Total Tayangan Halaman

Rabu, 27 Oktober 2021

MAWAR BIRU ING PINGGIR JURANG 01

 

MAWAR BIRU ING PINGGIR JURANG

cathetan cekak kanggo ni made siti asih

 

dening : Bapakne Lintang

 

1.

 

Wektune wis ngarepne surup, mendhung peteng nutupi langit, Bagus nglebokne mobil tuwa kancane nyambut gawe golek sandhang pangan saben dinane nyang garasine. Sadurunge mudhun, saka mobile Bagus ngrogoh sak clanane jeane sing wis mbladhus rupane. Ngetung dhuwit oleh-olehane nyambut gawe wiwit sadurunge mlethek srengenge mau. Satus telung puluh lima ewu repis. Gawan saka omah mau selawe ewu, dadi asil olehe nyambut gawe sedina iki mau kabeh satus sepuluh ewu.

"Alhamdulillah.........." alon-alon lambene ngucap sukur marang Pangeran. Wingi sore Karmini, bojone, ngandhani nek kanggo dhaftar ulang anake mbarep sing wiwit mlebu SMA mbutuhne dhuwit telungatus selawe, komplit sasragame.

"Teng edharane disebutne paling lambat tanggal tiga lho Mas" kandhane Karmini sawuse omong butuhe dhuwit kanggo dhaftar ulange Arka, anake lanang sing mbarep kuwi.

"He eh" wangsulane Bagus karo mapan ngglethak, nglurusne balung sawise sedina utuh lungguh neng jog mburi setir angkotane "kuwi sing seket sisihna dhisik, mengko kurange digolekne karo mlaku. Wong iki isih tanggal rolikur, muga-muga disisihna saben dina nek wis pas mbayar bisa cukup".

"Enggih" wangsulane Karmini "kula tak ndelok Tipi riyin nggih Mas?".

"Ya" Bagus wangsulan ora karo ngingeti bojone, merga kaselak kepengin bisa leren.

Bubar ngetung dhuwit oleh-olehane, sing selawe dijupuk maneh disisihne arep kanggo tuku bensin sesuk. Banjur mudhun mlaku mlebu omah. Iya mlebu omah, omahe maratuwane. Pancen Bagus kuwi dadi siji karo Maratuwane, jeneh Karmini kuwi ora duwe tunggal lan mara tuwane Bagus sing lanang wis ora ana sadurunge Bagus dadi mantune.

"Assalamu'alaikum, Bapak datang......." karo njangkah mlebu omah Bagus uluk salam. Wis dadi pakulinan wong saomah kuwi nek teka saka lunga, mbuh sekolah mbuh kerja, kulina uluk salam.

"Salam....." ana suwara wangsulan, Mak Jiyah metu saka kamare sing gandheng karo ruang tamu, mbagekne tekane mantune, karo pitakonan "kok ngantos serap ta Pakne Arka?"

Wiwit durung dadi mantune Mak Jiyah kuwi nek karo Bagus ajeg nganggo basa krama, merga Bagus kuwi temene ngono isih putrane nDara Asper Adm. Perhutani, titele wae isih nganggo sebutan Raden. Lha Mak Jiyah kuwi mung wong cilik, dadi wiwit Bagus isih bocah Mak Jiyah kuwi nek karo Bagus kudu basa, ben ora diarani wong ora duwe duga.

"Inggih mBah" wangsulane Bagus, Bagus ki nek nyeluk maratuwane "mBah" merga mbasakne anak-anake "Lha ibune Arka napa tasih teng pawon?".

"Enggih, criyose wau kelalen angsale ajeng nggodhog toya, nek Arka kalih Indri empun budhal ngaji".

Bagus wis ora nyauti maneh, banjur bablas mlebu kamare. Njupuk salin arep mangkat adus menyang sumur, pancen kamar mandhi omah kuwi manggone cedhak sumur, dadi nek ngarani ya adus nyang sumur ngono wae. Lagi wae, Bagus arep jumangkah metu, Karmini mlebu kamar marani.

"Badhe terus siram ta Mas?" Karmini takon.

"Iya, selak kedhisikan udan mengko" wangsulane Bagus karo arep terus mlangkah.

"Sekedhap toyane panas kula soke teng ember riyin" Karmini semaur karo mbalik metu ningalne kamar.

"Wis tak angkate dhewe wae, rak isih neng dhuwur pawon ta?" Bagus takon.

Karmini ora semaur merga wis luwih dhisik mlaku tekan pawon lan ngesokne banyu panas saka ketel sing lagi wae diobori nganggo kayu obong neng pawon, menyang ember . Bagus banjur nututi,  ember isi banyu panas banjur dicangking digawa menyang kamar mandhi arep dienggo adus.

Durung nganti Bagus mlebu kamar mandhi, Kenthongan Masjide Kyai Anas wis ditabuh banter, disusul suwara adzan sing keprungu endah, kepenak dirungokne kuping. Bagus apal suwara adzan kuwi suwarane anake lanang, Arka Bismantaka. Bagus mandheg ora sida mlebu kamar mandhi, ngenteni olehe adzan anake rampung. Jroning atine tuwuh rasa seneng lan rumangsa sukur marang Pangeran, dene nadyan awake dhewe durung bisa sembahyang kanthi tertib jama'ah neng masjid, kegawa saka repote nandangi gaweyan, malah sok-sok ya gothang barang, nanging anake lanang sing lahir mbarep sregepe ngibadah ora karuwan. Wiwit isih neng SD nganti saiki arep mlebu SMA prihatine gedhe, kerep nglakoni tirakat pasa senin kemis lan pasa-pasa sunah liyane. Saben sore saben bubar shalat magrib banjur nyuwun wulang ngaji marang Pak Kyai Anas. Sepisan maneh Bagus ngaturne panuwun marang Pangeran, dheweke sing ora tau ngerti rupane alip bengkong, diparingi turun sing sregep lan pinter ngaji.

Rada suwe keprungu suwara iqamat, Bagus lagi rampung olehe adus. Banjur sembahyang dhewe ana omah. Neng jaba suwara gludhug banter sesautan rame. Bubar sembahyang wis ditunggu Karmini sing lungguh ana kursi ngadhep meja sing kulinane dienggo mangan. Neng kono wis cemawis wedang kopi pahitan karemane. Bagus mapan lungguh neng kursi, banjur takon :

"Kanggo bocah-bocah wis disisihne? Lha mBahe wis diaturi dhahar pa rung ?" pitakonan ngene iki meh saben sore tansah diucapne dening bagus marang bojone.  Lan Karmini ora tau bosen mesthi banjur semaur :

"Sampun".

Bagus nyandhak tudhung saji sing kanggo tutup panganan neng meja, nanging banjur nyawang bojone karo sunar mripat kebak tandha pitakon. Polatane katon yen lagi rada kaget.

"Wonten napa Mas?" Karmini sing rumangsa disawang suwe dening sing lanang banjur takon.

"Ayo mangan pisan bareng aku!" wangsulane Bagus . Ora semaur Karmini uga banjur nyandhak piring njupuk sega kanggo awake dhewe. Nek bagus kuwi wiwit biyen ora seneng dijupukne, pilih njupuk lan imbuh dhewe.

"Saka ngendi iki mau?" Bagus takon maneh sadurunge njupuk lawuhan sing cemawis, olehe arep njupuk ayam goreng diwurungne malah ngalih nyidhuk sambel sing cemawis sak lempere.

"Oh, inggih kula dereng kober criyos" wangsulane Karmini "wau wonten tamu, mbetakne oleh-oleh kangge Panjenengan kalih lare-lare, Nggih niki oleh-olehe sing kangge panjenengan, niku wau mpun kula sisihne kangge Arka kalih Indri, kalih Mak-e nggih mpun kula pilihne sing enten brutune".

"Ya wis" Bagus wangsulan diterusne nganggo pitakonan "sapa ta dhayohe?".

"Mas Tiok kalih mBak Vero, wau bakda ngasar rawuh mriki ngajak putra-putrane".

"Tiok karo Vero gelem mlebu omah kene?" Bagus takon karo suwara dhuwur sanadyan ora pati banter "kowe kuwi nglindur apa ngimpi? apa kupingku sing wis owah? apa sing lagi ngimpi kuwi aku?".

"Sampun ta Mas" Karmini nyedhaki sing lanang karo omong "sak niki dhahar rumiyin kemawon, mangke menawi sampun tuwuk, kula criyosi sawetahipun".

Bagus ora semaur, banjur nutugne olehe mangan. Lawuh ayam goreng babar pisan ora disenggol, pilih njupuk tempe goreng sing cetha nek kuwi tempe gaweyane mara tuwane karo sambel bawang neng layah sing lagi wae diuleg dening Karmini.

 

ana candhake.


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...