SENDHANG MUSTIKANING WARIH IV
kacariyosaken malih dening : Rust Luh
Getih.
73.
Watara sapanginang suwene Demang
Kedhungtuwung karo Rangga lan Marga rembugan ana Pringgitan banjur metu menyang
Pendhapa maneh. Mapan lungguh ing papane sekawit, Rangga lan Marga uga banjur
lungguh ing mburine Demang Kedhungtuwung. Wong-wong sing mau pas ditinggal
Demang Kedhungtuwung mlebu padha pating klesik rerasanan padha kanca bali
meneng maneh. Kabeh ngenteni apa sing arep dikandhakne Demange. Kartagentho
karo Jayaglegek uga isih lungguh karo ndhingkluk, ngenteni tibane putusan
paukuman apa sing bakal ditibakne marang awake wong sakloron kuwi.
"Kartagentho apa dene ndika
Jayaglegek" kandhane Demang Kedhungtuwung sawuse lungguh kanthi kepenak
"luwih dhisik tak kandhakne marang ndika sakloron yen asiling nggonku
rerembugan karo Anakmas Rangga lan Anakmas Marga, magepokan karo panjaluk ndika
ana sing bisa diwujudi nanging uga ana sing ora dikabulake".
"Inggih Ki Demang" Jayaglegek
ndengengek karo semaur "mugi Ki Demang kepareng paring katrangan
panyuwunan punapa ingkang saged dipun wujudi, lan punapa ingkang dipun
tampik?".
"Panjaluk ndika sing dikabulne yaiku,
bab kulawarga ndika. Kulawarga ndika mengko bakal dipapag dening utusan saka
Kademangan lan bakal diboyong mrene, kapapanake ing papan kang aman yaiku ing
wewangunan suwung sing ana mburi omahku, kanggo sauntara pangane kulawargamu
dadi tanggungane Kademangan Kedhungtuwung" Demang Kedhungtuwung aweh
katrangan.
"Sewu ngaturaken gunging panuwun Ki
Demang" Jayaglegek wangsulan disusul sujud ing ngarepe Demang
Kedhungtuwung sing uga banjur diteokne dening Kartagentho "sampun nicil
ayem salebeting manah kula, kula pitados kanthi makaten semah lan anak kula
badhe kinayoman saking bebaya".
"Samangke kula boten wonten malih
ingkang kula kuwatosaken, mugi-mugi lampah kula kekalih mangke sasampunipun
nglampahi pidana pejah boten kesasar-sasar dados sukma klambrangan" genti
Kartagentho sing guneman karo tetep sujud .
"Kandhaku durung rampung Jayaglegek lan
Kartagentho" Demang Kedhungtuwung kandha maneh.
"Inggih Ki Demang, kula kekalih
nyuwun pangapunten" wangsulane Kartagentho karo Jayaglegek bebarengan.
"Dene panjaluk ndika yaiku milih
nampa pidana digantung neng ara-ara tinimbang pidana picis ing pamenthangan,
aku ora bisa nuruti pamilihmu" kandhane Demang Kedhungtuwung sing banjur
meneng ngenteni tumanggape bandan loro sing lagi diadili kuwi.
Kartagentho lan Jayaglegek sakal mingkem,
ora bisa omong, praupane ketok pucet, saranduning awake krasa lemes tanpa daya.
Gawang-gawang katon cetha ing angen-angene, mendah rekasaning ragane mengko yen
klakon dipilara kanthi dipenthang ing kayu palang, banjur bebalunge diremuk,
saben wong liwat diprentah supaya ngiris daging lan kulite banjur disiram
caruban banyu uyah lan asem, nganti saenteking nafase. Ora krasa wong loro kuwi
nggeget untu karo ngeremne mripate.
"Nanging ndika ya ora bakal nampa pidana
kaya sing tak kandhakne ing ngarep mau, ndika ora bakal kapatrapan pidana
picis" Demang Kedhungtuwung nyambungi kandhane.
Krungu tembunge Demang Kedhungtuwung sing
keri dhewe iki, Kartagentho karo Jayaglegek banjur melek, rasa lemese sakala
ilang, kaya wong nandhang kasatan sing nemu banyu bening disiramne ing awake.
Sakala kekuwatane bali pulih.
"Ngaturaken sewu genging panuwun Ki
Demang" alon-alon wong loro kuwi padha ngucap "lajeng pidana punapa
ingkang badhe kapatrapaken dhateng kula kekalih?".
"Kanggo sauntara ndika sakloron ora
dipatrapi pidana apa-apa" wangsulane Demang Kedhungtuwung.
Ora mung Kartagentho karo Jayaglegek wae
sing kaget krungu wangsulane Demang Kedhungtuwung sing mangkono kuwi. Para
Bebau lan para Jagabaya uga padha kaget kabeh, kalebu para prajurit Kademangan
sing lagi tinanggenah njaga lakuning pangadilan ing pendhapa kuwi. Manawa
Jayaglegek lan Kartagentho kaget amarga wis ngrumangsani sepira gedhening
lupute sing kudune kena pidana pati, nanging dening Ki Demang kok malah jare ora
dipatrapi pidana apa-apa. Beda maneh karo sing ana pikirane para Bebau lan para
Jagabaya sing duwe pangira yen Demange wis mutusake prakara kanthi sembrana,
jalaran durjana loro kuwi cetha yen mbebayani tumrap katentremane wong-wong ing
Kademangan Kedhungtuwung, yen nganti diumbar kluyuran ing Kademangan kono
mesthi nambahi ruweting kahanan. Banjur apa sambunge karo dhawuh sing nyebutake
yen kulawargane durjana loro kuwi sing jare arep diboyongi menyang
Kedhungtuwung lan dipapanake ing wewangunan sing ana mburi omahe Demang?.
Kahanan sajroning pendhapa dadi kosek,
siji loro Bebau lan Jagabaya padha pating klesik nelakake panemu sing ora
sarujuk karo putusane Demang sing dianggep sembrana kuwi marang kanca ing
cedhake. Demang Kedhungtuwung, Rangga lan Marga sing uga ngerti koseking
kahanan sajak padha ora nggagas, wong telu kuwi padha olehe lungguh anteng ora
guneman apa-apa.
"Nanging ndika sakloron aja kesusu
bungah dhisik" bareng dienteni sauntara karo meneng, para Bebau lan para Jagabaya
ora ana sing ngangkat tangane banjur nelakake panemune klawan tembung sing
cetha, Demang Kedhungtuwung banjur guneman maneh "tembungku sing
ngandhakne yen ndika sakloron kanggo sauntara ora nampa pidana apa-apa kuwi ora
ateges ndadekne ndika sakloron banjur merdika diumbar kluyuran saseneng
ndika".
"Inggih Ki Demang, gandheng kula
sampun nglenggana ing kalepatan kula, kula kekalih namung badhe ndherek ingkang
dados kersanipun Ki Demang kanthi lila legawa" Jayaglegek wangsulan karo
suwara sing alon nanging keprungu cetha.
"Jalaran isih akeh bab-bab sing kudu
ndika wangsuli lan ndika cethakne sawayah-wayah aku mbutuhake. Ndika mengko
bakal tak papanake awor karo kulawarga ndika ing wewangunan mburi omahku.
Nanging ndika ora tak idini metu saka omah kuwi kajaba yen tak butuhne metu.
Ngerti?".
"Inggih Ki Demang, kula kekalih
namung saged ngaturaken genging panuwun" wangsulane Kartagentho lan
Jayaglegek.
Bareng Demang Kedhungtuwung wis guneman
mangkono iku, para Bebau lan para Jagabaya wiwit bisa nyandhak apa sing
dikarepake dening Demange. Wong-wong kuwi banjur padha manthuk-manthuk karo
mesem dhewe-dhewe.
"Saiki" Demang Kedhungtuwung
nerusne anggone guneman marang Kartagentho lan Jayaglegek "ndika sakloron
bisa rembugan karo Prajurit Kademangan sing bakal kapatah mapag kulawarga
ndika, ing papan ndika leren mau".
Muni ngono Demang Kedhungtuwung karo aweh
sasmita marang Bebau Krajan supaya nganthi prajurit nggawa Kartagentho lan
Jayaglegek menyang papane sekawit lan ngrembug anggone arep marani anak bojone
wong loro kuwi digawa menyang Kademangan.
Demang Kedhungtuwung uga banjur aweh
prentah marang Jagabaya Sekayu supaya mbiwarakne marang sing ana pendhapa kono
yen rembugan wis rampung lan kabeh kena ninggalne papan kono kanggo nandangi
kuwajibane dhewe-dhewe. Bubar kuwi Demang Kedhungtuwung banjur ngajak Rangga
lan Marga ngalih menyang Pringgitan arep diajak rembugan kanggo ngadhepi
lelakon sing bakal teka.
Kartagentho lan Jayaglegek sing arep diterne
Bebau Krajan lan prajurit Kademangan bali menyang gothakane uga banjur ngadeg
lan kanthi sikep sing kurmat banjur mlaku lon-lonan menyang gothakene. Senajan
Prajurit Kademangan sing kajibah njaga katentremaning pendhapa wis padha ngalih
mbalik ing papane dhewe-dhewe, nanging para Bebau lan Para Jagabaya isih padha
durung ninggalne pendhapa. Malah banjur padha lungguh ngedhuweng, jagongan
ngrembug kawicaksanane Demange anggone nyikepi Kartagentho lan Jayaglegek
mentas wae iki mau. Kajaba ngrembug kuwi uga ngrembug bab liyane sing uga ora
kalah wigati, yaiku perkara Kunthara sing nganti tekan saiki durung disenggol
dening Demang Kedhungtuwung, kamangka wis kaping pindho ana crita sing kena
dipercaya kang nuduhake yen Kunthara kuwi paraga kang mbebayani tumrap
Kademangan Kedhungtuwung. Yaiku sing sepisan critane Gima sakancane kaping
pindho critane Kartagentho lan Jayaglegek sing lagi wae dicritakne.
ana candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar