SENDHANG MUSTIKANING WARIH IV
kacariyosaken malih dening : Rust Luh
Getih.
84.
Ki Kahastha lan Kunthara kaget semu ora
percaya karo apa sing dikandhakne Marga. Kunthara isih duwe pangira yen
tembunge Marga sing kaya mangkono iku mau awit saka dayaning wisa kang diombe
bareng lan wedang sing disuguhne. Semono uga Ki Kahastha, mau pangarsaning
paguron Bulakbadher kuwi wis weruh dhewe kahanane nom-noman loro kuwi sing
katon ngalumpruk tanpa daya, lan nalika diajak omong wangsulane genah nek
nuduhne wangsulane wong sing lagi kena dayaning wisa pasangane. Nanging kok
dumadakan Rangga lan Marga katon wis bali pulih kaya ora nate ngalami kedadeyan
apa-apa, ya slagane ya tembung-tembung sing diucapne kabeh nuduhne yen kuwi
slaga lan pangucape wong waras-wiris . Ki Kahastha ora percaya karo panyawang
lan pangrungune. Mula banjur wangsulan klawan slaga sing sareh :
"Rangga karo Marga, apa sing lagi wae
kok kandhakne iki mau?".
"Kyai " Rangga sing mangsuli
"ora sah ndadak api-api ora ngerti. Lan aja kok kira yen rembugku sing
keri dhewe iku mau rembuge wong sing lagi wuru kena wisa sing kok campurne neng
wedang sing kok suguhne aku. Rungokna sing cetha, iki aku nampa bukti anyar
maneh sing bisa dadi bulti-bukti sing ditemokne dening Ki Demang Kedhungtuwung
sadurunge, nDika karo murid ndika si Kunthara nyata wus mapanake dhiri ngadeg
dadi mungsuhe Kademangan Kedhungtuwung lan terus mbudidaya nambahi kisruhe
Kademangan kuwi. Mula saiki ndika wong loro kari milih, milih bangga apa milih
nutut. Yen milih nutut, gage wulungna tangan ndika tak banda, nanging yen ndika
bangga, aku sakloron wis nampa purba wasesa saka Ki Demang sawutuhe".
Rampung anggone guneman Rangga banjur
ngadeg ditututi Marga sing uga melu ngadeg. Ki Kahastha kaya didhodhog
dhadhane, sakala muntap kanepsone. Samono uga sing dirasakne Kunthara, Guru lan
murid iku banjur padha ngadeg klawan kanepson sing kaya ngobong jantunge.
"Keparat, adol gendhung kowe Rangga
lan Marga" kandhane Ki Kahastha karo tangane nuding praupane Rangga
"yen nyata perwira, ayo gendhing apa sing kok jaluk, bakal tak ladeni neng
plataran ngarep kono kuwi".
Ora ngenteni wangsulan Ki Kahastha banjur
setengah mlayu mudhun menyang plataran ditutne dening Kunthara. Rangga lan
Marga gageyan anggone nusul mudhun ninggalne pendhapa.
Sauntara iku, Demang Kedhungtuwung lan
para Bebau sarta para Jagabaya sing mau
padha leren rada adoh ing sajabaning Padhepokan, jebul padha ora sabar.
Luwih-luwih sawise Tiyasa sing didumuk dadi panyambung warta, ngabarake yen
Rangga lan Marga wis mlebu menyang Padhepokan liwat regol tanpa nganggo
kerengan luwih dhisik. Demang Kedhungtuwung lan Para Bebau sarta para Jagabaya
banjur kepengin weruh apa sing bakal kedadeyan sawuse Rangga lan Marga kepethuk
karo Ki Bulakbadher lan Kunthara.
Prajurite banjur diaba luwih maju maneh, sansaya nyaketi Padhepokan
Bulakbadher. Bareng wis sansaya cedhak banjur diendhegne, para pangarsaning
prajurit padha dipasrahi siyaga lan nata andhahane dhewe-dhewe, sauntara Demang
Kedhungtuwung, para Bebau lan para Jagabaya banjur padha nusul Rangga lan Marga
arep ngleboni Padhepokan Bulakbadher.
Cantrik loro sing jaga regol padhepokan,
maune rada kaget bareng ana wong pirang-pirang nekani papane jaga. Nanging
sawuse ngerti yen sing teka kuwi Demang Kedhungtuwung lan para Bebaune, Cantrik
loro sing jaga regol kuwi banjur kelingan karo kedadeyan sing lagi wae dialami,
Yaiku tekane Rangga lan Marga sing ngaku nek nom-noman Kedhungtuwung, jebul
ditampa klawan becik dening Ki Kahastha. Mula Cantrik loro kuwi uga banjur
nampa tekane Demang Kedhungtuwung karo mkanca-kancane klawan becik. Lawanging
Regol dibukak amba, Demang Kedhungtuwung sakancane dibagekne supaya mlebu
pekarangane Padhepokan. Jebul Demang Kedhungtuwung sakancane ora bablas nusul
Rangga lan Marga munggah menyang Pendhapa, nanging pilih mapan lungguh neng
regol kumpul karo para cantrik sing kajibah jaga lawanging padhepokan.
"Aku sakanca tak leren ana kene wae
Kisanak" kandhane Demang Kedhungtuwung marang cantrik sing jaga regol
"mengko wae nek olehe rembugan Anakmas Rangga lan Anakmas Marga karo Ki
Bulakbadher lan Kunthara wis rampung tak genti aku sing ngadhep Ki Kahastha".
"Inggih menawi makaten ingkang dipun
kersakaken Ki Demang" wangsulane Cantrik kuwi "kasekecakna anggenipun
sami lenggah".
"Iya matur nuwun Kisanak" Demang
Kedhungtuwung wangsulan karo mapan lungguh ing lincak pring sing ana regol kono
kuwi bareng karo kancane kabeh. Karo lungguh wong-wong kuwi ora lendhat nggone
padha ngulati pendhapane Padhepokan Bulakbadher sing katon gedhe lan jembar
ngemu perbawa.
Watara telung panginang suwene Demang
Kedhungtuwung lan Para Bebau lan Para Jagabaya lungguh neng Regol karo ngulati
Pendhapa, dumadakan dikagetne karo wewayangan kang mlayu mudhun saka pendhapa.
Jebul Ki Kahastha lan Kunthara sing ditututi dening Rangga lan Marga.Weruh yen
Rangga lan Marga ketok nek arep kerengan karo Ki Kahastha lan Kunthara, Para
Bebau lan Para Jagabaya tumuli padha nyiagakne gegamane. Nanging banjur
dipenging dening Demang Kedhungtuwung sing guneman sing semune aweh pitutur,
sing uga dirungokne dening Cantrik-cantrik Bulakbadher sing ana kono.
"nDika kabeh aja nyedhak, aja padha
ngganggu anggone Ki Kahastha aweh tuntunan kanuragan marang Anakmas Rangga lan
Anakmas Marga".
Krungu kandhane Demang Kedhungtuwung ngono
kuwi, para andhahane uga banjur padha bali lungguh maneh. Cantrik-cantrik sing
ana regol sing uga krungu kandhane Demang Kedhungtuwung banjur padha percaya
yen nom-noman loro sing teka esuk mau lagi gladhen kanuragan klawan dituntuni
dhewe dening Ki Kahastha. Mula ya banjur padha ora wani nyedhak, kuwatir yen
nganti nampa deduka saka gurune. Merga wis dadi pakulinan, yen Ki Kahastha lagi
nuntun ulah kanuragan marang Kunthara ngana kae para cantrik liyane ora diidini
nyedhak, sing nekad bakal nampa pidana.
Sawise teka plataran, Kunthara banjur
ngliga pedhang pusakane, siaga ngadhepi Marga sing wis ngadeg ana ngarepe karo
nyekeli gagang pecut neng tangantengene. Ki Kahastha uga wis siaga karo
pusakane, teken waja kuning sakjempolan sikil gedhene lan kira-kira limang
kilan dawane. Ing ngarepe Ki Kahastha Rangga ngadeg karo ngudang teken pring
gadhing neng tangane.
"Dadi ndika pilih babak bundhas luwih
dhisik sadurunge tak tlikung lan taleni Ki Kahastha?" karo nganggo dolanan
bongkoting pring kuning sing sadriji gedhene lan patang kilan dawane, Rangga
nakoni Ki Kahastha.
"Keparat kowe Rangga" wangsulane
Ki Kahastha karo nggereng ngempet nesune "menungsa bodho ora keneng digawe
becik. Ditawani kamukten lan kamulyan ora dirungokne malah milih nglesot dadi
gedibale Demang Kedhungtuwung sing ora suwe maneh bakal ditumpes dening adhine
dhewe. Malah luwih goblog maneh, kowe bocah loro manut lan kumalungkung ora
ngerti yen dikongkon setor nyawa menyang Bulakbadher kene".
Rangga ngguyu ngece, karo wangsulan :
"Sing luwih pas kuwi, yen ndika ora
ngrumangsani bodho, ndika karo Kunthara kuwi kena diarani kegedhen sirah
nanging keciliken polo. Mung wong sing ora waras sing percaya karo sing ndika
kandhakne yen Kunthara pekok kuwi wis nampa wahyuning kraton Tanah Jawa,
luwih-luwih wis nyawiji karo piyandel Kyai Jakapiturun. Mula gandheng aku welas
marang ndika lan Kunthara, tinimbang ndika kesuwen mendem angen-angen suwung
kuwi, luwih becik nek ndika sakloron tak kendharat tak lebokne pakunjaran ing
Kademangan Kedhungtuwung, kareben pikiran ndika bali pulih saka anggone
owah".
Diwangsuli ngono kuwi, Ki Kahastha wis ora
bisa ngempet nesune maneh. Rangga ditrajang, teken waja kuning disamberne
mbabat ngarah sirahe Rangga.
ana candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar