SENDHANG MUSTIKANING WARIH IV
kacariyosaken malih dening : Rust Luh
Getih.
74.
Demang Kedhungtuwung wis mrentah rewange
supaya nyawisne wedang jahe neng teko gedhe karo jadah bakar neng pringgitan.
Demang Kedhungtuwung isih kepengin ngrungokne critane Rangga lan Marga
oleh-olehe sawise pamit menyang Kali Tuwung sing kondhang gawate. Awit pranyata
kajaba Rangga lan Marga bisa nyekel Gima sakancane, sing jebul andhahane
Kunthara. Rangga lan Marga uga oleh crita sing akeh sing magepokan karo
asal-usule Kademangan Kedhungtuwung. Nanging nalika Ki Demang takon bab Darim
lan para Cikal Bakal Kademangan, Rangga malah wangsulan yen sing ditakokne
dening Demang Kedhungtuwung kuwi durung pati wigati kanggo dijlentrehne.
Jalaran wektu iki isih ana bab-bab sing luwih mbutuhake kawigaten sing gedhe
dening Demang Kedhungtuwung, yaiku prawan-prawan sing ilang dicidra duratmaka
sing nganti dina iki durung genah kepiye nasib lan kahanane. Ora kalah wigati
maneh, yaiku ngenani Kunthara sing wis akeh seksi nyebutake lamun dheweke kuwi
bageyan saka wong-wong sing arep ngrebut Kademangan Kedhungtuwung saka
panguwasane Demang sing saiki ana.
"Inggih Anakmas" kandhane Demang
Kedhungtuwung marang Rangga lan Marga "suwaunipun kula pancen rumaos
lingsem dene sampun rebat panguwaos kaliyan sedherek kula piyambak, ing
Kademangan punika, ingkang yegtosipun dede gadhahan kula. Pramila kula lajeng
adreng kepengin nyumerepi ing pundi dunungipun para trah saking cikal bakal
ingkang langkung wenang menawi nglenggahi dados Demang ing mriki. Nanging
sareng kula mireng pangandikanipun Anakmas, bilih manggihaken prawan-prawan
Kedhungtuwung ingkang ical kacidra duratmaka punika estu kuwajiban kula sarta
kuwajiban sanes inggih punika mangsulaken tentremipun Kedhungtuwung punika,
kula lajeng nggadhahi pamanggih sami kaliyan ingkang Anakmas dhawuhaken
punika".
"Inggih Ki Demang" wangsulane
Rangga "samangke ingkang kedah dipun penggalih, inggih punika kados pundi
murih saged mangertos purugipun para prawan ingkang ical mkala wau. Menawi
nitik cariyosipun Kartagentho kaliyan Jayaglegek ingkang nampi prawan-prawan
wau ing Guwa Klumpit, pranyata Guwa Klumpit namung didamel tutup liripun menawi
wonten ingkang sumerep supados nginten bilih prawan-prawan kasebat kapapanaken
ing Guwa Klumpit, nanging nyatanipun boten. Guwa Klumpit namung didamel ampiran
kemawon. Ugi ingkang kula dereng mudheng, nalika kula sumerep prawan ingkang
dipun beta mlajar dening pawongan ing Guwa Klumpit kapengker, dening
Kartagentho punapa dene Jayaglegek pawongan punika ingkang nami Panembahan
Timur. Kamangka nalika kula pepanggihan kaliyan tiyang ingkang ngaken naminipun
Panembahan Timur ing Tegal Bera, tiyangipun benten kaliyan pawongan ing Guwa
Klumpit punika".
Krungu tembung-tembung sing diucapne
dening Rangga ngono kuwi, Demang Kedhungtuwung dadi sansaya kodheng nalar lan
pikirane.
"Kajawi saking punika Ki Demang"
Marga genti sing guneman "nitik cariyosipun Gima, jebul Kunthara kajawi
ngragati para kecu lan kampak sarta maling, ugi prentah mbradhat prawan tuwin
tiyang estri ingkang taksih nem kados angkahipun badhe mbradhat Rinem tuwin Nyi
Wangsa ing Ngablak. Punapa anggenipun prentah mbradhat prawan punika kangge
Kunthara piyambak punapa kangge nuruti prentahipun Panembahan Timur? punika ugi
kedah dipun penggalihaken Ki Demang".
Demang Kedhungtuwung dadi sansaya tambah
bingung. Perkara sing diadhepi iki bener-bener perkara sing kaliwat ruwet sing
angel anggone arep ngudhari jalaran kaya-kaya perkara iki angel digoleki sing
dadi bongkot utawa pucuke. Rangga lan Marga sing temene ing kono mung rumangsa
kesampiran kuwajiban melu mbantu nentremake kahanan ing Kademangan kuwi uga
durung nemu cara kepriye carane ngudhari reruwet iki. Wong telu sing ana
pringgitan kuwi banjur padha meneng, ngumbar gagasane dhewe-dhewe. Nalika wong telu kuwi padha meneng dumadakan
padha dikagetne karo mlebune Bebau Krajan sing banjur lungguh neng ngarepe
Demang Kedhungtuwung karo napas krenggosan.
"Ana apa Baune Krajan?" Demang
Kedhungtuwung tumuli nakoni sing lagi wae teka.
"Ngaturi uninga Ki Demang, Kunthara
kaliyan Ki Kedhungori sami kerengan ing bulak alit wetan mriku" wangsulane
Bebau Krajan "ingkang ngabari kula tiyang ingkang griyanipun caket kaliyan
papan kangge kerengan kala wau, kula sampun kengkenan Adhi Jagabaya Sekayu miwah
prajurit Kademangan tiga, murih misah. Lajeng kula matur Ki Demang
punika".
"Kunthara tukaran karo Bebau
Kedhungori?" Demang Kedhungtuwung katon kaget "iki dudu perkara
sepele, aku kudu teka dhewe mrana iki".
Muni ngono kuwi Demang Kedhungtuwung karo
ngadeg, banjur takon marang Rangga lan Marga sing uga wis padha ngadeg :
"Kados pundi Anakmas?".
"Inggih Ki Demang mila prayoginipun
kedah makaten" wangsulane Rangga "mangga sami dipun tingali mrika.
Lan kula nyuwun pangapunten, ketingalipun kula kaliyan adhi kula Marga badhe
ngrumiyini lampah langkung rumiyin".
"Inggih Anakmas" wangsulane
Demang Kedhungtuwung . Rangga lan Marga kaya mencolot mlayu metu saka
pringgitan. Lan nalika Demang Kedhungtuwung sing ditutne Bebau Krajan sing
setengah mlayu tekan regol ngarep kademangan, Rangga lan Marga mung katon
saklebatan wis adoh ninggalne Kademangan, tumuju bulak cilik sing dicritakne
Bebau Krajan mau.
Sauntara kuwi ing Bulak Cilik, sing
dicritakne lagi padha kerengan wis katon rame. Jebul sing ana kono ora mung
Kunthara karo Bebau Kedhungori thok, nanging ana rong pasangan sing lagi padha
regejegan. Kunthara lagi ngadhepi Bebau Kedhungori, lan Dahana sedulure
Jagabaya Slumpring ngadhepi Rikad rewange Bebau Kedhungori. Yen perang tandhing
antarane Dahana karo Rikad ketok rame, jalaran silih ungkih genti kalindhih. Dhasar
ngelmu kanuragan sing diduweni kena diarani timbang, senadyan kekarone uga wis
padha olehe ngliga gegaman, nanging kekarone uga padha wis ketatone nadyan tatu
kuwi ora pati mbebayani tumrap jiwane. Beda adoh karo perang tandhinge Bebau
Kedhungori lumawan Kunthara, Bebau Kedhung ori keneng diarani wis ora oleh
enggon babar pisan. Tangan lan gegere wis tatu kena pedhange Kunthara, wis
bola-bali Bebau Kedhungori tiba glangsaran ngendhani sabetan pedhange mungsuhe.
Sansaya suwe Bebau Kedhungori sansaya kadheseg.
"Seger, ketoke pancen dina iki kowe
kudu ngadhep Bathara Yama neng neraka kana" kandhane Kunthara karo nyawang
Bebau Kedhungori sing wis ketok thele-thele "sedhela maneh kowe karo
rewangmu sing kumalungkung kae bakal
dadi bangke neng papan iki".
"Ora bisa!" sadurunge bebau
Kedhungori wangsulan dumadakn ana wong liya sing wangsulan karo mlumpat banjur
ngadeg ing tengah antarane Kunthara karo Bebau Kedhungori.
"Ki Jagabaya aja melu-melu, iki
perkaraku karo perkarane Seger" Kunthara alok banter bareng ngerti nek
sing teka kuwi Jagabaya Sekayu sing uga wis ngliga pedhange.
"Ora bisa mangkono Ki Kunthara"
wangsulane Jagabaya Sekayu sareh "nadyan aku durung ngerti perkarane apa
sing ndadekne ndika karo Ki Kedhungori padha kerengan, nanging wis dadi
kuwajibanku misah ndika wong loro supaya padha ngendheg nggone padha
kerengan".
"nDika arep misah Ki Jagabaya?"
Kunthara takon karo ngguyu ngece "aku dudu bocah cilik sing tukaran merga
rebutan dolanan. Sepisan maneh aku ngelingne, luwih becik ndika minggir aja
melu-melu nyampuri perkaraku, yen ndika ora kepengin nemu getun keduwung".
"Ki Kunthara" Jagabaya Sekayu
rumangsa diremehne dening Kunthara "neng Kedhungtuwung kene iki aku
Jagabaya, jejibahanku mbantu Ki Demang murih Kademangan kene kuwi bisa tentrem,
yen ana wong tukaran lan ora gelem tak pisah, kuwi padha wae wis ngremehake
aku. Ngerti?".
"Yen ndika rumangsa wis tak remehne
ndika arep apa?" wangsulane Kunthara karo ngece "aja adigung karo
pangkat Jagabaya ndika Ki Sekayu, tumrap Kunthara pangkat Jagabaya kuwi ora
eneng apa-apane tak kandhani".
ana candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar