Total Tayangan Halaman

Minggu, 25 April 2021

SENDHANG MUSTIKA WARIH II (2)

 SENDHANG MUSTIKA WARIH II


2.


Sanadyan wis direwangi alon-alon nggone ngaton cedhak, ewa samono wong telu sing lagi leren kuwi panggah kaget, nalika Raden Rangga marani papane. Wong telu kabeh nyawang tanpa kedhep lan ketok sansaya pucet praupane. Nalika Raden Rangga manthuk aweh kurmat, wong telu kuwi sajak aras-arasen nimbangi manthuk. Saka soroting mripat, bisa diwaca yen kabeh padha nggembol rasa sujana wor lan rasa wedi marang Raden Rangga. Luwih-luwih bareng ora let suwe Marga nusul karo mondhong buntelan godhong jati, sing terus ngadeg neng sisihe Raden Rangga.


"Paman, Bibi lan Kakang" sawuse rada sawantara mung inget-ingetan Raden Rangga miwiti mbukak omongan "sadurunge aku nyuwun pangapura nek tekaku ing ngarep ndika kabeh wis gawe kaget".


Wong lanang tuwa sing mau watuk-watuk, saiki mung manthuk-manthuk gantine wangsulan marang Raden Rangga sing wis asok kaluputan.


"Nuwun sewu Paman" genti Marga sing omong "sajake ndika iki lagi lelungan adoh ya? Banjur leren neng papan sing sepi iki. Ditepungake wae, aku Marga Tukang Prahu neng Bengawan kene lan iku sedulurku tuwa sing jenenge Rangga".


Krungu Marga ngaku dadi Tukang Prahu, wong telu kuwi nggendhalong, sajak suda rasa sujana lan wedine.


"Bener ngger" wong lanang tua kuwi wuwit gelem semaur "pancen aku sakulawarga iki lagi budhal lelungan adoh. Jenengku Wangsa, iki bojoku jenenge Suti lan iki putuku jenenge Wanda, sokur nek angger iki Tukang Prahu, aku arep njaluk tulung tak kon nyabrangne".


"Nggih Kyai" Marga "nek ndika nembe kekesahan tebih ketingal sanget kok, malah nek boten klentu wau boten panggih wande nggih?  mriki niki pancen boten wonten wande. Kamangka nuwun sewu, ketingale ndika mpun sami radi mbetahne nedha. Najan boten enten wande, nek mung  sadermi kangge ganjel padharan mawon niki wonten, mangga dipun rahabi rumiyin, mengke nek mpun radi seger kula sabrangne ngaler. Ning nggih nyuwun ngapunten namung  Uwi Senggani dibakar,  kalih Wagal mung dibumboni sarem kalih sinom, rasane duka eca duka boten".


Muni ngono kuwi Marga karo nyelehne buntelan sing dipondhong neng ngarepe Ki Wangsa.


"Nek iki ngombene Ki" Raden Rangga masrahne kendhi sing digandhulne neng bangkekane.


Ki Wangsa, Bojone lan Wanda ora enggal wangsulan, malah banjur padha inget-ingetan dhewe-dhewe. Marga tanggap, banjur kandha karo mesem :

"Ki Wangsa, ndika leres, boten gampil pitados dhateng tiyang, langkung-langkung ingkang dereng ndika tepangi saderengipun. Nanging inggih kedah mawi nalar jangkep, lire nggih diunggah udhunke, nek kula gadhah sedya awon dhateng ndika, mpun wau-wau ndika kula damel cilaka, amargi kula lan kakang kula luwih riyin nyumerepi ndika saderenge ndika sumerep kula. Nggih boten?"


Krungu tembunge Marga kang mangkono iku, Ki Wangsa ndhingkluk rumangsa wis salah pangira marang wong sing duwe sedya apik marang dheweke.


"Ndika leres ngger, aku sing luput, wis ngira sing ora-ora marang angger sakloron" kandhane Ki Wangsa rada grathul-grathul.


"Nggih empun, ngga sak niki mrika pados papan sing eyub. Lajeng niku ganjeling weteng saged ditedha" wangsulane Marga.


Wanda putune Ki Wangsa sing umure luwih tuwa sethithik timbang Raden Rangga kuwi sing banjur ngangkat buntelan, banjur ngadeg. Wong telu kuwi ngetutne Marga lan Raden Rangga sing mlaku menyang ngisore wit munggur sing pange ngrembuyung.


"Aja kuwatir yen panganan lan omben iki ana upas utawa racune Ki" kandhane Rangga bareng wis tekan ngisor wit Munggur kuwi "sadurunge ndika pangan lan ndika ombe, ndika sawang tak incipane luwih dhisik".


"Ora, ora ngger" Ki Wangsa groyok wangsulan "aku percaya marang angger sakloron".


Nanging Raden Rangga luwih cepet. Meh bareng karo Wanda nyelehne buntelan sing digawa, Raden Rangga luwih dhisik nyuwil uwi sethithik banjur diemplok dipamah banjur genti nyuwil iwak wagal bakaran diemplok dadi lawuhe, tumuli nyandhak kendhi, diangkat dilangga banyune.


Marga sing weruh tumindake Raden Rangga kang mangkono iku, mung mesam-mesem dhewe. Ki Wangsa, Nyi Suti karo Wanda uga banjur padha mangan lan ngombe pawewehe  Nom-noman loro sing ngaku dadi Tukang Prahu kuwi.


Kaya dimar ublik sing maune kesatan lenga, banjur dijogi. Wong telu sing maune katon alum kuwi, bubar mangan uwi bakar sing dilawuhi wagal bakaran lan diombeni banyu kendhil, sakala katon seger. Polatane uga sajak rada bingar.



Ana Candhake.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...