Total Tayangan Halaman

Minggu, 25 April 2021

SENDHANG MUSTIKA WARIH II (4)

 SENDHANG MUSTIKA WARIH II


4.


Desa Tundhan kuwi biyen dibabat dening Ki Tundha sing banjur jejuluk Ki Tundhan Kapisan. Sawuse Ki Tundhan Kapisan seda sing jumeneng dadi Lurah putrane sing nomer loro, yaiku Ki Labuh sing banjur jejuluk Ki Tundhan Kapindho. Ki Tundhan kapindho kuwi ora kagungan putra banjur mupu ponakane Nyi Lurah sing jeneng Kesit. Dene asal usule Nyi Lurah kuwi saka desa sing cedhak karo Mataram, keplantrang tekan Desa Tundhan merga mbarang dadi tledhek amen. Gandheng nduweni rupa sing ayu banjur dipek bojo karo Ki Tundhan kapindho sing wektu kuwi durung dadi lurah lan isih nganggo jeneng Labuh.


Wiwitane antarane sedulur-sedulure Ki Lurah Tundhan Kapindho karo sedulur-sedulure Nyi Lurah sing neneka, kabeh padha guyub lan rukun. Awit kabeh wis dadi sedulur, semono uga tumanggape sedulur-sedulure Ki Lurah marang Kesit, olehe padha ngrengkuh ora beda karo anake dhewe. Nalika Kesit umur wolulas tahun, dadi rolas tahun sawise dipupu Ki Lurah Tundhan Kapindho,  Ki Lurah gerah dadi lan sedane.


Wiwit iku banjur katon sipat asline dhewe-dhewe. Nyi Lurah sing disengkuyung Ki Gambangkawat, sedulur misanane sing kabare dadi Abdi Dalem neng Mataram, sing tekane neng Tundhan kurang sepasar saka sedane Ki Lurah, duwe karep netepake Kesit nggenteni kalungguhane Ki Tundhan Kapindho. Mbarengi pengetan patang puluh dinane Ki Lurah, Nyi Lurah nekakne sedulur-sedulure Ki Lurah lan para Bebau sarta para manca kakine desa, ing pendhapa. Sing dadi talanging basa Ki Gambangkawat.


"Keparenga matur dhumateng sedherek kula sedaya" Ki Gambangkawat miwiti omong sawuse adicara slametan wis rampung "kula Gambangkawat, Abdidalem kraton Mataram, pangkat Juru Pleser Peken Cupu. Ing ngriki kula matur minangka talanging basa tuwin karsa saking Nyi Lurah. Gegayutan kaliyan sedanipun Ki Lurah, kenging kawastanan bilih ing Dhusun Tundhan samangke komplang tanpa suh. Awit saking punika murih lampahing paprentahan ing Tundhan punika saged wangsul tumata malih, Nyi Lurah kepareng nglenggahaken putra panjenengan sedaya nenggih Anakmas Kesit minangka sesulihipun Ki Tundhan Kapindho, prakawis upacara wisudan Nyi Lurah pasrah dhateng para Bebau lan mancakaki, borong anggenipun badhe angayati".


Wong-wong sing padha krungu tembunge Ki Gambangkawat mangkono iku dadi kosek. Luwih-luwih para bebau lan para mancakaki. Sawuse pating klesik omong padha kanca sauntara. Banjur ana sing ngeplokne tangane, aweh sasmita marang kang ana kono yen arep kandha lan njaluk supaya sing ana gelem ngrungokne, yaiku Bebau ing Palkuning. Sawuse sing padha pating klesik sirep, Bebau Palkuning wiwit omong :


"Nuwun sewu Ki Jurupleser, tepangaken kula Sudiya, Bebau Palkuning. Kaparengna kula nanggapi dhawuhipun Nyi Lurah lumantar andika, Desa mawa cara negara mawa tata, dados sedaya wonten paugeran ingkang kedah dipun gugu. Saged ugi paugeran desa satunggal kaliyan satunggale boten padha, upaminipun saged mawon paugeran ing papan andika mrika boten sami kaliyan paugeran ing Tundhan mriki. Naa, perkawis ndadosaken Lurah utawi Paraganing Desa Tundhan punika, inggih boten kenging nilar Paugeraning Desa ingkang sampun wonten" Bebau Palkuning meneng sedhela karo ngulu idu, banjur noleh marang kang ana pendhapa karo nyuwara rada luwih banter : "nggih napa boten para sedherek?".


"Nggiiiiiih" kaya bata rubuh saka linggan wong sapendhapa semaur bareng.


"Dados dhumateng Ki Jurupleser, prayogi pangandika panjenengan wau dipun jabel kemawon. Prakawis komplanging Tundhan awit katilar Ki Lurah, punika sampun lan badhe karembag malih dening pahuman Bebau, Paraga Desa lan Mancakaki Tundhan".


Nyi Lurah karo Ki Gambangkawat padha inget-ingetan sedhela krungu rembuge Bebau Palkuning sing ngono kuwi. Banjur Ki Gambangkawat omong :


"Sing dingendikakne Ki Bau Palkuning punika mila leres para sedherek, nanging kirang jangkep".


"Kirang jangkepipun wonten pundi Ki Jurupleser?" Genti Ki Kirna salah sijining paraga mancakaki desa sing nyuwara.


Ki Gambangkawat mesem banjur wangsulan :


"Ing Babad Tundhan kasebataken bilih ing suwaunipun Dhusun Tundhan punika namung kagunganipun Ki Lurah, awit wontenipun Dhusun punika awit  wana ingkang dipun babat dening Ki Lurah lajeng kacithak dados padhusunan, sabin tuwin pategilan. Dados ingkang nggadhahi wewenang tumrap Tundhan punika ingkang inggil piyambak inggih kulawarganipun Ki Lurah".


"Lereeees" tanpa diaba genti suwarane wong-wong saka kulawargane Nyi Lurah lan sabageyan saka bebau lan manca kaki semaur bareng.


Kahanan dadi rada panas, wiwit cetha yen pranyata jroning paheman para bebau lan mancakaki dhewe wis ana sing beda panemu. Dadi kena diarani yen sing dikandhakne Bebau Palkuning mau mung sulihe sabageyan bebau lan mancakaki.


"Lan samangke" Ki Gambangkawat nerusne kandhane "kulawarganipun Ki Lurah sampun damel katetepan. Inggih punika nglenggahaken Anakmas Kesit minangka gantosipun Ki Lurah Tundhan Kapindho. Dados sampun saktrepipun menawi sedaya kemawon anyengkuyung". 



Ana candhake.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...