9.
Ki Landhung dhewe satemene ya duwe rasa kang padha karo sing dirasakne Bebau loro kuwi. Mung wae, kegawa saka umur lan menepe pamikir, Ki Landhung luwih bisa semeleh, sanadyan tenane anggone semeleh kuwi jane ya ora pas. Mula ngadhepi kahanan Desa sing kaya mangkono mau, jroning pikire Ki Landhung ya ora bisa enggal-enggal njupuk dudutan piye murih becike tumrap Desa tinggalane wong tuwane kuwi.
"Lha nek lintune Adhi Satata, kinten-kinten sinten Ki sing sajake mathuk?" Bebau Palkuning kuwi wekasan aweh pitakon sing tenane disiriki dening Ki Landhung.
"Lha coba ndika rembug karo para Bebau lan Mancakaki liyane" wangsulane Ki Landhung setengah ngendhani.
"Lha napa Ki Landhung nggih lila saupami Dhusun Tundhan dilurahi Angger Kesit? Amargi, kula kinten Adhi Satata panggah boten badhe purun kalenggahaken dados Lurah tanpa angsal panjurung saking Ki Landhung, kamangka lintune Adhi Satata kados-kados boten wonten sing pantes nggentosi Ki Tundhan Kapindho" Bebau Ngampon wiwit wani nempuhne.
Ki Landhung njengkerutne bathuke ketok nek lagi seser pikirane. Bareng wis sauntara, lagi Ki Landhung unjal ambegan dawa, banjur wiwit kandha :
"Bares wae Ki Bau, nek wis ndika tempuhi ngono kuwi aku dadi bingung dhewe. Amerga biyen jaman sadurunge wong tuwaku ya Ki Tundhan kapisan seda, tenane crita kaya dina iki uga wis tau dilakoni dening Desa Tundhan. Mung wae jaman kuwi ora pati adoh gingsire karo lajering pakem paugeraning Desa dadi ora rame kaya sing bakal kelakon mengko".
Bebau loro kuwi mandeng Ki Landhung, ketok nek gumun semu bingung. Kamangka sing diarani Ki Tundhan Kapisan kuwi genah sing miwiti babat alas, yasa desa, kok diarani ana lelakon sing memper karo lelakon saiki, mesthi wae Bebau Palkuning lan Bebau Ngampon dadi ora mudheng karo sing dikandhakne Ki Landhung. Sak ngertine Bebau loro kuwi, kaya sing tau dicritakne wong tuwane dhewe-dhewe, Ki Tundha sawuse madeg dadi Lurah neng Desa Tundhan lan kaiden Kanjeng Adipati Jipang lan Kapangestonan Kanjeng Sultan ing Demak, anggone nata desane becik banget, kawula ing saindenging desa padha suyut marang Ki Lurah. Para Bebau anggone nindakne kuwajibane ya ora ana sing rumangsa direh utawa didadekne telukan, kabeh lumaku kanthi tertib ya merga lekas lan tumindake Ki Lurah sing tuhu pantes tinuladha.
"Ndika ketoke padha bingung lan ora mudheng karo sing lagi wae tak ucapne?" Ki Landhung takon karo mesem "apa ndika malah nggorohne marang ucapku sing keri dhewe mau?".
"Boten Ki, boten Ki" wong loro semaur meh bareng.
"Lha kok anggon ndika nyawang aku kaya ngono?" Eseme Ki Landhung sansaya amba.
"Nek percayane niku percados Ki" Bebau Palkuning wangsulan sareh "mung mawon boten mudheng kalih sing Ki Landhung dhawuhne. Genahe ngoten pripun ta Ki?".
Ki Landhung ngguyu, banjur nyandhak kendhi sing ana cedhake, diangkat dilangga banyune telung ceglokan. Tumuli ngomong :
"Yen ngono, nDika sakloron padha mirengna, aku tak crita lelakone Desa Tundhan, wiwit wong tuwaku isih sugeng nganti tekan patang puluh dinane adhiku Si Labuh".
"Inggih Ki"
"Welingku, murih runtute crita, nDika ora tak wenehi idin nyelani critaku iki mengko. Upama arep takon genahe, ya mengko nek critaku wis rampung. Kepriye?".
"Nggih Ki".
Ki Landhung nata lungguhe, bali nyandhak kendhi lan nglangga banyune. Meneng sauntara banjur miwiti crita.
Ana Candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar