10.
Tenane wong tuwaku biyen kuwi putrane abdi Kadipaten Jipang. Banjur dening Adipati Arya Penangsang wong tuwaku ora dikeparengake ngabdi ing puri Kadhipaten, nanging malah dikeparengake Babat Alas yasa Desa ing Tundhan iki. Wong tuwaku wadon sing nalika iku lagi ngandhut, diajak wong tuwaku lanang budhal ngayahi jejibahan sing ora entheng kuwi.
Nalika samana Ki Tundha ngajak wong rolas sing saumuran lan kabeh uga ngajak bojone dhewe-dhewe. Andilalah kersaning Allah, bareng wong telulas kuwi olehe babat wis oleh tilas, banjur ketekan wong-wong saka ngendi-endi sing nembung kepengin melu babat. Dening Ki Tundha sing dadi Lurahe para kang padha dijak babat wong-wong sing padha nembung arep melu babat kuwi ya ditampa kanthi becik, lan dipernahne dadi andhahane wong rolas gawane Ki Tundha saka Jipang. Mundhak dina mundhak akeh wong sing padha teka lan melu babat , wekasan klakon papan sing maune alas kuwi malih dadi Desa sing gedhe lan amba kaperang dadi rolas Dhukuh. Yaiku : Tundhan Krajan, Mancakan, Poleng, Gadhung, Palkuning, Ngampon, Kendhung, Karang, Galih, Ngujur, Sigit lan Punthuk.
Bareng wis rada tumata, Ki Tundha banjur marak ing Jipang sowan ing ngarsane Adipati Arya Penangsang. Ki Tundha katetepake dadi Lurah neng Tundhan. Nadyan kebawah Jipang, nanging Lurah Tundhan ora kawajibake saben tahun seba lan asok bulu bekti ewa samono uga ora dadi Desa Perdikan. Malah dening Adipati Jipang madege Desa Tundhan iki uga disuwunke Pangestu marang Kanjeng Sultan ing Demak.
Nalika aku umur patang tahun, Biyungku ndhisiki katimbalan Gusti Allah. Banjur Bapakku rabi maneh, dadi aku karo Labuh lan Langkir kuwi sedulur tunggal bapa seje biyung. Biyungku kuwalon kuwi olehe nggulawenthah aku, ora beda karo anggone nggulawenthah adhi-adhiku, nganti aku dadi gedhe lan tuwa. Mula aku ya banget bekti marang Biyung kuwalonku iki tanpa beda marang biyungku dhewe. Nganti nalika Bapa Tundha Kapisan seda, Biyungku kwalon iki ngomong marang aku :
"Landhung, saiki Bapakmu wis ora ana, apa kowe isih nganggep Biyung iki kaya Biyungmu dhewe?".
"Inggih Biyung, menggah kula Biyung kula ing ngalam donya niku nggih Biyung niki. Wonten napa ta Biyung?" Aku genti takon.
"Sokur ta ngger nek pancen mangkono, nanging apa panganggepmu kuwi tulus lahir batin?" Durung mangsuli pitakonku Biyung takon maneh.
"Bumi langit nekseni Biyung, menawi kula boten lahir batin mugi2 kula boten slamet donya ngakir" wangsulanku.
"Sokur nek ngono tenan ngger, upama Biyung duwe pepenginan, kamangka sing bisa mujudi pepenginane Biyung iku mung kowe, apa kowe iklas mujudake ngger?".
"Sauger kula saged lan boten cengkah kaliyan dhawuhing Pangeran, alite sakit agenge dumugi pejah, kula boten badhe suwala lan ngresula Biyung".
Polatane Biyung kuwalonku sing maune katon suntrut, dumadakan dadi katon bingar. Banjur kandha marang aku mangkene :
"Ngger anakku Landhung, tenane miturut paugeran, sadurunge satus dina saka sedane Bapakmu, kudune kowe wis kudu dikukuhne dadi Lurah neng Tundhan kene. Nanging ngene ya ngger, Biyung iki biyen gelem dirabi Bapakmu sing wis dadi dhudha anak siji kuwi merga kepengin melu nunut mukti, mula saupama saiki Biyung njaluk palilahmu supaya sing gumanti Lurah ing Tundhan iki adhimu si Labuh utawa Si Langkir, apa Landhung bisa mujudi ngger?".
Krungu tembunge Biyung sing ngono kuwi, sakala aku ora bisa kumecap apa-apa. Ora nyana ora ngira babar pisan, yen aku sing anak mbarep tur olehku nglabuhi Desa Tundhan wis ora kurang-kurang iki, jebul pepulihe supaya bisa dadi Lurah sing becik iki dadi kemerenane Biyung Kuwalon sing ngopeni aku wiwit cilik, sing kepengin muktekne anak sing saka daging getihe dhewe. Lamat-lamat aku kelingan jaman isih cilik biyen, nalika aku duwe dolanan kitiran sumpring pring apus, dimeliki dening adhiku Labuh. Nalika aku arep ngukuhi, Biyung marani aku karo kandha : " Landhung, kowe kuwi sedulur tuwa, kudu bisa ngalah karo adhimu. Kowe rak isih bisa gawe kitiran maneh? Lha nek dudu kowe sing menehi dolanan adhimu, banjur adhimu kon njaluk sapa hara?".
"Piye ngger?" Pitakone Biyung mbuyarne lamunanku.
"Inggih Biyung" aku wangsulan karo mesem "mangke kula tak manggihi para Mancakaki bilih ingkang nyulihi Bapak dados Lurah supados adhi kula pun Labuh utawi Langkir"
Biyungku kwalon ketok seneng, praupane ketok padhang sumringah, nanging dumadakan Langkir adhiku sing cilik teka karo muni :
"Ora Kakang, aku ora mathuk. Kalungguhan Lurah iki bageyane Kang Landhung, dudu bageyanku utawa bageyane Kang Labuh".
Ana candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar