SENDHANG MUSTIKANING WARIH IV
kacariyosaken malih dening : Rust Luh
Getih.
89.
Kanthi cepet Dewi Rismani mlumpat maju,
karo ngarahne pucuk tumbake ngener menyang jantunge Marga. Marga nginger
anggone ngadeg, sudukan tumbake Rismani luput, nanging Rismani ora mandheg,
tumbake diputer banter disabetne marang sirahe Marga. Marga ngendhani kanthi
mencolot memburi, nanging Rismani terus mburu klawan tumbak sing ora mandheg
nggone ngarah marang Marga. Sepisan maneh Marga mlumpat memburi banjur wiwit
nyeblakne pecute, tumibane seblakan pas ngenani awake Rismani, sakala Rismani
kontal memburi kaya kebanting tiba neng lemah, nggulung memburi telung puteran
banjur mletik kaya walang Rismani bali ngadeg, karo kuda-kuda sing kukuh, siaga
ngadhepi tekane seblakan sabanjure.
"Pecutanmu apik Marga" kandhane
Dewi Rismani karo nyawang Marga sajak
ngece "kuciwa tanpa tenaga, sabetan pecutmu dadi tanpa guna. Ayo tutugna
nggonmu dolanan pecut sing mung pantes kanggo meden-medeni cempe sing ngebyong
tanduran kuwi, sedhela maneh kowe bakal dadi bangke, getihmu bakal dadi ombene
tumbak Kyai Srodog sing ana tanganku iki".
Marga gumun dene Rismani jebul isih bisa
tangi sawuse tiba kena sabetan pecute, malah isih katon waras-wiris ora kurang
sawiji apa. Kamangka nggone namakne pecut mau wis dilambari nganggo kekuwatan
hawa murni sing cukup, nanging dening Rismani sabetan pecute dilokne jare tanpa
tenaga. Lan Marga ora kober nyenyuwe anggone nggagas rasa gumune, serangane
Dewi Rismani wis teka maneh, mripating tumbak sing ana tangane kuwi deres
ngarah marang gulune Marga. Sepisan maneh Marga ngendhani klawan ndhoyongne
awake mangiwa, tumbake Rismani pancen ora ngenani gulune, nanging kanthi cepet
Rismani ngobahne sikile, dhadhane Marga ora kenyana kena dugangan sikil tengen,
Marga kontal memburi patang jangkah, sempoyongan banjur tiba ndhodhok karo
ngrasakne seseging dhadhane. Rismani nututi mengarep karo namakne tumbake
ngarah praupane Marga. Marga kaget, banjur nibakne awake manengen, nggulung
neng lemah nganti limang puteran banjur mencolot tangi karo genti nyerang
nganggo seblakan pecute. Ora ana suwara jumedher, lambunge Rismani keneng
sabetan upat-upat pecute Marga. Kaya dhek mau, Rismani kontal memburi watara
limang jangkah, adege dadi ora jejeg, sempoyongan. Wong wadon ayu kuwi ngeses
ngempet lara, banjur nata adege siyaga arep males marang mungsuhe nganggo
tumbak sing wiwit katon murup pucuke.
Marga tanggap yen mungsuhe wiwit
ngunggahne tataran ngelmune, mula Marga ora kepengin kecolongan maneh napase
ditata hawa murnine dipunjerake menyang upat-upat pecute. Nalika Rismani maju ngrangsang klawan tumbak
sing katon murup kuwi, Marga mapagne nganggo sabetan pecute sing upat-upate wis
kisenan hawa murni sing dikirim saka dhasar jantunge. Ana suwara jumeglug
banter banget, pucuking tumbak tatapan karo pucuking upat-upat. Wong loro
padha-padha kontal memburi. Marga kadheseg mundur telung jangkah, Rismani
kesurung limang jangkah, kuda-kudane ambyar merga Rismani ngrasakne kaya ana
lindhu sing ngerog ragane.
Sansaya suwe perang tandhing antarane
Marga lan Dewi Rismani kuwi dadi sansaya rame, kekarone wis wiwit nggunakne aji
jaya kawijayan simpenane. Demang Kedhungtuwung lan wong-wong sing ana kono dadi
padha mlongo saking erame, wong-wong kuwi wis ora weruh wujude Marga lan Dewi
Rismani, jalaran sing katon ing panyawange wong-wong kuwi, ing ngarepe ana
cahya kuning sing mubeng seser, luwih cepet tinimbang kitiran katempuh angin barat, uber-uberan karo cahya
biru sing mubeng kanthi kacepetan sing padha. Sauntara ing kiwa tengene cahya
loro sing uber-uberan kuwi, lemah ora leren-leren nggone horeg kaya lindhu sing
susul-susulan.
Dumadakan keprungu suwara angin lesus sing
disusul ana macan gembong sing sakebo benthung gedhene sing mudhun saka
awang-awang. Macan gembong kuwi banjur nggero-nggero karo mamerne siyunge
madhep marang papane Demang Kedhungtuwung sakancane. Demang Kedhungtuwung lan
para bebau lan jagabaya sing ana kono sakala entek atine, macan gembong kuwi
katon galak lan sajake lagi luwe.
"Marga, sawangen kanca-kancamu sing
arep padha mati merga kaweden kae!" ana suwarane wong wadon nguwuh banter
saka puseraning cahya kuning sing lagi uber-uberan karo cahya biru.
"Ha ha ha....." keprungu suwara
guyune Marga aweh wangsulan marang panguwuh kuwi "olehmu nggambar kucing
kacepeten Rismani, sawangen untune kucingmu wis padha coplok malah saiki wis
dadi ompong, banjur olehmu nggambar sikile kucing ya ora bener, lha wong sikil
kucing kok memper karo sikile truwelu ngono ....... ha ha ha".
Demang Kedhungtuwung sing lagi ndhrodhog
wel-welan dadi gumun, bareng karo rampunge Marga aweh wangsulan marang Rismani
ngono kuwi, dumadakan Demang Kedhungtuwung lan wong liyane sing ana kono weruh,
macan gembong sing gero-gero kuwi jebul untune padha mrotholi lan dadi ompong
lan sing luwih nggumunake maneh jebul macan gembong kuwi ora duwe cakar utawa
kuku, merga sikile persis sikile truwelu.
"Ha... ha... ha.... Lucu" Rangga
sing mau mung meneng karo nyawang sedulur angkate sing lagi perang tandhing
kuwi dumadakan ngguyu banter karo omong "lagi tumon iki aku, prayangan
mendem sinau nggambar, dadine gambare dadi lucu ha ha ha".
"Iblis laknat" keprungu maneh
suwarane Rismani misuh-misuh banter "kowe bocah loro pancen wis ora kena
dieman maneh. Neng neraka aja padha alok nek aku iki kejem, kapeksa kowe Marga lan
wong-wong sing ana kene arep tak lebur nganggo Aji Pangleburbawana, kareben ora
ana maneh sing ngarubiru anggonku nindakne dhawuhe guruku Bathari Kali".
"Aja kesusu sumbar Rismani"
keprungu wangsulane Marga "garising kodrat wis nyebutake : Birawaning
angkara luluh dening Kasetyaning Jiwa".
"mBuh ora idhep, saiki padha
rasakna!!" Rismani nggetak banter.
Ora suwe keprungu ana suwara gemleger,
disusul lindhu horeg sing nibakne gentheng-genthenging omah ing sacedhake papan
perang tandhing kuwi. Nanging ora suwe,
watara saampetan ambegan. Lindhu sirep, suwara gumleger ilang, cahya kuning lan
cahya biru sing mubeng uber-uberan uga wis ora katon maneh. Kahanan dadi sepi.
Alon-alon Marga tangi saka anggone ngglethak, njupuk pecute sing uga gumletah
ing sandhinge. Rangga nyedhak karo takon sajak kuwatir :
"Kepriye kahananmu Dhi?"
"Ora apa-apa Kakang" wangsulane
Marga lemes, ketok nek kentekan tenaga, banjur watuk-watuk lan saka tutuke metu
getih kenthel kira-kira saendhog gemak gedhene.
"Menyang ngendi parane Prayangane
Dewi Rismani mau?" pitakone Marga karo ngusapi lambene.
Rangga noleh ngiwa nengen, nggoleki sing
ditakokne sedulur angkate.
"Aku ana kene Marga" kira-kira
sepuluh jangkah saka papane Marga katon ana Nini-nini tuwa sing gumlethak tanpa
daya. Gage-gage Rangga lan Marga marani Nini-nini tuwa sing ngglethak kuwi.
"Aku ngakoni klawan jujur Marga, kowe
wis bisa menang mungsuh muride Bathari Kali" Nini-nini kuwi guneman karo
megap-megap ngempet lara. Kahanane wis melas banget, nadyan katone ora ana sing
tatu, nanging sarnduning awake katon gosong kabeh.
"Ora sah ngrembug perkara kuwi dhisik
Nini" wangsulane Marga "entenana sedhela, tak racikne bobokan kanggo
nambani ragamu".
Marga ngawe Demang Kedhungtuwung lan
wong-wong liyane sing ketok ngoplok durung ilang wedine. Nanging diawe Marga
wong-wong kuwi uga banjur ngadeg, mara nyedhak.
"Uwis Marga, ora sah repot-repot,
sedhela maneh aku bakal mati. Sumurupa satemene olehku nglakoni urip iki wis
suwe, aku lahir wiwit jaman Tanah Jawa diratoni dening Sri Girindrawardana ya
Prabu Brawijaya Pamungkas. Lan aku wis nyecep ngelmune Bathari Kali, sing
ndadekne aku kelangan sipat kamanungsan, dadi prayangan. Jalaran saka
panglawanmu marang ajiku Panglebur Bawana, aku malah ketulungan, bisa bali
wujud manungsa sing jebul wis kaya ngene wujude. Aku wis iklas marang patiku
Marga, aku bisa mati kanthi wujud manungsa maneh".
"Ora Nini" Marga wangsulan alus
sawise njaluk tulung marang Bebau Supiturang supaya digolekne banyu bening
"Nini Dewi Rismani bakal bali waras kaya wingi uni, entenana
sedhela".
"Aku wis wayahe mati Marga"
wangsulane Dewi Rismani karo suwara
pedhot-pedhot "aku uga ngerti dosaku tumpuk undhung akehe, nanging aku
percaya Gusti Maha welas lan Maha Asih marang titahE, sadurunge mati aku mung
butuh nyuwun pangapuraNe. Critaku sing pungkasan iki muga-muga bisa nyuda dosa
lan kaluputan sing wis tak tindakne".
Dewi Rismani sing wis wujud Nini-nini tuwa
kuwi meneng sedhela, banjur wiwit guneman maneh :
"Sing ana pasenthongan sing lawange
tak tunggu mau, prawan-prawan Kedhungtuwung sing ilang dicolong para Durjana
kae. Sing telu diselehne ana kono merga arep didadekne abdine Bathari Kali,
dene prawan liyane digawa menyang paguron Kluwihan didadekne Tumbal dening
Panembahan Sekarjati kaunjukake marang Bathari Pramoni ratuning lelelmut ing
Dhandhangmangore sing mapane ana pereng lor kulone Gunung Lawu. Dene
wanita-wanita liyane sing wis duwe bojo nanging katut ilang, kuwi kabeh mung
didadekne papan panyuntake hawa nafsu dening Kahastha lan anak lanange sing
didhaku minangka muride, awit Kunthara kuwi temene anake asil anggone slingkuh
wong tuwane wadon Kunthara karo Kahastha. Mung kuwi sing bisa tak critakne
marang kowe, wektuku wis entek Marga...........".
Dewi Rismani ora bisa nerusne guneme,
meneng bareng lan pecating nyawane. Marga lan Rangga ora bisa guneman apa-apa
maneh. Nom-noman loro kuwi rumangsa melu kelangan merga matine Dewi Rismani
sing kalah pangabaran nalika ngecakne aji Panglebur Bawana sing ditadhahi Marga
klawan aji Astidamatular peparinge Ki Tanparupa.
"Ki Demang" kandhane Rangga
marang Demang Kedhungtuwung sawuse meneng sauntara "Ki Demang sampun
mireng piyambak kaliyan cariyosipun Nini Rismani punika kala wau, salajengipun
borong anggenipun Ki Demang badhe anyikepi lan ngedalaken prawan-prawan ingkang
wonten pasenthongan kala wau. Kula lan adhi kula badhe ngrukti layonipun Nini
Rismani punika rumiyin".
"Inggih anakmas, kaparenga kula
ndherek ngrencangi ngrukti layon punika, prakawis mbikak pasenthongan supados
dipun tandangi Ki Bebau Padaringan lan kanca-kancanipun rumiyin"
wangsulane Demang Kedhungtuwung.
ana candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar