SENDHANG MUSTIKA WARIH II
3.
Bareng wis rampung anggone padha mangan lan ngombe. Bola-bali Ki Wangsa ngaturake panuwun marang Raden Rangga lan Marga, Tukang Prahu kakang adhi sing nyata becik bebudene. Nyi Suti uga ora kurang-kurang anggone matur nuwun, semono uga Wanda sing katon banget kurmat marang Tukang Prahu loro kuwi.
"Mangke rumiyin Ki Wangsa" bareng rada sela Marga kandha sajak ngalihne rembug "menawi kula angsal ngertos, nDika kabeh niki ajeng kesah teng pundi? Lan enten perlune napa? Ugi griya ndika niku pundi?".
Ki Wangsa katon bingung krungu pitakon sing diucapne Marga kuwi, bathuke njengkerut sajak lagi mikir nata ukara sing arep kanggo aweh wangsulan marang Marga. Nyi Suti ndhingkluk sajak ya bali ruwet pikirane. Raden Rangga sing ngenteni wangsulan saka Ki Wangsa mung bisa nyawang Marga kanthi soroting mripat ngandhakne yen duwe pangira Kulawarga Wangsa iki lagi kesandhung perkara sing angel udhar-udharane.
Wekasane Marga bisa nampa mungguh sepira bruweting pikire wong telu kuwi. Marga banjur nusuli rembug :
"Nggih empun Ki, nek pancen ndika boten purun blaka lan mangsuli pitakon kula, nggih boten napa-napa, wong wangsulan ndika niku nggih boten enten gunane kangge kula. Nek pancen sak kintene wangsulan ndika saged nuwuhake bebaya tumrap ndika sakbatih, nggih empun boten sah diwangsuli mawon pitakon kula wau".
"Boten ngger, boten ngoten" Ki Wangsa groyok wangsulan "boten enten sing mbebayani kalih pitakone angger niku wau. Nanging bares mawon kula niki bingung oleh kula ajeng wangsulan".
"Nggih empun Ki, boten napa-napa" Marga mesem amba.
"Tenane ngeten lho Dhi" Wanda sing maune mung ndhingkluk wae iku nyuwara.
"Pripun Kang?" Marga semaur karo takon.
"Sing dibingungne mBah kula niku mung siji, nggih niku olehe kesah niki ajeng teng pundi?. Nek tujuwane kesah niki jane ngoten setiyar golek slamet, lha nek griyane Simbah nggih griya kula niku teng Dhusun Tundhan, kidul mriku saking mriki nggih lampahan sedinten sedalu".
"Ya, ya aku wis mudheng karo sing ndika karepne Kang" wangsulane Marga "lha sing ndika kandhakne golek slamet kuwi, amerga apa, genahe nek ora lunga saka Tundhan kira-kira bakal ketempuh bebaya harak ngono ta? Kamangka jenenge bebaya kuwi neng ngendi-endi tansah ana. Luwih-luwih ne ng cedhak Bengawan ngene iki, sok ana bajul luwe golek mangsan lan neng Brang Lor kuwi alas blekethekan isih akeh kewan galake ......".
"Inggih ngger" Ki Wangsa genti numpangi rembug "jan-jane ngoten kula pengin crita teng angger Rangga kalih Angger Marga bab lelampahan kula sak batih niki. Kula nggih percados kalih angger, mung kula wedi niku nek suket godhong niku melu krungu lajeng dadi sumebar harak cilaka, kula mengke?"
"Bener Kyai" Raden Rangga sing mangsuli "tak kira sing bisa melu ngrungokne kuwi mung suket godhong kidul bengawan kok. Piye upama olehe andika crita neng lor bengawan kana?".
Muni ngono kuwi Raden Rangga banjur ngingeti Marga, sajak njaluk tetimbangan. Marga manthuk, mbenerne apa sing dikandhakne sedulur angkate kuwi.
"Niku langkung sae Ngger" wangsulane Ki Wangsa "nek kula sakulawarga niki mpun saged nyabrang ngaler mrika, niku prasasat mpun ucul saking cengkeremaning mengsah sing kejeme ngluwihi Baya, lan galake ngluwihi macan. Nanging ketingale Bengawane tesih umrik ngoten lho? Napa saged disabrangi?".
Raden Rangga gumuyu, banjur mangsuli :
"Aja kuwatir Kyai, Adhiku iki Tukang Prahu sing peng-pengan, banjir gedhea kaya apa dheweke bisa ngendhaleni getheke, murih ora katut ilining banjir" Raden Rangga banjur ngatag Marga "Yen ngono ayo Dhi, siagakna prahumu kanggo nyabrangne Ki Wangsa sak batihe iki".
"Iya Kakang" wangsulane Marga "mangga Ki tumut kula".
Wong telu kuwi ngetutne Marga sing mlaku marani getheke. Sawuse wong telu kuwi munggah neng dhuwure gethek, Marga banjur ngobahne prahune nganggo welah. Ki Wangsa, bojone lan Wanda sajak gumun, Marga sing anggone nyolahne welahe ora pati ngaya kuwi pranyata bisa nggelak lakune prahu, nrabas iline banyu bengawan sing banter lan santer. Ora nganti sapanginang prahune Marga wis tekan pinggir sisih lor. Marga mlumpat neng gisik, prahune digeret nganggo tangan nganti tekan ndharatan. Wong telu banjur padha mudhun saka prahu.
Luwih gumun maneh bareng Ki Wangsa weruh, Raden Rangga sing mau ora melu munggah neng prahu saiki malah wis katon lungguh neng ngisor wit sing ngrembuyung. Nanging gumune Ki Wangsa ora diblakakne, cukup diendhem neng jero atine dhewe.
Sawise tekan ngisor wit sing neng kono Raden Rangga lungguh, Ki Wangsa, bojo lan putune banjur mapan lungguh. Ora ndadak dikongkon Ki Wangsa miwiti critane.
Ana candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar