SENDHANG MUSTIKANING WARIH IV
kacariyosaken malih dening : Rust Luh
Getih.
91.
Rangga lan Marga bareng krungu apa sing
dikandhakne dening Demang Kedhungtuwung kuwi, banjur padha inget-ingetan.
Jroning ati rumangsa seneng dene jebul Prajurit Sandi Mataram temen-temen
nggone padha nindakne wajibe, ketitik kahanan ing panggonan sing nadyan adoh
saka Kutha Gedhe bisa knawruhan lan wis dadi atur ing ngarsane Panembahan
Senapati. Iki mau Demang Kedhungtuwung ngandhakne yen sesuk Kademangan kono
arep katekan Senapati Perang sing ngirid wadya bala sagelar sepapan, jalaran
Mataram wis ngerti yen Kedhungtuwung arep direbut dening wong-wong sing nedya
mbalela marang pangwasane Ratu. Kabar mangkene iki, mesthi wae ndadekne atine
Rangga lan Marga dadi luwih ayem, nanging uga ndadekne ora kepenak ing atine,
jalaran Rangga durung kepengin ana wong sing ngerti sapa satemene dheweke.
Luwih ora seneng maneh yen nganti dheweke kepethuk wong Mataram, sing jaman
semana duwe rasa ora seneng marang dheweke, klebu pamane dhewe yaiku Pangeran
Singasari sing saiki dipercaya dadi Senapati Agung ing Mataram.
"Kadospundi Anakmas?" Demang
Kedhungtuwung banjur takon, sawuse dienteni sauntara ora ana tanggapan saka
Rangga lan Marga.
"Inggih Ki Demang" wangsulane
Rangga "punika kabar ingkang ngremenaken, pranyata Mataram boten lirwa ing
wajib, liripun taksih setya anggenipun badhe ngayomi kawulanipun, sanadyan
papanipun kawula punika tebih saking Kutha Gedhe".
"Inggih Anakmas" Demang
Kedhungtuwung nerusne rembuge "mila leres Sampean Dalem Gusti Panembahan
Senapati punika Tiyang Agung ingkang tan kendhat anggenipun menggalihaken para
kawula dalem nagari Mataram. Ingkang kula pikajengaken niku makaten lho
Anakmas........".
"Punapa ingkang dipun kersakaken Ki
Demang?" Rangga nyela takon.
"Gandheng seserepan tuwin pasrawungan
kula punika sanget ing cupetipun, kula nyuwun dhumateng Anakmas kekalih kersaa
anyartani kula salebeting pepanggihan kaliyan Senapati saking Mataram punika,
ugi kula suwun pisan mangke anak mas kekalih dadosa talanging basa kula"
wangsulane Demang Kedhungtuwung.
Sing lagi wae dikuwatirake Rangga jebul
dadi kasunyatan, yen panjaluke Demang Kedhungtuwung iki dituruti ateges dheweke
bakal kepethuk karo wong Mataram lan iki sing dadi sirikane Rangga. Nanging yen
ora dituruti, kepiye olehe nganggo pawadan murih Demang Kedhungtuwung ora banjur
mikir sing neka-neka marang dheweke.
"Nuwun sewu Ki Demang" sadurunge
Rangga nemokne pawadan kanggo ngemohi panjaluke Demang Kedhungtuwung, Marga
guneman .
"Inggih Anakmas?" Demang
Kedhungtuwung gage wangsulan.
"Punapa Ki Demang sampun uninga, Senapati
ingkang kapiji rawuh ing Kedhungtuwung mriki benjing punika sinten?" Marga
takon.
Demang Kedhungtuwung banjur ngetokne
bumbung isi lontar saka waliking klambine.
"Asmanipun Senapati ingkang piniji
punika kasebat ing rontal punika Anakmas" bumbung isi lontar kuwi
diulungne menyang ngarepe Marga. Gageyan Marga nampani lan ngiling-ilingi
tulisan ing lontar kuwi.
"Raden Tumenggung Candrasanata?"
Marga maca tulisan ing rontal karo suwara sing alon, nanging ngemu pitakon,
bathuke dijenglerutne, ngeling-eling jeneng sapa jeneng sing katulis ing lontar
kuwi, jenenge Senapati sing kapiji dadi tindhihing Prajurit Mataram. Marga banjur ngulungne rontal kuwi marang
Rangga karo guneman lirih "durung tak tepungi.......".
Dening Rangga lontar ditampani banjur
diwaca isine, kaya Marga Rangga uga katon ngencangne alise, pratandha durung
tepung karo senapati sing jenenge kasebut sajroning lontar kuwi.
"Ingkang kapiji minangka Senapatining
laga Raden Tumenggung Candrasanata Ki Demang" kandhane Rangga karo
ngesrogne lontar ing ngarepe Demang Kedhungtuwung "minangka panjawat kanan
lan kering kaserat nami Rangga Susila miwah Rangga Sampurna, dene paramparaning
perang kaserat Kyai Nusapurwanta".
"Inggih Anakmas, priyagung ingkang
asmanipun kaserat ing rontal punika kula dereng nate tepang babar pisan, malah
mireng kemawon inggih nembe punika" kandhane Demang Kedhungtuwung karo
njupuk rontal mau lan bali dilebokne bumbunge "punapa Anakmas ugi
makaten?".
"Leres Ki Demang" wangsulane
Rangga "namung kalih saking asma sekawan punika ingkang radi kula
ngertosi, inggih punika Rangga Susila, menawi boten lepat punika rumiyin nate
dados Lurah Prajurit ing Kasatriyan Bulakkopenan samangke sampun mindhak
pangkat dados Rangga. Lajeng angka kalih Kyai Nusapurwanta, punika taksih Trah
Nagasari ingkang lajeng jumeneng Kyai ing Batapawon, panjenenganipun punika
mila jadhug ing babagan gelaring laga".
"Inggih Anakmas, dados sampun trep
menawi benjing punika Anakmas kekalih ingkang dados talanging basa Kademangan
Kedhungtuwung" kandhane Demang Kedhungtuwung sabanjure.
"Manawi makaten ingkang dados
kersanipun Ki Demang, kula kekalih mila boten kawratan, namung kula nggadhahi
panyuwunan Ki Demang" Rangga mangsuli kandhane Demang Kedhungtuwung kuwi.
"Anakmas kagungan pamundhut
punapa?"
"Murih boten nuwuhaken pitakenan
warni-warni saking para priyagung Mataram, sadangunipun kempal kaliyan para
Prajurit miwah senapati Mataram punika mangke, kula suwun Ki Demang kersa
andhaku bilih kula kaliyan Marga punika taksih kapernah pulunanipun Nyi Demang
lan Ki Demang ugi kedah boten mawi basa krama dhateng kula kekalih awit boten
ilok menawi Ki Demang ngginakaken basa krama dhateng lare ingkang taksih
kaprenah pulunanipun piyambak" wangsulane Rangga .
Marga sing krungu panjaluke Rangga marang
Ki Demang ngono kuwi, mesem karo manthuk-manthuk tandha yen mathuk lan sarujuk.
Durung nganti Demang Kedhungtuwung aweh
wangsulan marang panjaluke Rangga, dumadakan ana prajurit sing mlebu pringgitan
nyedhaki papan anggone jejagongan wong telu kuwi.
"Ana apa?" Demang Kedhungtuwung
nakoni prajurit sing mara ora kanthi diceluk kuwi, sajake prajurit kuwi durung
suwe olehe dadi prajurit kademangan, ketitik saka umure sing karon isih nom lan
sandhangan prajurit sing dienggo.
"Atur uninga Ki Demang"
wangsulane Prajurit kuwi kanthi kurmat "wonten Tamu cacah tiga ingkang
ngersakaken panggih kaliyan Ki Demang".
"Sapa? tamu saka ngendi?" Demang
Kedhungtuwung takon maneh.
"Ngakenipun asma Ki Jatikuning saking
Banjarsemanggi"
"Ki Jatikuning?" Demang
Kedhungtuwung njengkerutne bathuke, banjur prentahe "Aturana menyang Pringgitan kene wae!".
"Sendika Ki Demang" wangsulane
Prajurit kuwi banjur mundur.
Karo praupan sing katon bingar, Demang
Kedhungtuwung banjur kandha marang Rangga lan Marga :
"Bapa ing Banjarsemanggi rawuh mriki
Anakmas, kula kinten Prajurit Sandi kala wau kajawi tindak mriki ugi tindak
dhateng Banjarsemanggi".
"Inggih Ki Demang, kinten-kinten mila
makaten" wangsulane Rangga sing uga katon bingar. Rangga lan Marga
rumangsa seneng jalaran bakal kepethuk wong sing jenenge tau disebut-sebut
dening paraga aneh ing Guwa Klumpit nalika samana uga tau diucapne dening
Panembahan Timur nalika kedadeyan perang
tandhing ing tegal Bera.
"Kulanuwun, Ki Demang" ana
pawongan wis katon rada tuwa mlebu pringgitan ditutne wong loro sing banjur
uluk salam "aku sing teka".
"Mangga, mangga Bapa" Demang
Kedhungtuwung mapag sing lagi teka karo mendhak kurmat, banjur tangane loro
pisan ditangkepake lan disenggolne menyang dhengkule wong kuwi.
Wong sing lagi teka kuwi gage nyandhak
baune Demang Kedhungtuwung diangkat munggah, supaya ngadeg lumrah.
"Mangga Bapa kula turi pinarak"
kandhane Demang kuwi sabanjure, banjur genti nyalami wong loro liyane karo
kandha "mangga Kakang...".
Wong sing jebul Ki Jatikuning kuwi banjur
mlaku nyedhaki papane Rangga lan Marga padha lungguh arep nyalami. Nanging
dumadakan bareng wis cedhak karo Rangga,
Ki Jatikuning dadi mlengak katon kaget......
"Gusti kula Raden Rang.........."
"Kula pulunanipun Paman Panjer, Paman
Tutug......." Rangga gageyan nugel rembuge Ki Jatikuning sadurunge Ki
Jatikuning ngrampungne kandhane.
ana candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar