SENDHANG MUSTIKANING WARIH IV
kacariyosaken malih dening : Rust Luh
Getih.
94.
Sauntara wong-wong padha ngomong awake,
Rangga lan Marga lagi gayeng jejagongan karo Ki Jatikuning, Palindhih lan
Kunthing. Wong lima kuwi padha kangen-kangenan, jalaran kabeh kuwi
mkurid-muride Patih Mandaraka sing wis padha apal karo Rangga apa dene Marga.
Nalika wong-wong kuwi kabar yen Rangga kaparentah dening Panembahan
Senapati supaya ninggalne Kutha Gedhe
lan lelana menyang Brang Wetan, kajaba akeh wong sing rumangsa seneng nanging
uga ora sethithik sing rumangsa susah. Jalaran tumrap sing rumangsa susah,
Rangga utawa luwih kondhang nganggo sebutan Pangeran Rangga utawa Raden Rangga
kuwi satriya sing ora seneng diaji-aji minangka putraning ratu. Lan ora seneng
marang Sentana utawa Punggawa Kraton sing seneng pamer drajat lan pangkat,
nyepelekne marang wong cilik, tumrap Rangga ora ana bedane antarane wong lumrah
lan punggawa kraton utawa sentana dalem pisan, yen luput kudu oleh pidana lan
pidanane sentana utawa Punggawa Kraton sing luput kudune luwih abot tinimbang pidana
marang kawula lumrah. Jalaran yen kawula lumrah kuwi adakane olehe nerjang
paugeran yen ora amarga kapeksa ya sabab ora ngerti unining paugeran, beda karo
Punggawa kraton luwih-luwih sentana dalem, cetha yen uripe sarwa kacukupan lan
wis weruh uning angger-angger sing mranata lakuning pradata ing Mataram.
"Kula nyuwun pangapunten Raden"
kandhane Tumenggung Tutug "nalika kula mireng bilih Kademangan
Kedhungtuwung kadhatengan Pangumbara kalih ingkang taksih nem-neman, kula
kesupen lan boten nyana bilih Pangumbara punika Gusti kula Raden Rangga lan
kadangkula anem Marga".
"Kakang Tumenggung Tutug"
wangsulane Rangga "aku ya ora duwe pangira yen sing mandhegani Paguron
Banjar Semanggi kuwi jebul Kakang Tumenggung Tutug. Awit kabar sing tak tampa,
jarene Padhepokan Banjarsemanggi kuwi biyen sing yasa para Pandhereke Paman
Pangeran Benawa. Dadi aku ya ora nggagas nek Kakang Tutug sing saiki jumeneng
dadi Ki Ageng Banjarsemanggi".
"Inggih Raden, mila leres kabar
ingkang Raden tampi punika, estunipun tiyang sepuh kula rumiyin mila
pandherekipun Gusti kula Pangeran Benawa ing Pajang, lajeng dening Gusti
pangeran Benawa katitipaken dhateng kadangipun sepuh nenggih Raden Sutawijaya
ingkang Sinengkaken dados Senapati Ing Alaga dening sawargi Kanjeng Sultan
Pajang" kandhane Ki Jatikuning sabanjure.
"Iya, iya Kakang Tumenggung Tutug"
wangsulane Rangga " saiki coba ndikia piyarsakne ature bocah dolan sing njaluk didhaku dadi ponakane
Nyi Demang Kedhungtuwung iki".
"Inggih Raden, Raden badhe paring
dhawuh punapa?".
"Kyai,
Kula kinten dipun cekapi samanten rumiyin anggenipun ngrembag putranipun
Kanjeng Panembahan Senapati ingkang nakal nika, awit ingkang wonten sakniki
Rangga lan Marga lare kleyang kabur kanginan ingkang boten wonten sambetipun
kaliyan Raden Rangga wayahipun Patih Mandaraka".
"Inggih Anakmas" Ki Jatikuning
nanggapi panjaluke Rangga sing njaluk supaya jati dhirine aja nganti dingerteni
dening wong-wong ing Kedhungtuwung "boten langkung ngestokaken dhawuh.
Samangke Anak Mas Rangga lan Anakmas Marga, badhe paring dhawuh punapa?".
"Sepisan" Rangga guneman maneh
"kula dereng mangertos sepinten kekiyatanipun Pasekuthon ingkang mapan ing
Paguron Kluwihan, ngantos Gusti Patih Mandaraka ngersakaken ngintun Prajurit
Sagelar Sepapan saking Mataram kangge ngayomi Kademangan Kedhungtuwung, malah
ugi Rekyana Patih ugi miji siswa-siswa pethinganipun supados ndherek
nyengkuyung wadya bala ingkang tinindhihan Raden Tumenggung Candrasanata
punika. Kaping kalih, kula nate mireng pangincimipun tiyang ingkang boten kula
ngertosi awit ngangge sandhangan sarwa cemeng, praupanipun ugi katutupan mawi
udheng cemeng. Ingkang cetha tiyang aneh kala wau ingkang mbeta mlajar salah
saetunggal Prawan Kedhungtuwung. Tiyang punika nginten kula kekalih punika
siswa saking Paguron Banjarsemanggi, pramila pangincimipun benjing wulan
Purnama wulan ngajeng punika, Piyambakipun badhe damel sungsang bawana balik
Paguron Banjarsemanggi".
"Namung punika Anakmas?" Ki
Jatikuning takon.
"Taksih wonten malih Kyai" genti
Marga sing nyambung pitakone Rangga "let kalih dinten, saking kedadosan
ing Guwa Klumpit ingkang dipun cariyosaken Kakang Rangga punika kala wau, kula
kaliyan Kakang Rangga, kober gojeg kaliyan tiyang ingkang ngaken nami
Panembahan Timur lan Janggan Kumala ing Tegal Bera. Dereng rampung anggen kula
sami gegojegan karumiyinan dumuginipun wanci gagat rahina, temah Panembahan
Timur lan Janggan Kumala ingkang ugi ngaken saking Paguron Kluwihan, mlajar
kanthi nilar pangincim bilih benjing wulan purnama wulan ngajeng punika Paguron
Kluwihan badhe nglurugi Kademangan Kedhungtuwung lan badhe numpes Ki Demang lan
sedaya pandherekipun. Lan dugi sapriki,
kula kekalih dereng mangertos punapa sambung rapetipun atawisipun paraga
nyalawadi ing Guwa Klumpit kaliyan Panembahan Timur lan Janggan Kumala?".
"Inggih, inggih Anakmas" Ki
Jatikuning wiwit nata wangsulan "saderengipun kula matur kathah, langkung
rumiyin kula badhe nyuwun pirsa dhateng Anakmas kekalih".
"Mundhut pirsa babagan punapa
Kyai?" Rangga nugel rembug nganggo pitakonan.
"Ing Rontal Kancingan ingkang dipun
tampi Demang Kedhungtuwung ingkang sampun dipun waos dening Anakmas Kekalih
kasebat bilih minangka senapatining yuda ingkang saking Mataram benjing punika
Raden Tumenggung Candrasanata. Anakmas Rangga lan Anakmas Marga sampun uninga
punapa dereng Raden Tumenggung Candrasanata punika?" Ki Jatikuning
nelakake pitakone.
Rangga lan Marga mesem karo
manthuk-manthuk. Mula bener wiwit pisanan Rangga lan Marga durung weruh sapa
sejatine Tumenggung Candrasanata kuwi, uga jeneng Rangga Sampurna, Rangga lan
Marga rumangsa durung tepung.
"Inggih Kyai" Rangga sing aweh
wangsulan "dhateng Ki Demang ugi sampun kula aturaken, bilih namung kalih
asma ingkang sinerat ing Rontal punika ingkang kula tepangi, nuwun inggih Kyai
ing Bata Pawon miwah tilas Lurah Prajurit ing Bulakkopenan. Dados sinten Raden
Tumenggung Candrasanata miwah Penjawatipun ingkang asma Rangga Sampurna punika,
kula dereng mangertos".
Ki Jatikuning gumuyu lirih banjur wiwit
guneman :
"Punika makaten Anakmas, kangge
nyingidaken kekiyataning wadya Mataram ingkang badhe dumugi benjing enjing
punika, cacahipun prajurit tikel kaping tiga kaliyan ingkang kaserat lan
kakabaraken dhateng Demang Kedhungtuwung. Nama Raden Tumenggung Candrasanata
lan Rangga Sampurna punika estunipun namung asma singlon, dede asma ingkang
saleresipun. Ingkang leres tetindhipun yuda minangka Senapati Agung benjing
punika Rayi Dalem Panembahan Senapati, nenggih Gusti Pangeran Singasari. Dene
panjawat kanan keringipun Sang Senapati Agung, sampun kapiji Lurah Prajurit Jaka
Susila, ingkang samangke sampun mindhak pangkat dados Rangga lan Putra Ki Gedhe
Pemanahan ingkang asma Pangeran Demang Tanpa Nangkil, ingkang ing rontal
kaserat mawi asma Rangga Sampurna".
Kaya sinamber gelap luput kagete Rangga
lan Marga bareng krungu katrangane Tumenggung Tutug Tunggu Negara sing kaya
mangkono kuwi. Jalaran Rangga lan Marga wis apal banget karo sikep lan sipate
Pangeran Singasari sing duwe kasekten ngedab-edabi kuwi, pancen kasektene
Pangeran Singasari kuwi jumbuh karo asmane, yaiku sari-sarining singa. Lan
ambak-ambak Pangeran Singasari kuwi isih pamane Rangga dhewe, nanging antarane
Rangga lan Pamane kuwi luwih kerep geseh panemune tinimbang jumbuhe. Pangeran
Singasari kuwi ajeg duwe panemu yen Rangga kuwi isih bocah cilik lan manawa ana
ing satengahing paprangan luwih akeh dianggep ngrepot-ngrepoti tinimbang
dianggep minangka tambahan kekuwataning jurit. Tumenggung Tutug Tunggu Negara,
Tumenggung Arya Palindhih lan Tumenggung Kunthing uga wis apal karo sikepe
Pangeran Singasari marang ponakane kuwi.
ana candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar