SENDHANG MUSTIKANING WARIH IV
kacariyosaken malih dening : Rust Luh
Getih.
87.
Demang Kedhungtuwung, Para Bebau lan Para
Jagabaya padha gegancangan nyedhaki Rangga sing isih ngadeg ing cedhak mayite
Ki Kahastha sing gumlethak ing plataran Padhepokan. Wong-wong kuwi padha
rumangsa eram ngerti carane perang Rangga lan Marga mungsuh Ki Kahastha lan
Kunthara. Cara perange wong sing duwe ngelmu kanuragan sing arang diduweni
dening wong-wong liyane. Kunthara sing kulinane dieringi lan diwedeni dening
wong-wong Kedhungtuwung jalaran saka kasekten lan kadigdayane, saiki gumlethak
neng lemah mripate merem, mung ambegan sing mlebu metu saka irunge wae sing
nuduhne yen wong kuwi isih urip. Malah Ki Kahastha sing bener-bener katon ora
duwe nyawa, dhadhane katon gosong, praupane mingkus rupane dadi biru.
Bener-bener angel ditampa karo nalar yen ora nyumurupi dhewe kedadeyan ing
plataran Padhepokan Bulakbadher esuk kuwi. Aja maneh kok nganti adu arep,
tandhing ijen padha ijen, lha wong saupama wong-wong kuwi dikongkon maju bareng
mungsuh karo Ki Kahastha ijen wae, wong-wong kuwi durung karuwan yen isih ana
sing urip, lha kok esuk iki Ki Kahastha bisa kanthi cepet dikalahne dening
nom-noman sing durung ilang pupuk lempuyange, malah wis gumlethak neng lemah
tanpa nyawa maneh.
"Ki Kahastha sampun dumugining pejah
lan Kunthara ugi sampun boten saged napa-napa malih Anakmas......"
kandhane Demang Kedhungtuwung.
"Leres Ki Demang" wangsulane
Rangga "samangke borong dhateng Ki Demang, kados pundi prayogining lampah
salajengipun".
"Lha miturut Anakmas Rangga lan
Anakmas Marga punapa ingkang kedah kula lampahi?" Demang Kedhungtuwung
genti takon njaluk rerigen marang Rangga lan Marga.
Rangga meneng sedhela banjur mripate
nyawang Marga kanthi sasmita njaluk sumbanganing panemu. Marga banjur maju
sajangkah nyedhaki Demang Kedhungtuwung lan Para Bebau sarta para Jagabaya sing
ngadeg ing sisih matite Ki Kahastha.
"Nuwun sewu Ki Demang" kandhane
Marga sabanjure "kula aturi nengga sakedhap".
Bubar muni ngono kuwi, Marga banjur ngawe
para cantrik sing isih kalimput dening rasa wedi lan kuwatir kuwi supaya
nyedhak. Sing diawe uga banjur mlaku nyedhaki papane Marga sing lagi rembugan
karo Demang Kedhungtuwung sakancane.
"Ing Padhepokan kene iki, kajaba Ki
Kahastha lan Ki Kunthara sapa sing dituwakake sing kulina makili Ki Kahastha
utawa Ki Kunthara yen nuju wong loro kuwi ora ana ing Padhepokan?" Marga
nakoni para cantrik kuwi.
"Ingkang kapatah nata para cantrik
ing salebeting Padhepokan punika dening Bapa Guru Kahastha punika Adhi Limpad
kaliyan kula pun Daria, Raden" salah siji saka cantrik kuwi mangsuli karo
nudingi salah siji saka kancane sing diarani nganggo jeneng Limpad kuwi.
"Yen ngono kene Kisanak Limpad lan
Kisanak Daria, rada nyedhak kene, ana bab-bab sing prelu dirembug karo Ki
Demang Kedhungtuwung" kandhane Marga maneh karo suwara sing alus lan
keprungu grapyak semanak.
Limpad karo Daria maju nyedhak, banjur ngadeg karo tumungkul, kanthi sikep
ngenteni prentah. Marga banjur ngedhepi Rangga supaya genti guneman.
"Punika makaten Ki Demang"
kandhane Rangga sawuse dikedhepi Marga "miturut pamanggih kula, langkung
rumiyin prayoginipun Ki Kahastha saderengipun dipun rukti kanthi salimrahipun
dipun leremaken rumiyin ing pendhapa mriku. Makaten ugi Kunthara, saderengipun
dipun tambani inggih prayogi dipun papanaken ing pendhapa rumiyin".
"Inggih Anakmas" wangsulane
Demang Kedhungtuwung "kula ndherek punapa ingkang dados pamanggihipun
Anakmas".
"Salajengipun, Ki Demang paringa
dhawuh dhateng Kadang Bebau lan Jagabaya niti priksa sadaya panggenan ing
salebeting Padhepokan punika, kula kinten saged dipun rencangi dening Kisanak
Daria punika murih nedahaken pundi-pundi ingkang kedah katitipriksa".
"Inggih Anak Mas" wangsulane
Demang Kedhungtuwungt maneh "Ki Bau Supiturang lan Bebau Padaringan kabantu
Jagabaya Pahang miwah Jagabaya Sekayu supados nindakaken dhawuhipun Anakmas
Rangga punika".
"Inggih Ki Demang" wong sing
jenenge disebut padha semaur bareng.
"Salajengipun Ki Demang ugi
ndhawuhana kadang Jagabaya sanesipun murih ngrigenaken para Kadang Cantrik,
anggenipun badhe ngrukti layonipun Ki Kahastha" kandhane Rangga sabanjure.
Layone Ki Kahastha banjur diangkat lan diselehne ing jogan pendhapa, ditumpangne dhampar sing dilemeki klasa pandhan sing resik, banjur dilurupi nganggo jarit sing isih katon rada anyar, rangkep telu. Demang Kedhungtuwung uga banjur aweh prentah marang prajurit-prajurit Kademangan supaya mbiyantu para cantrik gawe luwangan kanggo ngubur layone Ki Kahastha, ing plataran Padhepokan kono. Prajurit liyane diprentah supaya olah-olah gawe panganan nggunakake sangune sing mau digawa saka Kedhungtuwung jagan pangane prajurit yen sida kedadeyan perang. Demang Kedhungtuwung uga banjur mrentahne salah sijining cantrik sing dikantheni prajurit Kademangan cacah loro supaya nabuh thonthongan, aweh warta marang warga ing Bulakbadher yen dina iku Ki Kahastha wis kapundhut ing ngarsane Gusti, cantrik lan prajurit sing ngancani kuwi diwanti-wanti ora kena ngandhakne sing dadi sebab patine Ki Bulakbadher.
Bebau Padaringan, Bebau Supiturang, Jagabaya Sekayu lan Jagabaya Pahang uga banjur nganthi sawatara prajurit banjur nindakne panaliti lan nggledhah isen-isening Padhepokan dikancani Limpad lan Daria minangka cucuking laku.
Marga sing rumangsa wis ndadekne Kunthara remuk pupune, banjur wiwit ngetokne bumbunge, ngracik bobokan kanggo nambani tatune Kunthara. Kunthara dhewe sawuse eling saka anggone semaput, wis kentekan daya lan tenaga mung bisa kethap-kethip, diselani ngesas-ngeses ngempet laraning ragane. Kunthara ditambani lan diupakara ing pringgitan mburi pendhapa.
Sauntara wong-wong padha nindakne gaweyane dhewe-dhewe, Demang Kedhungtuwung, Rangga lan wong-wong liyane sing ora nindakne kuwajiban apa-apa padha lungguh ing jogan pendhapa, entrane padha tugur nunggoni layone Ki Kahastha. Uga dhapuk dadi wakile kulawarga Padhepokan, nampa tekane wong-wong Bulakbadher sing padha teka, nglayat lan nelakne rasa anggone melu bela sungkawa. Wong-wong ing Bulakbadher akeh sing padha gumun, awit akeh sing duwe kapitayan yen Ki Kahastha kuwi dudu wong sing lumrah. Nanging titising Dewa sing duwe kasekten sing tanpa ana tandhinge, aja maneh jamake manungsa sanadyan jim setan peri prayangan wae ora ana sing wani tandhing tiyasa karo Ki Kahastha, saking sektine. Mula nalika wong-wong Bulakbadher padha krungu warta yen Ki Kahastha wis kapundhut dening Sing Maha Kuwasa, akeh sing duwe pangira lamun matine Ki Kahastha kuwi mung jalaran Ki Kahastha ngersakne salin raga. Layon sing saiki gumlethak ing dhampar dilurupi jarik-jarik anyar kuwi satemene dudu Ki Kahastha, nanging wujud tiron mbuh saka apa sing diusapi lenga sipat, sing ndadekne sapa sing weruh padha ngarani nek kuwi ragane Ki Kahastha. Lan Ragane Ki Kahastha sing satemene, saiki isih dandan ing alam panglemunan. Mengko yen wujud tirone Ki Kahastha kuwi wis dikubur, embuh pirang dina maneh Ki Kahastha bakal bali menyang Bulakbadher maneh klawan raga sing wis anyar sing isih sarwa santosa.
Demang Kedhungtuwung lan Rangga sing uga diajak rembugan bab pangira lan panemune wong Bulakbadher kuwi mung manthuk-manthuk sajak percaya. Mung wong-wong liyane sing ngerti lan weruh sing dadi sebab patine Ki Kahastha padha meneng karo tangane nutup lambe, ngampet supaya ora ngguyu kapitayane wong Bulakbadher sing dianggep lucu.
ana candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar