SENDHANG MUSTIKA WARIH II
8.
Olehe padha rembugan leren, awit tekane si Sukra. Jebul Nyi Landhung diwaduli si Sukra yen Ki Landhung nampa tamu neng gubug pategalan. Mula anggone ngirim sarapan ditambahi. Sarapane wong ing padesan, sega sawut sing pangedange dikrawu parutan klapa, dicolok karo gula klapa. Diwungkusi godhong gedhang. Ngombene banyu kendhi. Wong papat lima Sukra padha sarapan bareng neng gubug kono, nadyan sing dipangan mung panganan prasaja, rasane luwih enak tinimbang panganan ing pista raja.
Rampung anggone padha sarapan, Panggah pamitan arep mbenerne selit sacedhake tulakan supaya keneng diliwati mengko nek gagane panen, direwangi Sukra. Ki Landhung lan Bebau loro kuwi nerusne olehe padha rembugan.
"Lha miturut ndika sakloron sing sajake pantes nggenteni dadi Lurah sapa Ki Bau?" Sawuse sauntara Ki Landhung banjur nakoni Bebau Palkuning lan Bebau Ngampon.
Sing ditakoni banjur inget-ingetan, ora enggal semaur. Ki Landhung mesem, banjur nerusne kandha :
"Lha wong sing takon aku wae, nDika sakloron isih padha bingung olehe arep wangsulan, ngono kok arep ngadhepi Gambang Kawat karo Gumarni sing wasis micara?".
"Nyuwun pangapunten Ki" Bebau Ngampon wangsulan sajak kecipuhan "tenane ngoten kula mpun gadhah sawung, namung ngentosi sawunge Kakang Palkuning niku sami napa boten kalih sawung kula".
"Lha nek ora ndika kandhakne sing dadi jago ndika kuwi, ya mokal aku karo Ki Palkuning weruh. Iya apa ora?".
"Leres Ki" Bebau Palkuning genti semaur "menawi kula nalar, kudune sing nggentosi dados Lurah nggih Adhi Satata. Kanthi lelandhesan paugeran Tundhan bilih ingkang langkung rumiyin wenang nglenggahi palenggahan Lurah punika trah saking Ki Tundhan Kapisan, lan Adhi Satata punika cetha menawi trah lajer saking Ki Tundhan Kapisan".
"Sami Ki" Bebau Ngampon numpangi rembug "tenane wau sing ajeng kula aturne nggih Adhi Satata niku".
Ki Landhung ngguyu krungu tembunge Bebau loro kuwi. Banjur ngomong semu takon :
"Lha apa nDika wis takon marang Satata, bocahe gelem apa ora? Saguh apa ora? Bisa apa ora ngayahi kuwajiban dadi Lurah Tundhan kuwi?"
"Lha pripun ta Ki?" Bebau Palkuning mlengak krungu tembung sing diucapne Ki Landhung ngono mau.
"Pripun piye Ki Bau?" Ki Landhung mbalik takon.
"Adhi Satata niku rak genah nek yogane Ki Landhung? Putune Ki Tundhan kapisan? Dhasare lantip ing panggraita, semanak lan andhap asor tur pinter srawung, nek mung dados lurah rak nggih turah saged?".
"Lha bocahe saguh apa ora?"
"Niku kantun Ki Landhung, menawi sing dhawuh Ki Landhung mokal Adhi Satata badhe boten nyagahi".
Ki Landhung bali ngguyu renyah. Banjur wangsulan :
"Ki Bau mesthine wis ngerti karo aku, karo watakku. Semono uga karo Satata lan watake Satata. Dadi ya ora pas, nek ndika muni ngono kuwi".
"Nggih mpun sak trepe ta Ki?" Genti Bebau Ngampon sing omong "Adhi Satata niku sangertos kula, bektine dhateng tiyang sepuh, sak Tundhan niki boten wonten tandhinge. Panginten kula menawi Ki Landhung paring panjurung tartamtu Adhi Satata remen sanget dipun lenggahne dados Lurah Tundhan".
"Ki Bau" Ki Landhung semaur "ndika kudu ngerti, nadyan Satata kuwi anakku, nanging dheweke wis diwasa. Lan wis bisa mbedakne endi sing kudu dilakoni lan endi sing kudu disingkiri, kalebu upama dheweke kepingin dadi Lurah utawa ora gelem dadi Lurah, aku ya ora arep nyampuri. Lire, aku emoh ngongkon, ngrigenke, njurung lan menging. Amerga aku dhewe ya emoh dikongkon lan ora seneng dipenging".
Bebau loro kuwi durung bisa semaur, ngimbangi rembuge Ki Landhung. Nanging sajake isih durung kepengin ninggalne gubug kuwi, merga isih akeh rembug sing dibutuhne saka sedulur tuwane sawargi Ki Tundhan Kapindho kuwi.
Ana Candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar