SENDHANG MUSTIKANING WARIH IV
kacariyosaken malih dening : Rust Luh
Getih.
98.
Ora suwe sabanjure plataran Padhepokan
kuwi wis dadi limang kalangan paprangan. Panembahan Sekarjati ngadhepi Rangga,
Panembahan Ciptarasa dadhepi dening Marga, Panembahan Timur mungsuh Ki
Jatikuning, Arya Palindhih ngadhepi Wasi Wisapati lan Janggan Kumala
adhep-adhepan karo Kunthing. Panembahan Sekarjati aweh sasmita marang rowange kabeh
supaya padha nggunakne ngelmune dhewe-dhewe, lire ngelmu sing wis tataran
dhuwur. Kanthi mangkono bisa ngirit wektu, jalaran Panembahan Sekarjati duwe
pangira yen satemene tekane Ki Jatikuning sakancane kuwi ora mung lima kaya
sing katon neng mata, nanging kaya sing dikabarake dening Sampan Telik sandine
yen Prajurit Mataram sagelar sepapan sing dipandhegani Tumenggung Candrasanata
wis dicawisake kanggo nglurug menyang Kluwihan.
Nglemu-ngelmu kanuragan tataran dhuwur wis
padha digunakne dening Wong-wong Kluwihan apa dene Ki Jatikuning sakancane.
Sampan, Telik sandi Kluwihan sing mau uga melu sapajagong ana pendhapa tumuli
mlayu ngabari kanca-kancane yaiku para cantrik Kluwihan supaya padha metu saka
papane paleremane yen ing plataran wis dumadi perang rame. Sampan uga mrentahne
supaya para cantrik siaga ing dhiri aweh bebantu marang para gurune sing lagi
ngadhepi mungsuh. Ora suwe sabanjure, para cantrik wis metu kabeh komplit karo
gegamane dhewe-dhewe ngepung plataran Padhepokan. Nanging ora ana sing wani
nyedhak, jalaran ora padha kepengin mati konyol merga kesamber ngelmune sing
lagi padha perang tandhing.
"Keparat kowe Rangga" kandhane
Panembahan Sekarjati sing isih ngremehne kanuragane Rangga, bocah nom sing miturut
Panembahan sing wis rada tuwa kuwi mokal duwe ngelmu kanuragan sing wis
sampurna, nanging katon tatag ngadhepi tandange "satemene aku isih duwe
rasa pangeman marang kowe, ngelingi nek umurmu durung sepiroa, nanging merga
anggonmu wis gumendhung neng ngarepku, ya kapeksa dina iki bakal tak puthes
tekan semene wae nggonmu urip neng donya".
"Aku semono uga Panembahan"
wangsulane Rangga karo ngguyu ngece "jan-jane ngono wong tuwa kaya kowe
kuwi wis wayahe golek dalan padhang kanggo sangu kanggo urip neng alam
kalanggengan, upama kowe gelem manut disowanke neng ngarsane Panembahan
Senapati, kowe mesthi dimulyakne ing papan sing tentrem, ya kuwi panggonan
kanggo teki-teki nyedhak lan nyaket marang Gusti. Nanging gandheng kowe milih
nuruti hardhaning hawa nafsumu, ya kapeksa olehku ngelingne kudu ndadak nganggo
babak belure ragamu luwih dhisik".
"Setan Alas" Panembahan
Sekarjati misuh karo wiwit ngirimne serangan sing banget mbebayani marang
ragane Rangga. Serangan sing dilandhesi ngelmu lan aji njaya kawijayan sing wis
dhuwur tatarane. Arang ana wong sing kuwawa nadhahi serangane Panembahan
Sekarjati sing kaya mangkono kuwi, ya iku ngelmu pamupuh sing kejem lan
nggegirisi, aja maneh nganti ngenani peranganing awak sing dituju, lagi
kesababan wae wis bisa ndadekne manungsa wantah lumpuh tanpa daya. Nanging sing
diserang Panembahan Sekarjati kuwi Rangga, nom-noman sing ngelmune ora bisa
dijajagi. Mula pangabarane Panembahan Sekarjati bisa diladeni kanthi becik. Serangan
sing ora ana kendhate kaya geni tumper sing ewon akehe kuwi bareng ditamakne
marang Rangga babar pisan ora ana tilase, kabeh bisa digawe muspra dening
Rangga sing uga wis nggunakne ngelmune. Panembahan Sekarjati sansaya nesu
banjur ngundhakne tataran ngelmune, Rangga ngladeni kanthi cara sing padha mula
paprangan antarane Rangga lan Pangarsaning Paguron Kluwihan kuwi sansaya suwe
dadi sansaya rame. Ragane wong loro sing adu kasekten kuwi wis ora kena disawang
nganggo mripat wantah maneh, wis ilang kabuntel dening wewayangane dhewe-dhewe
sing tuwuh saka cepet obahe ragane. Para cantrik sing ngulati saka kadohan dadi
padha sumlengeren, eram wor lan rasa giris sing nggtremet ana dhadhane.
Ora adoh saka papane Rangga lan Panembahan
Sekarjati adu katiyasan, Panembahan Ciptarasa wis nggunakne pusaka piyandele
sing wujud Tasbeh mutiara. Neng tangane Panembahan Ciptarasa tasbeh sing wujud
Mutiara direntengi ngemba kalung sing dawane kira-kira saasta kuwi, dadi barang
sing banget mbebayani. Tesbeh kuwi nyamber-nyamber kaya manuk srikatan ngarah
marang ragane Marga. Suwarane kaya suwara lesus sing lagi pinusus ngiringi
pedhote cleret taun ing mangsa labuh. Malah wujude tasbeh uga wis dadi rerupan
putih kaya perak sing mbalerengi saking cepete anggone ngobahne . Marga wis ora
duwe pilihan liya kajaba kudu ngimbangi serangane Panembahan Ciptarasa sing
mbebayani kuwi, sarana nglolos lan wiwit nyeblakne cemethi piyandele. Yen
suwara mubenge tesbeh sing dicekel dening Panembahan Ciptarasa kaya suwara
lesus sing ngiring pedhote Cleret tahun, mangka seblakan pecute Marga nuwuhake
suwara banter kaya bledheg sing luput nggone nyamber mangsa.
"Wasis kowe nyolahne pecut he bocah
nom-noman" kandhane Panembahan Ciptarasa ing sela-selaning obahe
"sapa jenengmu lan sapa gurumu, eman yen nganti kowe mati ora kaweruhan
jenengmu".
"Lumrah wae Panembahan" wangsulane
Marga keprungu sareh wae "jenengku Marga, pangon sapine Ki Demang
Kedhungtuwung. Panembahan dhewe ngagem asma sapa?".
Panembahan Ciptarasa gumuyu banter krungu
wangsulane Marga, kandhane :
"Pangon Sapine Demang Kedhungtuwung?
Pantes yen kowe wasis ngunekne pecut Jedheran ngono kuwi. Dina iki drajatmu
temen-temen wis kaangkat Marga, ing
atase kowe mung drajating Pangon Sapi nanging wis adu arep karo Panembahan
Ciptarasa ing tengahing palagan, satemene eman yen tanganku kudu reged merga
getihe wong pidak pejarakan kaya kowe".
"Aja rumangsa mlorot drajat ndika
Panembahan" wangsulane Marga karo mesem "ndika anggep wae yen lagi
arep nyablek mrutu, ndika ngadhepi aku. Satemene aku bocah angon iki uga ora
seneng kok kerengan karo Panembahan, gandheng jebul ana menungsa wani nganggo sebutan Panembahan nanging tuturane
angel ngluwihi sapi, ya kapeksa tak gitiki kaya nek aku ngenggaki sapiku sing
ngebyong tanduran".
"Iblis laknat" Panembahan Ciptarasa
nesu banjur nggetak "Marga, lambemu rusak, omonganmu waton njeplak. Sida
tak suwek-suwek cangkemu mengko!".
"Mangga Panembahan" wangsulane
Marga karo ngguyu ngece "nanging sing ngati-ati lan aja nganti kleru, aku
kuwatir dudu cangkemku sing ndika suwek, nanging malah tutuk ndika dhewe sing
kebacut mingkem ora bisa dibukak?".
Panembahan Ciptarasa dadi sansaya nesu,
praupane dadi abang kaya kembang wora-wari, untune gemrutug saking nesune. Ora
taha-taha maneh banjur nerusne nggonne ngrangsang lan nerjang Marga, ngelmune
wiwit mrambat munggah klwan cepet. Ubenge tesbeh dadi sansaya seser, kairing
tanaga kang kasurung hawa murni saka dayaning aji jaya kawijayan sing sansaya
dhuwur tatarane. Marga tanggap yen mungsuhe wis ngundhakne tataran ngelmune,
ora ana pilihan liya tumrape Marga kajaba kudu ngladeni sarana melu ngunggahne
tataran ngelmune uga. Mangka paprangan antarane Panembahan Ciptarasa karo Marga
iku dadi sansaya nggegirisi. Ora arang sabetane upat-upat pecute Marga nanggor sabetan
puseran tesbeh, banjur nuwuhake suwara jumeglug. Wong loro padha kontale
memburi, banjur wiwit padha bali ngirimne serangan marang mungsuhe. Suwara
gumuruh sing metu saka ubenganing tesbeh ing tangane Panembahan Ciptarasa dadi
sansaya banter, sedhela-sedhela diselani suwara jumedhor saka seblakan pecute
Marga. Para cantrik Paguron Kluwihan sing weruh saka kadohan sing maune arep
melu nrambul dadi wurung, kabeh padha giris, ora sida padha nyedhak.
ana candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar