Total Tayangan Halaman

Minggu, 25 April 2021

SENDHANG MUSTIKA WARIH II (11)

 Aku rada kaget karo tekane adhiku si Langkir iki. Semono uga Biyung Kuwalonku, katone malah luwih  kaget karo sing dadi omongane Langkir sing ngono kuwi. Mula Biyung banjur takon :


"Apa karepmu muni ngono kuwi Langkir?".


"Biyung wis tumindak nalisir saka paugeran" wangsulane Langkir.


"Nalisir sing endi? Aja ngawur kowe" Biyung wangsulan rada muring.


"Biyung wis kumawani ngrebut sing dudu bageyane. Kalungguhan Lurah Tundhan iki duweke Kakang Landhung, awit Kakang Landhung kuwi cetha nek anak Pembarep. Nanging  Ibu mentala ngrebut kalungguhan kuwi merga pamrih supaya anake Biyung bisa dadi Lurah. Kuwi sing ora bener Biyung".


"Aja kesusu nesu lan ndakwa Biyung sing ora-ora kowe Langkir" suwarane Biyung digawe sareh "Biyung iki ora duwe wewenang apa-apa marang Kakangmu Landhung, dadi kowe kleru nek ndakwa Biyungmu wis wani ngrebut bageyane Kakangmu Landhung".


"Bener, Biyung ora ngrebut kanthi kasar, nanging Biyung wis nembung palilahe Kang Landhung. Aku ngerti aja maneh kok mung kalungguhan ora diwenehna, sedheng nyawane Kang Landhung wae bakal diwenehne kok nek ditembung karo Biyung, ngono kuwi merga saka bektine Kang Landhung marang Biyung. Dadi apa-apa aku emoh nampani kalungguhan sing tenane dudu duwekku".


Diuneni Langkir sing ngono kuwi Biyung banjur ndhingkluk, luhe dkeweran, nangis sesenggrukan tanpa ngucap apa-apa, nanging cetha yen atine lagi kelara-lara. Weruh biyunge nangis, Langkir ya terus ora muni apa-apa maneh, mung meneng karo lambene ketok mecucu.


Weruh Biyung sing nangis sajak keranta-ranta ngono kuwi, aku ora kuwat ngempet rasa pangrasaku. Aku wis ikhlas ngejur atiku dhewe minangka males budi kabecikaning Biyung Kuwalon sing wis ngopeni aku, mula aku banjur omong :


"Sekedhap Biyung kula tak matur dhateng Biyung kalih tak criyos kalih adhi kula Langkir".


Biyung mung manthuk, tangise mandheg. 


"Arep omong apa maneh ta Kang?" Langkir ndhisiki takon.


"Ngene lho Dhi" wangsulanku alon "si Adhi aja ngluputne Biyung. Merga tenane sadurunge Biyung ngomongi aku mau, neng jero atiku wis thukul karep supaya sing nerusne kuwajibane Bapak ki Labuh utawa kowe, merga aku kepengin urip sing ora kesampiran mikir butuhe wong akeh. Ngerti?".


Langkir ngguyu banter krungu tembungku sing ngono kuwi mau.


"Ngerti Kang" kandhane ing sela-selane guyune "nanging aku ora ngandel".


"Genahe?"


"Aku dadi adhimu kuwi wis suwe, lan aku wis apal karo watak sarta sipate Kang Landhung, durung tau aku weruh Kang Landhung kuwi gelem menang yen petung karo adhi-adhine, mesthi ngalah. Mula aku percaya apa wae sing dimeliki dening adhine, Kang Landhung mesthi ngalah. Aku pengin takon, nganti suk kapan anggone Kang Landhung terus luwih ndhisikne senenge adhi-adhine tinimbang senenge dhewe? Nganti suk kapan Kang Landhung ndhisikne kabutuhane sedulur-sedulure tinimbang kabutuhane dhewe? ".


Jroning atiku aku ngalembana marang omongane Langkir iki. Nanging, aku wis nyaguhi marang Biyung. Aku ora kena gawe kuciwane wong sing wis ngopeni aku nganti bisa kaya saiki iki.


"Adhiku, Dhi, dhi" wangsulanku kanthi suwara sing tatag "si Adhi ngerti, jenenge rasa seneng kuwi larang regane, ap wae bakal diuculne kanggo nuruti ati sing seneng, kamangka aku kuwi seneng nganggo banget yen adhi-adhiku bisa seneng atine. Mula aku mbudidaya murih aku bisa nuruti senenging atiku. Ngerti?".


"Nek ngono karepmu Kang, aku ora seneng dadi Lurah neng Tundhan kene, aku ya ora seneng nek turun-turunku mbesuk dadi Lurah Tundhan. Mula nek Biyung kepengin sing dadi lurah nggenteni Bapak anake Biyung, aja ngongkon aku. Nek Kang Landhung seneng sedulure dadi Lurah, miliha liyane aku. Wis cukup kuwi wae omongku" bubar muni ngono kuwi Langkir banjur ngalih ninggalne papanku jagongan karo Biyungku Kuwalon.


ana candhake.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...