Total Tayangan Halaman

Kamis, 21 Oktober 2021

SENDHANG MUSTIKANING WARIH IV 93

 

93.

 

Demang Kedhungtuwung manthuk-manthuk, dheweke percaya banget karo sing dikandhakne dening gurune kuwi. Mung Rangga lan Marga sing sajak rada cuwa, pranyata Raden Tumenggung Tutug Tunggu Negara ora bisa aweh wangsulan kang maremake marang pitakonan sing ngreridhu atine. Wektune wis sansaya wengi, Demang Kedhungtuwung banjur mrentahne marang rewang-rewange supaya nyawisake papan kanggo ngaso Ki Jatikuning, Palindhih lan Kunthing. Nanging jebul wong telu malah njaluk supaya panggonane leren awor karo Rangga lan Marga ing Gandhok Kulon. Wekasane Demang Kedhungtuwung ya mung kari manut wae.

 

Sauntara Rangga lan Marga sarta Ki Jatikuning lan kancane padha mlebu neng Gandhok Kulon, ing Pendhapa Kademangan kuwi isih rame wong-wong sing padha kulak warta bab wis ketemune Prawan Telu sing pranyata disikep ing Padhepokan Bulakbadher arep didadekne kawulane Bangsa Als sing nganggo jeneng Bathari Kali. Kulawargane Prawan-prawan sing ilang wis wiwit sore mau padha teka, ana sing banjur tetangisan merga seneng anake bisa bali, nadyan kahanane isih kaya wong sing ora genep nalare. Nanging uga akeh sing padha tetangisan sawise oleh katrangan yen anake wedok mbok menawa katut digawa dening wong-wong Paguron Kluwihan arep dipisungsungake marang sesembahane sing duwe jeneng Bathari Pramoni.

 

"Para sedulurku kabeh" kandhane Demang Kedhungtuwung marang wong-wong sing padha kulak warta ing pendhapa Kademangan kuwi "sepisan maneh aku rumangsa prihatin jalaran ilange warga Kedhungtuwung sing dibradhat dening wong-wong duraka. Dina iki mau wit pitulungane Gusti Ingkang Maha Agung, wis bisa digawa bali prawan cacah telu. Kahanane pancen isih mbutuhne pangupakara sing cukup, welingku marang para sedulur sing anake wis bisa digawa bali iki upakaranen putra-putra ndika iki kanthi becik murih enggal bisa pulih kahanane, menawa ndika karepotan ndika bisa matur marang Bebau ndika supaya diwenehi pambiyantu.  Marang sedulur sing anake durung bisa bali, aja cilik ati, awit Gusti Allah kuwi Maha Murah, padha wuwuhana anggon ndika padha nyenyuwun marang panjenengaNe.Jroning wektu sing ora suwe maneh, aku lan para prajurit Kademangan bakal nggoleki putra ndika sing ilang. Yen dina mau olehe nggoleki dibiyantu dening Anakmas Rangga lan Marga awit kudu ngadhepi Ki Kahastha lan Kunthara sing kasektene wis ndika ngerteni dhewe, mangka kanggo nggoleki sing durung ketemu bakale ora mung Anakmas Rangga lan Anakmas Marga sing paring bebantu, nanging uga Ki Jatikuning lan adhi-adhine lan sing luwih akeh maneh yaiku Wadyabala Prajurit Mataram sing dipandhegani Gusti Tumenggung Candrasanata".

 

Wong-wong sing padha krungu rembuge Demang Kedhungtuwung sing kaya wong sesorah kuwi padha manthuk-manthuk, jroning atine tuwuh pangarep-arep anyar.

 

"Saiki tak jaluk padha bali menyang omahe dhewe-dhewe lan tetep tansah samekta ing sawayah-wayah. Aja padha ninggal kaprayitnan, jalaran para durjana sing nedya gawe kisruhe Kademangan kene iki isih akeh sing durung bisa kapikut" Demang Kedhungtuwung mungkasi nggone sesorah. Para kang golek warta ing pendhapa uga banjur padha budhal mulih menyang omahe dhewe-dhewe.

 

Sauntara kuwi, ing regol panjagan Kademangan isih katon reja. Ora mung Prajurit sing duwe jejibahan rondha wae sing ana kono, nanging uga ora sethithik prajurit liyane uga para warga Kedhungtuwung sing melu mlumpuk ana kono. Prajurit lan wong-wonmg kuwi padha ketungkul ngrungokne critane Darmana salah sijining Prajurit kademangan sing mau melu budhal menyang Paguron Bulakbadher.

 

"Sasuwene aku urip lan dadi Prajurit lagi iki aku weruh Perang Tandhing sing nggegirisi" Darmana nyritakne kedadeyan ing Bulakbadher mau esuk "luwih nggegirisi tinimbang sing dicritakne Dhalang ing pagelaran wayang kulit ngana kae".

 

"Luwih nggegirisi karo critane Dhalang kuwi kaya apa lho Dar?" ana wong setengah tuwa sing jebul isih pakne cilik Darmana nyelani takon "sangertiku sing dicritakne Dhalang-dhalang pas mayang kae ki sarwa umuk kabeh, lha iki kok jaremu luwih nggegirisi tinimbang critane Dhalang kuwi kedadeyane banjur kaya apa no?".

 

"Tenan Lik" wangsulane Darmana karo alise dijengkerutne "nek weruh tandange Adhi Rangga sing ngadhepi Ki Bulakbadher ki jan  luwih nggegirisi tinimbang perange Raden Janaka neng lakon Karna Tandhing kae. Ki Kahastha ngetokne pangabaran sing sarwa nggegirisi, saking cukat lan cepete anggone obah nganti mripat iki ora bisa nyawang klawan cetha wewujudane sing lagi padha perang tandhing, sing katon mung wewayangan sing muser kaya obahe kitiran ngana kae".

 

"Lha Adhi Rangga mesthine ya ngimbangi pangabarne Ki Kahastha ngono Kang?" ana prajurit sing dhek mau ora katut dijak budhal, takon.

 

"Iya, padha" wangsulane Darmana "luwih-luwih upama kowe ngerti pas Ki Kahastha ngetokne pangabaran hawa panase ngono, mesthi kowe banjur ngoplok ora kuwat ngglawat kaya aku lan kanca-kanca liyane".

 

"Wooo kuwi mesthi jinise aji Alas Kobar ngana kae, kuwi" Pakne cilik Darmana numpangi rembug.

"mBuh aji apa jenenge aku ora ngerti" wangsulane Darmana "ngertiku sakiwa tengene papane perang tandhing kuwi ana hawa panas sing kagila-gila ngana kae, malah Ki Demang lan Ki Bebau sarta Jagabaya wae padha mundur ngadoh awor para prajurit pandhereke kaya aku iki. Nadyan mangkonowa rasa panas kuwi isih krasa arep ngobong-ngobonga raga, wis panaswe kagila-gila isih ditambahi ganda arus campur langu sing ndadekne ambegan sesak lan neng weteng dadi kaya diudheg ngana kae. Ora sethithik para prajurit sing banjur tiba golung koming neng lemah karo mutah cecek ora karuwan ngana kae".

"Kowe ya melu katut mutah cecek apa ora Kang?" Prajurit sing dhek mau takon, takon maneh karo ngguyu.

"He he he......" Darmana wangsulan karo ngguyu "aku beda karo kanca-kanca liyane, nanging aku luwih nemen maneh he he he ......".

Wong sak regol padha ngguyu krungu wangsulane Darmana sing keri dhewe iki.

"Lha sabanjure terus kepriye?" Pakne cilik Darmana takon.

"Sabanjure Adhi Rangga ya mesthi wae nek ora gelem kobong kena ajine Ki Bulakbadher, banjur mencolot rada ngadoh karo ngrapal japa, ora suwe saka epek-epeke Adhi Rangga katon cahya putih kaya perak ngana kae. Pas Ki Kahastha nyedhak arep nibakne pupuhan kepelane, dipapagne nganggo epek-epek dening Adhi Rangga ngarah dhadha. Rumangsaku epek-epek kuwi ora nganti nyenggol awake Ki Kahastha, ngerti-ngerti Gurune Ki Kunthara kuwi rubuh neng lemah, pas nggon dhadhane ketok gosong ngecap tlapak tangane Adhi Rangga, Ki Kahastha wis ora bisa sambat maneh merga wis ilang nyawane" Darmana mungkasi olehe crita.

Wong-wong sing dicritani padha eram, nadyan ora weruh dhewe nanging neng angen-angene padha nggambarake kaya ngapa anggone nggegirisi perang tandhing antarane Rangga lan Ki Kahastha.

"Lha ya ta?" Pakne cilik Darmana grenengan dhewe "nek ora weruh dhewe mesthi ora ana sing padha ngira, yen Angger Rangga sing isih timur kuwi jebul wis nggadhuh kadigdayan sing ngedab-edabi nganti Ki Bulakbadher sing jarene godhange kadigdayan wae klakon ora bisa tangi maneh ngadhepi ngelmune Nom-noman kuwi".

"Kuwi bener Kang" Prajurit kancane Darmana sing uga melu budhal menyang Bulakbadher mangsuli grenengane Pakne cilik Darmana "aku sing prajurit wae, maune wis gumun lan eram marang kadibyane Ki Kunthara luwih-luwih marang Gurune, nanging bareng weruh dhewe tandang grayange Adhi Rangga karo Adhi Marga , jebul keneng diarani dibandhingne karo nom-noman loro kuwi Ki Kunthara sing kulina dadi punjering kawigaten merga kerep mamerne kasektene marang aku sakanca, babar pisan ora ana apa-apane. Perang tandhing karo Adhi Marga, Ki Kunthara kuwi memper Macan Rembah sing ngasah arep nglethak ndhase Kebo Benthung, bareng karo Kebo Benthung Macan Rembah disabet nganggo buntute banjur...... mak klimpruk ora bisa tangi".

 

ana candhake.

 

 


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...