SENDHANG MUSTIKANING WARIH IV
kacariyosaken malih dening : Rust Luh
Getih.
92.
Kandha mangkono kuwi Rangga karo nyelehne
drijine ing ngarep lambene. Ki Jatikuning uga banjur meneng, ngerti sing
dikarepne Rangga. Pancen satemene Rangga lan Marga jebul wis padha tepung karo
Ki Jatikuning, nalika Ki Jatikuning isih nganggo sebutan Raden Tumenggung Tutug
Tunggu Nagara. Nalika Rangga wiwit mlebu Kraton Mataram, satemene Raden
Tumenggung Tutug wis suwe anggone leren dadi Senapati Perang Mataram, nanging
isih kerep sanja menyang Dalem Kepatihan, jalaran satemene Raden Tutug ora
leren nggone ngabdi marangt negara, mung jejibahane wae sing salin. Yaiku
dening Patih Mandaraka kapasrahan ngawat-awati kahanane nagara ing brang wetan,
jumbuh karo papan asale Raden Tutug sing jebul ana ing Padhepokan
Banjarsemanggi.
"Inggih nyuwun pangapunten
Raden" kandhane Ki Jatikuning sawuse mapan lungguh "kula ingkang
sampun sansaya sepuh punika, pancen remen pangling boten namung dhateng Ra, eh,
Anakmas Rangga miwah Anakmas Marga kemawon, ingkang yegtosipun pulunan saking
Ki Demang Kedhungtuwung".
"Bab Pangling punika mila limrah
Kyai" wangsulane Rangga karo mesem "kula kemawon ingkang taksih lare
inggih gampil supe, temah nalika Ki Jatikuning rawuh kala wau, kula boten
enggal mapag. Estu kula kekalih boten nginten menawi ingkang rawuh punika
Pepundhen ing Banjarsemanggi".
"Leres Anakmas" Ki Jatikuning
semaur karo ngguyu lirih "menawi kaliyan rencang kula kalih punika mbok
bilih Anakmas ugi sampun boten pangling malih ta?".
"Kula Palindhih rumiyin nika lho
Rad...eh, Adhi Rangga" salah siji wong sing teka bareng karo Ki Jatikuning
kuwi nrambul gunem.
"Menawi Kaliyan kula mila Pangling ta
Adhi Marga? Kula Kunthing nika lho, Adhi" wong sing sijine numpangi gunem.
"Inggih-inggih, samangke kula inggih
sampun boten pangling malih Kakang" Marga sing aweh wangsulan
"nanging bares kemawon, samangke Kakang Palindhih lan Kakang Kunthing
katingal langkung cakrak, makaten ugi Kyai Jatikuning, ugi katingal mundhak
timur kemawon".
Wong telu kuwi padha ngguyu renyah krungu
wangsulane Marga sing mangkono kuwi. Rangga lan Marga banjur padha nggagas,
sajake kekuwatane Paguron Kluwihan kuwi ora baen-baen. Ketitik Patih Mandaraka
kajaba mrentahne prajurit sagelar sepapan sing dipandhegani Raden Tumenggung Candrasanata,
uga marentahne murid pethingane sing biyen wis duwe pangkat Rangga ing Bregada
Perang Tandang Kepatihan Mataram.
Demang Kedhungtuwung sing weruh lan krungu
anggone rermbugan antarane Rangga lan Marga karo Ki Jatikuning dadi gumun. Mau
Rangga lan Marga kandha yen durung tau tepung karo Gurune, ya Ki Jatikuning
kuwi. Nanging bareng wis padha ketemu jebul padha tepung raket. Lan sing luwih
elok maneh, olehe Rangga njaluk supaya
sasuwene Priyagung-priyagung Mataram ana ing Kedhungtuwung, diaku minangka
ponakane Nyi Demang uga lagi wae. Malah dheweke durung kober wangsulan, lha iki
teka-teka Ki Jatikuning wis ngandhakne yen pangling karo ponakane Demang
Kedhungtuwung. Aneh. sansaya aneh maneh, yagene Ki Jatikuning katon kurmat
banget marang Rangga lan Marga?. Demang Kedhungtuwung dadi sansaya bingung.
"Wis Demange" kandhane Ki
Jatikuning marang "ora sah ndika gagas, antarane aku, adhiku Palindhih lan
Adhiku Kunthing iki karo pulunan ndika loro kuwi wis rada sauntara olehe wis
padha tepung. Mung wae, Anakmas Rangga lan Anakmas Marga kuwi sing diuningani
jeneng julukanku nalika isih nom biyen yaiku Tutug. Rak inggih makaten ta
Anakmas?".
"Inggih-inggih Kyai" wangsulane
Rangga karo mesem.
Demang Kedhungtuwung ora nyoba ngilangne
rasa gumune. Nanging banjur tuwuh gagasan, duwe pangira yen Rangga lan Marga
kuwi yen ora putrane panggedhe ing Mataram, ya putrane Pandhita gedhe sing
nduweni kasekten linuwih, temah ing atase Ki Jatikuning wae klakon kurmat
marang nom-noman loro sing ngakune mung bocah sing lagi dolan kepengin nurut
lakune Bengawan Uluayu.
"Nyuwun pangapunten Bapa"
kandhane Demang Kedhungtuwung sawuse rada suwe meneng "punapa Bapa sampun
pikantuk warta saking Prajurit Sandi Mataram?".
"Bener kandhamu Demange"
wangsulane Ki Jatikuning "sepasar kepungkur, ana Prajurit Sandi Mataram
sing rawuh ing padhepokan Banjarsemanggi maringi rontal kinancing marang aku.
Andilalah saungkure Prajurit Sandi mau, aku ketekan dhayoh saka perenging
gunung Merapi, ya adhiku Palindhih karo adhiku Kunthing iki. Mula bareng
isining rontal kinancing tak ngerteni, adhi-adhiku iki tak jak pisan menyang
Kedhungtuwung, idhep-idhep keneng didadekne kanca rembugan nek ngepasi ana
dalan. Lha Demange kapan katekan Prajurit sandi kuwi?".
"Estunipun anggenipun rawuh Prajurit
Sandi punika sampun kala wau siyang Bapa" kandhane Demang Kedhungtuwung
mangsuli pitakone Ki Jatikuning "nanging anggen kula mangertosi surasaning
rontal kinancing nembe bakda serap niki wau".
Banjur Demang Kedhungtuwung kuwi
nyaritakne kabeh lelakon sing lagi wae kedadeyan, wiwit budhal nglurug menyang
Padhepokan Bulakbadher nganti tekan olehe maca warta sing digawa Prajurit Sandi
Mataram mau. Ora ana sing kliwatan, kalebu anggone Kunthara sing saiki isih
durung bisa tangi merga ketiban pecute Marga, patine Ki Kahastha sawuse adu
katiyasan karo Rangga, sarta wadon prayangan sing bali wujud manungsa sing
wekasane mati merga kalah adu kasekten karo Marga. Uga wis ketemune prawan
Kedhungtuwung telu sing ilang dibradhat durjana ing Padhepokan Bulakbadher.
"Dadi Ki Bulakbadher wis kejodheran
jati dhirine? Malah saiki wis tumekeng pati?" pitakone Ki Jatikuning
sawuse Demang Kedhungtuwung rampung anggone crita.
"Inggih Bapa" wangsulane Demang
Kedhungtuwung "kula boten nyana menawi Ki Kahastha ingkang nggadhahi aji
jaya kawijayan linangkung punika saged pejah".
"Lha ndika kuwi kepriye ta? Apa lagi
ngerti yen pulunan ndika loro kuwi nom-noman sing punjul ing apapak ?" Ki
Jatikuning guneman karo mesem amba "lupute dhewe si Kahastha, ora weruh
gedhene Gunung Lawu kae. Aja maneh kok mung Kahastha siji bisa menanga mungsuh
Anakmas Rangga, mbok rangkepa sepuluh pisan, ora bakal menang mungsuh salah
siji saka ponakan ndika kuwi".
"Ah, Paman Tutug punika lho?!"
Rangga gage nyaut guneman "kok wiwit siyen dereng ewah, remenane kok ngompaki
tiyang lho. Kula saged mimpang mengsah Ki Bulakbadher punika kala wau, namung
kaleresan kemawon, kajawi makaten sajake Ki Kahastha nembe dhawah apes ngaten
kemawon".
"Mila boten lepat ingkang
kadhawuhaken dening Bapa Jatikuning punika" Demang Kedhungtuwung nutugtne
kandhane "ketitik, sampun malih jamakipun tiyang limrah. Lha ingkang
sampun wujud Prayangan kemawon saged kasoran perang tandhing kaliyan Anakmas
Marga. Kamangka wadon prayangan punika ngakenipun siswa saking Bathari Kali.
Lha punika ingkang badhe kula suwunaken pirsa dhateng Bapa Guru, Bathari Kali
punika sinten?".
"Inggih Kyai" Rangga mbumboni
rembug "kula kepengin mangertos cariyos bab Bathari Kali punika. Kaliyan
cariyosipun Bathari Pramoni ingkang kabaripun Akekayang ing perenging wukir Lawu
sisih ler kilen?".
Ki Jatikuning ora enggal aweh wangsulan,
jalaran Ki Jatikuning dhewe uga nate krungu jeneng-jeneng sing disebutake kuwi.
Nanging Ki Jatikuning durung ngerti kanthi tenanan kajaba mung kira-kira,
kira-kira olehe nggothak-gathukake carita sing tau ditampa, sing tenane ora
klebu ing nalar.
"Punika makaten Anakmas"
wekasane Ki Jatikuning waleh karo apa sing wis dingerteni "ngertos kula
nami-nami ingkang memper naminipun Dewa ing jaman Pewayangan punika inggih
namung dhapur saking dedongengan, dados kula gadhah panginten wontenipun
nami-nami punika inggih jalaran bodhonipun tiyang kapusan dening bangsa jim
ingkang remen nalisiraken panembahipun manungsa. mBok menawi mila wonten Jim
ingkang ngaken-aken nami Bathari Kali utawi Bathari Pramoni, lajeng mucalaken
prakawis ingkang nalisir saking bebener dhumateng tiyang ingkang sami kesasar
lan tiyang nasar. Manawi panginten kula punika leres, kula kinten boten wonten
ingkang saged ngadhepi jim-jim punika kajawi siswanipun Ki Tanparupa".
"Lha dhateng pundi anggen kula saged
manggihi siswanipun Ki Tanparupa punika Bapa?" Demang Kedhungtuwung nigas
rembug, takon marang gurune "lan sinten asmanipun?".
Ki Jatikuning gumuyu, banjur wangsulan :
"Mengko yen wis teka titimangsane
siswane Ki Tanparupa kuwi bakal ngaton dhewe, ora perlu digoleki,
Demange".
ana candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar