SENDHANG MUSTIKANING WARIH IV
kacariyosaken malih dening : Rust Luh
Getih.
75.
Jagabaya Sekayu nyawang Kunthara karo
mripat sing murup saking nesune, tembunge Kunthara dianggep wis ngliwati wates
anggone ngremehne marang dheweke. Sing disawang babar pisan ora ngawaki, malah
kepara semu ngece karo eseme sing katon ngremehake. Sanajan mangkonowa,
Jagabaya Sekayu isih eling yen dheweke kuwi jejere Jagabaya sing uga kena
diarani salah siji saka pamonging Kademangan, sing kudu bisa ngenggoni sipating
pamong sing kudu pinter momong marang sing diemong, lan aran wis lumrah yen
sok-sok isih ana wong sing angel diemong lan kang mangkono iku dibutuhne
kesabarane sing dadi pamong.
"Aku ngerti Ki Kunthara"
kandhane Jagabaya Sekayu disabar-sabarne "ndika pancen wong sing duwe
ngelmu kanuragan kang pinunjul, kudune kaluwihan ndika iku ora ndika gunakne
kanggo ngremehne liyan luwih-luwih kanggo ngremehne pranatan. Sepisan maneh tak
jaluk, ayo ndika karo Ki Bau Kedhungori bebarengan karo aku ngadhep ing
ngarsane Ki Demang, supaya perkara ndika karo Ki Kedhungori bisa dirampungake
kanthi saadil-adile lan sabecik-becike".
"Aja ngimpi Ki Jagabaya"
wangsulane Kunthara karo ngguyu ngece "iki wektune isih awan, ora becik
yen dienggo ngimpi".
"Apa sing kok karepne Ki
Kunthara?" Jagabaya Sekayu wangsulan karo rada nggetak.
"nDika arep nggawa aku menyang
ngarepe Ki Demang kanggo diadili?" wangsulane Kunthara karo nyebekne
lambene "kuwi lagi bisa klakon yen aku wis dadi bandan Ki Jagabaya".
Wangsulane Kunthara sing mangkono kuwi
cetha nuduhake yen Kunthara wis nantang marang Jagabaya Sekayu. Mula Jagabaya
kuwi wis ora bisa ngempet nesune maneh.
"Yen ngono bakal tak sembadani apa
sing dadi patembayamu Ki Kunthara".
Jagabaya Sekayu banjur siaga jurus kanggo
ngadhepi Kunthara, gagang pedhange digegem kenceng, sikile dijangkahne nyedhaki
papane Kunthara ngadeg. Kunthara luwih prayitna, ora gelem kedhisikan dening
obahing mungsuh. Sadurunge Jagabaya Sekayu luwih cedhak karo papane, Kunthara
mencolot maju karo ngarahne pucuk pedhange kanggo nyuduk dhadhane Jagabaya
Sekayu. Jagabaya Sekayu kaget, ora nyana yen bakal nampa sudukan pedhang klawan
dadakan ngono kuwi, gage wae Jagabaya Sekayu ngendhani karo mencolot mangiwa.
Nanging Kunthara ora mandheg neng panyuduk wae, sikile tengen disadhukne ngarah
lambunge Jagabaya Sekayu. Jagabaya Sekayu ora lila yen nganti lambunge kena
sadhukan sikile Kunthara, gageyan pedhange diobahne kanggo nangkis sadhukane
mungsuhe. Ngerti sikile ditadhahi nganggo pedhang, Kunthara gage narik
panyadhuke memburi, ndadekne Kunthara mundur sajangkah, banjur wiwit nata
kanggo nibakne jurus sabanjure.
Sauntara iku, Rikad sing adhep-adhepan
karo Dahana bawane kalah gladhen, ndadekne Rikad sansaya kethetheran ngendhani
lan nangkis pangrangsange mungsuhe. mBaka sethithik Rikad wiwit kadheseg mundur
sing banjur diteter dening Dahana klawan serangan-serangan sing mbebayani
marang kaslametaning jiwane. Tujune ora adoh saka papan kono, ana Bebau
Kedhungori sing wis ora duwe mungsuh, amerga Kunthara wis salin genti
adhep-adhepan karo Jagabaya Sekayu. Ngerti yen Rikad sajroning bebaya, Ki
Kedhungori banjur tumandang. Nalika Rikad wis kentekan pangarep-arep jalaran pedhange
wis ucul saka tangan ketamplek pedhange Dahana, lan pucuk pedhange Dahana wis
ngener tumuju dhadhane, Ki Kedhungori wis ora sranta maneh. Pedhange Dahana disabet
saka iringan nganggo pedhange, ndadekne pedhang sing dicekel Dahana ucul saka
gegeman. Banjur ditututi karo sikile Ki Kedhungori njejak dhadhane Dahana.
Dahana sing babar pisan ora ngira yen Bebau Kedhungori arep melu nrambul, ora
bisa endha. Keneng dijejak dhadhane Dahana kesurung memburi telung jangkah
adege dadi sempoyongan, Bebau Kedhungori isih durung trima mundure Dahana
ditututi nganggo kepelane sing nyamber
janggut. Dahana njerit kelaran banjur tiba neng lemah. Bebau Kedhungori banjur
ngringkus tangane Dahana loro pisan digeret memburi karo bangkekane dipidak
nganggo sikil kiwa, Dahana pasrah ora bisa obah. Weruh Dahana wis dikuwasani
dening juragane, Rikad gage tumandang, ikete Dahana disaut wudhar, banjur
dienggo naleni tangane sing wis dipluntir memburi dening Ki Kedhungori. Sawuse
Dahana dadi bandan, Bebau Kedhungori banjur ngongkon Rikad supaya Dahana
dijagani aja nganti bisa ucul lan mlayu ninggalne papan kuwi, sauntara Bebau
Kedhungori genti nyedhaki papane kerengan Jagabaya Sekayu sing kudu ngadhepi
Kunthara sing nyata sekti mandraguna.
Pancen bener yen Kunthara nyata wong sing
sudira, sanajan ngadhepi Jagabaya Sekayu sing tenagane isih wutuh, sauntara
Kunthara wis kalong tenagane kanggo ngadhepi Bebau Kedhungori, suprandene ora
katon susut tandange. Malah kosok balen karo kahanane Jagabaya Sekayu sing
wiwit kethetheran ngendhani lan nangkis serangane mungsuhe. Sajake Kunthara ora
kepengin ndedawa anggone perang tandhing karo Jagabaya Sekayu iki, ngelmune
wiwit diunggahne, pangrangsane tumuli ditambahi sing ndadekne Jagabaya Sekayu
sansaya kethetheran. Nganti wekasane,
ing sawijining kalodhangan klena pangendhane Jagabaya Sekayu, sikile Kunthara
klakon bisa nyadhuk lambunge Jagabaya andel-andele Demang Kedhungtuwung kuwi.
Kena sadhukan pas ing lambung, Jagabaya Sekayu mencelat memburi tiba gulung
koming neng lemah, Kunthara nututi mencolot maju karo arep mbacokne pedhange
ngarah sirahe mungsuhe. Jagabaya Sekayu sing gulung koming neng lemah ora weruh
yen pedhange Kunthara arep nyigar sirahe. Kunthara dhewe uga wis bisa mesthekne
yen nganti mbleset pambacoke dudu sirahe Sekayu sing bakal sigar, nanging bisa
uga malah gulune Jagabaya Sekayu sing bakal pedhot kena bacokane pedhange.
Nanging Kunthara dadi kaget setengah mati, nalika pedhange kurang sakecu saka
sirahe mungsuhe, dumadakan keprungu suwara jumlegur kaya suwarane bledheg,
pedhange mencelat ucul saka gegeman lan epek-epeke krasa panas sing ora karuwan
larane.
Pranyata nalika bareng karo Jagabaya
Sekayu kena sadhukane Kunthara mau, Rangga lan Marga tekan ing papan kono.
Weruh yen Jagabaya Sekayu tiba gulung koming neng lemah sing banjur ditututi
Kunthara karo mbacokne pedhange, Marga luwih cepet anggone mencolot karo
nyeblakne pecute sing ndadekne pedhange Kunthara mencelat ucul saka gegeman.
Kunthara mencolot mundur watara telung jangkah banjur nyawang apa sing wis
kedadeyan.
"Keparat!" Kunthara misuh banter
karo nggetak bareng ngerti yen Marga wis ngadeg ana ngarepe karo nyekeli pecut
ing tangane "licik, apa karepmu nyampuri perkaraku iki he?".
"Sareh dhisik Ki Kunthara......"
wangsulane Marga karo mesem semanak "sing arep ndika gawe cilaka kuwi
Jagabaya Kademangan, yen nganti Ki Jagabaya cilike tatu gedhene nganti tumekeng
tiwas merga keneng gegamanmu, mangka ndika bakal adhep-adhepan karo Ki Demang lan kabeh kawula sakademangan Kedhungtuwung
kene".
"Apa perkaramu? Apa kok kira aku wedi
nek mung ngadhepi Ki Demang lan wong-wong Kedhungtuwung kene he?" Kunthara
nggetak karo mripat abang murup.
"Aku ora takon, ndika wedi apa ora,
nanging aku perlu ngandhani ndika, yen ndika ora bakal menang mungsuh wong
sakademangan" wangsulane Marga .
"Heh Marga, kowe wong anyar ing
Kademangan kene" kandhane Kunthara karo praupan abang mangar-mangar saking
nesune "kowe durung ngerti sipat lan gegedhohane wong-wong Kedhungtuwung
sing ora weruh ing kabecikan. Mumpung durung kebacut sing bakal ndadekne kowe
kedhuwung, tak elingne luwih becik kowe sumingkir saka kene lan aja seneng
melu-melu sing dudu perkaramu, tak kandhani".
"Matur nuwun Kunthara" wangsulane
Marga panggah sareh "ndika wis gelem ngelingne lan nuturi aku, saiki genti
rungokna pititurku marang ndika, sanajan ndika duwe ngelmu kanuragan sing
pinunjul, ndika ora bakal bisa ngalahake wong sakademangan luwih-luwih yen
ndika mapan ing papan sing ora bener".
ana candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar