SENDHANG MUSTIKANING WARIH IV
kacariyosaken malih dening : Rust Luh
Getih.
77.
Demang Kedhungtuwung lan para Bebau lan
para Jagabaya sing lagi wae teka kono kuwi dadi sansaya gumun bareng weruh
rewange Bebau Kedhungori nggiring sedulure Jagabaya Slumpring sing tangane
dibanda neng mburi. Wong-wong kuwi nuli tanggap yen ing papan kono mau mentas
wae kedadean ana kerengan, ora mung antarane Bebau Kedhungori mungsuh Kunthara,
nanging uga antarane Rikad karo Dahana. Kamangka Dahana kuwi uga warga
Kedhungtuwung, dudu warga Paguron Bulakbadher? ya gene uga melu gegeran ana
kene?.
"Iki lelakon apa maneh Baune
Kedhungori? kok Dahana dibanda dening Rikad rewangmu iki?" Demang
Kedhungtuwung bali nakoni Bebau Kedhungori.
"Nyuwun pangapunten Ki Demang"
wangsulane Bebau Kedhungori "kala wau Ki Demang ndangu, mulabukanipun
cariyos anggen kula sampun regejegan kaliyan Ki Kunthara. Kula piyambak
sayegtosipun boten patos mudheng, amargi kula wau rak inggih wonten Kademangan?
lajeng dipurugi rewang kula supados wangsul awit ing griya wonten dhayoh. Mila
murih cethanipun keparenga Ki Demang ndangu piyambak dhateng pun Rikad ingkang
samangke taksih wonten mriki malah kaliyan Dahana punapa".
Demang Kedhungtuwung njengkerutne bathuke,
sansaya ora mudheng lan ora bisa ngira-ngira apa sing lagi wae kedaden ing
Bulak Cilik kuwi. Tanpa kedhep, suwe Demang Kedhungtuwung nyawangi rewange
Bebau Kedhungori sing ketok ndhingkluk neng mburine Dahana sing uga lagi
tumungkul karo praupan pucet.
"He Rikad" kandhane Demang
Kedhungtuwung sabanjure "coba critakna apa sing lagi wae padha kok alami,
lan ya gene Dahana kok banda memburi kaya ngono kuwi?".
"Nggih Ki Demang" wangsulane
Rikad "kala wau kula rak nembe teng griyanipun Ki Bau, dumadakan Kakang Dahana
dugi mrika. Kakang Dahana criyos nek badhe kepanggih kaliyan Ki Bau. Lajeng
kula criyosi menawi Ki Bau nembe dhateng Kademangan, lajeng Kakang Dahana kula
kengken nusul dhateng Kademangan kemawon. Nanging Kakang Dahana boten purun
malah kengkenan kula murih murugi Ki Bau. Kula inggih lajeng bidhal nusul Ki
Bau lan matur menawi dipun rantos Kakang Dahana ing dalem. Nanging, sareng Ki
Bau bidhal wangsul sareng kaliyan kula, Kakang Dahana sampun nyegat ing mriki
kaliyan dikancani Ki Kunthara. Ing mriki Ki Kunthara lajeng paben kaliyan Ki
Bau lan ndadosaken kerengan ngantos sami-sami ngliga pedhang, jebul Kakang
Dahana ugi badhe tumut ngrubut Ki Bau, kula boten trimah lajeng Kakang Dahana
gentos ngadhepi kula, Ki Bau ajeng-ajengan kaliyan Ki Kunthara".
"Lha kowe duwe karep apa Dahana
nganti nggoleki Baune Kedhungori lan ndadekne kerengan iki mau?" Demang
Kedhungtuwung genti nakoni Dahana.
"Nggih ki Demang" Dahana
wangsulan karo rada ndengengek "kula niki rak disambati dening mBokcilik
Slumpring, awit Paman Slumpring boten wangsul, kula kapurih madosi. Lajeng kula
kepanggih kaliyan Ki Kunthara, dening Ki Kunthara kula dipun warah bilih Paman
Jagabaya samangke sampun dumugi ing pejah awit dipun paeka dening Ki Bau
Kedhungori. Lajeng ki Kunthara mrayogekaken murih kula males ukum dhateng Bebau
Kedhungori, menawi kula boten wantun Ki Kunthara sagah badhe ngrencangi kula.
Kula inggih lajeng bidhal madosi Bebau Kedhungori kanthi dipun memanuki dening
Ki Kunthara. Wasana inggih lajeng kedadosan kados ingkang dipun cariyosaken
dening Rikad kala wau".
Demang Kedhungtuwung manggut-manggut, karo
mrengut. Ora nyana yen Kunthara wis sansaya ndadra tumindake, olehe arep muwuhi
kisruhe kahanan ing Kedhungtuwung. Demang Kedhungtuwung kuwi nggegetne untu
kanggo ngempet rasa sing wiwit ngobong jantunge. Dumadakan Demang kuwi
kelingan, karo wangsulane Marga nalika dheweke takon sepisanan mau. Demang
Kedhungtuwung tumuli nakoni Bebau Kedhungori maneh :
"Sing kerengan karo Kunthara iki mau
ndika apa sapa Baune? Mau Anakmas Marga ngendikakne nek sing dipisah olehe
padha kerengan kuwi Jagabaya Sekayu karo Kunthara, nanging rewangmu crita yen
sing kerengan kuwi ndika karo Kunthara banjur Rikad karo Dahana. Iki genahe
piye?".
"Nyuwun pangapunten Ki Demang"
wangsulane Bebau Kedhungori "waunipun leres kados ingkang dipun aturaken
pun Rikad kala wau, nanging bebasan timun mungsuh duren, kula meh kemawon pejah
dening Ki Kunthara, nanging Gusti taksih paring pitulungan dhateng kula kanthi
dumuginipun Ki Jagabaya Sekayu ingkang lajeng nggentosi kula lumawan Ki
Kunthara".
"Samanten ugi kula Ki Demang"
Jagabaya Sekayu nindhihi rembug "kula ugi sampun meh pejah dening
pedhangipun Kunthara, tujunipun Adhi Marga tumuli rawuh paring pitulungan dhateng
kula".
"Kula nggih ngoten Ki Demang"
Rikad sing ora diajak omong nyaut rembug "Kakang Dahana mila nggegirisi
tandangipun, kula sampun saged dipun damel boten saged obah. Ndelalah Ki Bau
ingkang sampun digentosi Ki Jagabaya sumerep, kula lajeng dipun tulungi lan
Kakang Dahana saged dipun banda kados niki. Janipun wau Ki Kunthara mesthinipun
saged dipun pikut dening Ki Marga niku, ndelalah Ki Bulakbadher dugi lajeng
tiyang kalih wau saged mlajar".
Demang Kedhungtuwung wiwit bisa
nggambarake kedadeyan ing Bulak Cilik sing lagi wae rampung iki. Demang
Kedhungtuwung banjur guneman marang Dahana :
"Dahana, awakmu kuwi nom-noman ing
Kedhungtuwung sing duwe kaluwihan ing tata kanuragan, emane kowe gampang
percaya karo pawarta sing durung cetha, kowe uga seneng nggugu pambujuke wong
sing dhemen tumindak dudu. Loro-lorone kok tampa ngono wae tanpa kok saring lan
kok timbang mungguh bener lan orane".
"Inggih nyuwun pangapunten Ki
Demang" Dahana wangsulan alon karo ndhingkluk.
"Kudune sadurunge kowe tumindak luwih
dhisik kowe bisa takon-takon marang Bebau utawa Jagabaya liyane bener utawa
lupute warta sing digawa Kunthara kuwi. Amerga saka sembrana lan olehmu
grusas-grusu meh wae Bebau Kedhungori lan Jagabaya Sekayu nemu cilaka, tujune Gusti
isih paring pitulungan lumantar Anakmas Marga. Coba pikiren, saupama nganti
Bebau Kedhungori lan Jagabaya Sekayu sarta Rikad kuwi klakon tumekeng pati,
kowe bakal oleh apa? seneng lan lega? kleru kuwi Dahana, sing luwih cetha
dening Kunthara kowe mesthi banjur disingkirne supaya ora bisa dadi seksi merga
weruh kadurakan sing ditindakne Kunthara".
"Nyuwun pangapunten Ki Demang"
Dahana sansaya nunjem anggone ndhingkluk.
"Kamangka, kowe ngerti? Pamanmu si
Jagabaya Slumpring kuwi wis mati tenan apa durung?" Demang Kedhungtuwung
nerusne takon marang Dahana.
"Kula boten ngertos Ki Demang"
wangsulane Dahana alon.
"Mulane mbesuk maneh kuwi nganggo
mikir dhisik sadurunge tumandang" Demang Kedhungtuwung guneman maneh
"ngertia, dina iki Pamanmu isih meger-meger urip. Saiki tak kongkon nunggu
salah sijine senthong ing Kademangan, supaya ora ngrusuhi kanca-kancane nyambut
gawe, merga keri-keri iki sak jege raket karo Kunthara, Pamanmu kuwi ya seneng
grusa-grusu kaya kowe kuwi".
Demang Kedhungtuwung banjur kandha marang
Rikad :
"Rikad saiki bandane Dahana
uculana!".
"Inggih Ki Demang" wangsulane
Rikad sing banjur ngudhari iket sing kanggo naleni tangane Dahana. Iket
dibalekne maneh marang Dahana, sing uga banjur diiketne ing sirahe.
"Ketingalipun langkung sae menawi
awakipun piyambak wangsul rumiyin dhateng Kademangan Ki Demang" dumadakan
Rangga kandha marang Demang Kedhungtuwung.
"Leres Anakmas" wangsulane
Demang Kedhungtuwung "ketingale ugi wonten tambahan prakawis ingkang perlu
kula suwunaken pamanggih dhateng Anakmas Rangga lan Anakmas Marga".
Demang Kedhungtuwung banjur aweh prentah
supaya kabeh bali menyang Kademangan, klebu Dahana sing arep disusulne marang
pamane.
ana candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar