SENDHANG MUSTIKANING WARIH IV
kacariyosaken malih dening : Rust Luh
Getih.
76.
Gunemane Marga sing mangkono kuwi sansaya
ndadekne nesune Kunthara, jalaran Marga wis ngarani ing babagan iki dheweke
sing luput. Kajaba saka kuwi tenane wiwit Rangga lan Marga teka ing Kademangan
Kedhungtuwung tansah dadi kembang lambene meh wong sa Kedhungtuwung kabeh.
Kabeh padha ngalembana marang nom-noman loro kuwi, ya ngalembana kadigdayane
uga ngalembana unggah-ungguhe, uga ngalembana babagan kawicaksanane. Sing
mangkono kuwi genah nek ndadekne Kunthara ora seneng, amerga sasuwene iki ora
ana wong sing ole pangalembana mangkono kuwi kajaba mung dheweke, nanging saiki
wong-wong wis ngalih anggone nibakne pangalembanane ya iku marang nom-noman
loro sing durung suwe teka lan manggon ing omahe Demang Kedhungtuwung. Kunthara
wis duwe niyat kepengin nuduhne marang wong-wong Kedhungtuwung yen satemene
nom-noman loro kuwi ora ana apa-apane yen ditandhing karo dheweke, nanging kalodhangan
kanggo kuwi durung nate ana. Mula dina iki sanajan ora ana wong akeh, Kunthara
duwe niyat arep nyingkirne nom-noman loro kuwi saka Kedhungtuwung kono.
"Marga" kandhane Kunthara sawise
njupuk pedhange sing ceblok neng lemah merga kena sabetan pecute Marga mau
"yen kowe isih ngeman marang nyawamu, becik kowe karo sedulurmu
enggal-enggal sumingkir ninggalne Kademangan Kedhungtuwung kene. Yen ora, dina
iki uga pedhangku sing bakal nguntapne lakumu wong sakloron menyang
Yamaniloka".
"Kunthara" Marga wangsulan
"wiwit kapan kowe rumangsa duwe wewenang ngatur uripku he? kowe karo aku
kuwi neng kene drajate padha, padha dene olehe dudu warga Kedhungtuwung. Ora
sah ndadak kok kongkon lunga, yen gaweyanku neng kene wis rampung aku mesthi
lunga dhewe. Ora perlu kowe ngeden-edeni aku nganggo pedhangmu sing gampang
ucul saka tanganmu kuwi, pati uripku ora merga ladingmu kuwi Kunthara".
"Nek ngono kowe nedya nantang karo
Kunthara?" Kunthara nggetak karo mripate mentheleng.
"Sakarepmu nggonmu ngarani"
wangsulane Marga karo siaga .
Ora sranta Kunthara banjur wiwit nyolahne
pedhange, jurus-jurus sing nalika ngadhepi Bebau Kedhungori apa dene Jagabaya
Sekayu mau durung dituduhne saiki wiwit dikatonke. Kunthara ngira yen sing
diadhepi duwe ngelmu kanuragan sing rada dhuwur yen ditandhing karo mungsuhe
sing mau. Obahe pedhang sing dhek mau mung lumrah, saiki kabeh ngemu perbawa
kekuwatan batin sing nggegirisi, ing tangane Kunthara pucuking pedhang katon
mengangah abang kaya mentas diobong ing geni mawa. Saben-saben diobahne
ngetokne angin sing ngetokne ganda arus kaya gandane getih. Ragane Kunthara
dhewe uga katon ana owah-owahan, Kunthara sing duwe pakulitan kuning ngemu
giring kuwi wis malih dadi abang sing saka kulite ngetokne hawa panas sing
kagila-gila.
"Alas kobar" ora krasa Marga
kumecap alon, karo mripate ora uwal nggone ngulati saparipolahe Kunthara. Karo
meneng Marga wiwit mageri awake nganggo ngelmune sing aran Aji Panawawisa lan
uga wis ngecakne aji Tamengwaja kanggo ngendheg hawa panas supaya ora nganti
ngenani awake.
"Marga karo kowe Rangga"
kandhane Kunthara "isih ana wektu yen kowe kepengin mlayu, ora-ora yen
bakal tak buru, waton playumu bablas lunga ninggalne Kedhungtuwung kenemeh".
Marga ora semaur, pecute diangkat
diseblakne, ora diarahne menyang Kunthara sing ngadeg karo ngobat-abitne
pedhange, nanging Marga sengaja nyabetne pecute menyang watu gilang sing ana
pinggir dalan sing gedhene watara saendhasing gajah. Pecut sing diseblakne kuwi
ora nuwuhake suwara kaya mau, nanging watu sing disabet dadi ajur mumur mbledug
dadi lebu. Kunthara kaget weruh kedadeyan sing nggegirisi kuwi, nanging
Kunthara ora niyat murungne karep arep nyingkirne Marga lan Rangga, mula
Kunthara banjur nancepake pedhange ing lemah, tangane loro disedhakepne karo
mripate diremne, lambene umak-umik ngrapal japa aji jaya kawijayane. Ora suwe
saka ragane Kunthara katon kumebul pega bening kaya sari-sarining geni sing
nyebar hawa panas nganti telunmg ndhepa mubeng adohe. Bebau Kedhungori lan
Jagabaya sing ora adoh saka kono padha mencolot memburi ngedohi hawa panas sing
krasa arep ngobong awake. Beda karo Rangga sing sanajan luwih cedhak karo
papane Kunthara nanging sajak ora ngrasakne anane hawa panas kuwi. Marga sing
ngerti yen Kunthara wis ngetog aji jaya kawijayane, tumuli nata kekuwatane.
"Heh...heh....heh....."
dumadakan keprungu suwara guyu disusul ana wong setengah tuwa sing teka banjur
mapan ngadeg ana tengah-tengah antarane Marga karo Kunthara.
"Ki Bulakbadher........."
Jagabaya Sekayu nyebut jenenge wong sing lagi teka kuwi. Ki Kahastha mung
nglirik sedhela marang sing nyebut jenenge, banjur guneman marang muride :
"Kunthara rucaten ajimu kuwi, durung
wancine kowe nggunakne Guntursaleksa".
Krungu suwarane gurune sing ngemu perbawa
kuwi, Kunthara kaget. Mripate dibukak, panyawange manther tumuju gurune.
"Bener sing dikandhakne Marga neng
ngarep mau, kowe ora bakal menang yen mungsuh wong sakademangan. Aku percaya
Marga ora ana apa-apane nek dibandhing karo kowe, nanging iki Demang
Kedhungtuwung wis arep teka kene karo nggawa wong sapirang-pirang akehe. Becike
disumenekne dhisik anggonmu arep nyingkirne nom-noman loro iki, timbang awake
dhewe diranjab nganggo gegaman dening wong sakademangan, kaya Abimanyu sing
diranjab para Kurawa ing palagan Kurusetra".
Bubar muni ngono kuwi, Ki Kahastha banjur
mencolot nyedhaki Kunthara, tangane Kunthara dicandhak arep diajak mlayu
ninggalne papan kono.
"Mengko dhisik Ki Bulakbadher"
Marga mbengoki Ki Kahastha.
"Kapan-kapan wae Marga yen kowe karo
sedulurmu kepangin njajal muridku, yen nyata kowe perwira limang dina maneh
saka dina iki, temonana Kunthara ing Tegalbera, bocah loro pisan nanging aja
ngajak kanca liyane" wangsulane Ki Kahastha karo ngglendheng Kunthara
diajak mlayu, nrabas gegrumbulan ngedohi papan kono kuwi.
Marga gage mlumpat arep mburu playune Ki
Kahastha karo Kunthara, nanging Rangga luwih cepet anggone obah sing banjur
ngadhang neng ngarepe Marga.
"Ora ana gunane diburu Dhi" kandhane
Rangga sareh "awake dhewe durung apal laladan kene, bisa wae nek awake
dhewe nekad nguber wong loro kae, malah kecemplung wuwu pasangan".
"Iya Kakang" Marga wangsuloan
alon, banjur pecute digulung diubetne neng bangkekan dienggo sabukan maneh.
Saka kadohan katon dhampyak-dhampyak
Demang Kedhungtuwung ditutne para Bebau lan para Jagabaya mlaku nyedhaki papan
kono kuwi. Jagabaya Sekayu karo Bebau Kedhungori banjur nyedhak lan ngadeg ana
sisihe Rangga lan Marga karo nyawang sing lagi padha teka.
"Kados pundi kedadosanipun
Anakmas?" Demang Kedhungtuwung gita-gita nakoni Rangga lan Marga.
"Awit pangestunipun Ki Demang,
anggenipun kerengan Ki Jagabaya kaliyan Kunthara sampun saged kula pisah"
wangsulane Marga kaya ora mentas kedadeyan apa-apa.
"Lha Kunthara samangke wonten
pundi?" Demang Kedhungtuwung takon maneh.
"Dipun ajak gurunipun kesah, duka
dhateng pundi purugipun kula boten taken" wangsulane Marga karo nglirik
Jagabaya Sekayu.
"Sak jane iki mau mula bukane kepiye
ta Baune Kedhungori? kok dumadakan ana kabar jarene ndika lagi regejeganb karo
Kunthara ing Bulak Cilik kene?" genti Demang Kedhungtuwung nakoni Bebau
Kedhungori.
Bebau Kedhungori ora enggal mangsuli
pitakone Demang Kedhungtuwung, malah banjur ngawe Rikad sing isih ngadeg
njagani Dahana sing wis bandan tangane. Ngerti yen diawe juragane, Rikad banjur
nyurung Dahana diajak nyedhak papane sing lagi padha rembugan. Dahana ora
suwala mung bisa manut karo sing diprentahne Rikad.
ana candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar