Total Tayangan Halaman

Rabu, 20 Oktober 2021

SENDHANG MUSTIKA WARIH IV 90

 

SENDHANG MUSTIKANING WARIH IV

kacariyosaken malih dening : Rust Luh Getih.

 

90.

Nalika wewayangane barang sing kena soroting srengenge wis sansaya luwih katon dawa tinimbang barange, Demang Kedhungtuwung lan kabeh prajurit Kademangan mangkat bali menyang Kedhungtuwung maneh. Kabeh cantrik sing maune manggon ana pondhok-pondhok sajroning pekarangan Padhepokan kabeh digiring menyang Kedhungtuwung, klebu Kunthara sing kudu dipikul nganggo tandhu merga balung pupune sing remuk ketiban pecute Marga. Ora mung Kunthara sing kudu ditandhu, merga ora bisa mlaku, nanging prawan telu sing ditemokne neng jero Pasenthongan, sing kahanane isih lemes lan lakuning nalare durung pulih, uga digawa bali menyang Kedhungtuwung sarana dipikul nganggo tandhu. Kabeh barang pengaji sing ana sajroning Padhepokan digawa menyang Kedhungtuwung, minangka barang rampoganing perang.

Mlaku neng ngarep dhewe minangka cucuking laku ing barisan Kedhungtuwung kuwi, Bebau Supiturang sing dijejeri Jagabaya Sekayu lan Jagabaya Pahang. Ing mburine lagi para prajurit Kademangan, banjur disusul para cantrik Bulakbadher, para sing padha mikul tandhu mlaku ing mburine lan sing manggon mburi dhewe Demang Kedhungtuwung sing diapit Rangga lan Marga  ditutne Bebau Padaringan lan para Jagabaya. Prajurit Kademangan Kedhungtuwung sing mau bengi olehe budhal pating srenthil ora bareng kuwi, bareng baline mlaku bareng lan ditambahi para cantrik saka Bulakbadher, jebul dadi barisan sing dawa.

Karo mlaku ora akeh sing diomong dening Demang Kedhungtuwung lan Rangga sarta Marga. Wong telu kuwi karo mlaku pikirane nglambrang teka ngendi-endi. Ana rasa sethithik rasa seneng ing atine Demang Kedhungtuwung, jalaran wong - wong sing duwe sedya ala marang Kademangan kuwi wis suda klawan gugure Ki Kahastha lan kapikute Kunthara sarta para cantrik-cantrike. Rasa seneng liyane, yaiku ketemune prawan telu sing jebul didhelikne neng Padhepokan Bulakbadher arep disasarne uripe didadekne abdine Bathari Kali ing alaming para lelembut. Kajaba ana sethithik rasa bungah, Demang Kedhungtuwung uga tambah rasa susahe, jalaran mikirake prawan papat sing dicritakne dening Dewi Rismani mau, sing jarene dening Panembahan Sekarjati didadekne tumbal sing diunjukne marang Bathari Pramoni ing Dhandhangmangore sing mapane ing pereng lor kulone Gunung Lawu. Lan sing ngodhengake pikirane Demang Kedhungtuwung maneh yaiku, dheweke durung ngerti babar pisan Bathari Pramoni kuwi sapa? Sarta sapa sing diarani dening Rismani duwe jeneng Bathari Kali kuwi? Lan ing ngendi panggonane? Ana sambung rapete apa karo wong-wong sing nedya gawe kisruhe Kademangan ing Kedhungtuwung kuwi?.

Ora pati adoh kaceke sing dipikir dening Demang Kedhungtuwung karo angen-angene Rangga lan Marga. Nom-noman loro muride Patih Mandaraka sing lagi nindakne kuwajiban lelana brata kuwi, duwe dudutan yen kanggo mulihake kahanan ing Kedhungtuwung supaya bali tentrem maneh, kuncine kudu ngerteni sapa sing aran Bathari Kali sarta Bathari Pramoni lan kepiye sambung rapete karo Paguron Kluwihan sing tau aweh pangincim yen mbarengi purnama wulan ngarep arep nindakne panumpesan marang Kulawargane Demang Kedhungtuwung lan Kulawargane Ki Jatikuning ing Padhepokan Banjarsemanggi.

Nalika srengenge kurang sagenter saka papan palerenane ing cakrawala imbang kulon, barisane Demang Kedhungtuwung wis tekan ing pekarangan dalem Kademangan. Para cantrik banjur dilebokne ing wewangunan pakunjaran. Kunthara diselehne ing longkangan cedhak gandhok kulon papan paleremane Rangga lan Marga, lan para prawan dilebokne ing omahe Demang Kedhungtuwung sing mburi.

"Bares wae aku dadi bingung Marga" kandhane Rangga sawuse nom-noman loro kuwi mlebu ing gandhok kulon palerenane "sapa satemene jeneng-jeneng sing disebut dening Nini Rismani sadurunge pecat nyawane mau? kamangka nek nitik karo sing dicritakne Nini Rismani, jeneng-jeneng kuwi jenenge titah sing ora kasat mata, nanging ana sambung rapete karo manungsa. Cethane wae, manungsa sing wis memitran karo Bathari Pramoni lan Dewi Kali kuwi kajaba Ki Kahastha sing wis bisa disirnakne, uga manungsa sing jarene Madeg Panembahan sing nganggo sebutan Panembahan Sekarjati".

"Iya Kakang" wangsulane Marga nugel rembuge Rangga "aku kelingan karo critane Kartagentho lan Jayaglegek neng ngarepe Ki Demang wingenane kae,  yen wong sing nganggo jeneng Panembahan Sekarjati kuwi duwe gegayuhan supaya bisa ngrebut Kadipaten Madiun lan nelukne Kraton Mataram. Lan kabare Panembahan Sekarjati kuwi kadigdayan sing linuwih, temah bisa nelukne wong pirang-pirang, jalaran Panembahan Sekarjati kuwi muride Bathari Pramoni. Banjur iki mau ana crita maneh yen wanita prayangan sing mau bisa karuwat bali dadi manungsa lumrah lan wis tekan ing pati, yaiku Nini Rismani, uga ngaku menawa antarane Ki Kahastha karo gurune Riswani kuwi ana sambung rapete, ketitik Kahastha wis gelem nggolekne abdi kanggo ngladeni Bathari Kali ing alame kana, abdi sing saka manungsa".

"Lha ya" Rangga semaur "awake dhewe kudu ngerti, sapa satemene singt diarani Bathari Kali, Bathari Pramoni lan uga Panembahan Sekarjati kuwi. Biyen jaman awake dhewe isih ana Mataram, aku tau ndelok wayang kulit ing dalem kepatihan, dhalange Ki Sapanyana, ing critane wayang kulit kuwi ana jeneng Bathari Pramuni lan jeneng Bathari Kali, iku jinising Dewa sing wujude raseksi. Apa kira-kira Dewa-dewa sing wujud raseksi kuwi sing dadi gurune Rismani sarta Sekarjati?"

"Tak kira dudu Kakang" wangsulane Marga karo ngguyu "jalaran aku uga tau ngerti Dhalang Sapanyana mayang ing omahe Ki Lurah desaku, ing kono Dhalang Sapanyana nggelar lakon Sudamala, yaiku lakon karuwate Bathari Pramoni dening Sadewa temah bisa bali marang kaswargan Tinjomaya maneh, bali dadi widodari. Dadi Bathari Pramoni sing dicrtakne ing lakon wayang kuwi wis ora ana. Samono uga sing dicritakne kanthi jeneng Bathari Kali, Bathari Kali sawuse rajah Kalacakra sing tinulis gegere bisa diwaca dening Dhalang Sejati ya Dhalang Sanggabuwana banjur bali ing alam asale lan ora bisa manjing alaming titah sing kasat mripat maneh".

Durung tutug nom-noman loro kuwi anggone padha rembugan, dumadakan lawanging gandhok dithothok saka njaba, ana wong sing njaluk palilah arep mlebu ing gandhok kono. Marga ngadeg banjur ngengakne lawang gandhok, kepengin ngerti sapa sing wis nothok lawange kuwi.

"Kula Denmas" Ki Krama rewange Ki Demang sing kulina ngladeni Rangga lan Marga gage-gage kandha, sawuse ngerti yen Marga mbukakne lawang.

"Inggih Paman, badhe wonten kersa punapa?" pitakone Marga marang Ki Krama.

"Denmas kekalih katuran dening Ki Demang murih tedhak dhateng Pringgitan" wangsulane Ki Krama.

"Inggih paman kula kalih kakang Rangga sakedhap malih badhe ngadhep Ki Demang ing Pringgitan" kandhane Marga sing banjur nyawang Rangga kanthi sorot mripat kebak pitakon.

"Ayo engal mrana wae Dhi" kandhane Rangga karo ngadeg "iki mesthi ana bab wigati sing lagi wae diweruhi dening Ki Demang".

Nom-noman loro kuwi tumuli metu saka gandhok kulon lan daya-daya mara menyang pringgitan.

"Badhe atur uninga Anakmas" kandhane Demang Kedhungtuwung sawuse nom-noman loro kuwi mapan lungguh ing ngarepe.

"Inggih Ki Demang?" Rangga semaur semu takon ana warta apa.

"Jebul nalika awakipun piyambak taksih dhateng Bulakbadher kalawau siyang, karawuhan Prajurit Sandi Mataram. Prajurit Sandi kala wau paring dhawuh dhateng Bebau Krajan, bilih benjing enjing punika Kedhungtuwung badhe karawuhan Senapati Mataram ingkang ngasta gegaman prajurit sagelar sepapan. Jalaran Ngersa Dalem Panembahan Senapati sampun uninga bilih Kedhungtuwung ing salebeting bebaya, awit pokalipun Panembahan Sekarjati lan kanca-kancanipun ingkang badhe mbalela ing ratu lan ndadosaken Kedhungtuwung minangka pasanggrahan kangge madeg kraman".

Demang Kedhungtuwung meneng sedhela aweh sasmita manawa ngenteni tumanggape Rangga lan Marga.

 

ana candhake.


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...