Total Tayangan Halaman

Minggu, 25 April 2021

SENDHANG MUSTIKA WARIH II (5)

 SENDHANG MUSTIKA WARIH II


5.

Pendhapa Tundhan dadi sansaya panas. Bebau Palkuning pasuryane katon mbrabak, untune nggeget ngempet hawa panas sing krasa ngobong dhadhane. Kang mangkono iku dimangerteni dening Bebau Saradan, sing banjur nyedhaki Bebau Palkuning karo bisik-bisik :

"Sampun kepancing Dhi, kula mawon tak sing ngomong kalih tiyang nika".


"Hm....." Bebau Palkuning nggereng alon "nggih Kang, mangga ning nek dibutuhne kepelan sing kudu omong, kula nggih mpun siaga kok".


"Empun, sabar riyin kula tak genti omong" Bebau Saradan kuwi wangsulan karo suwara klesik-klesik.


Bebau Palkuning meneng wae, ora wangsulan mung sirahe manthuk-manthuk, tandha nek mathuk.


"Nuwun sewu sedherek kula sedaya" Bebau Saradan nyuwara banter "keparenga kula udhu pamanggih".


Ora ana sing semaur nyauti ucape Bebau Saradan, mung wae kahanan dadi sepi, sing padha klesak-klesik rembugan dhewe-dhewe padha meneng. Mratandhani yen kabeh wis siap arep ngrungokne apa sing arep dikandhakne Bebau Tuwa saka Dhukuh Saradan kuwi. Pancen Bebau ing Saradan kuwi kondhang ing reh kawicaksanane, kerep dadi papan jujugane para Bebau liyane yen lagi nemoni perkara sing angel udhar-udharane. Kawibawane Bebau Saradan iki mung kacek sausap ing ngisore Sawargi Ki Lurah Tundhan Kapindho.


"Mila leres bilih Padhusunan Tundhan niki rumiyin ingkang dados cikal bakalipun Sawargi Ki Lurah Tundhan Kapisan. Nanging puniku boten ateges sedaya ingkang magepokan kaliyan Dhusun Tundhan dados wewenangipun kulawarga Ki Lurah. Wontenipun para Bebau ingkang cacahipun kalih welas, ingkang sumebar ing Dhukuh-dhukuh sak Kalurahan punika minangka bukti cetha bilih rumiyin anggenipun babad wana lan yasa Dhusun punika Ki Lurah boten piyambak, nanging dipun bantu tiyang kathah, inggih punika ingkang nurunaken para kadang Bebau punika........".


"Niku leres Ki Saradan" durung rampung Bebau Saradan omong, Ki Gambangkawat wis nigas gunem "mulanipun saben wonten Bebau seda, dede Ki Lurah ingkang milih  sesulihe, nanging kulawarga Bebau kasebat piyambak ingkang ndumuk sinten ingkang pinitados, nembe Ki Lurah ingkang ngukuhaken kalenggahanipun Bebau enggal. Lha sakniki, gandheng ingkang seda punika Ki Lurah, mula ingkang ndumuk sinten ingkang gumanti, inggih kulawarganipun Ki Lurah, lha kuwajibanipun para Bebau lan Mancakaki inggih kantun ngukuhaken kalenggahanipun Lurah ingkang enggal mangke. Kamangka, kulawarga sampun milih Anak Mas Kesit ingkang nggentosi kalenggahanipun Ki Lurah Tundhan Kapindho. Dados Para Bebau lan Mancakaki kantun pados dinten, benjing punapa saenipun Anak Mas Kesit kakukuhaken dados Lurah Tundhan".


"Mangke rumiyin Ki Jurupleser" Bebau Saradan wangsulan "ndika kirang pas, Paugeran Tundhan nyebataken, rembug kulawarga kangge ndumuk sinten ingkang badhe gumanti kalenggahanipun ingkamg seda punika menawi paraganipun sampun cetha nek wonten, kados Sawargi Ki Lurah Tundhan Kapindho punika. Putranipun Ki Tundhan Kapisan ingkang kakung wonten tiga, lajeng kulawarga amiji Sawargi Ki Tundhan Kapindho, putra angka kalih saking Ki Tundhan Kapisan. Benten kaliyan kula utawi Ki Tundhan Kapindho, ingkang boten gadhah turun, sinten ingkang kedah gumantos kedah mawi rembug mancakaki rumiyin".


"Ndika luwih klentu Ki Bau" Ki Gambangkawat nyuwara dhuwur "jagat saisine mpun nekseni Anakmas Kesit punika sampun dados putranipun Ki Tundhan Kapindho".


"Ha...ha...ha.." Bebau Saradan gumuyu banter "Jagat saisine nggih weruh nek Angger Kesit punika dede putranipun Ki Lurah  Tundhan Kapindho, malah boten enten sesambetane kalih sing yasa Dhusun Tundhan".


"Nanging Anakmas Kesit sampun kapundhut putra dening Ki Lurah" Ki Gambangkawat wangsulan rada santak "lan cetha menawi Anakmas Kesit punika dede lare sing ditemu teng pinggir lurung, nanging taksih pulunan piyambak kaliyan Nyi Lurah. Lan Nyi Lurah ngersakne putra angkatipun nggentosi kalenggahane Ki Lurah Tundhan Kapindho ingkang sampun seda. Ingkang boten narimahaken menawi Anakmas Kesit dipun kukuhaken dados Lurah, sami kemawon ndaga kersane Nyi Lurah ingkang samangke kula talangi basanipun".


"Ndika sansaya ngawur Ki Gambangkawat" Bebau Saradan melu nyuwara banter "ngukuhne Lurah Tundhan niku dede urusane tiyang liwat teng ratan, nanging urusane Tiyang Tundhan. Teng Paugeran Desa Tundhan boten enten Nyai Lurah. Nyi Guwarni sing ndika wakili niku, mpun boten Nyai Lurah malih mergi Ki Tundhan Kapindho mpun surut ing kasidan jati. Nek tiyang Tundhan nggugu pangreka ndika niku, padha kalih wong Tundhan masrahne Desane dingge jag-jagan wong sing ora cetha asal-usule".


Ki Gambangkawat sakala muntab. Pasuryane ketok mengangah mbrabak abang kaya wohing mertega kang kemundhuh.


Dumadakan Nyi Lurah sing lungguh neng cedhake Ki Gambangkawat kuwi, njelih banter karo ngundamana Bebau Saradan :


"Ki Bau Saradan, ndika sing empun sepuh yuswane sing kudune bisa dadi tepa palupine para Bebau sak Tundhan, jebul babar pisan boten gadhah raos setya dhateng Sawargi Ki Lurah. Ketitik, nembe patang puluh dina ditilar seda, ndika mpun kumawani nyenyamah sisihane Ki Lurah kanthi tembung sing boten pantes diucapne dening wong sing gadhah rasa. Sakniki mpun ketingal cetha, nek kasetyan ndika dhateng Ki Lurah sasasuwene niki, jebul mung lamis. Neng ngarepe Ki Lurah ndika mundhuk-mundhuk, ngaji-aji, ning jebul teng jero dhadha ndika sumimpen ati sing kethukulan wulune. Ing tata gelar, ndika melu sedhih nalika Ki Lurah seda, nanging teng batin ndika surak, gumuyu lakak-lakak, mergi ndika rumangsa bakal bisa ngrebut kalenggahane Ki Lurah sing ditilar seda. Nyata ndika wong tuwa sing ora pantes diaji-aji dening para nem-neman teng Tundhan mriki, mergi cetha wela-wela nek teng jerone ati ndika ketutupan rereged sing banget njejemberi".


Pendhapa bali dadi kosek. Wong-wong padha pating gremeng ngomong padha kanca dhewe-dhewe. Bebau Saradan rumangsa kenyonyok pangrasane. Sakala muntab, nggeget untu, tangane dikepelne.


Ana candhake.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...