SENDHANG MUSTIKANING WARIH IV
kacariyosaken malih dening : Rust Luh
Getih.
97.
Wong-wong sing padha ngadhep Panembahan
Sekarjati rumangsa ayem atine, malah akeh sing padha mikir yen ora suwe maneh
klakon bisa nguwasani Kademangan Kedhungtuwung lan laladan sakiwa tengene,
sawuse padha mendhem bangkene wong-wong Mataram lan wong-wong Kedhungtuwung
sarta Banjarsemanggi sing dianggep nglalu merga wis wani nglurugi Padhepokan
Kluwihan kono. Wong-wong kuwi klebu Panembahan Sekarjati, babar pisan ora ngira
yen wektu kuwi, kanthi nglumpati pager watu sing dhuwure sadedeg sapengawe, Ki
Jatikuning sakancane wis bisa mlebu pekarangan padhepokan tanpa dikonangi
dening cantrik sing padha kajibah nunggu lan njaga regole padhepokan.
Panembahan Sekarjati lan wong-wong kuwi lagi padha ngerti sawuse padha weruh
ana wong lima tanpa mawa cecala luwih dhisik wis mlaku ngunggahi pendhapa
Padhepokan klawan sikep sing ora nuduhake rasa tidha-tidha babar pisan.
"Aku sing teka Raden
Gumiwang......." kandhane Ki Jatikuning sawuse lakune tekan tlundhagan
Pendhapa Padhepokan. Panembahan Sekarjati nratab, atine kaget, jalaran ora
ngira yen bakal ana tamu sing teka tanpa diceluk. Sakala Panembahan Sekarjati
ngadeg, wong-wong sing ana kono kabeh padha melu ngadeg, padha namatne
wong-wong sing lagi padha teka.
"Kowe Tutug?" Panembahan
Sekarjati wangsulan karo nggenahne sapa sing lagi teka kuwi.
"Ora luput panyawangmu Gumiwang"
wangsulane Ki Jatikuning karo mesem.
Panembahan Sekarjati wiwit panas atine,
tumuli mbenerke jarit sing dienggo tata-tata kanggo ngadhepi Ki Jatikuning sing
wis dianggep mungsuh bebuyutane. Pancen wiwit jaman padha-padha ngawula ing Kasultanan
Pajang, wong loro kuwi ajeg duwe panemu sing padha gesehe. Lan sawuse Raden
Gumiwang lolos ninggalne Pajang sarta Tumenggung Tutug melu nyengkuyung adege
Mataram, Panembahan Sekarjati kaya-kaya duwe gegayuhan supaya ing tembe bisa
adu arep lan neter kasektene Tumenggung Tutug sing dianggep ora duwe kaluwihan
kanuragan nanging tansah oleh pangalembana saka Sultan Adiwijaya.
"Licik lan katon olehmu jirih getih,
kowe Tutug" kandhane Panembahan Sekarjati karo mripat sing murup "ajua
kok kira yen aku ora ngerti, yen olehmu wani nglurug mrene kuwi merga kowe ngajak
Prajurit Mataram sagelar sepapan sing jare dipandhegani Tumenggung
Candrasanata. Kowe pancen Senapati jirih sing licik, ora wani tandhing
kaprawiran karo aku".
"Ha...ha... ha......" Ki
Jatikuning ngguyu, banjur wangsulan "aja cilik atimu Gumiwang, aku tekan
kene ora ana sambung rapete karo Wong Mataram. Yen tekaku mrene nggawa wadya
bala kaya sing kok kandhakne kuwi mau, mesthi cantrik-cantrikmu wis padha weruh
lan wis wadul menyang kowe. Iya apa ora?. Pancen tak sengaja Gumiwang, aku ora
nggawa prajurit jalaran aku ngerti, yen nganti aku nggawa prajurit sing jaremu
sagelar sepapan kuwi, tan wurunga bakal nuwuhake kurban sing ora sethithik.
Mula tekaku mrene mung karo kanca-kancaku iki, yen kowe isih duwe utek lan
gelem ngakoni kaluputanmu sing tansah gawe sengsarane kawula ing Mataram, ayo
tak kanthi sowan ing ngarsane Panembahan Senapati ing Kutha Gedhe, aku saguh
nyuwunake pangapura marang Panembahan Senapati merga sakehing dosa-dosamu,
ora-ora yen kowe bakal nampa pidana sing abot, jalaran Panembahan Senapati kuwi
luwih gedhe pangapurane marang sok sapawa sing gelem nyuwun pangapura sadurunge
katibanan pidana.........".
"Cukup" Panembahan Sekarjati nggetak banter "dudu watake Panembahan Sekarjati ngemis-emis
marang menungsa nistha kaya Sutawijaya sing wuta marang kabecikan
kuwi......".
"Eh, wong tuwek ora nyebut"
dumadakan Rangga sing mau meneng ngadeg neng mburine Ki Jatikuning maju
sajangkah, atine sakala kebrongot krungu wong tuwane diarani wuta ora weruh
kabecikan dening Panembahan Sekarjati mangkono kuwi, banjur kandhane "Kyai
Jatikuning wis ngalahi, omong becik-becik marang kowe, nanging sauranmu malah
ora genah. Aku wis bisa gawe dudutan, yen kowe sakancamu iki pancen ora kena
ditata lan nedya gawe susahe kawula ing Mataram.....".
"Keparat sapa kowe, bocah durung
ilang pupuk lempuyange wis wani malangkadhak, tumindak kurangajar karo
Panembahan Sekarjati sesembahanku?" durung rampung Rangga guneman wis
ditigas dening Wasi Wisapati sing uga banjur maju sajangkah karo malangkerik.
Rangga nyawang Wasi Wisapati karo mesem
ngece, banjur wangsulan sajak ora nguwongake marang Wasi andel-andele
Panembahan Sekarjati kuwi :
"Eh, sapa kowe? ditepungne dhisik
jenengku Rangga, ponakane Demang Kedhungtuwung. Tak kira luwih becik yen kowe
meneng wae lan ora melu-melu ing babagan iki, nek ndelok pacakanmu kowe kuwi
dudu tandhingku, merga ketok nek kowe kuwi neng kene isih mapan ana sangisore
Panembahan Timur, sadurunge kowe adol gendhung neng ngarepku, takona marang
Panembahan Timur utawa Janggan Kumala luwih dhisik, pantes utawa ora kowe
mamerne bodhomu neng ngarepe Rangga".
"Keparat kowe Rangga" Wasi
Wisapati misuh banter "durung ngerti kondhange Wasi Wisapati kowe?".
"Wisapati menenga dhisik"
dumadakan Panembahan Sekarjati kandha marang Wasi Wisapati "mengko wae yen
kowe arep aweh pangajaran marang Rangga. Aku tak nerusne olehku arep omong karo
Tumenggung Tutug luwih dhisik".
Panembahan Sekarjati kandha mangkono kuwi,
merga dheweke wis dicritani dening Panembahan Timur lan Janggan Kumala yen
Kedhungtuwung duwe kekuwatan anyar sing wujude nom-noman loro, Rangga karo
Marga, lan Panembahan Timur uga nyritakne yen nom-noman loro kuwi pancen duwe
kaluwihan ing babagan ngelmu kanuragan, ketitik ora bisa dikalahake nalika
kedaden perang tandhing ing Tegal Bera antarane nom-noman loro kuwi karo
Panembahan Timur lan Janggan Kumala. Kajaba saka iku, Panembahan Sekarjati uga
wis weruh dhewe sepira kaluwihane Rangga lan Marga, yaiku nalika Rangga lan
Marga wis nglumpuhake andhahane ing cedhak Guwa Klumpit.
Krungu kandhane Gurune sing mangkono iku,
Wasi Wisapati banjur mundur sajangkah bali ngadeg kaya maune. Beda karo Rangga
sing banjur semaur marang Panembahan Sekarjati :
"Ora ana gunane ndika rembugan karo
Kyai Jatikuning, Raden Gumiwang. nDika kuwi mung pantes rembugan karo aku utawa
adhiku, saiki sepisan maneh tak takoni : ndika milih sowan menyang Mataram
kanthi becik-becik apa milih sowan ndika klawan raga sing wis remuk merga tak
peksa?".
"Setan kowe Rangga" Panembahan
Sekarjati wis ora bisa ngempet nesune "aku gelem mara menyang Mataram
nemoni Sutawijaya yen aku wis dadi bathang tak kandhani".
"Yen ngono ndika njaluk tak
peksa?" Rangga takon karo maju nyedhaki Panembahan Sekarjati.
"Kakehan cangkem kowe Rangga!"
wangsulane Panembahan Sekarjati karo tangane kumlawe ngampleng praupane Rangga.
Rangga dudu reca sing mung bisa meneng,
sanadyan kumlebating tangane Panembahan Sekarjati prasat luwih kebat tinimbang
kilat, nanging Rangga luwih prayitna, tangane sing kiwa cukat nyaut lengene
Panembahan Sekarjati banjur diglandhang digawa mlayu metu menyang plataran.
Panembahan Sekarjati sing ora ngira yen Rangga bisa tumandang kaya ngono kuwi,
kaget. Ora krasa Panembahan sing sekti mandraguna kuwi kaya bocah cilik, manut
wae digalandhang Rangga tumuju plataran, sing karo kandha :
"Nek ndika ngajak dolanan aja neng
pendhapa Raden, ayo neng latar wae papane luwih jembar lan luwih kepenak nek
kanggo gojegan".
Wong-wong sing ana kono, Ki Jatikuning
sakancane uga wong-wonge Panembahan Sekarjati banjur padha mlayu nusul menyang
plataran Padhepokan.
ana candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar