Total Tayangan Halaman

Minggu, 25 April 2021

SENDHANG MUSTIKA WARIH II (7)

 SENDHANG MUSTIKA WARIH II


7.

Ki Landhung Adi Sastra kaya padatan esuk kuwi nganglang ngubengi tegalane sing tanduran gagane wis wiwit bangcuk, ora suwe maneh bakal panen. Olehe nggaga Ki Landhung tahun iki rada amba watara rong bahu, nek ndelok wujude tanduran, panenan mengko bisa nyukupi pasadhiyan pangan kulawarga luwih saka setahun, apa maneh ketambahan tanduran ganjel lumbung kaya dene uwi, gembili lan liya-liyane. Uga sajake pategalan sing mepet alas kae, bakal ngasilne gaplek sing ora sethithik. Dadi Ki Landhung wis rumangsa ayem ngadhepi kabutuhane urip.


"Ehm...Ehm..." Ki Landhung ndengengek, ana suwara dhehem-dhehem sajak aweh sasmita supaya Ki Landhung ngerti yen neng cedhake ana wong sing butuh kawigatene.


"Kowe ta, Panggah? Wis suwe kowe mau?" Jebul sing dhehem-dhehem kuwi baune Ki Landhung sing kulina ngrewangi nggarap lan nunggu pategalane.


"Nembe mawon kok Ki" wangsulane  Panggah karo nyedhak "tiyang wau kula teng Buntaran nyulami welit gubug".


"Ana apa?" Ki Landhung takon.


"Anu, teng Gubug wonten tiyang, nangkletne Ki Landhung".


"Sapa? Wong pira? Arep ngapa?" Ki Landhung nggenahne.


"Ki Bebau Palkuning kalih Bebau Ngampon, kirang ngertos napa kajenge, namung ngengken kula supados matur Ki Landhung nek tiyang kalih niku teng Gubug, ngoten mawon".


"Ya wis, baliya mrana ngomonga nyang wong loro kuwi, kon ngenteni sedhela. Aku tak wijik neng Belik dhisik".


Ki Landhung banjur ngudhuni kalen cilik sing nyigar pategalan, neng pinggir kalen kuwi ana belike cilik sing kulina kanggo ngombe lan reresik wong-wong sing nyambut gawe ana tegalan. Bubar reresik, Ki Landhung banjur mlaku menyang Gubug, papan palerenan, sing neng kono wis ana Bebau Ngampon lan Bebau Palkuning sing lagi jejagongan dikancani Panggah sing nyambi melit alang-alang garing kanggo nyulami payone gubung sing bocor.


"Kula ingkang sowan Ki Landhung" Bebau Palkuning sing maune lungguh kuwi banjur ngadeg mapagne tekane Ki Landhung sing wis tekan ngarep Gubug sing ora digedhegi kuwi, Bebau Ngampon uga ngadeg aweh pakurmatan.


Ki Landhung mesem semanak banjur mapan lungguh neng lincak sarta nampani Ki Palkuning lan Ki Ngampon sing padha nyalami.


"Kok padha weruh nek aku lagi neng Tegal?" Sawise dhayuhe bali lungguh Ki Landhung takon ngiras pantes mbagekne dhayuhe.


"Inggih Ki" Bebau Palkuning semaur karo mesem "wau kula kalih Kiyaine Ngampon teng dalem, panggih kaliyan Sukra sing kulina ngarit nika, dipun warah nek Ki Landhung nembe mawon miyos nek boten teng Sabin nggih teng Tegil. Lajeng kula nusul mriki panggih Ki Panggah, jebul estu Ki Landhung teng Tegil mriki".


"Iya" Ki Landhung mesem, banjur takon "ketoke ndika nggoleki aku iki ana perlu sing wigati?".


Ditlemak ngono kuwi Bebau Palkuning karo Bebau Ngampon padha mlengeh.


"Inggih leres Ki" Bebau Palkuning aweh wangsulan "kula kaliyan Adhi Ngampon dikengken Bapa Bebau Saradan".


"Kakang Saradan ?" Ki Landhung takon.


"Inggih" wangsulane Bebau Palkuning.


"Gek dikongkon apa no?"


"Sepisan nyuwunaken pangapunten kirang trapsilanipun Bapa Saradan kala dalu, ugi boten trapsipun kula lan Adhi ing Ngampon, temah sampun damel runtiking penggaluhipun Ki Landhung".


"Ooo.... kuwi ta?" Ki Landhung semaur alon, kaya-kaya ditujokne marang awake dhewe.


"Ngertiya ya Ki Bebau sakloron, tenane ngono mau bengi kuwi aku mung nedya supaya padudon antarane Gambangkawat karo ndika kabeh ora kedlarung-dlarung sing bisa nuwuhake tukaran. Mula aku kandha kaya mau bengi kuwi. Dadi nek ndika apa dene Kakang Bebau Saradan njaluk pangapura marang aku ya tak tampa. Saupama ora njaluk pangapura wae ya wis tak anggep ora luput kok".


"O ngoten nggih Ki?" Bebau Ngampon takon.


"Aku ya ngerti, sepira rasa tresnane Kakang Bebau Saradan lan ndika kabeh marang Desa Tundhan, nanging upama mau bengi diterusne olehe omong bab sapa sing gumanti dadi Lurah, tak kira ndika kabeh bakal cuwa. Sebab ndika kabeh rak durung ndumuk sapa kudune sing dilungguhne dadi Lurah? Beda karo Gambangkawat sak kancane sing cetha ngarepake Kesit bisaa dadi sesulihe Adhiku si Labuh ya Tundhan Kapindho".


"Inggih Ki, Ki Landhung nyata langkung waspada. Kula sakanca kemawon ingkang boten mikir dugi samanten malah gampil kebrongot boten mikir panjang".


"Anane aku duwe karep ngendheg nggone padha ngrembug sapa sing kudu nggenteni Si Labuh utawa Tundhan Kapindho mau bengi, sebab aku duwe pangira yen ndika sing ora mathuk marang panemune bojone Labuh sing diwakili Gambangkawat, bisa uga ora padha dumukane sapa sing kudu gumanti dadi Lurah iya apa iya?"


"Nggih Ki"


"Saupama Bojone Labuh lan Bambangkawat, nanting ndika kabeh supaya ngajokne dumukane dhewe-dhewe, banjur Bojone Labuh ngajokne si Kesit, sapa kira-kira sing bakal dadi ? Si Kesit ta?. Kira-kira ndika kabeh bakal seneng banjur melu nyengkuyung Kesit? Apa mulih karo nggembol rasa cuwa?".


Bebau Palkuning lan Bebau Ngampon ora semaur, wong loro kuwi mung manthuk-manthuk, karo sajroning atine padha ngalembana mungguh landhepe pamikir sing diduweni Ki Landhung.


Nalikane wong telu kuwi mau lagi ketungkul jagongan, Sukra tukang ngarite Ki Landhung teka karo  nyunggi wakul isi kiriman, tangane tengen nyangking kendhi, kanggo ngirim Ki Landhung lan Panggah. 



Ana candhake.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...