SENDHANG MUSTIKANING WARIH IV
kacariyosaken malih dening : Rust Luh
Getih.
100.
Ngerti kancane telu wis padha rubuh
koncatan nyawa Panembahan Sekarjati sansaya muntab kanepsone, kepengin genti
males marang wong-wong sing wis gawe patine kanca-kancane kuwi. Nanging Rangga
ora bisa ditinggalne, malah Pangareping Paguron Kluwihan kuwi sansaya digawe
pegel atine, kabeh ngilmu sing dicakne ing perang tandhing iki prasasat muspra
ditamakne marang Rangga, jalaran ajeg Rangga bisa nimbangi kabeh
pangabarane. Luwih panas atine
Panembahan Sekarjati nalika kober nglirik ing kalangan sisihe, Panembahan Ciptarasa
uga durung bisa ngrampungne gaweyane, mung mungsuh nom-noman sing durung duwe
jeneng ing jagading kanuragan wae jebul Panembahan Ciptarasa ora beda karo
kahanane sing uga durung bisa ngalahne Rangga.
Pancen wektu kuwi, Panembahan Ciptarasa
wis ngecakne tataran ngilmu kanuragan lan aji jaya kawijayan sing dhuwur dhewe,
nanging jebul Rangga sing ngaku mung pangon sapine Demang Kedhungtuwung kuwi
babar pisan durung katon bisa kadheseg mundur malah suwara pecute sing wiwit
ora nyuwara kuwi jebul luwih mbebayani tinimbang yen nyuwara gumleger kaya
bledheg sing nyamber. Saben-saben Marga nyeblakne pecute sing mung nyuwara kaya
bocah cilik nyabet wedhuse ngana kae, jantunge Panembahan Ciptarasa kaya arep
rontog-rontoga. Sansaya kerep Marga nyeblakne pecute, sansaya adoh Panembahan
Ciptarasa kadheseg mundur .
Dumadakan tanpa kawruhan sangkane, ing
papan kono wis jumedhul macan gembong cacah papat sing nggero-nggero arep
nubruk Marga. Gageyan Marga tumandang, salah sijine macan gembong sing cedhak
dhewe karo panggonane disabet nganggo pecute. Macan Gembong kuwi mlumba
ngendhani, panyabete Marga luput. mBarengi kuwi Panembahan Ciptarasa nyamberne
tesbehe ngarah sirah. Tujune Marga isih bisa ngendhani, temah sirahe ora sida
pecah kesamber tesbeh sing obahe disurung dening aji jaya kawijayan linuwih
saka hawa murnine Panembahan Ciptarasa. Najan mangkonowa, Marga kapeksa kontal
memburi lan tiba kajengkang neng lemah nalika dheweke ngendhani samberan tesbeh,
sikil tengene Panembahan Ciptarasa kober nyadhuk pas ngenani lambunge. Mung
tujune wektu kuwi Marga wis ngecakne aji Tamengwaja, dadi nadyan awake kontal
memburi nanging panyadhuke Panembahan Ciptarasa ora bisa mlebu tekan jeroning
lambunge, mung kandheg ana jaba.
"Ana Bajul ngambang neng Kali Tuwung,
Marga!" dumadakan saka kalangan sisihe Rangga mbengok banter "gage
gusahen nganggo klaras kobong!".
Marga mesem krungu pambengoke Rangga ngono
kuwi, Marga kelingan nalika ing Kali Tuwung diajak guyon dening Ki Darim klawan
wewayangan semu sing wujud baya kumambang ing banyu. Marga dadi ngerti nek
macan-macan sing ngepung dheweke kuwi mung wewujudan semu sing direka dening Panembahan Ciptarasa. Karo
tangi lan pasang kuda-kuda kanggo ngadhepi serangane mungsuhe Marga babar pisan
ora kengguh karo panggerone macan gembong papat sing ngepung dheweke.
"Setan alas" Panembahan Ciptarasa
misuh, bareng weruh Marga wis ora kengguh dening ngelmu wewayangan semune .
"Ana apa Panembahan? Macan-macanmu
jebul ora duwe untu lan kuku ta? tiwas aku mau wedi nek kena cakarane"
kandhane Marga nanggapi pisuhane Panembahan Ciptarasa.
"Aja kesusu bungah kowe Marga"
wangsulane Panembahan Ciptarasa karo nggetak. Panembahan Ciptarasa mletik
mendhuwur jungkir walik ing awang-awang .
Nalika sikile bali ngidak lemah, ing kono wis ana Panembahan Ciptarasa sing
cacah lima, iya Panembahan Ciptarasa dadi kembar lima. Kabeh nyekeli tesbeh lan
padha pencolotan obah dhewe-dhewe ngepung Marga.
"Aji Kiblat Papat" Marga guneman lirih . Pancen bener apa sing
diucapne Marga, wujud Panembahan Ciptarasa sing kembar lima kuwi dudu
wewayangan semu, nanging nyata, dayane aji Kiblat Papat sing dicakne dening
mungsuhe. Mung wae, sanajan cacahe Panembahan Ciptarasa ana lima, nanging
punjere ya mung siji, sing papat sajroning kendhaline Panembahan Ciptarasa sing
aseli. Marga tumuli matak aji peparinge Ki Tanparupa sing jeneng Aji Sasra Panggaraita.
Kanggo ngaweruhi endi Panembahan Ciptarasa sing aseli lan endi dumadi saka aji
Kiblat Papat, Marga ora bisa nggunakne panduluning mripate, nanging klawan aji
Sasrapanggraita, Marga dadi ngerti ing ngendi mapane Panembahan Ciptarasa sing
aseli.
Sauntara kuwi, Panembahan Sekarjati sing
sansaya kethetheran ngadhepi Rangga banjur duwe pikiran sing licik. Dumadakan
Pangarsane Paguron Kluwihan kuwi ngrogoh kanthong gedhe sing ditalekne ing
lempenge, bareng didudut metu, saka tangane banjur akeh peso-peso cilik sing
mencelat ngarah pernahe Ki Jatikuning, Arya Palindhih lan Kunthing. Rangga
kaget kaworan gumun ngerti cara sing ditempuh Panembahan Sekarjati kanggo mecah
kawigatene kuwi. Pancen Panembahan Sekarjati duwe karep mateni Ki Jatikuning,
Arya Palindhih lan Kunthing sarana disawat nganggo peso-peso cilik sing dadi
piyandele, mumpung wong telu kuwi lena merga katungkul nyawang anggone perang
tandhing dheweke mungsuh Rangga lan Marga mungsuh Panembahan Ciptarasa. Petunge
Panembahan Sekarjati, yen wong telu kuwi dumadakan mati, Rangga lan Marga
mesthi kaget lan bisa dilena. Nanging, jebul petunge Panembahan Sekarjati
kleru, wong telu murid-muride Patih Mandaraka kuwi jebul tansah samekta ing
sawayah-wayah. Mula nalika ana kumlebating peso sing disawatne dening
Panembahan Sekarjati, wong telu kuwi kanthi gampang bisa ngendhani.
Ngerti yen panyawate luput, Panembahan
Sekarjati sansaya muntab kanepsone, banjur ngecakne aji jaya kawijayan sing
dhuwur dhewe, yaiku aji panglemunan. Dumadakan Panembahan Sekarjati ilang saka
panyawange Rangga lan wong liyane. Ngerti-ngerti Rangga tiba kajengkang neng
lemah, merga kena sadhukan sikile Panembahan Sekarjati saka Alam
Panglemunan. Tujune, padha karo Marga
Rangga uga wis mageri awake nganggo aji Tamengwaja, dadi sadhukane Panembahan
Sekarjati ora mbebayani marang kaslametaning jiwane. Nanging Rangga dadi nesu ngerti tandange
Panembahan sing rusuh ngono kuwi, banjur ngecakne aji Sasrapanggraita kanggo
meruhi papane mungsuhe binarengan karo matak aji Lebur Sakethi sing ditampa
saka Korine Pangeran Surawiyata. Panembahan Sekarjati sing ora ngerti yen
pandhelikane ing Alam Panglemunan wis dingerteni mungsuhe kuwi, dipupuh sirahe
dening Rangga sing wis ngecakne aji Lebur Sakethi. Tanpa bisa sambat,
Panembahan Sekarjati rubuh neng lemah kanthi sirah sing wis pecah, mati padha
sakala.
Bareng karo rubuhe Panembahan Sekarjati,
Marga sing uga wis ngaweruhi wujude Panembahan Ciptarasa sing sejati, nibakne
pecute linandhesan aji Panglebursatru. Upat-upat pecute Marga nggubed gulune
Panembahan Ciptarasa, banjur disendhal kaya panyendhale wong mancing. Panembahan Ciptarasa tiba neng lemah
kanthi gulu sing kejiret banjur keseret dening sendhalane Marga, Panembahan
Ciptarasa ora bisa sambat, mati sanalika.
Weruh para penggedhene wis padha mati,
cantrik-cantrik Kluwihan padha meneng ora wani obah. Malah akeh sing banjur
ndheprok neng lemah nyelehne gegamane. Ki Jatikuning banjur mara nyedhaki
cantrik-cantrik sing wis kentekan ati kuwi karo kandha :
"Para sedulur, ndika kabeh ora prelu
wedi. Ndika ora bakal dikatutne dosane Panembahan Sekarjati lan wong-wong sing
wis padha ngundhuh pakartine kae. Nanging ana sarate, yaiku : ndika kabeh kudu
blaka, omong apa anane sawayah-wayah ana pitakonan saka Senapati Mataram sing
bakal teka ana kene. Kepriye ndika padha saguh apa ora?".
"Inggih Kyai, kula ndherek"
cantrik-cantrik kuwi padha wangsulan saur manuk.
"Sabanjure kepriye Paman Tutug?"
dumadakan Rangga karo Marga wis ngadeg ana sandhinge Ki Jatikuning.
"Ketingalipun pedhut ingkang
nutupi Kademangan Kedhungtuwung sampun
sumilak, anyarengi sirnanipun Raden Gumiwang, Raden" wangsulane Ki
Jatikuning .
"Yen mangkono, mangsa borong nDika
karo Kakang palindhih lan Kakang Kunthing nggone bakal ngrampungne perkara iki
sawayah-wayah Paman Pangeran Singasari lan wadya bala Mataram sarta Prajurit
Kademangan Kedhungtuwung teka ing kene. Aku karo sedulurku arep nerusne laku,
nindakne dhawuhe Kanjeng Eyang Patih Mandaraka, nglari Sendhang Mustikaning
Warih sing manggon ana perenging Gunung Lawu. Ora liwat aku njaluk tulung,
pamitna marang Demang Kedhungtuwung lan Para Bebau lan Jagabayane. Lan yen
kapeksa ndika ngandhakne marang Paman Pangeran Singasari yen aku kober mampir
ing kene, aturna pangabektiku marang panjenengane lan suwuna pangapura kanggo
aku lan sedulurku Marga".
Ora nunggu wangsulan Rangga banjur njawil
Marga. Mung saklebatan nom-noman loro kuwi banjur mencolot, mlayu kanthi aji
sepi angin ninggalne Ki Jatikuning sakancane.
sigeg.
telas rinakit ing sanggar maladi hening,
Kamis Legi selikur Mulud 1955 Alip. 28 Oktober 2021.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar