Total Tayangan Halaman

Minggu, 24 Oktober 2021

SENDHANG MUSTIKANING WARIH IV 96

 

SENDHANG MUSTIKANING WARIH IV

kacariyosaken malih dening : Rust Luh Getih.

 

96.

Rangga lan Marga mlengak krungu asmane Patih Mandaraka disebut-sebut dening Ki Jatikuning. Klawan mengkono cetha yen Ki Jurumartani kuwi pirsa apa kang wis dumadi sajroning Rangga lan Marga lelana menyang Brangwetan iki. Lan yen Ki Juru wis pirsa nek sing bisa nandhingi Panembahan Sekarjati kuwi dheweke utawa Marga, banjur kepriye karo Pangeran Singasari? Panjenengane mesthi duka menawa pirsa dheweke karo Rangga ana Kedhungtuwung kene iki, jalaran dianggep arep ngrusuhi olehe para prajurit arep nyambut gawe.

 "Anakmas boten perlu kepanggih kaliyan Gusti Pangeran Singasari" kandhane Ki Jatikuning sing sajak bisa maca apa sing ana atine Rangga "dalu niki, awakipun piyambak kaliyan Palindhih lan Kunthing saged ngrumiyini bidhal dhateng Kluwihan langkung rumiyin".

 "Lajeng mangke ing Kluwihan punapa kula boten kepanggih kaliyan Tiyang-tiyang Mataram Kyai?" pitakone Rangga.

 "Kula kinten boten Anakmas" wangsulane Ki Jatikuning "jalaran bidhalipun Prajurit Mataram saking mriki punika paling cepet benjing dalu utawi benjingipun malih, lan nalika wadaya bala saking Mataram punika mangke dumugi Kluwihan awakipun piyambak sampun rampung nindakaken kuwajiban. Kula kaliyan Palindhih lan Kunthing saged tumuli wangsul dhateng Banjarsemanggi malih lajeng Anakmas kekalih saged nunten nglajengaken anggenipun badhe ameng-ameng nurut ilining bengawan Uluayu".

 Rangga karo Marga mesem, pikirane dadi padhang. Atine dadi lega.  Ora suwe sabubare rembug kuwi disarujuki. Ki Jatikuning banjur nyeluk Demang Kedhungtuwung diwarah yen Rangga lan Marga sarta Ki Jtikuning, Palindhih lan Kunthing arep ndhisiki laku menyang Kluwihan wengi kuwi uga. Rangga uga banjur meling supaya olehe ndhisiki laku kuwi aja nganti kapirsanan utawa diaturake marang Pangeran Singasari murih ora nuwuhake pitakonan sing neka-neka.

"Ndika ora perlu bingung nampa tekane Prajurit Mataram sesuk kuwi Demange" kandhane Ki Jatikuning nalika arep budhal menyang Kluwihan "mbok menawa wae, yen Prajurit Mataram arep ngulurugi menyang Kluwihan kuwi Prajurit Kademangan ora dikeparengake ndherek, upama olehe paling ya mung didhawuhi manggon ing barisan mburi. Dadi upama aku, Palindhih lan Kunthing, uga Pulunan ndika loro kuwi mbarengi Prajurit sing tinindhihan Gusti Raden Tumenggung Candrasanata, ya manggone neng mburi awor karo Prajurit Kademangan lan ora dikeparengake melu tumandang sadurunge Para Senapati Mataram entek gugur ing madyaning paprangan. Mula murih luwih ana gunane Aku, Palindhih, Kunthing lan Pulunan ndika loro kuwi arep misah luwih dhisik lan ndhisiki laku, mbok menawa ana gaweyan sing bisa ditandangi".

"Inggih Bapa" wangsulane Demang Kedhungtuwung "menawi makaten sembah kula kemawon ingkang ndherekaken jengkaripun Bapa Guru".

Wengi kuwi wong lima budhal saka Kademangan Kedhungtuwung bebarengan nggunakne aji mlaku rikat kaya padatan yen wong-wong luwi arep lelungan wigati. Ora nganti awan wong lima wis tekan Padesan Kluwihan sing kabawah dening Paguron Kluwihan. Kaya lumrahe sesawangan ing padesan wong lima kuwi akeh weruh wong-wong padesan sing padha makarya ing pategalan lan pasawahan. Wektu kuwi sih akeh wong-wong wadon sing padha ani-ani amek pari gaga lan ing mburine katon wong-wong lanang padha mbabati damen, diklumpukne arep dienggo pakan rajakayane. Wong-wong kuwi olehe nyambut gawe katon karo seneng atine, malah ana sing sing disambi karo ura-ura lan rerepen barang, kanggo nyuda rasa panase srengenge ing mangsa ketiga.

Sadurunge nerusne laku menyang Padhepokan, wong lima kuwi leren ing cedhake wong-wong sing lagi derep amek pari kuwi. Marga sing nom dhewe dikongkon nyedhaki kadang tani, takon-takon sing ana gegayutane karo Paguron Kluwihan sing kondhang kuwi.

"Sakjege jaman Panembahan Sekarjati niki, sedaya nem-neman Kluwihan kawajibaken ndherek gladhen kanuragan" kandhane wong lanang sing lagi mbabati damen kuwi marang Marga nalika Marga takon kok sing tumandang gawe ing pategalan rata-rata wong sing wis ora nom maneh "jaman isih dipangarsani Panembahan Ciptarasa biyen, mung sing mbutuhake sinau kanuragan wae dikeparengake ndherek gladhen, nek saiki kabeh nom-noman dikudokne melu gladhen. Ya sing tuwa-tuwa ngene iki sing rada susah merga ora ana sing ngrewangi menyang tegal lan sawah".

"Lha sedaya punika rak nggih kangge kasaenanipun para mudha mriki piyambak ta Ki?" wangsulane Marga supados boten namung ngertos tetanen kemawon nanging ugi ngertos kanuragan lan ngelmu sanese.

"Kuwi bener" wong lanang kuwi semaur ngiyani "nanging rak ya kudu ora meksa ngono kuwi? wong bocah-bocah nom kuwi ya dibutuhne kanggo nggarap tegal lan sawah, ngopeni kebo karo sapi barang, lha nek banjur kabeh ora oleh nyambut gawe ngrewangi wong tuwane rak ya dadi repot? asile sawah lan tegal banjur suda, kamangka isih diwajibne asok wulu wetune lemah menyang Padhepokan sing cacahe wis ditemtokne jumbuh lan amba-ciyute garapan? nek kurang sethithik wae dianggep luput banjur oleh pidana.......".

"Inggih-inggih Ki, nggih sing sabar mawon......." Marga munggel kandhane wong sing babad damen kuwi.

"Iya nek ra sabar banjur arep arep kepriye maneh?" wong lanang kuwi isih omong maneh.

"Nggih Ki" wangsulane Marga "nggih sampun menawi makaten, tiyang kula niki wau namung pados warta mbok menawi nek mriki taksih kathah damelan, kula badhe ndherek berah".

"Nek gaweyan genah nek isih akeh, mung sing kanggo ngopahi sing ora ana he he he....." wong kuwi semaur karo ngguyu "lha omahe anak iki ngendi ta?".

"Kula ta Ki? Kula saking Dhudun Wanadadi mriku" wangsulane Marga karo nyebut jeneng desa sing ora adoh karo Kluwihan kono.

Marga banjur ngalih ninggalne wong sing lagi  nyambut gawe kuwi, mbalik nemoni kanca-kancane ngandhakne apa-apa sing dirungu saka wong desa sing lagi wae ditemoni mau Ki Jatikuning banjur ngajak kanca-kancane nerusne laku. Kabeh wis padha mathuk yen luwih becik njujug wae menyang Padhepokan nemoni Panembahan Sekarjati.

 

Sauntara iku ing Pendhapa Padhepokan Kluwihan Panembahan Sekarjati lagi nglumpukne para pengarepe padhepokan, diajak ngrembug lapurane Teliksandi sing lagi wae teka esuk mau kanthi nggawa warta sing wigati. Ing kono Panembahan Sekarjati dikancani Panembahan Ciptarasa, Panembahan Timur, Wasi Wisapati lan Janggan Kumala, lagi nanggap critane Prajurit Teliksandi sing lagi teka.

 

"Dadi kira-kira tekane prajurit Mataram sing sagelar sepapan neng Padhepokan kene kuwi isih rong dina maneh?" pitakone Panembahan Sekarjati marang Telikandine sing duwe jeneng Sampan kuwi.

 "Punika petang kula Panembahan" wangsulane Sampan "awit dinten niki wau nembe dumugi ing Kademangan Kedhungtuwung".

 "Cacahe prajurit kira-kira rong atus wong? Sing dadi Senapati Agung Raden Tumenggung Candrasanata, kabiyantu Rangga Sampurna karo Rangga Susila ?"

 "Leres Panembahan"

 "Yen ngono tak anggep sisih entheng" kandhane Panembahan Sekarjati sabanjure "sing perlu oleh kawigaten kuwi mung Candrasanata karo penjawat loro kuwi, mengko  aku sing arep ngadhepi Si Candranata, Panembahan Ciptarasa lan Panembahan Timur tak jaluk sing ngadhepi panjawate Candrasanata loro  sing jare jenenge Rangga Sampurna lan Rangga Susila kuwi. Dene liyane tak kira ora kangelan nenk mung gawe bubrahe barisan prajurit rucah Mataram. Piye yen ngono para sedulur kabeh?".

 "Punia kula kinten sampun trep Panembahan" sing wangsulan dhisik dhewe Panembahan Ciptarasa "nanging mugi kaetang ugi kekiyatan sanesipun, kados Ki Jatikuning saking Banjarsemanggi lan ugi nem-neman pangumbara kalih ingkang nate kula panggihi ing Guwa Klumpit jaman semanten".

 "Iya Panembahan" wangsulane Panembahan Sekarjati "paling kasep mengko bengi, ing Padhepokan kene bakal karawuhan sedulurku tunggal guru, yaiku padha-padha siswane Sang Bathari Pramoni saka Kedhuwang. Cacahe lima yaiku : Ajar Wisanata, Ajar Kundara, Ajar Nirbita, Ajar Sukmawan lan Wasi Sudarpa. Wong lima iki padha duwe kasekten sing prasasat tanpa tandhing kabeh, tekane mrene uga ora ijen nanging uga nganthi siswa-siswane. Dadi Nek mung ngadhepi wong-wong sing ndika critakne kuwi tak kira ora nagnti sapanginang wis sampurna".

 

ana candhake.

 


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...