SENDHANG MUSTIKANING WARIH IV
kacariyosaken malih dening : Rust Luh
Getih.
99.
Ing kalangan sisihe, wong telu maju
mungsuh wong telu. Yaiku Panembahan Timur, Wasi Wisapati lan Janggan Kumala
adhep-adhepan karo Ki Jatikuning, Arya Palindhih lan Tumenggung Kunthing.
Pranyata wong trelu agul-agule Paguron Kluwihan kuwi ora kulina perang cara
pasang-pasangan, beda karo para murid-muride Patih Mandaraka sing kulina nempuh
perang brubuh. Suwe-suwe wong-wong Kluwihan kuwi milih musuh dhewe-dhewe, dadi
banjur dadi perang tandhing lumrah siji musuh siji. Panembahan Timur wis
munjerne kawigatene marang Ki Jatikuning dhewe, Wasi Wisapati milih mungsuh
Tumenggung Arya Palindhih lan Janggan Kumala adhep-adhepan karo Tumenggung
Kunthing. Paprangan banjur mlaku sansaya rame.
Kaya sing disasmitakne dening Panembahan
Sekarjati, wong telu andel-andel Paguron Kluwihan kuwi uga wis ngecakne ngelmu
sing manggon ing tataran dhuwur. Panembahan Timur wis ngliga keris pusaka sing
katon murup ana gegemane. Saka keris pusaka kuwi ngetokne perbawa hawa panas
sing kagila-gila, sing ndadekne kahanan kono krasa kaya ing cedhak kawahing
gunung sing lagi umub. Nanging Ki Jatikuning nyata tilas senapati pinunjul
Mataram, weruh yen mungsuhe ngetokne keris pusaka kang ngemu perbawa, Ki
Jatimuning uga banjur nimbangi klawan ngunus keris pusaka peparinge Ki
Jurumartani sing jeneng Kyai Udanmas. Ora kalah ampuhe keris Udanmas karo keris
pusakane Panem bahan Timur, Kyai Udanmas
uga ngetokne daya pangaribawa, ana hawa adhem sing tansah nututi hawa panas
sing metu saka pangabaran pusakane Panembahan Timur. Mangka perang antarane
Panembahan Timur mungsuh Kyai Jatikuning kuwi dadi sansaya nggegirisi.
Ora kalah ramene karo sing ana sisihe,
Wasi Wisapati sing cukat trengginas klawan tumbak pusaka neng tangane, ora ana kendhate tansah nerjang
lan nyerang Arya Palindhih sing gegaman pedhang. Wong loro padha dene duwe
kaluwihan cukat lan trengginas. Nanging Arya palindhih muride Ki Patih
Mandaraka kuwi luwih menang ing babagan kawruh perang, ndadekne pangamuke Wasi
Wisapati ora pati ana asile. Kabeh serangane bisa ditangkis kanthi becik utawa
diendhani dening Arya Palindhih.
Janggan Kumala sing tumbake ketok murup
mripate lan tansah ngarah marang dhadhane Kunthing, jebul ketanggor. Kunthing
nadyan katone meneng, jebul ora pati duwe rasa sabar. Pucuk pedhang tipis sing
ana tangane ora gelem leren ngubengi ragane Janggan Kumala, malah wis bola bali
pucuk pedhang kuwi kasil nggarit gegere
Janggan Kumala. Sanadyan kena diarani tatu sing ana geger lan lengene kuwi
babar pisan ora ndrawasi marang kaslametaning jiwane, nanging wis ndadekne
Janggan Kumala sansaya kaya kobong rasaning jantunge saking nesune.
"Setan keparat" Janggan Kumala
mencolot memburi kanggo ngedohi Kunthing karo guneman banter "aja girang
gumuyu dumeh kwe wis bisa gawe tatu ing kulitku. Sedhela maneh bakal tak gawe
picak mripatmu lan tak sunduki jantungmu, merga saka degsuramu marang Janggan
Kumala. Ayo ngakuwa sapa aranmu sadurunge mencelat nyawamu".
"Rungokna Kumala, jenengku Kunthing
sapukawat pangarite Ki Demang Kedhungtuwung" wangsulane Kunthing "aja
ndadak ewuh pekewuh, sing kok adhepi mung tukang ngarit, ayo suntaken aji jaya
kawijayanmu, ora-orane nek arep tak tinggal mlayu".
Janggan Kumala tumuli nata napase lan
wiwit ngecakne aji Pegawisa sing dadi andel-andele. Saka mripat tumbake Janggan
Kumala tumuli katon murup abang kaya geni tumper saka pucuke metu kukus kumelun
sansaya suwe sansaya gedhe, Kukus abang semu ireng sing nggawa hawa panas
kagila-gila kaimbuhan ganda langu campur badheg ora karuwan.
Meh bareng karo Janggan Kumala matak aji
Pegawisa, Wasi Wisapati uga wis ngecakne puncak ngilmune yaiku aji
Sarpasaleksa. Tumbak sing dicekeli, dumadakan ngetokne suwara ngakak kaya suwarane
ula gedhe sing lagi luwe. Ilang mripate tumbak, sing katon ganti ula welang
sing nyander-nyander, ngempros, nyembur, nyander-nyander mungsuhe. Arya Palindhih
kadheseg memburi lan terus ditututi dening Wasi Wisapati, karo ula welang sing
nyembur-nyemburne wisane. Nalika Arya Palindhih terus kadheseg mundur, kahanane
Kunthing uga ora pati beda. Kunthing uga katon kethetheran katempuh dayaning
Aji Pega Wisa sing wis ndadekne perih lan pedhesing mripat lan ambegan dadi
sesak. Kunthing jempalikan mundur ngendhani sempyokaning pega mawa wisa.
Ki Jatikuning sing nglirik papane Kunthing
lan Palindhih sedhela, weruh sedulure tunggal guru katon kadheseg Ki Jatikuning
rada nratab atine.
"Ha....ha ...ha...." dumadakan
keprungu guyune Panembahan Timur sing disambung karo guneman "dina iki
atiku lagi rada seneng Jatikuning, patimu rada tak undur sedhela, kowe isih tak
wenehi wektu kanggo nyawang kancamu loro kuwi disunduki jantunge nganggo
tumbake Janggan Kumala apadene Wasi Wisapati, yen wis lagi jantungmu genti sing
arep tak sudhet nganggo keris sing tak gegem iki ha ha ha ha.....".
"Tutugna dhisik olehmu gumuyu
Panembahan" Ki Jatikuning wangsulan "yen wis rampung olehmu ngguyu
tatanen atimu, mbok menawa dina iki watesing uripmu".
"Setan kowe Jatikuning"
Panembahan Timur nggetak karo misuh
banjur nrajang marang Ki Jatikuning, kaya obahing kilat kerise lurus ngarah
menyang dhadha.
Nanging Ki Jatikuning luwih waspada, awake
diiringne rada maju sethithik, karo kerise dibabatne menyang kerise mungsuhe.
Wilah ketemu wilah, dhasare padha dene keris sing ampuh, temah nuwuhake
pletikan geni ngiringi suwara jumlegur. Luput panyerange Panembahan Timur,
adege malah dadi oling, disusul sikile Ki Jatikuning obah nyadhuk pas pulung
atine. Panembahan Tikmur kontal memburi limang jangkah, mutah getih ireng, sempoyongan banjur ambruk neng lemah karo
mbengok banter, kejet-kejet sedhela
banjur meneng kanggo selawase. Panembahan Timur mati karo keris isih ana gegeman.
mBarengi karo rubuhe Panembahan Timur,
Kunthing sing mau jempalikan memburi wis bisa ngecakne ngelmu pedang piyandele,
yaiku Jurus Pedhang Kumbang Setaman. Pedhang tipis neng tangane katon dadi
sapirang-pirang bareng obah, nempuh pega sing metu saka tumbake Janggan Kumala.
Jangga Kumala kaget weruh pedhang sing sapirang-pirang ngendheg lakuning pega
wisane, nanging wis kasep sadurunge Janggan Kumala nemokne cara kanggo nembus
pedhange mungsuh, Kunthing wis luwih dhisik ngarahne pucuk pedhange, sinartan
kekuwataning hawa murni sing sawutuhe pedhange Kunthing ambles njebol jantunge
Janggan Kumala.
"Adhuh mati aku" Janggan Kumala
mbengok, bareng karo pedhange Kunthing dijabut Janggan Kumala rubuh neng lemah
dadi lan patine.
Kaya sing dialami Kunthing, karo mundur
Arya Palindhih uga ngecakne aji jaya
kawijayane. Sawuse rada adoh karo mungsuhe, Palindhih wis bisa nata
kekuwataning ajine. Karo nyebut asmaNe Gusti, Palindhih mlumpat maju karo muter
pedhange, Wasi Wisapati sing ora ngira yen Palindhih bisa mlumpat maju kanthi
cepet, ora kober endha nalika tumbake sing wujud ula welang kuwi dumadakan
dibabat nganggo pedhane Palindhih sing dilandhesi kekuwatan hawa murni sing
metu saka dhasaring atine. Tumbak neng tangane Wasi Wisapati mencelat ucul saka
gegeman, lan sadurunge Wasi Wisapati kober njupuk tumbake sing mencelat, pucuk
pedhange Palindhih luwih dhisik bisa nyuwek dhadhane lan nembus jantung.
Wisapati mbengok, mripate mlilik, panyawange dadi peteng banjur rubuh koncatan
nyawane.
Wong telu Muride Ki Patih Mandaraka kuwi
padha nyawang mungsuhe sing wis padha dadi bangke, banjur padha sawang-sawangan
padha kancane. Gegamane banjur padha diresiki, dilebokne menyang wrangkane.
Banjur mlaku nyedhaki papane Rangga lan Marga sing uga lagi perang tandhing mungsuh
Panembahan Sekarjati lan Panembahan Ciptarasa.
ana candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar