SENDHANG MUSTIKANING WARIH IV
kacariyosaken malih dening : Rust Luh
Getih.
88.
Nalika srengenge wis ngglewang mangulon
papan kanggo ngubur layone Ki Kahastha wis dadi. Demang Kedhungtuwung banjur
mrentahne supaya layon kuwi enggal dikubur kanthi pakurmatan kang sacukupe.
Sing ngangkat layon ora mung para cantrik wae, nanging gentenan karo para
prajurit Kademangan. mBarengi rampung pangubure Ki Kahastha, lan para warga
Bulakbadher mulih menyang omahe dhewe-dhewe, Bebau Supiturang nyedhaki Demang
Kedhungtuwung saperlu nglapurake asile nggone niti priksa sajroning padhepokan.
Deningt Demang Kedhungtuwung Bebau Supiturang, Bebau Padaringan, Jagabaya
Pahang lan Jagabaya Sekayu banjur diajak mlebu ing Pringgitan murih lapurane
ora dirungokne wong akeh. Rangga lan Marga dening Demang Kedhungtuwung diajak
melu ngrungokne lapurane Bebau Supiturang. Cantrik loro yaiku Dario karo Limpad
sing dadi cucuking laku uga melu ngrungokne apa sing diaturake Bebau Supiturang
marang Demang Kedhungtuwung.
Kajaba ana tumpukan rajabrana sing akeh
sing didhelikne neng pasenthongan padhepokan, Ki Supiturang uga nglapurake yen
ana pasenthongan gedhe sing ora bisa dibukak saka njaba. Jalaran kajaba lawange
digawe saka kayu sing pilihan uga dikancing nganggo gembok sing ora bisa digawe
saka waja pilihan temah ora tedhas ditamani gegaman. Sarta ana kekuwatan aneh
sing ora kasatmata sing ngalang-alangi wong sing nedya ngrusak lawanging
pasenthongan.
"Pasenthongan sing ora bisa ndika
bukak kuwi manggone ana ngendi?" pitakone Demang Kedhungtuwung marang
Bebau Supiturang.
"Jejer kaliyan pasenthongan ingkang
kangge nyinggahaken bandha donya ingkang wujud mas picis punika Ki Demang"
wangsulane Ki Supiturang "kaapit kaliyan papan paleremanipun Ki Kahastha, namung
kemawon ketingalipun wiyaripun tikel kaping kalihipun pasenthongan
punika".
"Lan ndika durung ngerti apa sing ana
jerone pasenthongan kuwi ?" Demang Kedhungtuwung takon maneh.
"Nuwun inggih dereng mangertos Ki
Demang" wangsulane Ki Supiturang "malah ingkang dados gawoking manah
kula lan kanca-kanca, dumugi sakniki raos ajrih dhateng punapa ingkang boten
kula ngertosi punika taksih ngreridhu salebeting manah kula sadaya".
"Aneh" Ki Demang guneman alon,
banjur genti nakoni Dario lan Limpad "Lha kowe Cantrik loro, mesthine kowe
sing ngerti isen-isening pasenthongan sing jarene Ki Supiturang angker
kuwi?".
"Sewu tadhah deduka Ki Demang" Daria
wangsulan karo suwara kedher ketara yen
atine isih krasa miris "wiwit kula dados cantrik ing mriki, nembe dinten
niki wau kula midak sangajenging kori pasenthongan kalih punika. Jalaran
dhawuhipun Bapa Guru Kahastha miwah Kakang Kunthara, para cantrik boten dipun
keparengaken nyaketi pasenthongan kalih punika saha papan pasareyanipun Bapa
Guru Kahastha. Sinten ingkang kumawantun nyaketi pidana pejah minangka
ganjaranipun".
Demang Kedhungtuwung meneng sedhela banjur
noleh Rangga lan Marga karo takon :
"Kadospundi Anakmas punika?".
"Saenipun mangga dipun tingali
sesarengan Ki Demang" wangsulane Rangga "Kula kok ugi kepengin
mangertos pasenthongan ingkang criyosipun Ki Bau Supiturang angker
punika".
"Manawi makaten mangga dipun tingali
Anakmas" wangsulane Demang Kedhungtuwung sing banjur prentah marang wong
sing ana kono "ayo didherekne Anakmas Rangga lan Anakmas Marga mirsani
pasenthongan sing nyalawadi kuwi".
Wong-wong kuwi banjur padha mlaku menyang
papan sing dicritakne Ki Supiturang mau. Wong akeh sing ana pendhapa lan
plataran Padhepokan yaiku para cantrik sing wis carub karo para Prajurit
Kademangan mung padha nyawang karo mripat kebak tandha pitakonan.
"Apa sing bisa kosawang ing papan iki
Adhi?" pitakone Rangga nalika wis tekan ngarepe lawang pasenthongan sing
jarene angker kuwi.
"Dolanane Kunthara karo Ki Kahastha
sing ditemplekne lawang Kakang" wangsulane Marga.
"Bisa kok singkirne nganggo
upat-upating pecutmu ta?" pitakone Rangga karo mesem.
"Ya tak cobane dhisik Kakang"
wangsulane Marga karo nglolos cemethine.
Demang Kedhungtuwung lan wong liyane sing
ora mudheng marang apa sing dikandhakne Rangga lan Marga kuwi mung meneng.
Jalaran kajaba ora mudheng apa karepe nom-noman loro kuwi, wong-wong mau
dumadakan padha mengkorog githoke, ana rasa miris lan wedi sing nggremet ing
sajroning atine. Ora krasa wong-wong kuwi klambi sing dienggo wis teles krana
kringet adhem sing mabjir saka ragane. Lan sing luwih nggumunake maneh,
wong-wong kuwi uga ora ngerti apa sing ndadekne atine padha kegremetan rasa wedi.
"Nuwun sewu Ki Demang" dumadakan
Marga guneman "kula aturi radi nebih sakedhik, kula badhe nyeblakaken
pecut kula kangge nggugah kori ingkang sajakipun nembe tilem punika".
"Inggih Anakmas" wangsulane
Demang Kedhungtuwung sing banjur alon-alon mundur dieloni wong-wong liyane
watara sepuluh jangkah saka panggonane Marga.
Marga banjur ngencengi nggone ngegem garan
pecute, karo wiwit ndedonga kaya sing tau diwarahake dening Ki Tanparupa manawa
sawayah-wayah weruh titah saka alam liya sing ana ngarepe. Ya iku sing diarani
aji Taratadira. Bareng karo rampunge nggone ngunekne unen-unen aji Taratadira,
Marga ngangkat pecute arep diseblakne menyang gegodhonganing lawang
pasenthongan sing ana ngarepe. Dumadakan saka gegodhonganing lawang kuwi ana
cahya padhang rupa kuning, sing sorote sumebar ing kiwa tengene. Wong sing ana
kono padha sansaya mengkorog rasaning githoke. Ora suwe cahya sumorot iku
banjur ilang lan tanpa sangkan ing ngarep Marga wis ana wong wadon ayu sing
sandhangane sarwa kuning, ngadeg nyekeli tumbak cendhek, mripate manther
nyawang praupane Marga. Disawang dening wong wadon sing ora ngerti sangkane
kuwi, Marga murungake nggone arep nyeblakne pecut. Nanging ora tinggal ing
kawaspadan.
"Sapa aranmu bocah bagus?" wong
wadon ayu kuwi nakoni Marga "dene wis lancang arep ngganggu gawe anggonku
nyambut gawe".
"Jenengku Marga" wangsulane
Marga karo panggah waspada "aku ora arep ngganggu gawe sapa wae, jalaran
sing tak tindakne iki neng jagadku, jagade titah kang kasat mata, jagad
Datullah sing dadi ing pangwasane manungsa. Balik, kowe kuwi sapa sing kumawani
ngambah alam sing dudu alammu dhewe?".
"Ngertiya Marga aku Dewi Rismani,
manungsa sing wis oleh nugraha bisa mapan urip ing alam Sipatullah, jalaran
meguru marang Bathari Kali temah kanugrahan kalis saka ing pati lan wenang
mapan ing jagad ngendi sing tak senengi" wangsulane wong wadon sing jebul
duwe jeneng Dewi Rismani lan ngaku muride Bathari Kali kuwi.
"Menungsa kesasar kowe kuwi Rismani,
kowe manungsa sing ora nampa kodrating manungsa malah kapencut ngawula marang
titah sing tan kasatmata, nadyan kowe ngaku isih wujud manungsa nanging
sejatine kowe wis nyawiji ing alaming titah sing tanpa raga wadhag, kowe kuwi
prayangan sing ora cetha. Gage baliya marang alam sing dadi papane gurumu kana,
kajaba yen kowe pancet niyat arep gawe gendra ing alaming manungsa"
kandhane Marga marang Rismani.
"lancang pangucapmu Marga"
wangsulane Rismani karo mripat mencereng "ing kene aku nindakne dhawuhe
Guruku, nunggu lan ngenteni manungsa-manungsa sing mapan ing walike lawang iki,
sing wis diaturake bakal dadi abdine Guruku neng Kahyangane. Ora ndadak kok
prentah yen manungsa sing tak tunggu wis bisa manjing alaming Bathari Kali, aku
mesthi lunga saka papan kene".
"Yen mangkono cetha yen kowe niyat
arep gawe gendra ing jagading manungsa, kapeksa aku mentala aweh paukuman
marang kowe" kandhane Marga karo ngangkat pecute.
"Ngati-ati Marga, ora mung kowe sing
bisa aweh pidana, najan aku uga diwenangake aweh paukuman marang manungsa sing
kaya kowe" muni ngono kuwi Rismani karo muter tumbak sing ana tangane lan
siyaga arep nrajang Marga.
ana candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar