SENDHANG MUSTIKANING WARIH IV
kacariyosaken malih dening : Rust Luh
Getih.
95.
Ki Jatikuning ngingeti Rangga lan Marga
genti-genten, Pangarsa Paguron Banjarsemanggi kuwi bisa ngrasakne apa sing
dirasakne Rangga lan Marga sawuse weruh yen sing katulis jeneng Tumenggung Candrasanata
kuwi jebul Pangeran Singasari. Lan yen nganti Pangeran Singasari ngaweruhi
lamun Rangga melu cawe-cawe ing babagan kisruhe Kedhungtuwung sing ngarah
marang arep gawe kisruhe Mataram, kena dipesthekne nek bakal duka. Jalaran
mungguhe Pangeran Singasari, Rangga kuwi bocah nakal sing seneng tumindak
sakarepe dhewe sing entek-entekane mung gawe repote wong tuwa.
Ki Jatikuning uga duwe rasa kuwatir,
sanadyan wis wola-wali ana kedadeyan tanpa oleh palilah saka Pangeran Singasari,
Rangga lan Marga rerewang madhangake pepeteng sing kudune dadi jejibahane
Pangeran Singasari, nanging sawuse Pangeran Singasari pirsa ora malah seneng
luwih-luwih nedha nrima marang Rangga, malah suwalike tetep ngarani Rangga wis
tumindak sing ora bener amarga dianggep wis nindakne dudu gaweyane. Kamangka
minangka Putra Mataram, Rangga uga rumangsa duwe kuwajiban melu ngreksa
lestarine negara Mataram. Jalaran Marga wus mulad salira lamun wis akeh utang
kabecikan marang Mataram, mula banjur hangrasa wani ngadhepi sapa wae sing
nedya gawe kisruhing Mataram. Kang mangkono kuwi yen dening Pangeran Singasari
Rangga dianggep luput kaya padatane, yen nganti Rangga kentekan kesabaran bisa
nuwuhake pasulayan antarane Paman karo ponakan iku.
"Salajengipun Anakmas" sawuse
wong-wong ing gandhok kulon kuwi padha meneng kaya kena gendam jalaran jebul
Pangeran Singasari dhewe sing nyalirani minangka Senapati Agung kanggo numpes
wong-wong Paguron Kluwihan sing arep miwiti nggone mirong kampuh jingga
"ingkang murugaken Pangeran Singasari piyambak ingkang kedah jumeneng
minangka Senapati Agung, jalaran miturut wartanipun para telik sandi
kekiyatanipun Paguron Kluwihan wekdal sakpunika sakalangkung ageng".
"Makaten inggih Kyai?" Marga
nyelani rembug.
"Inggih Ngger" wangsulane Ki
jatikuning "jalaran Paguron Kluwihan wekdal punika dados papan
makempalipun titiyang sekti ingkang kepengin nyepeng panguwaos ing tanah Jawi.
Ing Kluwihan samangke wonten Panembahan Sekarjati, Panembahan Sekarjati punika
naminipun ingkang leres Raden Gumiwang, taksih Trah Majapahit. Estunipun Raden
Gumiwang punika rumiyin nggadhahi sesambetan ingkang raket Kanjeng Sultan
Pajang, jalaran Raden Mas Guntur inggih tiyang sepuhipun Raden Gumiwang punika
taksih sanak kaliyan Kanjeng Sultan Pajang. Malah Raden Gumiwang punika ugi
sampun nyecep ngelmu kanuragan dhateng Kanjeng Sultan Adiwijaya ing Pajang. Dados
Raden Gumiwang punika ugi saged kawastanan minangka siswanipun Sultan Pajang.
Nalika Raden Gumiwang ngertos menawi Gusti Pangeran Benawa boten kepencut
kaliyan Kalenggahan Sultan ingkang dados kawenanganipun, Raden Gumiwang nunten
munjuk dhateng Kanjeng Sultan, murih ing benjang menawi Kanjeng Sultan sampun
wancinipun lengser keprabon menawi Pangeran Benawa boten kersa jumeneng nata,
supados dhamparing kanarendran kaparingaken dhateng piyambakipun, angengeti
bilih piyambakipun punika taksih trah lajer saking Sawargi Prabu Prawijaya
ingkang jumeneng Sunan Lawu.".
"Lha menawi taksih Trahipun Prabu
Brawijaya Kalima kok samangke kok malah badhe madeg kraman Kyai?" Rangga
genti sing nyelani takon.
"Inggih Anakmas" Resi Jatikuning
wangsulan karo nerusne critane "midhanget unjukipun Raden Gumiwang ingkang
makaten punika kala wau, Kanjeng Sultan paring dhawuh bilih kajawi Pangeran
Benawa, Kanjeng Sultan ugi kagungan putra kakung sanadyan namung jejer putra
angkat, inggih punika Danang Sutawijaya ingkang wekdal punika sampun kaparingan
sebatan Senapati Ing Alaga. Inggih wiwit punika Raden Gumiwang nunten minggat,
nilaraken Nagari Pajang miturut kabar ingkang kula tampi Raden Gumiwang nunten
madeg Pandhita ing Gunung Pegat kanthi sesebatan Panembahan Sekarjati,
sasampunipun saged ngasoraken Panembahan Ciptarasa inggih Brahmana ingkang
dhedhepok ing Gunung Pegat mriku. Nalika Kanjeng Sultan Pajang Murud ing
Kasedan Jati, lan Gusti Pangeran Benawa kepareng murih Mataram nglajengaken
sejarahipun Mataram, Panembahan Sekarjati lajeng angujuk-ujuki Panembahan Mas
ing Madiun murih nglurugi Mataram lan nglengseraken Panembahan Senapati, kanthi
pawadan bilih Panembahan Mas langkung pas menawi jumeneng Nata sarta Madiun
ingkang langkung wenang nyambung sejarahipun Kasultanan Pajang. Nanging
Panembahan Mas, inggih Gusti Adipati Madiun ingkang langkung kawentar mawi
sebatan Adipati Rangga Jumena boten kersa ndhahar aturipun Panembahan Sekarjati
makaten punika kala wau. Awit Adipati Rangga Jumena sampun pirsa lelampahanipun
Panembahan Sekarjati. Sanaosa makaten, Panembahan Sekarjati taksih saged mbujuk
sabageyan santana Kadipaten Madiun murih manunggal kaliyan piyambakipun ing
Gunung Pegat".
"Dados Panembahan Sekarjati punika
jumenengipun ing Gunung Pegat? kula radi bingung Kyai, kok samangke malah
manggen ing Kluwihan lan badhe ndadosaken Kedhungtuwung minangka asrama kangge
mangun kraman dhateng Mataram, punika cariyosipun kados pundi?" Rangga
takon maneh.
"Punika makaten Anakmas" Ki
Jatikuning nutugne critane "gandheng kathah nayaka lan punggawa Kadipaten
Madiun ingkang kapilut pambujukipun Panembahan Sekarjati, Panembahan Mas utawi
Adipati Rangga Jumena lajeng duka lan marentahaken dhateng Senapatinipun murih
mbidhalaken prajurit nglurug dhateng Gunung Pegat lan mikut Panembahan
Sekarjati, nanging saderengipun kalurugan jebul Panembahan Sekarjati lan
pandherekipun klebet Panembahan Ciptarasa sampun lolos kesah nilaraken Gunung
Pegat. Lan kados pundi criyosipun ngertos-ngertos Panembahan Sekarjati sampun
nguwaosi Paguron Kluwihan punika".
Rangga lan Marga manthuk-manthuk kekarone
dadi ngerti sapa sejatine tuking kakisruhan sing dumadi ing Kedhungtuwung kono
kuwi. Banjur Nom-noman loro kuwi uga nggathuk-nggathukne karo crita sing ditampa
saka Kartagentho lan Jayaglegek ing
ngarepe Demang Kedhungtuwung wingenane kae.
"Dados makaten Anakmas, ingkang
ndadosaken Pangeran Singasari nyalirani piyambak minangka Senapati punika.
Jalaran ingkang badhe dipun adhepi punika Panembahan Sekarjati, utawi Raden
Gumiwang ingkang taksih siswanipun Kanjeng Sultan Pajang piyambak"
kandhane Ki Jatikuning aweh dudutan .
"Inggih Kyai" wangsulane Rangga
"kula saged mangertos bab punika. Namung angemuti watak lan wantunipun
Pangeran Singasari ingkang sakalangkung tresnanipun dhateng pulunanipun ingkang
nakal punika, kula ajrih menawi ngantos wonten selingsurup antawisipun
pulunanipun Demang Kedhungtuwung kaliyan Pamanipun Putra Mataram, jalaran saged
ugi Pangeran Singasari kagungan panginten
bilih salah satunggal saking pulunanipun Ki Demang Kedhungtuwung punika
putranipun Panembahan Senapati ingkang kedah kareksa kasugenganipun lan boten
kaparengaken cecaketan kaliyan tiyang ingkang nembe ngadani peperangan".
"Leres Anakmas" wangsulane Ki
Jatikuning karo mesem "Lha lajeng kersanipun Anakmas kados pundi?".
"Kula kinten langkung prayogi menawi
kula kekalih nglajengaken lampah kemawon Kyai" wangsulane Rangga
"magepokan kaliyan kawontenan ing Kedhungtuwung punika, borong anggenipun
Kyai badhe angrampungi. Kula pitados bilih Kyai Jatikuning langkung pana ing
babagan punika. Samangke kaparenga kula kaliyan adhi kula, bidhal nglajengaken
lampah lan nyuwun tulung supados mangke kula kasuwunaken pamit dhateng Ki
Demang".
"Mangke rumiyin Anakmas" Ki
Jatikuning kaget krungu anggone pamitan Rangga ngono kuwi "sampun kesesa
jengkar saking mriki, jalaran taksih wonten prakaryan punika dereng
rampung".
"He he he" Rangga gumuyu alon
"nanging menawi kula boten enggal kesah sansaya malih menawi ngantos
kadenangan Pangeran Singasari, prakwisipun malah saged boten
rampung-rampung".
"Sabar Anakmas" Ki Jatikuning
wangsulan sareh "kula namung badhe nyuwun, supados Anakmas kekalih
boten negakaken Gusti pangeran Singasari
angayoni Panembahan Sekarjati. Boten ateges kula boten pitados dhateng kasekten
lan kaprawiranipun Gusti Pangeran Singasari, nanging miturut welingipun Patih
Mandaraka dhumateng Tumenggung Tutug Tunggu Negara lumantar Tumenggung Arya
Palindhih, boten wonten ingkang saged ngendhakaken kamurkanipun Raden Gumiwang
kajawi siswanipun Ki Tanparupa".
ana candhake
Tidak ada komentar:
Posting Komentar