENDHANG MUSTIKANING WARIH IV 78

 

SENDHANG MUSTIKANING WARIH IV

kacariyosaken malih dening : Rust Luh Getih.

 

78.

Bengi kuwi, watara bubar surup,Demang Kedhungtuwung ngajak para Bebau lan Para Jagabaya mlumpuk neng Pringgitan, awit saka panjaluke Rangga lan Marga sing nemu pikiran anyar kanggo miwiti ngudhari reruweting Kademangan. Sawuse wong-wong padha mlumpuk Rangga lan Marga sing lungguh ngapit-apit Demang Kedhungtuwung tumuli miwiti omong.

"Nuwun sewu Ki Demang saha Para Bebau lan Para Jagabaya sedaya" kandhane Rangga miwiti rembug "kanthi wontenipun  kedadosan kala wau siang, sasampunipun kula gathukaken kaliyan ngakenipun para bandan, mliginipun Kartagentho kaliyan Jayaglegek, kula lajeng gadhah dudutan bilih Paguron Bulakbadher cetha menawi mengsah tumrap Kademangan mriki. Kados pundi menawi pamanggihipun Ki Demang lan para bebau tuwin para Jagabaya kaliyan dudutan kula punika?".

"Kula kinten punapa ingkang dipun dhawuhaken anakmas punika leres" sing aweh tanggapan dhisik dhewe Demang Kedhungtuwung "punika sampun cetha lan boten saged dipun selaki malih, mapanipun Kunthara ing Kedhungtuwung mriki pranyata namung badhe nindakaken lampah dom sumuruping banyu kemawon".

"Kula inggih nggadhahi pamanggih memper kaliyan pamanggihipun Ki Demang" Bebau Krajan melu udhu panemu "lajeng ingkang badhe kula suwunaken dhateng Ki Demang, punapa ingkang kedah dipun tindakaken dhateng mengsah-mengsah punika? punapa dipun umbar nanging dipun ulati kados padatan? punapa kados pundi?".

"Menawi saking pamanggih kula" Bebau  Bulu sing umure tuwa dhewe ing antarane Bebau liyane, malah luwih adoh luwih tuwa tinimbang umure Demang Kedhungtuwung melu guneman "Kunthara punika sakalangkung mbebayani tumrap Kedhungtuwung, pramila sawanci-wanci ngetingal ing Kedhungtuwung mriki prayoginipun inggih lajeng dipun cepeng kemawon, dipun lebetaken pakunjaran".

"Kula sarujuk kaliyan ingkang dipun ngendikakaken Ki Bulu punika Ki Demang" Bebau Kedhungbunder numpangi rembug "namung kemawon, awakipun piyambak kedah nambahi kasiagane para prajurit Kademangan miwah para sinoman, punika kangge njageni menawi ngantos Ki Kahastha boten nrimahaken siswanipun dipun kunjara ing mriki".

"Menawi punika sampun genah Ki Kedhungbunder" Bebau Kaliumprik nyauti panemune Bebau Kedhungbunder "Ki Bulakbadher mesthi boten badhe mendel kemawon menawi ngertos muride dikunjara ing mriki, nanging nuwun sewu, boten ateges ngremehaken kekiyataning mengsah, menawi namung ngadhepi tiyang-tiyang Bulakbadher kemawon kula kinten boten awrat. Sanadyan kondhangipun Ki Kahastha punika gadhah aji Alas Kobar ingkang ngedab-edabi, nanging ing mriki ugi wonten Ki Demang lan Para Bebau ingkang saged sesarengan nranggulangi krodhanipun Ki Kahastha".

"Pamanggih kula radi benten Ki Demang" Jagabaya Sekayu urun rembug "nitik sumbaripun Kunthara kala wau siang, ugi wicantenipun Ki Kahastha saderengipun mlajar, Kunthara boten badhe ngatingal malih ing Kedhungtuwung mriki kados padatanipun. Jalaran sampun cetha menawi Kunthara wicanten bilih piyambakipun boten nganggep sadaya pranatan ing Kedhungtuwung, kaping kalih Ki Kahastha kala wau siyang wicanten dhateng Adhi Marga, bilih gangsal dinten malih Adhi Marga lan Adhi Rangga dipun tantang tandhing ijen sami ijen kaliyan Kunthara ing Tegal Bera. Sanajan Ki Kahastha meling dhateng Adhi Rangga lan Adhi Marga murih boten ngajak kanca, nanging kula langkung pitados malah Ki Kahastha ingkang badhe mbeta murid-muridipun kangge ngrubut Adhi Rangga saha Adhi Marga. Pamanggih kula, prayoginipun inggih ing Tegal Bera kados ingkang dados janjinipun Kahastha punika kala wau, awakipun piyambak ngebyuk lan ngendharat Kunthara sak gurunipun pisan".

Sabubare Jagabaya omong ngono kuwi, Demang Kedhungtuwung isih ngenteni panemu liyane saka sing padha teka. Nanging kabeh mung meneng, sajake padha pasrah marang apa sing dadi putusane Demange.  Demang Kedhungtuwung tumuli guneman marang Rangga lan Marga, njaluk pamrayoga murih becike :

"Kados pundi Anakmas?" pitakone Demang Kedhungtuwung karo gentenan nyawang Rangga lan Marga.

"Sedaya pamanggih punika kala wau leres Ki Demang" wangsulane Rangga sawuse meneng sedhela "samangke ingkang badhe kula suwunaken pirsa inggih punika sepinten kekiyatanipun Paguron Bulakbadher punika? cacahing cantrik sedaya kinten-kinten pinten? Menawi warga dhusun ing Bulakbadher nadyan kathah nanging kula kinten boten mbebayani, jalaran kenging dipun wastani tiyang limrah".

"Bares kemawon Anakmas kula kirang mangertos babagan punika" Demang Kedhungtuwung aweh wangsulan, sing dibanjurake karo pitakonan marang wong liyane "mbok menawa ana sedulur sing bisa caos katrangan marang Anakmas Rangga ing babagan iki?".

"Kepareng matur Ki Demang" Jagabaya Pahang sing ora pati duwe omong, dumadakan ngangkat tangane.

"Iya Ki Pahang, mangga mbok menawa ndika ngerti karo sing didhawuhne Anakmas Rangga?" wangsulane Demang Kedhungtuwung.

"Inggih" Jagabaya Pahang guneman maneh "watawis tigang peken kapengker, kula kaliyan Ki Slumpring dipun ajak Kunthara sowan Ki Kahastha ing Bulakbadher".

"Piye?" Demang Kedhungtuwung ketara nek rada kaget "ndika karo Ki Slumpring diajak Kunthara menyang Bulakbadher?".

Ora mung Demang Kedhungtuwung dhewe sing rumangsa kaget, prasasat wong - wong sing ana pringgitan kuwi kabeh uga padha melu kaget lan kimbuhan gumun. Ora ngira yen Ki Pahang tau dijak Kunthara ngadhep gurune.

"Leres Ki Demang" wangsulane Jagabaya Pahang "gandheng wekdal punika kula dereng mangertos menawi Kunthara punika jebul kados makaten pokalipun, kula inggih manut kemawon. Jalaran Kunthara lan Ki Slumpring ngandhani kula bilih para Jagabaya lan Bebau ing Kedhungtuwung mriki langkung sae menawi purun mewahi kaprigelanipun ulah kanuragan kangge mikuwati Kademangan. Lan kula dipun warah menawi purun badhe kaparingan aji jaya kawijayan dening Ki Kahastha. Gandheng nalika samanten kula pitados dhateng tembungipun Kunthara kaliyan Ki Slumpring  kula ugi lajeng manut ngaten kemawon".

"Banjur ndika diwejang aji jaya kawijayan dening Ki Kahastha?"  Demang Kedhungtuwung nyelani nganggo pitakonan.

"Boten siyos Ki Demang" wangsulane Jagabaya Pahang "kula boten siyos kaparingan aji jaya kawijayan, jalaran kula boten saged ngucapaken janji prasetya dhateng Paguron Bulakbadher kados ingkang dipun ucapaken dening Ki Slumpring".

"Lho ndadak kudu ngucapne janji prasetya barang ?" Demang Kedhungtuwung takon.

"Inggih, ungelipun bilih kula kedah setya dhateng ki Kahastha lan boten kenging ndaga dhawuhipun, sanaosa dhawuh punika cengkah kaliyan punapa kemawon. Kula manah prasetya punika boten trep kaliyan jejer kula minangka Jagabaya ing Kedhungtuwung ingkang sampun prasetya badhe ngudhokaken jiwa raga kula kangge kamulyan lan kasugenganing Kademangan. Kula boten purun ngucapaken janji prasetya dhateng Ki Kahastha, awit kula kuwatos menawi ing benjangipun ngantos wonten gesehing pamanggih antawisipun Kademangan Kedhungtuwung kaliyan Paguron Bulakbadher, tartamtu badhe ngrepotaken kula. Janji prasetya pundi ingkang kedah kula kekahi?. Pramila kula milih boten kaparingan aji jaya kawijayan tinimbang ing benjangipun badhe ngrepotaken manah kula piyambak".

"Bagus!"

Demang Kedhungtuwung ngethungne jempolan tangane karo muwus aweh pangalembana marang Jagabaya Pahang. Para Bebau lan Para Jagabaya liyane padha manthuk-manthuk sarujuk, jroning atine padha mbenerne marang lekase Jagabaya Pahang.

"Banjur bareng ndika milih ora nampa wejangan aji jaya kawijayan ngono mau, Ki Kahastha banjur kepiye?" Demang Kedhungtuwung takon maneh.

"Ingkang murina dede Ki Kahastha" wangsulane Jagabaya Pahang "nanging malah Kunthara, kula dipun wastani tiyang bodho ingkang boten nyawang agenging lelabetanipun Ki Bulakbadher ingkang sampun nate caos pambiyantu dhateng Kedhungtuwung rikala nyirep kraman ingkang dipun tindhihi Ki Pujud nalika samanten. Nanging kula kukuh boten saged ngewahi pamanggih kula ing ngajeng. Sareng kula kukuh, Ki Kahastha malah lajeng gumujeng kula kaparingan wekdal kangge nimbang lan manah langkung rumiyin, menawi sampun saged nyarujuki isining janji prasetya dhateng Ki Kahastha tuwin Paguron Bulakbadher kala wau, kula kapurih ngabari lumantar Kunthara, mangke kula badhe kawejang aji jaya kawijayan punika".

 

ana candhake.


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...