Total Tayangan Halaman

Minggu, 25 April 2021

SENDHANG MUSTIKA WARIH II (6)

 SENDHANG MUSTIKA WARIH II


6.


Bebau Saradan ngadeg, jarite dikencengi suwelane. Karo ngempet nesune, lambene dingakne,  mangsuli pangundama sing ditampa saka Nyai Lurah.


"Matur nuwun Nyai, kabeh sing ndika criyosne mpun kula ngerteni karepe. Kula mpun tuwek, kula dadi Bebau Saradan wiwit Ki Tundhan Kapisan tesih sugeng. Kula mpun ngladeni Lurah kalih, malah nek sida telu bakale. Dereng tau kula diuman-uman sinten mawon kados dalu niki. Kula lahir teng Tundhan, sing kula ombe banyu Tundhan, sing kula pangan wuluwetune bumi Tundhan, sing kula ngge ambegan nggih hawa Tundhan. Lha kok diuman-uman wong neneka sing nunut urip teng Tundhan......".


"Dadi ndika boten trimah kalih sing kula omongne niku wau?" Nyi Lurah ora sranta nyaut nganggo ukara sing sajak nantang "nek ndika ora trima nggih mangga, wong nyatane omongan kula boten luput. Ajeng napa nDika?".


Wong sing ana pendhapa dadi meneng. Nanging nggembol rasa sing maneka warna. Ora sethithik sing getem-getem. Akeh sing untune pating kreteg merga gathuk.


Bebau Ngampon sing rumamgsa ora trima Bebau Saradan dicecamah dening Nyi Lurah sing didombani Ki Gambangkawat, ngadeg banjur maju sejangkah, banjur muni karo suwara kedher.


"Boten ateges mbelani Bapa Bebau Saradan, kula ngertos piyambak pisumbang ingkang dipun sukakne dhateng bumi Tundhan niki dening Ki Saradan sampun boten wilangan kathahe. Malah ingkang pungkasan sampun sarembag kaliyan Sawargi Ki Lurah bilih salengseripun Ki Saradan, gandheng panjenenganipun boten kagungan putra, mangka kalenggahan Bebau badhe dipun paringaken dhateng Anakmas Kesit, punika para Mancakaki saha Bebahu sanes inggih sampun sami nayogyani. Mangka menawi wonten pandakwa Ki Saradan tresnanipun dhateng Ki Lurah namung lamis, kula anekseni punika pandakwa ingkang ngayawara".


"Ngaten nggih Ki Bau" Ki Gambangkawat aweh tanggapan "wontenipun pandakwa dhateng Ki Saradan wau boten tanpa pawadan, nanging adhedhasar kanyatan ingkang wonten, ingkang dipun raosaken dening ingkang dados korban......."


"Sekedhap Ki Gambangkawat....." Bebau Ngampon nigas rembug. Nanging sadurunge kober nerusne omong, Ki Landhung sedulur tuwane sawargi Ki Tundhan Kapindho, ngadeg karo muni banter :

"Cukup!" 


Ngerti mangkono iku, sakala Bebau Ngampon nutup lambene, ndhingkluk, sor prabawa lan Ki Landhung. Semono uga Ki Gambangkawat, Nyi Lurah, Bebau Saradan, Bebau Palkuning lan liya-liyane uga banjur padha meneng lan ndhingkluk.


"Gusti Allah luwih ngudaneni" Ki Landhung nerusne omonge "upama aku gelem biyen-biyene, kudune sing dadi Lurah neng kene kuwi dudu sapa-sapa kajaba aku, merga aku anak lanang tiba mbarep saka Ki Tundhan Kapisan lan saupama aku mati sing kudu nggenteni ya wis genah, merga aku duwe anak lanang. Kabeh mancakaki lan para Bebau sing tuwa-tuwa melu nekseni, ketang tresnaku marang Desa Tundhan aku luwih seneng masrahne kalungguhan Lurah marang adhiku Labuh, sing banjur karan Ki Tundhan Kapindho. Mula sing ana kene ngertiya, aku Ki Landhung selawase ora bakal nrimakne nek nganti ana menungsa-menungsa sing geger mung rebut panguwasa ing Tundhan kene.

Uga kabeh sing ana kene mesthi ngerti, Pendhapa iki yasane Wong Tuwaku Ki Tundha, gunane kanggo leren, kanggo ngiyub, kanggo nentremne ati. Mula bareng wengi iki digawe panggonan kanggo padudon pamer-pameran lemesing ilat, aku ora lila!!!.

Sabanjure, wengi iki genep patangpuluh dina patine sedulurku lanang, mesthine sing rumangsa tau melu ngrasakne labuh labete adhiku ing Desa Tundhan iki, bengi iki padha ndedonga nyuwunake pangapura marang Gusti Allah. Perkara liyane mesthine bisa dirembug liya wektu. Nanging kanyatane, sing jarene tresna marang adhiku jebul mung kaya ngene wujude.

Wis, cukup semene rembugku mangsa bodhowa, aku arep bali.......".


Bubar kandha ngono kuwi Ki Landhung banjur, ora noleh ngiwa nengen maneh, bablas mlaku ngudhuni pendhapa ninggalne papan kono. Bebau Palkuning, Saradan, Ngampon lan para brayate Ki Lurah Tundhan Kapindho banjur padha melu lunga. Wekasan sing keri ana Pendhapa kuwi mung Ki Gambangkawat karo kerabate Nyi Lurah thok.



Ana candhake.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...