Total Tayangan Halaman

Senin, 18 Oktober 2021

SENDHANG MUSTIKANING WARIH IV 86

 

SENDHANG MUSTIKANING WARIH IV

kacariyosaken malih dening : Rust Luh Getih.

 

86.

Kaya geni siniram ing lenga kanepsone Ki Kahastha krungu wangsulane Rangga sing cetha wis wani ngremehne kasektene. Nanging pancen ora kabeh sing dikandhakne Rangga kuwi luput, nyatane nganti  pirang-pirang jurus nggone adu kasekten Rangga cetha durung bisa dikalahne. Ora ana sabetan tekene sing bisa ngenani ragane Rangga, sanadyan Ki Kahastha dhewe uga durung tau ngrasakne kena samplukane teken pring kuni sing dienggo gegaman Rangga. Lagi nemoni kanyatan kang kaya mangkono kuwi wae, temene Ki Kahastha wis rumangsa isin, dene mungsuh bocah sing paribasan durung ilang pupuk lempuyange wae, ora enggal bisa ngalahake, luwih-luwih bareng kandha yen kondhanging jenenge mung tinemu ngayawara, Ki Kahastha bener-bener rumangsa diwirang-wirangake, luwih-luwih apa sing dikandhakne Rangga mau uga dirungokne dening cantrik-cantrike. Mula yen nalika Rangga lan Marga teka mau Ki Kahastha isih kepengin ndadekne Rangga lan Marga dadi muride, saiki pepenginan kaya ngono kuwi wis ilang babar pisan. Sajroning atine ora ana liya kejaba kepengin enggal bisa nyirnakne nom-noman loro sing duwe ragangan apik kuwi. Sakkeplasan Ki Kahastha nglirik tarunge Kunthara sing mungsuh Marga, Ki Kahastha dadi sansaya ngigit-igit, Kunthara wis katon kethetheran ngadhepi tandange Marga, klambine Kunthara ing sisih mburi ketok wis akeh sing  suwek  dirajang dening upat-upat pecute Marga, lan kringete Kunthara wis dadi abang merga kecampuran getih sing metu saka tatu-tatu tilas ketiban pecute mungsuhe.

"Wis ora kena dieman maneh Kunthara" Ki Kahastha nguwuh seru ngandhani muride "luwih becik enggal dirampungi wae bocah sing nrucak ora genah loro iki".

Krungu panguwuhe Gurune, Kunthara ora wangsulan nanging banjur mletik mencolot memburi kira-kira limang jangkah banjur ngetrapne aji jaya kawijayane. Ora gantalan wektu Kunthara maju maneh, ana ganda arus semi banger ngiri hawa panas sing metu saka ragane. Pedhange uga wiwit katon mengangah abang murup kaya lagi metu saka geni ububan. Kunthara pancen wis ngecakne ajine sing aran aji alas kobar sing kekuwatane luwih nggegirisi.

Ki Kahastha ngguyu lakak-lakak weruh Kunthara wiwit ngecakne Alaskobare, Ki Kahastha luwih dhisik percaya lan wani mesthekne nek sedhela maneh Marga bakal mati gosong kena dayane Aji Alas Kobar sing diabar dening muride. Ki Kahastha uga banjur nata awake, teken waja kuning sing mau dicekel saiki diselehne neng lemah, banjur matak ajine sing luwih nggegirisi yaiku aji Dumung saleksa. Epek-epeke Ki Kahastha dadi ketok mencorong, banjur tangane wiwit polah kaya solahe ula dumung sing ngempros-ngempros ngetokne wisane, meh padha karo Aji Alas Kobar sing digunakne muride, saka ragane Ki Kahastha uga banjur metu hawa panas sing ngiringi ganda amis campur lan ganda sing langune kagila-gila.

Weruh mungsuhe wiwit nggunakne aji jaya kawijayan sing nggegirisi, Rangga uga banjur mbalekne teken Pring Kuning ana sengkelitane. Epek-epeke ditlangkupne, digebeg padha epek-epeke. Karo ngrapal mantra olehe marahi Korine Pangeran Surawiyata sing tau aweh ngelmu kanuragan ing alaming pangimpen ya alaming Sipatollah jaman Rangga isih manggon neng Gunung Prawata biyen.

"Klawan nyebut Asmaning Gusti Kang Maha Welas lan Maha Asih, temen ora ana daya kekuwatan lan ora ana sing bisa menang kajaba awit peparinge Gusti Kang Maha Luhur lan Maha Agung".

Rangga wis ngecakne aji Saleksadaya.

Sauntara kuwi Marga sing weruh yen Kunthara wis ngetokne pangabaran nganggo aji Alas Kobar, mesem sedhela banjur karo jungkir walik memburi rada ngedohi mungsuhe Marga nggugah kekuwataning batine, hawa murnine ditata lan diklumpukne karo hawa adhem sing asale saka anasir banyu kang manggon ing awake. Marga wiwit ngetrepne Aji Sendhangkenanga, peparinge Ki Tanparupa. Sakala ing kono ana hawa adhem sing atise kagila-gila kairing angin sing ngetokne gandane kembang kenanga. Hawa panas lan ganda arus banger sing maune ngambrak ngebaki platarane Padhepokan nganti tekan papane wong-wong sing ora padha perang, yaiku papane Demang Kedhungtuwung lan para Bebau sarta para Jagabaya, uga papane Para Cantrik murid-muride Ki Kahastha, dumadakan musna ketutup hawa atis lan gandane Kembang Kenanga.

Kunthara dadi sansaya nesu, lan sansaya getem-getem kepengin enggal bisa ngrampungi Marga. Pedhange sing isih ngetokne pega panas sing kagila-gila kuwi terus obah ngarah gulune mungsuhe. Marga dadi rada kethetheran ngendhani, nanging mangkono kuwi kedadeyane ora suwe. Marga mencolot jungkir walik memburi ing awang-awang, lan nalika sikile bali ngambah lemah, pecute sing gagange digegem kenceng kuwi genti diseblakne, dikantheni kekuwatan wutuh surungan hawa murnine.  Kunthara sing mencolot maju sing karepe arep mburu Marga, kaget merga kepapag seblakan pecut. Ora ana cara liya kanggo ngadhepi seblakan kuwi kajaba kudu ditangkis nganggo pedhange, nanging apes tumraping Kunthara, ugel-ugele tangan sing nggujengi gagang pedhang kesrempet pucuk upat-upat. Kunthara mbengok kelaran, ugel-ugele krasa kaya ucul sambungan balunge, pedhang sing dicekeli nggregeli ceblok neng lemah. Lan sadurunge Kunthara obah, seblakan pecute Marga muni maneh, saiki tumibane sabetan pecut pas ngenai pupune sing kiwa. Sepisan maneh Kunthara njerit banter, banjur awake rubuh neng lemah ora eling apa-apa, balung pupune Kunthara wis remuk ketiban pecute Marga sing disurung nganggo kekuwatan wutuh hawa murnine.

Weruh Kunthara rubuh neng lemah banjur kejet - kejet sedhela sing banjur meneng, ora krasa Demang Kedhungtuwung, para bebau lan para jagabaya sarta prjaurit Kademangan sing ana plataran Padhepokan Bulakbadher kuwi padha keplok lan surak mawurahan.   nDadekne Kagete Ki Kahastha sing banjur nglirik papan tarunge Kunthara lumawan Marga.  Ki Kahastha nggeget untune bareng weruh Kunthara gumlethak neng lemah wis ora obah. Pangarsaning Paguron Bulakbadher kuwi nggereng karo mripat sing murup. Ora kandha apa-apa banjur nrajang Rangga nganggo ajine sing luwih nggegirisi, jalaran panrajange Ki Kahastha iki dibarengi karo rasa pangigit-igit sing tanpa upama.

Rangga kaget ngerti panrajange Ki Kahastha sing mbebayani kuwi, nanging Rangga luwih bisa nggunakne nalare. Panrajange Ki Kahastha kanthi gampang bisa diendhani, Ki Kahastha kebablasen mengarep kesurung dening tenagane dhewe. Rangga nginger adege, banjur klawan cukat epek-epeke sing wis kesasaban aji Saleksadaya kuwi diarahne kanggo nabok dhadhane Ki Kahastha sing arep mbalik saka kebablase. Pas banget. Dhadhane Ki Kahastha kena tabok epek-epeke Rangga, ora sida bisa bali malah kontal memburi, tanpa sambat Ki Kahastha nggeblag. Dhadhane gosong, isen-isening dhadhane rontog. nDadekne Ki Kahastha koncatan nyawa.

Sepisan maneh keprungtu suwara surak gumuruh, surake Wong-wong Kedhungtuwung. Para cantrik mueid-murid Padhepokan Bulakbadher sing weruh Kunthara lan Ki Kahastha wis gumlethak neng lemah, banjur tolah-toleh karo kancane. Arep mlayu nanging wis kentekan daya amerga saking wedine. Marga sing weruh slagane para Cantrik banjur thukul welase, cantrik-cantrik kuwi banjur diparani lan dikandhani :

"Kisanak ora sah padha wedi, aku ngerti yen ndika kabeh ora ngerti apa sing wis ditindakne Ki Kunthara lan Ki Kahastha lan ndika kabeh ora bakal tak katutne dosane wong loro kuwi, waton ndika kabeh gelem nungkul kanthi becik. Nanging yen ana sing ora nrimakne merga tumindakku marang Ki Kunthara lan Kakangku sing wis gawe patine Ki Kahastha, ya bakal tak tegakne".

"Inggih Raden, kula boten ngertos napa-napa lan kula sedaya boten badhe wani kaliyan Raden miwah priyantun-priyantun saking Kedhungtuwung" para cantrik kuwi saur manuk padha wangsulan.

 

ana candhake.


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...