SENDHANG MUSTIKANING WARIH IV
kacariyosaken malih dening : Rust Luh
Getih.
85.
Rangga mendhakne awake mangisor, sabetan
tekene Ki Kahastha liwat dhuwur sirahe. Mendhake Rangga ora mung mendhak lumrah
nanging karo ngobahne tangane sing nyekeli tekene kanggo nyuduk lambunge
mungsuhe. Ki Kahastha kaget, enggal-enggal muter awake ngendhani sudukan tekene
Rangga, sabetane sing luput ora diendhegne nanging diowahi dadi serangan anyar
sing ngarah marang lambunge Rangga. Rangga sing sudukane bisa diendhani
mungsuhe malah saiki lambunge arep dienggo sasaran tumibane serangan saka Ki
Kahastha mencolot nisih. Kuda-kudane tetep kukuh, siaga ngadhepi mungsuh. Ki
Kahastha sing ngira yen ing bab kekuwataning tenaga Rangga mung kaya salumrahe
nom-noman liyane, kepengin nuduhne kekuwatan sing diduweni, murih Rangga ngerti
yen sing diadhepi kuwi Ki Kahastha sing nduweni karosan luwih dhuwur tinimbang
karosane wong lumrah cacah sepuluh didadekne siji. Mula serangane Ki Kahastha
ngarah supaya ora bisa diendhani, nanging Ki Kahastha ngarep-arep supaya
sabetan tekene ditangkis dening Rangga nganggo teken pring kuninge. Petunge Ki
Kahastha, klawan mangkono bakal ndadekne Rangga miris weruh karosane lan kena
dipesthekne yen teken gegamane Rangga bakal mencelat ucul saka gegeman. Rangga
sing bisa maca apa sing dikarepne mungsuhe, sengaja ora gelem ngladeni kanthi
nangkis panyabete Ki Kahastha, nanging milih endha sing ndadekne sabetane Ki
Kahastha sing dilandhesi kekuwatan hawa murni kuwi mung tumiba ing papan suwung
sing ndadekne wetuning tenagane Ki Kahastha mung tiba muspra. Pancen Rangga
sengaja durung kepengin nuduhne kekuwatan lan karosane marang mungsuhe sing
rumangsa duwe kekuwatan lan karosan tanpa tandhing, nanging Marga pilih ngobong
kanepsone Ki Kahastha lan nguras tenagane klawan terus ngendhani sakehing
serangan saka mungsuhe. Ki Kahastha sing serangane tansah bisa diendhani dening
Rangga kuwi tumuli ngundhakne kacepetan obahe, tekene disolahne kaya ubenge
kitiran lan ngarah marang peranganing ragane Rangga sing mbebayani.
"Keparat kowe Rangga" Ki
Kahastha misuh ngerti solahe Rangga sing tansah ngendhani serangane
"sedhela maneh bakal tak remuk sirahmu nganggo teken pusakaku iki,
kowe!".
"Oh, mangga Kyai" wangsulane
Rangga karo ngguyu "ora sah ndadak nganggo pekewuh, gage ndika tindakne
wae apa sing ndika kandhakne kuwi".
Krungu wangsulane Rangga sing sajak ngece
kuwi Ki Kahastha sansaya krasa umub getih sing mili ana jero awake. Perang
tandhing antarane Ki Kahastha lan Rangga dadi sansaya rame, saking cepete
nggone padha obah, ndadekne ragane Ki Kahastha lan Rangga ilang saka panyawang
kabuntel wewayanganing gegaman sing mung katon kaya pega mawa cahya, pega
kuning sing muser kaya angin gambul mangsa ketiga sing muser ing tengahing
ara-ara.
Sauntara kuwi Marga sing weruh tandange
Rangga sing milih ngladeni Ki Kahastha klawan ngandelne kacepetaning solah,
banjur tiru-tiru lan dicakne kanggo ngadhepi mungsuh sing diadhepi. Kunthara
sing wis ngecakne jurus-jurus pedhange ing tataran dhuwur, bisa nyolahne
pedhange kanthi cepet lan mbebayani. Pedhange Kunthara mobat-mabit kaya polahe
manuk alap-alap sing nyamber mangsane. Nanging, sing disamber alap-alap kuwi
dudu bangsane manuk Drekuku sing gampang dicengkerem nganggo kukune, Marga
pilih niru lekase manuk Srigunting sing tansah bisa ngendhani panyambere
alap-alap lan pisan pindho malah bisa gawe kedandapane Alap-alap merga cakarane.
Nadyan ora mbebayani tumrape si Alap-alap nanging cukup gawe perih lan panas
ing awake. Kunthara sing serangane mung bisa ngenani angin, isih kudu
sedhela-sedhela ngeses ngempet rasa panas lan perih awit tilasing upat-upat
pecute Marga sing kober ninggalne tatu cilik ing geger lan lengene Kunthara.
"Setan kowe Marga" pisuhe
Kunthara ing sela-selaning ngesese "nek nyata kowe wong perwira ungalna
dhadhamu tak jebole jantungmu nganggo pucuking pedhangku iki. Aja mung
jedhar-jedher kaya bocah angon wedhus sing nyampluki wedhuse sing ngebyong
tanduran ngono kuwi".
"Dhadhaku ora adoh saka papanmu
Kunthara" wangsulane Marga karo mesem "jantungku uga isih ana kene,
ora mlayu, olehmu nibakne pedhang wae sing kurang tenanan. Nyolahne pedhang
kuwi aja kaya panjak mbonang sing nyekeli tabuhe ngono kuwi. Apa kowe wis lali
karo sing diwulangne Ki Kahastha wingenane kae?".
"Keparat Iblis laknat, kowe
Marga" Kunthara misuh banter "tembungmu sing landhep kuwi pancen kudu
diendheg klawan disuwek lambemu nganggo pedhang neng tanganku iki".
"Ayo tindakna Kunthara yen pancen
kowe bisa" wangsulane Marga karo ngguyu-ngguyu ngremehne.
Kunthara wis ora semaur maneh, banjur bali
nrajang maju klawan ngunggahne tataran ngelmu pedhange. Marga luwih prayitna,
tekane serangan saka Kunthara diadhepi klawan nyebalne pecute.
Ora krasa olehe padha perang tandhing wong
papat kuwi wis oleh atusan jurus, Cantrik-cantrik Padhepokan Bulakbadher sing
wiwit weruh yen gurune lagi perang ana ing plataran tumuli padha metu saka
pondhoke dhewe-dhewe nyaketi papan kalangane sing lagi adu kasudiran. Nanging
gandheng durung ana prentah saka Kunthara utawa saka Ki Kahastha supaya
cantrik-cantrik kuwi padha melu ngebyuk ngrubut sing diadhepi gurune,
Cantrik-cantrik kuwi ora wani cedhak-cedhak karo kalangan. Nadyanta mangkono
tetep siaga klawan gegamane dhewe-dhewe, wis samekta ing gawe lamun
sawayah-wayah nampa prentah.
Demang Kedhungtuwung lan Para Bebau sarta
Para Jagabaya sing mau padha nyawang saka Regol, uga wiwit rada nyedhak. Bareng
wong-wong kuwi padha weruh yen Cantrik-cantrike Ki Kahastha wis samekta ing
gawe, Jagabaya Pahang tumuli menthang gandewane, banjur nglepasne jemparing
motha menyang langit. Iku sasmita marang para Prajurit Kademangan sing lagi
ngenteni ora adoh ing sajabaning Padhepokan supaya padha maju melu mlebu ing
pekaranganing padhepokan kanthi tertib.
Barisan Prajurit Kademangan sing weruh yen
ana tengara supaya maju lan melu mlebu menyang padhepokan tumuli obah tanpa
nyuwara. Cantrik sing jaga regol ora
kuwawa mbendung mlebune prajurit Kademangan sing sapirang-pirang. Ora mbutuhne
wektu sing suwe, lawanging regol wis klakon dijebol dening Prajurit Kademangan
sing banjur padha gumelur mlebu menyang pekarangan padhepokan, nusul para
dhuwurane.
Plataran Padhepokan Bulakbadher kuwi dadi
kebak Prajurit Kademangan sing wis siaga klawan sikep gegaman. Sauntara kuwi
ing sabranging Plataran sisih liyane, uga katon Para Cantrik sing uga wis
siyaga klawan gegamane.
"Jirih getih wedi pati kowe
Rangga" Ki Kahastha sing tumuli weruh tekane Demang Kedhungtuwung ditutne
para Bebau lan Para Jagabaya sing nggawa
barisan prajurit Kademangan banjur alok ngremehne kaprawirane Rangga
"licik, tekamu jebul ora ijen nanging diterne karo Demang saandhahane sing
nggawa prajurit samono akehe".
"Aja kesusu ndakwa sing ora-ora
Kyai" wangsulane Rangga karo mesem "Ki Demang ora bakal melu
tumandang, mangkono uga para Bebau lan Para Jagabaya sing lagi padha teka kuwi.
Kabeh mung kepengin weruh wae".
"Weruh apa Rangga?" Ki Kahastha
nggetak banter.
"Weruh asile Ki Demang olehe mulang
ulah kanuragan marang aku lan adhiku Marga, wis bisa nyumpet pangumuke Kunthara
karo Ki Kahastha apa durung, ngono. Pranyata nadyan durung pati sempurna nggone
ngecakne jurus-jurus kanuragan olehe nuntuni Ki Demang, aku lan adhiku wis bisa
mbuktekne yen jebul Ki Kahastha lan Kunthara sing kondhang sekti mandraguna
kuwi kabeh mung tinemu yen kabar sing goroh. Sing banter mung suwarane, ora ana
buktine, kaya bantere panggerone singa barong ing tontonan reyog, sing mung
bisa gawe wedi lan girise bocah-bocah cilik sing durung pati ganep nalare"
wangsulane Rangga sing ditutugne nganggo guyu sing manasne kuping.
ana candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar